Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

Falsafah Gatholoco VII s/d VIII



Gatholoco Lunga Andarung Lakune


PUPUH VII 

Gambuh
1. Anak murid sireku, kabeh padha keriya rahayu, lilanana saiki manira pamit, Gatholoco mangkat gupuh, lumampah ijen kemawon.

2. Midêr-midêr ngêlantur, sêjanira angupaya mungsuh, sagung pondhok guru santri den lurugi, binantah ing kawruhipun, yen kalah dipun pepoyok.

3. Ana ingkang gumuyu, kapok kawus santri kang tan urus, wus dilalah karsaning Kang Maha Luwih, Gatholoco tyas kalimput, mêngku takabur ing batos.

4. Pangrasanira iku, sapa mênang padon karo aku, padu kawruh ingsun punjul sasami, marmane manggih sêsiku, kasiku dening Hyang Manon.

5. Kang sipat samar iku, Gatholoco tan rumasa luput, yen andulu ingkang bangsa lair batin, kaelokaning Hyang Agung, karya lakon langkung elok.

6. Gatholoco andarung, lampahipun têrus minggah gunung, Endragiri wastanira ingkang wukir, sadaya santri ing gunung, binantah kawruhnya kawon.

7. Jêjanggan para Wiku, Rêsi Buyut Wasi lan Manguyu, den lurugi bantah kawruh sarak ilmi, ingkang kawon den gêguyu, Gatholoco asru moyok.

8. Solah tingkah kumlungkung, ngrengkel nakal rêmên nyrekal digung, watak edir ilmu sarak den pabêni, mila saya camahipun, ya ta gênti winiraos.

9. Ing Endragiri gunung, wontên endhang gentur tapanipun, apêparab Rêtna Dewi Lupitwati, sadaya punggawanipun, samya estri maksih anom.

10. Satunggal wastanipun, apêparab Dewi Mlênuk Gêmbuk, nama Dewi Dudul Mêndut kang satunggil, mêrak ati dhasar ayu, cantrik kalih ugi wadon.

11. Satunggal namanipun, akêkasih Dewi Rara Bawuk, kang satunggal Dewi Bleweh kang wêwangi, grapyak sumeh kaduk cucut, neng ngarsa gusti tan adoh.

12. Sang Rêtna dhepokipun, yeku dhepok ing Cêmarajamus, pratapane ing guwa Seluman wêrit, angkêr sinêngkêr barukut, botên sêmbarangan uwong.

13. Bangkit uningen ngriku, yen tan antuk lilane Sang Ayu, dene lamun wus kêparêng den ideni, kaiden ingkang amêngku, sinome guwa katongton.

 

Gatholoco Manjing Depok Cêmarajamus


PUPUH VIII
 
Sinom
1. Ingkang samnya neng asrama, Rêtna Dewi Lupitwati, lagya sakeca ngandikan, lawan cêthi emban cantrik, kaget dupi umeksi, dhumatêng wau kang rawuh, sajuga janma priya, lênggah sandhing para estri, Mlênuk Gêmbuk sigra nabda atêtannya.

2. Lah sira iku wong apa, wani malbeng Endragiri, rupamu ala tur kiwa, pinangkanira ing ngêndi, lan sapa kang wêwangi, angakuwa mumpung durung, cilaka siya-siya, apa tan kulak pawarti, lamun kene larangan katêkan priya.

3. Gatholoco tansah nyawang, botên pisan amangsuli, mêndongong kendêl kewala, lir bisu mung clumak-clumik, malah angiwi-iwi, lingak-linguk kukur-kukur, dereng purun cantênan, nudingi mring cantrik estri, dangu-dangu sumaur ngucap mangkana.

4. Sun iki janma utama, nyata yen lanang sajati, kêkasih Barang Panglusan, lan aran Barang Kinisik, têtêlu jênêng mami, ananging ingkang misuwur, manca pat manca lima, tanapi manca nagari, Gatholoco puniku aran manira.

