Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

Falsafah Gatholoco V s/d VI



PUPUH V
Asmaradana

1. Rehning sira wis ngakoni, benjang lamun sira pêjah, rasakna badanmu kuwe, kalawan cahyamu gêsang, obah-osiking manah, anggawa lapal Suksmamu, munggah mring suwarga loka.

2. Sang Ijaril ingkang ngirid, sowan ngarsane Hyang Suksma, yen mangkono sira kuwe, ora ngamungna neng dunya, olehmu dadi bangsat, aneng akherat dadi pandung, anggawa dudu duweknya.

3. Sira aneng dunya iki, kadunungan barang gêlap, ora tuku ora nyileh, sira anggo sabên dina, ing mangka aneng akherat, anggawa dudu duwekmu, dunya-kherat dadi bangsat.

4. Tanpa gawe jungkar-jungkir, nêmbah salat madhep keblat, clumak-clumik kumêcape, angapalake alip lam, têgêse iku lapal, angawruhana asalmu, urip prapteng kailangan.

5. Sireku kaliru tampi, ngawruhi asale wayah, subuh luhur myang asare, mahrib lawan bakda isak, sayêkti tanpa guna, sipat urip duwe irung, padha wêruh marang wayah.

6. Yen mangkono sira kuwi, mung mangeran marang wayah, tan mangeran Ingkang Gawe, lamun bêngi sarta awan, pijêr kêtungkul wayah, ora mikir mring awakmu, urip prapteng kailangan.

7. Rasane badanmu kuwi, kagungane Rasulullah, cahyane uripmu kuwe, kagunganira Pangeran, obah-osiking manah, Muhammad kang nggawa iku, duwekmu amung pangrasa.

8. Mangka sira gawa kuwi, ora sira ulihêna, balekna marang Kang Duwe, yen sira maksih anggawa, titipan tri prakara, apa sira ora lampus, Kyai Guru duk miyarsa.

9. Kethune binanting siti, muring-muring ngucap sora, Mring ngêndi nggonku ngulihke, ingsun tan rumasa nyêlang, titipan tri prakara, Gatholoco gya gumuyu, Sira urip tanpa mata.

10. Upama Padhanging Rawi, asalira saking Surya, sirna kalawan Srêngenge, kalamun Padhange Wulan, asale saking Rembulan, sirnane kalawan Santun, bali maneh asalira.

11. Kasan Bêsari nauri, Krana ngapa Rasanira, lan Cahyamu Urip kuwe, myang obah-osiking manah, tan sira ulihêna, marang Kang Kagungan iku, Gatholoco asru nyêntak.

12. Ingsun iki ora wani, ngulihake durung masa, yen tan ana pamundhute, ingsun wêdi bok kinira, anampik sihireng Hyang, manawa nêmu sêsiku, sireku kaliru tampa.

13. Kang kasêbut kitab mami, pan saking Nabi Muhammad, Kyai Guru pangucape, Salat witri iku iya, salat sakobêrira, Gatholoco alon muwus, sireku kaliru tampa.

14. Yen mangkono sira kuwi, dudu umat Rasulullah, dene sira ngestokake, sarengate Nabi lima, êndi panêmbahira, mring Nabi Muhammad iku, Kyai Guru saurira.

15. Sêmbahingsun salat witri, iya ing samasa-masa, Gatholoco pamuwuse, Sira iku santri blasar, mangka Nabi Muhammad, têtela Nabi Panutup, tunggule nabi sadaya.

16. Parentahe ora sisip, wus kapacak aneng kitab, ingkang salah sira dhewe, kinen sujud kaping lima, rina wêngi mangkana, esuk-esuk wayah Subuh, sujud tumrap maring Adam.

17. Iku dudu Adam Nabi, adam suwung sujudana, kang suwung langgêng anane, marmanira sinujudan, dene luwih kuwasa, ngilangake pêtêng iku, kagênten padhanging surya.

18. Panase saya ngluwihi, saking kuwasaning Allah, surya iku darma bae, sakehe manusa dunya, samya susah sadaya, krana saking panasipun, Nabi Muhammad parentah.

