Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

Falsafah Gatholoco IX s/d Tamat



PUPUH IX
Kinanti


1. Dewi Bleweh nulya mundur, sarwi awacana manis, Ingsun wus rumasa kalah, sakarêpmu sun-lakoni, manira manut kewala, ora sumêja nyêlaki.

Ambatang Cangkrimane Rêtna Dewi Lupitwati

2. Namung kantun kusuma yu, Rêtna Dewi Lupitwati, mapan lênggah arsa bantah, Gatholoco nabda aris, Sireku keri priyangga, êmbane kalawan cantrik.

3. Kalah bantah padha mundur, sira Dewi Lupitwati, apa nutut apa berani, sa-buddhi-mu sun kêmbari, Rêtna Dewi angandika, Apa saujarmu kuwi.

4. Yen sira ngarani têluk, yêktine têluk wak mami, yen sira ngarani bangga, sabênêre ingsun wani, mung iki cangkrimaning-wang, kathahe têlung prakawis.

5. Badhenên ingkang dumunung, têgêse Wong Laki Rabi, lan têgêse Wadon Lanang, tegese Sajodho kuwi, Gatholoco saurira, Ora susah nganggo mikir.

6. Prakara cangkriman iku, tegese Wong Laki Rabi, ingkang aran Wadon Lanang, ingsun uga wus mangrêti, mung remeh gampang kewala, rungokna pambatang mami.

7. Têgêse Wong Lanang iku, Ala kang têmênan kuwi, iya iku ananingwang, rupane Ala ngluwihi, Wadon iku têgêsira, gênah Panggonane Wadi.

8. Wadine Wong Wadon iku, Wujude Wujudmu kuwi, sabênêre Luwih Ala, dunung sarta asalneki, acampur kalawan priya, tuduhna kang ala iki.

9. Mula Rabi aranipun, Wong Lanang Amêngku Estri, rahab ngrahabi sadaya, kang ala lawan kang bêcik, mula lanang aranira, aja nglendhot marang estri.

10. Mung iku pambatangingsun, apa bênêr apa sisip, Lupitwati aturira, Pukulun pêpundhen mami, saestu lêrês sadaya, marmane amba samangkin.

11. Nrimah kawon sampun têluk, sumanggêng karsa nglampahi, muhung asrah jiwa raga, tan pisan nêja gumingsir, ing dunya prapteng dêlahan, têtêp mantêp lair batin.

 
Gatholoco Mulang Para Garwa

12. Gatholoco sukeng kalbu, gumujêng sarwi mangsuli, Tuturira sun tarima, lan maneh wiwit saiki, sireku kabeh kewala, têtêp dadi garwa-mami.

13. Mulane sira sadarum, kudu manut gurulaki, sabarang parentahingwang, abot entheng aywa nampik, lamun nampik siya-siya, tan wurung sida bilahi.

14. Wus lumrah wong lanang iku, wajibe mêngkoni rabi, sanajan rupane ala, nanging pantês den ajeni, sinêmbah mring garwanira, krana aran gurulaki.

15. Solah tingkah murih patut, satiti angati-ati, tan kêna kanthi sêmbrana, yen sêmbrana ora bêcik, sanajan lunga sadhela, kudu pamit marang mami.

16. Kajaba kang kadi iku, rungokna pitutur mami, amurih salamêtira, aywa karêm karya sêrik, den sabar aywa brangasan, ngajenana mring sêsami.

17. Upama sira katêmu, marang pamitranmu yayi, kalamun sira micara, kudu ingkang sarwa manis, dimene rêna kang myarsa, aywa nganti den ewani.

18. Yen sira micara saru, utawa dhêmên ngrasani, mring alane liyan janma, sayêkti akeh kang sêngit, datan sênêng malah ewa, sinêbut wong kurang buddhi.

19. Upamane ana tamu, den enggal sira nêmoni, kang sreseh nuli bagekna, linggihane ingkang rêsik, sireku kang lêmbah manah, sokur bisa nyugatani.

20. Sanajan tan bisa nyuguh, nanging sumeh ulat manis, têmbunge grapyak sumanak, rumakêt sajak ngrêsêpi, supaya tamune suka, sênêng ora gêlis mulih.

21. Yen sira sêmu marêngut, kang mradayoh yekti wêdi, kinira kalamun ladak, utawa kinira êdir, den arani ora lumrah, datan kurmat mring sêsami.


22. Watak andhap asor iku, wêkasane nêmu bêcik, raharja sugih têpungan, kineringan mring sêsami, linulutan pawong mitra, akeh ingkang trêsna asih.