5. Omahku ing têngah jagad, pinangkane saking wuri, nuruti sêjaning karsa, pramilane prapteng ngriki, prêlu arsa pinangggih, marang sireku wong ayu, dhuh mirah pujaningwang, lamun condhong sun rabeni, Mlênuk Gêmbuk muring-muring asru sabda.

6. Gumêndhung si asu ala, lancang pangucap kumaki, dêksura tindak sêmbrana, adol bagus marang mami, ingsun tan pisan sudi, andêlêng marang dhapurmu, bêcik sira minggata, aja katon aneng ngriki, eman-eman panggonan den ambah sira.

7. Wangsulane gêmang lunga, malah sira mirah nuli, nurutana karsaningwang, dhuh wong ayu sun rabeni, mangsuli manas ati, wuwuse saya dalurung, si anjing kêna sibat, tan kêna ginawe becik, Mara age tutugna dak kêpruk bata.

 

Gatholoco Nrêrêpi Wangsalan


8. Gatholoco saurira, wideng galêng (yuyu) dhuh maskwari, wong ayu bok aja duka, kuwuk mangsa kolang-kaling (luwak), ron kang kinarya kikir (rêmpêlas), wêlasana awakingsun, parikan jênang sela (apu), apuranên sisip mami, jalak pita (kapodhang) sun cadhang dadiya garwa.

9. Baita kandhêg samudra (labuh), lara wirang sun labuhi, terong alit dhêdhompolan (ranti), bok iya nganti sawarsi, bibis kulineng tasik (undur-undur), sayêkti tan nêja mundur, isih cuwa atiku pan durung lêga.

10. Lan maneh ngong ngrungu warta, gustimu Sang Lupitwati, misuwur lamun waskitha, pintêr mring sabarang ilmi, tan ana kang ngungkuli, sarta wus jumênêng Wiku, lamun kapara nyata, manira arsa nandhingi, bantah kawruh sakarsane ilmu apa.

 

Ambatang Cangkrimane Dewi Mlênukgêmbuk


11. Mlênuk Gêmbuk saurira, Badhenên cangkriman mami, lan soale gustiningwang, Rêtna Dewi Lupitwati, soale êmban cantrik, yen sira ngrêti sadarum, najan rupamu ala, gustiku Sang Lupitwati, apa dene para cêthi cantrikira.

12. Mêsthine nurut kewala, kabeh gêlêm anglakoni, Gatholoco alon mojar, Apa têmên tan nyidrani, upamane ngapusi, apa sira wani tanggung, yen sira ora dora, sun jawabe ing samangkin, lah ucapna cangkrimane kaya apa.

13. Mlênuk Gêmbuk alon mojar, Ana wit agung siji, pang papat godhonge rolas, kêmbange tanpa winilis, wohe amung kêkalih, mung sawiji trubusipun, mubêng wolu pangira, puniku ingkang sawiji, pan ana dene ingkang salah satunggal.

14. Ingsun ningali maesa, kathahe amung kêkalih, nanging têlu sirahira, badhenên cangkriman kuwi, Gatholoco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, kêcap-kêcap kêthip-kêthip, Mlênuk Gêmbuk gumujêng alatah-latah.

15. Kowe maneh yen bisaa, ambatang cangkriman iki, dhapurmu ala tur kiwa, Gatholoco anauri, Mêngko dhisik pinikir, supaya bisa katêmu, mara padha rungokna, wong kabeh aneng ngriki, sun badhene bênêr luput saksenana.

16. Ananging kalamun salah, aja padha ngisin-isin, bismillah mbadhe cangkriman, cangkrimane wong mrak ati, wit agung mung sawiji, iku jagad têgêsipun, pang papat iku keblat, godhong rolas iku sasi, trubus siji êpang wolu iku warsa.

17. Kêmbang tanpa wilang lintang, minangka woh loro kuwi, anane surya rêmbulan, lan maneh ingkang sawiji, sira niku ningali, kêbo loro ndhase têlu, iku wus dadi lumrah, kêbo alam dunya iki, lanang wadon kêtêl wulu sirahira.