19. Marang umatira sami, supaya padha sujuda, marang Kang Murbeng alame, tatkala patang rakangat, kabeh padha nuwuna, mring sudane panas iku, lan sudane dosanira.

20. Lan padha nuwuna maning, linanggêngna kaluhuran, kaya luhure srêngenge, pramilane lama-lama, tumurun saya andhap, daya asrêp panasipun, wong akeh ngarani Ngasar.

21. Nabi Muhammad ningali, parentah mring umatira, supayane sujud maneh, sarta padha nênuwuna, langgêng ananing Suksma, lan padha nuwuna iku, linanggêngna kaluhuran.

22. Pangeran Kang Maha Luwih, angganjar ing asorira, linanggêngna kamulyane, dadine bisa kalakyan, tumurun saya andhap, mulane ngaranan surup, sira padha sumurupa.

23. Kuwasanira Hyang Widdhi, bisa gawe pêtêng padhang, gawe unggul lan asore, kang padhang têgêse gêsang, kang pêtêng iku pêjah, Nabi Muhammad andulu, parentah mring umatira.

24. Den purih sujuda maning, marang Ingkang Murbeng alam, dene luwih kuwasane, bisa gawe pêtêng padhang, lan gawe pêjah gêsang, bilahi asor lan unggul, lama-lama kang baskara.

25. Jagade datan kaeksi, pêtênge saya katara, amratani jagad kabeh, manusane alam dunya, rumasa kasusahan, krana saking pêtêngipun, amarga suruping surya.

26. Sagunge umat nuruti, nênuwun marang Pangeran, kanthi nangis panuwune, mulane ngaranan Ngisa, tegese Anangisa, marang Ingkang Murbeng Luhur, Nênuwun supaya padhang.

27. Kagênten padhanging sasi, sakehe manusa suka, uninga wulan cahyane, padhang sarta ora panas, cacade mung pisahan, mulane ingaran santun, santun warna sabên dina.

28. Têgêse sasi samya sih, Kyai Guru aris mojar, kitab apa pathokane, Gatholoco angandika, Barulkalbi arannya, mangrêtine Barul: Laut, dene Kalbi iku Manah.

29. Ati kang kaya jaladri, tanpa watês jero jêmbar, lan maneh akeh isine, Kasan Bêsari têtannya, sira ora sêmbahyang, Gatholoco aris muwus, sêmbahyang langgêng tan pêgat.

30. Sujud-mami sujud eling, keblatku têngahing jagad, barêng napasku sujude, napasku mêtu mbun-mbunan, salatku mring Pangeran, mêtu saking utêkingsung, sêmbahyangku mring Hyang Suksma.

31. Ingkang mêtu lesan-mami, sêmbahyang mring Rasulullah, kang mêtu irungku kiye, ingkang Dzat pratandhanira, iku taline gêsang, kabeh saking napasingsun, sêbutku Allahu Allah.

32. Sira padha ora ngrêti, Rasulullah sabatira, iku durung linairke, lintang wulan lawan surya, alam dunya wus ana, yêkti tuwa suryanipun, iku kang kitab Ambiya.

33. Kang tinitahake dhingin, dening Hyang Cahya Muhammad, iku lawan sakabate, nanging wujud êRoh samya, neng jroning Lintang Johar, mangka Lintang Johar iku, wawadhahe Roh sadaya.

34. Babonira saking Urip, dadi saking Nur Muhammad, lintang rêmbulan srêngenge, ora liya asalira, pan saking Nur Muhammad, mangka Lintang Johar iku, dadi pusêre Muhammad.

35. Yen sira maido mami, dadi nampikakên sira, mring Kuran sêsêbutane, Kasan Beêari miyarsa, rumaos kaungkulan, mangkana denira muwus, Wis Gatholoco minggata.

36. Gatoloco anauri, sun linggih langgare Allah, kabênêran panggonane, iki aneng têngah jagad, ingsun sênêng kapenak, linggih langgar karo udut, ngênteni prentahing Allah.