23. Kang garwa samya tumungkul, sadaya matur wot sari, Dhuh pukulun kasinggihan, wulangipun gurulaki, saliring dhawuh paduka, sayêkti kawula pundhi.

Têtênger Sajatining Wadon Lan Sajatining Lanang



24. Gatholoco alon muwus, Rehning sira wus ngantêpi, darma saking karsaningwang, kepengin arsa udani, pratandhane kang sanyata, apa bênêr sira estri.

25. Samengko mrih gênahipun, manira arsa nontoni, mring prenah têtêngerira, wujude ingkang sajati, sireku pada lukara, supaya cêtha kaeksi.

26. Para garwa alon matur, Dhuh pukulun kadi pundi, dene paring dhawuh lukar, kawula lumuh nglampahi, krana saking botên limrah, nalar saru tan prayogi.

27. Gatholoco asru bêndu, Tuturmu padha ngantêpi, mantêp lair batinira, mituhu mring gurulaki, kaya paran ing samangkya, tan miturut prentah mami.

28. Lamun rewel datan manut, sireku bakal bilahi, sidane nêmu cilaka, katiban gitik panjalin, wong siji kaping limalas, lan maneh sun sêpatani.

29. Ananging yen padha manut, nurut marang karêp mami, sawuse lukar busana, nuli marang tilam sari, awakingsun pijêtana, supaya kêsêle mari.

30. Para garwa samya manut, tyas ajrih den supatani, sadaya lukar busana, Gatholoco dhuk umeksi, gumujêng alatah-latah, sarwi ngingkrang munggeng kursi.

31. Mangkana denira muwus, Saiki katon sajati, wus cêtha nyata wanita, têngêre wadon kaeksi, warna-warna datan padha, ana gêdhê ana cilik.

32. Rehning cêtha wus kadulu, wujudnya sawiji-wiji, akarya rênaning driya, ing samêngko sun lilani, kabeh padha tutupana, ngagêma busana maning.

33. Yen sireku arsa wêruh, marang sajatining laki, duwekingsun tingalana, becike apa saiki, utawa mêngko kewala, sakarêpmu sun turuti.

34. Lamun sira ngajak ngadu, duwekmu lan duwek mami, manira manut sakarsa, gêlêm bae ingsun wani, sira ngajak kaping pira, manira saguh ngladeni.

35. Rêtna Dewi alon matur, Pukulun pêpundhen mami, prakawis nalar punika, amba tan kapengin uning, dhumatêng wujuding priya, nuwun gunging pangaksami.

36. Kang awit pamanggih ulun, kirang prêlu angingali, kawula datan mêntala, lan malih botên prayogi, pramilane botên susah, paduka paring udani.

37. Gatholoco alon muwus, Dhuh wong ayu mêrak ati, sumeh sêmune prasaja, susileng solah rêspati, wangsalan iki rungokna, wulang mring sira wong manis.

Wangsalan Wulang Wanodya

PUPUH X
Dandangdula

1. Jayengsastra êmpaning lêlungid (carik), sirik agêng jênênging wanudya, luput barangreh wurine, wruh ing wêkasanipun, teja panjang kang ngêmu warih (kluwung),sinjang agêming priya (bêbêd), kang kêdah sinawung, pawestri kathah rubêdnya,taji sawung (jalu) ganda pangusaping lathi (lênga krawang), kaluputekawangwang.

2. Putran-dhênta(pratima) ron aglar ing siti (uwuh), pêlêm agung kang galak gandanya (kuweni),ewuh aya pratikêle, wanita tindak dudu, kuda mijil ing Tamansari (Kalisahak),piring siti (pinggan) upama, dadyan dhewekipun, angrusak badan priyanggan, saritala (malam) dhadhaking ron (talutuh) sun wastani, nalutuh alam dunya.

3. Kisma rêmpu (lêbu) atmaja Jumiril (Umarmaya), marma estri tan kalêbu wêca, Nata Prabuing Tasmitên (Gêniyara), kaca kang tanpa ancur (ram), gawe eram ingkangningali, pantês yen piniyara, talatahing laut (muwara), ing tekad angayawara,jamang wastra (têpi) ojating wong awêwarti (kaloka), nêtêpi ing saloka.

4. Gingsiring wulan purnama siddhi (grahana), bêbayi sah kang saking tuntunan (puput),graitanên sauntase, ingkang tumibeng luput, tambang palwa (wêlah) ingsun wastani,parikan jênu tawa (tungkul), pan aja katungkul, ing solah kang tanpa karya, mênyankuning (wêlirang) kang toya saking jasmani (kringêt), engêta kawirangan.