18. Gatholoco alon ngucap, Apa bênêr apa sisip, mangkono pambatangingwang, mring cangkriman iki, Mlênuk Gêmbuk miyarsi, wus kabatang soalipun, rumasa yen kasoran, sedhot mundur sarwi nglirik, alon ngucap saiki narima kalah.

 

Ambatang Cangkrimane Dewi Dudulmêndut


19. Dudul Mêndut sigra mapan, mesam-mesêm angesêmi, wus ayun-ayunan lênggah, Gatholoco nulya angling, Soal apa sireki, sun badhene cangkrimanmu, Dudul Mêndut angucap, Mangkene cangkriman mami, mara age badhenên ingkang pratela.

20. Ing ngêndi prênahe Iman, ing ngêndi prênahe Buddhi, ing ngêndi prênahe Kuwat, apa Kang Luwih Pait, lan Ingkang Luwih Manis, Luwih Atos saking watu, apa kang Luwih Jêmbar ngungkuli jêmbaring bumi, apa ingkang Luwih Dhuwur saking wiyat.

21. Apa ingkang Luwih Panas, ngungkuli panasing gêni, Luwih Adhêm saking toya, Luwih Pêtêng saking wêngi, êndi aran Ningali, lan êndi Kang Luwih Dhuwur, êndi Kang Luwih Andhap, apa ingkang Luwih Gêlis, akeh êndi Wong Gêsang karo Wong Pêjah.

22. Wong Sugih lawan Wong Nistha, Wong Jalu lawan Wong Estri, Wong Kapir lawan Wong Islam, mara badhenên saiki, Gatholoco nauri, Prênahe Iman puniku, aneng Jantung nggonira, ing Utêk prênahe Buddhi, Otot Balung prênah panggonane Kuwat.

23. Prênahe Wirang ing Mata, Ing Dunya Kang Luwih Pait, batine wong malarat, dene Ingkang Luwih Manis, batine wong kang sugih, lamun Wong Kang Luwih Lumuh, Kang Blilu tan wêruh Sastra, ingkang aran Aningali, iku Janma Ingkang Wruh Ilmuning Allah.

24. Ing ngêndi Kang Luwih Pêrak, Ing Dunya Kang Luwih Gêlis, ingkang Luwih Bungahira, iku Marmaning Hyang Widdhi, kang Amba Luwih bumi, yêkti Pandêlêng puniku, Landhêp Luwih Kang braja, iku Nalare Wong Lantip, Ingkang Adhêm Luwih toya Ati Sabar.

25. Luwih Atos saking sela, Atine Wong Dhangkal pikir, Atine Wong Kang Brangasan, Panase Ngungkuli gêni, Wong Jalu lan Wong Estri, yêkti akeh Wadonipun, sanajan wujud lanang, tan wêruh tegese estri, kêna uga sinêbut sasat wanita.

26. Wong Urip lan Wong Palastra, têmêne akeh kang Mati, sanajan wujude Gêsang, kalamun wong tanpa Buddhi, iku prasasat Mati, Wong Sugih lan Wong Nistheku, mêsti akeh kang Nistha, sanajan Sugih mas picis, lamun bodho tanpa Buddhi tanpa nalar.

27. Kêna sinêbut Wong Nistha, tan duwe pakarti benjing, kalamun ing rahmatullah, Wong Islam lawan Wong Kapir, Islam Kapir mung lair, yen tan ana anggitipun, mênawa datan wikan, pranatanira Agami, têtêp Kapir yêktine janma punika.

28. Wong iku nyata pintêran, tan kêna den mêjanani, Dudul Mêndut mundur sigra, sarwi awacana aris, Wus bênêr ora sisip, saikine ingsun têluk,

 

Ambatang Cangkrimane Dewi Rara Bawuk


Rara Bawuk gya mapan, mangkana denira angling, Ndika-bêdhek Gus Nganten cangkriman kula.

29. Kabeh ingkang sipat gêsang, kang ana ing dunya iki, Pangucape Pirang Kêcap, mangka Leklu iku Klimis, Gatholoco miyarsi, reka-reka tan sumurup, malenggong palingukan, gedheg-gedheg angucemil, Rara Bawuk gumujêng alatah-latah.