Hasan Bêsari Kalah Bantahe

37. Sakala Kasan Bêsari, sidhakep kendêl kewala, puwara alon wuwuse, wus dadi prasêtyaningwang, kalamun bantah kalah, kabeh iki darbekingsun, sira wajib mengkonana.

38. Ingsun rila lair batin, langgar wisma barang-barang, pasrah sah duwekmu kabeh, santri murid ing Cêpêkan, ingkang sênêng ngawula, mara sira anggêguru, wulangên ilmu utama.

39. Para Kyai mitra mami, ingsun sumarah kewala, apa kang dadi karsane, manira saiki uga, nêja lunga lêlana, kabeh keriya rahayu, Kasan Bêsari gya mangkat.

40. Nalangsa rumasa isin, saparan kalunta-lunta, katiwang-tiwang lampahe, ingkang kantun ing Cêpêkan, Gatholoco sineba, para murid tigang atus, andêr samya munggeng ngarsa.

Gatholoco Pêpeling Marang Para Sahabat

41. Gatholoco sukeng galih, angandika mring sakabat, Sanak-sanakingsun kabeh, yen sira arsa raharja, poma-poma elinga, aywa tiru lir gurumu, anggêpe sawênang-wênang.

42. Kang mangkono ora bêcik, ngina-ina mring sasama, umat iku padha bae, pintêr bodho bêcik ala, bêja lawan cilaka, wong kuli tani priyantun, lanang wadon ora beda.

43. Wus pinêsthi mring Hyang Widdhi, tan kêna ingowahana, papêsthene dhewe-dhewe, mulane bêcik narima, aywa katungkul sira, urip iku bakal lampus, aneng dunya ngelingana.

44. Aja jubriya lan kibir, sumêngah nggunggung sarira, open dahwen panastene, karêm dora pitênahan, jail silib melikan, angapusi agal alus, anggluweh dhêmên sikara.

45. Aja pisan ladak êdir, watak angkuh nguja hawa, aja warêg mangan sare, nglakonana sawatara, ingkang sabar tawakal, ingkang sumeh aja nepsu, ngajeni marang sasama.

46. Aja sira gawe sêrik, aja sira gawe gêla, aja gawe wêdi kaget, iku aran najis karam, nyandhang mangan ingkang sah, iku lakune wong ilmu, tan kêna kanthi sêmbrana.

Gatholoco Apitutur Soal Pasêmoning ‘Ilmu


PUPUH VI
Kinanti

1. Kudu ingkang nrimeng pandum, sumarah karsaning Widdhi, manusa darma kewala, saikine sun takoni, apa mantêp trusing driya, ngaku bapa marang mami.

2. Lamun sira wus tuwajuh, gugunên pitutur iki, nanging sira aja samar, tan kêna maido ilmi, yen maido kêna cêndhak, uripe kamulyanneki.

3. Kabeh sira anakingsun, badhenên pasemon iki, Lamun bêngi ana apa, Yen awan ingkang ngêbêki, Apa ingkang ora nana, Satuhune iya êndi.

4. Doh tanpa wangên iku, Cêdhak tan senggolan iki, Yen adoh katon gumawang, Yen cêdhak datan kaeksi, Lamun isi ana apa, Yen suwung luwih mratani.

5. Lêmbut tan kêna jinumput, Agal tan kêna tinapsir, Ingkang amba langkung rupak, Kang ciyut wiyar nglangkungi, Bumbung wungwang isi apa, Sapa neng ngarêpmu kuwi.

6. Yen lanang tan nduwe jalu, Yen wadon tan duwe bêlik, Iya kene iya kana, Iya ngarêp iya buri, Iya kering iya kanan, Iya ngandhap iya nginggil.

7. Baitane ngêmot laut, Kuda ngrap pandhêgan nênggih, Tapaking kuntul ngalayang, Pambarêp adhine ragil, si Wêlut ngêleng ing parang, Kodhok ngêmuli lengneki.

8. Wong bisu asru calathu, Jago kluruk jro ndogneki, Wong picak amilang lintang, Wong cebol anggayuh langit, Wong lumpuh ngidêri jagad, Aneng ngêndi susuh angin.