5. Ing Ngajêrak Papatih Nata Jin (Sannasil), pulas langking kang kinarya sastra (mangsi),keksi-eksi wêkasane, tanpa asil ing laku, sêmbahyange janma minta sih (salathajat), katrapaning manusa (dhêndha), dhêndhaning Hyang Agung, tanpa kajatingpanyipta, yasa ranu (bale kambang) Narendra Bojanagari (Suryawisesa), kumambanging wisesa.

6. Janma wirya (mukti) salendro jroning pring (suling), dipun eling-eling wong ngagêsang,aja manggung mukti bae, dhuh babo jamang wakul (wêngku), sêkar pandhan mawurkasilir (pudhak), najan têdhaking Nata, sajagad winêngku, barat gung mrataweng wrêksa(prahara), jarot pisang (sêrat) ana mlarat ana sugih, wus kaprah alam dunya.

7. Putri Mandura (Sumbadra) kang nyamang kudi (karah), najan trahing janma sudra papa,lamun bêcik pamarahe, Aji Nata Salyeku (Candrabhirawa), putêr alit ginantang nginggil(prêkutut), patut sira anggowa, candhongna ing kalbu, Wiku Raja ing Kusniya(Bawadiman), Sarkap putra (Samardikaran) den gêmi simpên wêwadi, ywa kongsikasamaran.

8. Tawon agung kang atala siti (tutur), wikan nugraha wulang akherat (swarga), yen siranggotutur kiye, nyuwargakkên bapa biyung, nyarambahi mring kaki nini, salawase raharja,mitra karuh lulut, yen kêna godhaning setan, sapu gamping (usar) garwa HyangGuru Pramesthi (Bathari Durga), durgama karya sasar.

9. Wideng galêng (yuyu) Kumbayana siwi (Aswatama), têgêse estri ayu utama, pratandha sêratpangrêmbe (pengêt), cipta tyas tan kawêtu (graita), kang wus lêpas graitalantip, nget-engêt ing kawignyan, pangumbaring puyuh (jajah), anjajah saruningbadan, jala panjang (krakad) suluke wayang kalithik (sêndon), yen kalêdon ingtekad.

10. Kênthang rambat (katela) gancaring wong ngringgit (lakon), têtuladha estri kang utama,kang prayoga lêlakone, singa lit munggeng kasur (kucing), kenya putri Kartanêgari(Susilawati), yen tan susileng priya, pan kuciweng sêmu, dêkunging sabda tanaga(taklim), gugur parlu (batal) nora batal ing wêwadi, wong taklim sapadanya.

 

Gatholoco Pamit Lunga Marang Cêpêkan


11. Rêtna Dewi matur awot sari, saking dhawuh piwulang paduka, muhung nuwun pangestune,mugi-mugi jinurung, badan kula bangkit nglampahi, Gatholoco ngandika, dhuh sirawong ayu, ayune ayu têmênan, aywa kaget ingsun lilanana pamit, saiki ingsunlunga.

12. Krana prêlu kangên arsa tilik, anak murid ing pondhok Cêpêkan, besuk bali mrenemaneh, sira keri rahayu, Gatholoco mangkat pribadi, ing marga tan winarna,kacarita sampun, dumugi pondhok Cêpêkan, para murid dupi miyat ingkang prapti,sukeng tyas kanthi kurmat.

 

Gatholoco Jumênêng Gurunadi


PUPUH XI
Kinanti

1. Gatholoco praptanipun, ing Cepekan pondhok santri, langkung sukaning wardaya, aningali para murid, samya sanget kurmatira, dhumateng Sang Gurunadi.

2. Nulya minggah langgar gupuh, sesalaman genti-genti, riwusnya samya salaman, para murid nilakrami, wilujeng rawuh paduka, Gatholoco anauri.

3. Iyasaking pandongamu, ingsun ginanjar basuki, sasuwene ingsun tilar, sira kabehanak murid, apa padha kawarasan, santri murid awot sari.

4. Pangestu brekah pukulun, palimarmaning Hyang Widdhi, sadaya kawilujengan, maksih langgeng kados lami, Gatholoco angandika, Kapriye wulangku nguni.

5. Apasira isih emut, sokur lamun ora lali, aturnya maksih kemutan, Kawula sanget kapengin, nuwun mugi kasambungan, lajengipun kados pundi.

6. Gatholoco alon muwus, Panjalukmu sun turuti, sireku aywa sumelang, uga bakal sun sambungi, lah mara padha rungokna, manira tutur saiki.

 

Mêdarake Banjure Soal-jawabing ‘Ilmu


7. Nugrahaning Buddhi iku, saurana Tri Prakawis, Cipta Ning kang kaping pisan, Panggraita kaping kalih, Sang Panyipta kaping tiga, Kanugrahaning Roh kuwi.