30. Sarwi kêplok bokongira, angencêpi ngisin-ngisin, Sira maneh yen bisaa, anjawab cangkriman mami, dhapurmu anjêjinggis, kaya antu lara ngêlu, Gatholoco angucap, Mbuh bênêr mbuh luput iki, sun badhenên dhiajêng cangkrimanira.

31. Ucape kang sipat gêsang, kang ana ing dunya iki, Pan Amung Salikur Kêcap, nora kurang nora luwih, dene sastra kang muni, pan iya amung salikur, kabeh ucaping jalma, kang ana ing dunya iki, Leklu Klimis iya iku tegesira.

32. Têlek neng Alu lêsungan, yen Dicêkêl yêkti Amis, salawase durung ana, têlek ingkang mambu wangi, Rara Bawuk miyarsi, yen kajawab soalipun, rumasa katiwasan, ora wurung dirabeni, sêntot mundur sumingkir sêmu kisinan.

33. Angucap Ingsun wus kalah, saprentahmu sun lakoni, 


Ambatang Cangkrimane Dewi Bleweh

gantya Dewi Bleweh mapan, lênggah nêja bantah ilmi, Sang Dewi Bleweh angling, Badhenên cangkrimaningsun, Isine alam dunya, kabeh Ana Pirang Warni, lawan Pira Rasane lamun Pinangan.

34. Sun andulu Wujudira, adêge Wolung Prakawis, Pikukuhe Raga Tunggal, Sipat Papat Keblat Kalih, Patbêlas Ingkang Keri, Kang Loro Tutup-tinutup, samya Manjêr Bandera, Kêkalih pating karingkih, lan badhenên, mangrêtine dadi paran.

35. Gatholoco duk miyarsa, reka-reka tan mangrêti, mung dhêlêg-dhêlêg kewala, Dewi Bleweh ngisin-isin, lenggak-lenggok nudingi, malerok sarwi gumuyu, Sira masa bisaa, ambatang cangkriman mami, wong dhapurmu saru kiwa irêng mangkak.

36. Gatholoco saurira, Mêngko sun pikire dhisik, bismillah mbadhe cangkriman, cangkrimane gêndhuk kuwi, Isine Dunya Amung Sanga Kathahipun, ingkang kinarya ngetang, angkane mung Sangang Iji, ora nana ingkang luwih saking sanga.

37. Sawuse jangkêp sadasa, bali marang siji maning, iku tandhane mung sanga, isine dunya iki, kabeh mung sanga kuwi, Kahanane Rupa iku, yêktine Nem Prakara, wijange sawiji-wiji, Ireng Biru Putih Kuning Ijo Abang.

38. Liya iku ora nana, rupa ingkang manca warni, iku Padha Ngêmu Rasa, dene kabeh kang binukti, ing alam dunya iki, Rasane Mung Ana Wolu, Lêgi Gurih kalawan, Pait Gêtir Pêdhês Asin, Sêpêt Kêcut ganêpe wolung prakara.

39.  Adu Bokong têgêsira, gênah lamun Asu Ganjing, padha adu bokongira, Ngadêg Suku Wolung Iji, Keblatira Kêkalih, Madhêp Ngalor lawan Ngidul, Sipate iku Papat, Matanira Patang Iji, lawangane Bolongan Ana Patbêlas.

40. Cangkêm Irung miwah Karna, Silite kalawan Prêji, gung-gunge kabeh Patbêlas, kang Tutup-tinutup sami, Panjine Dakar Prêji, pating krêngih êndêmipun, dene Umbul Pulêtan, Bandera Buntute Kalih, ting Jalênthir lir Bandera Karo pisah.

41. Apa bênêr apa ora, mangkono pambatang mami, mara age wangsulana, Dewi Bleweh duk miyarsi, kajawab soalneki, sakalangkung gêtun ngungun, nggarjita jroning nala, pinasthi kalawan takdir, awakingsun kinanti wong kaya sira. 


( Ana candhake )