9. Aneng ngêndi wohing banyu, Myang atine kangkung kuwi, Golek gêni nggawa diyan, wong ngangsu pikulan warih, Kampuh putih tumpal pêthak, Kampuh irêng tumpal langking.

10. Tumbar isi tompo iku, Randhu alas angrambati, mring uwit sêmbukan ika, Sagara kang tanpa têpi, Rambut irêng dadi pêthak, ingkang pêthak saking ngêndi.

11. Irênge mring ngêndi iku, Kalawan kang diyan mati, urube mring ngêndi ika, golekana kang pinanggih, yen tan wêruh siya-siya, durung sampurna kang ilmi.

12. Ingkang sarah munggeng laut, gagak kuntul saba sami, duk mencok si kuntul ika, si gagak ana ing ngêndi, gagak iku nulya têka, si kuntul mibêr mring ngêndi.

13. Prayoga kudu sumurup, kabeh sira anak mami, pralambang iku rasakna, kang katêmu padha jati, sajatining rasa ika, rasa jroning jalanidi.

14. Sasmitanên ingkang wimbuh, kawruhana ucap iki, kalawan pangrungunira, sarta paningalmu ugi, tan ana ucap dwi ika, dadi solah tingkahneki.

15. Ora sak tan sêrik iku, tan têsbehmu Dzatullahi, kang krasa yen datan mangan, den krasa yen minum nênggih, sêmbahyanga den karasa, den krasa Dzatullah kuwi.

Gatholoco Mêdarake Soal-jawabing ‘Ilmu


16. Kang wus sawural Allahu, iku aran Salat Daim, ana maneh ingaranan, Martabate Kasdu kuwi, lawan Takrul Takyin ika, mangrêtine Kasdu kuwi.

17. Pikarêpe niyat iku, ciptane ingkang dumadi, dene Takrul têgêsira, pamêkasing niyat nênggih, dumadine panggraita, mangrêteni ingkang Takyin.

18. Iku nyata yen satuhu, wasesane niyat kuwi, dumadine ingkang cipta, cêthane iku sayêkti, ingkang Kasdu kuwi Iman, ingkang Takrul iku Tohid.

19. Kang Takyin Makrifat iku, kang Iman yen ana kuwi, ing niyat ingkang gumlethak, yêkti iku ora serik, tansah ningali ing Allah, kang Tohid nênge myang osik.

20. Gletheke paningal iku, pamyarsa pangucapneki, nyata angên-angênira, ingkang ngglethakakên Widdhi, myarsa ngucapkên pêsthinya, Allah tangala ngimbuhi.

21. Dadi aja sak srik iku, tingalira mring Hyang Widdhi, ana dene kang Makrifat, iku nênge lawan mosik, anênggih paningalira, pangrungu pangucapneki.

22. Dadi lan ing dhewekipun, têgêse iku sayêkti, Bila têsbeh lire ika, tan loro kahanan-neki, apan mung Allah kewala, ingkang mosik mênêng kuwi.

23. Pamiyarsa lan pandulu, nyatane kahanan iki, poma aja sêrik lan sak, sasmita sariraneki, kang den ucap ingkang ngucap, tan liya Kang Maha Suci.

24. Kudu ingkang awas emut, ora nana liya maning, lamun sira tinakonan, apa pangajape Widdhi, mangkene wangsulanira, Pangawruhingsun mring Widdhi.

25. Kawimbuhan ilmunipun, Pangeran Kang Maha Suci, ana maneh soalira, apa ingkang den arani, sakêcap sarta satindhak, mênêng mung sagokan kuwi.

26. Nulya saurana gupuh, ujar sakêcap puniki, kang ngucap nênggih Hyang Suksma, kang mlaku satindhak Widdhi, kang mênêng sagokan ika, ingkang wus angel nggoleki.

27. Hyang Suksma ya dhirinipun, sarta lamun den takoni, pira Martabating Tingal, saurana tri prakawis, Tasnip ingkang kaping pisan, Insan Kamil kaping kalih.