8. Sauranaiku Telu, ana dene ingkang dhingin, Urip Tan Kalawan Nyawa, ingkang kaping kalih kuwi, Ora Angen-Angen liyan, Allah Kewala kaping tri.

9. Tan ana woworanipun, ingkang Wahdatil wujudi, Nugrahan Sakarat pira, saurana Tri prakawis, kang dhingin Adhepanira, Idhep ingkang kaping kalih.

10. Madhep ingkang kaping telu, lamun sira den takoni, Nugrahaning Iman pira, saurana TriPrakawis, Sokur ingkang kaping pisan, Tawakal ingkang ping kalih.

11. Sabar ingkang kaping telu, pira Nugrahaning Tokid, saurana Dwi Prakara, krana Tetep ingkang dhingin, Wadi kaping kalihira, Nugrahan Makrifat Jati.

12. Sira sumaura gupuh, iku namun saprakawis, Ana Ing Kahananira, Anenggih Karsa:Rasaning, Rasa Wisesa Prayoga, Martabate Kramat kuwi.

13. Mangretine ana Telu, Karem Apngal Para Mukmin, Para Wali Karem Sipat, a-Karem Dzat Para Nabi, lire Karem Ing Dzatullah, ya sok ana asihaning.

14. Ingkang Karem Sipat iku, uga ana gumletheking, lire Karem Apngalullah, mila ana obah osik, yen sebit paningalira, ening kabuka sayekti.

15. Ing Sipat Jalal puniku, Jamal Kamal Kahar nenggih, dumadine imanira, sakbul gumletheking ati, dadine oleh sampurna, sampurnaning gesang nenggih.

16. Martabate Nyawa iku, lamun sira den takoni, kathahe namung satunggal, iya iku Roh Ilapi, mung sawiji marganira, tegese Urip puniki.

17. Ora nana Urip telu, ingkang mesthi mung sawiji, lamun sira tinakonan, endi Allah ing saiki, iku nuli saurana, sapa ingkang ngucap kuwi.

18. Aja ta sireku umyung, yen sira dudu Hyang Widdhi, yektine ingkang den ucap, kang ngucap tan liyan Widdhi, nanging kudu kawruhanana, ing Panarima sayekti.

19. Ana ingkang Nrima iku, Kaya Toya lawan Siti, lawan ingkang Kaya Udan, apa dene Kaya Wesi, kalawan Kaya Samudra, ingkang Kaya Lemah Warih.

20. Den Rumesep tegesipun, Ora Pegat Kang Rohani, tegese kang Kaya Udan, Datan PegatTingalneki, ana maneh Kaja Tosan, Sakarsanira Mrentahi.

21. Ginaweya arit wedhung, pethel wadhung kudi urik, Ora Owah Sipatira, Isih bae Wujudneki, ingkang upama Samudra, Pituduh ingkang prayogi.

22. Puniku mesthine antuk, ing ujar sakecap tuwin, ing laku satindak lawan, ameneng sagokan nenggih, lamun wis Kaya Samudra, Ora Owah Tingalneki.

23. Sira andulu dinulu, ora nana tingal kalih, ora nana ucap tiga, dadi sampurna salating, weruh paraning sembahyang, weruh paraning ngabekti.

24. Nyata bener ora kusut, lan weruh paraning osik, weruh paraning neng-ira, weruh paraning miyarsi, weruh paraning pangucap, weruh paran ngadeg linggih.

25. Lan weruh paraning turu, weruh paranira tangi, weruh paraning memangan, weruh paran nginum warih, weruh paran ambebuwang, weruh paran sene nenggih.

26. Weruh parang seneng nepsu, weruh paraning prihatin, weruh paran ngidul ngetan, mangalor mangulon kuwi, weruh paraning mangandhap, weruh paraning manginggil.

27. Weruh paran tengah iku, weruh paranira pinggir, weruh paraning palastra, weruh paranira urip, weruh kabeh kang gumelar, kang gumreget kang kumelip.

28. Tan samar weruh sadarum, anane samita iki, sira kabeh poma-poma, anakingsun para murid, sireku aywa sembrana, weruha rasaning tulis.

29. Dene sira yen wis weruh, kekerana ingkang werit, aywa umyung pagerana, aywa sembarangan kuwi, nganggo duga kira-kira, aywa dumeh bisa angling.

30. Lan maneh aywa kawetu, mring wong ahli sarak nenggih, yen maido temah kopar, karana rerasan iki, ora amicara sarak, amung Sajatining Ilmi.

31. Ingkang renteng ingkang racut, tan ana kaetang malih, caritane soal ika, padha anggitening batin, dadi wijange sadaya, sira ingkang ahli buddhi.

....... TAMAT .......