28. Kadil Kapri kaping têlu, Tasnip: Idhêp têgêsneki, Insan Kamil: Kang Sampurna, iku kaya Roh Ilapi, utawa Tasnip sêmunya, tingal luluh sampurnaning.

29. Wahyu iku têgêsipun, ingkang paningale sidik, iku têtêp wahyunira, pramilane samya wajib, den wêninga prabedanya, anggenira aningali.

30. Mring Nabi Wali Mukminu, Nabi têtêp tingalneki, dene para mundur ika, ing tingale Wali Mukmin, pira Martabating Lampah, wangsulana dwi prakawis.

31. Dhingin kaya gêni iku, kaping kalih kaya angin, sêmune kang kaya brama, pênêt panase pribadi, têgêse sira mrih enggal, panrima kasuwen dening.

32. Ingkang angin têgêsipun, pênêt tan kêna pinurih, têgêse wus ora pisan, susah angulati malih, pira Martabating Badan, saurana tri prakawis.

33. Wondene ingkang rumuhun, kaya tanggal ping Pat nênggih, ping dwi kaya tanggal Sanga, tanggal ping Patbelas ping tri, têgêse tanggal kaping Pat, tulis lair tulis batin.

34. Kaya tanggal Sanga iku, luluh sirna têgêsneki, kahananira Pangeran, tanggal ping Patbelas kuwi, dene sasêjane sama, kaya Kang Ndadekkên nênggih.

35. Wus tumêka wangênipun, têkane kawula kuwi, ora nêja yen dadiya, dadi Gusti kang sayêkti, nanging yêkti dadi uga, pira Martabat Pamanggih.

36. Saurana lima iku, kang dhingin Klêthêking ati, ingkang kaping kalihira, Katêpêking lampah nênggih, Panjriting tangis ping tiga, Kêthuk nutu ping pat nênggih.

37. Cleret Ngantih ping limeku, dene Panjriting wong nangis, lawan Klêthêking wardaya, myang Têpêking wong lumaris, tuhune iku pangucap, martanipun akir kadi.

38. Kaya Kapilaku iku, ing tekade kang wus tampi, Calereting Ngantih ika, lir Sipat Jamalullahi, Kêethuking nutu upama, wêdale pangucapneki.

39. Nyata ora mamang iku, ora susah angulati, Hyang Agung Kang Maha Mulya, kang ngucap iku Allahi, poma aja pindho karya, puniku ingkang sajati.

40. Martabate bumi iku, saurana tri prakawis, Dzating Roh Ilapi ika, kaping pindho Roh Jasmani, kaping têlu Tanpa Prenah, Tanpa Tuduh Tanpa Yekti.

41. Kang aran Muhammad iku, kang Kakiki kang Majaji, iku nuli saurana, kang aran Muhammad Nabi, dene kang Kakiki iku, iya Dzatullah Ilapi.

42. Nabi Muhammad puniku, anênggih ingkang Majaji, Dzatullah Jasadi ika, kang Kakiki kang Majaji, loro-loroning atunggal, nyatane yen sira kuwi.

43. Ingkang Tanpa Prênah iku, lawan Tanpa Tuduh kuwi, ing Kakekate Dzatu’llah, tan liya pêsthi sireki, krana sajatine sira, poma aja pindho kardi.

44. Martabat Nugrahan iku, lamun sira den takoni, pira nugrahaning Sadat, saurana tri prakawis, iku ingkang ping sapisan, Ngêningake Iman-neki.

45. Ping dwi Ngeningken Tyasipun, ana dene kang kaping tri, Nglampahake Panggaotan, Nugrahaning Salat nênggih, saurana tri prakara, Mêgat Karsa ingkang dhingin.

46. Tinggal Cipta kalihipun, Amadhêp ingkang kaping tri, Nugrahaning Takbir pira, saurana tri prakawis, dhingin Kawruh dwi Kawruhnya, Jatining Wêruh kaping tri.

47. Pituturku durung rampung, nanging iku bae dhisik, krana ingsun arsa lunga, ora lawas ingsun bali, mrene maneh mulang sira, dimene imbuh mangrêti.


 Ana candhake......