11. Pocung
1.
Endrasena myang sagunging para wadu | kang ana ing ngarsa | andhêku dènnira
linggih | samya minggu tan ana wani micara ||
2.
Sang pangeran mingsêr ngajêngkên sang wiku | tan ana katingal | pinêndir
Susunan Giri | nir wikara nir baya têtêg ing nala ||
3.
Datan ana tinaha ing galihipun | pangran Surabaya | yèn sinawang (ng)gigirisi |
wingwrining tyas kadya anon singa krura ||
4.
Solah ganggas ulat manis têmbungnya rum | hèh hèh Sunan Arga | piyarsakna wuwus
mami | Sultan Agung iku ratuning rat Jawa ||
5.
Murdaningrat ing jagat pramuditèku | ambêg parikrama | sadu sudibya sinêkti |
putus ing rèh sampeka sura marata ||
6.
Pambêsmining kang samya tan arsa nungkul | babo praptaningwang | ing saèstune
tinuding | kangjêng sultan kang pinudya jayaningrat ||
7.
Gustiningsun jêng Susunan Sultan Agung | hèh Sunan wruhanta | apa karêpmu kang
pasthi | aprakara kang dadi karya manira ||
8.
Lamun sira satuhu nêdya rahayu | têtêping karajan | tulus wibawa nèng Giri |
anêmbaha ing Jêng Sultan Ngèksiganda ||
9.
Lan gawanên garwa putra sawadyamu | miwah ngaturêna | donyanira pèni-pèni | lan
sagunge sosotya rêtna kumala ||
10.
Barêng lawan sebaku marang Mantarum | yèn sira ngèstokna | ing pituduh ingsun
pasthi | tutug têtêp mulat baskara sasangka ||
11.
Yèn tan anut marang ing pituduhingsun | apa kang kok arsa | tanpa sesa praptèng
lalis | nagri Giri sirna dadi karang jingga ||
12.
Gustiningsun Anjayèngbumi satuhu | marta parikrama | ing jagad wiryawan iki |
wicaksana santosa ngagêm agama ||
13.
Ing sakèhe kasukanira puniku | wiryamu nèng dunya | sami lan gêbyaring thathit
| lah emanên aja nganti kadrawasan ||
14.
Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh | rikuh akakadang | wêlasasih ywa kapikir |
kêncênging tyas iku kang dadya panutan ||
15.
Sunan Giri (n)dêngèngèk wacana arum | ya walahualam | Allah ingkang ngudanèni |
amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran ||
16.
Yata wau Jêng Pangeran Surèngkewuh | rikala miyarsa | ngandikanya Sunan Giri |
tandya mêdal pasilan ngarsèng pandhita ||
17.
Sakundure pangeran ing Surèngkewuh | rêmbag dadining prang | samêkta ing
benjing-enjing | Endrasena jumênêng sumadilaga ||
18.
Wus warata dhawuhe sang maha wiku | mring para sakabat | siswa katib kaum modin
| para wadya sa-Giri wus amirantya ||
19.
Enjingipun sang pangeran sampun rawuh | nagri Surabaya | pinanggih garwa myang
dasih | winartanan tamtu mangun yudabrata ||
20.
Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul | wadya Surabaya | nèng alun-alun miranti |
baris kêpang jêng ratu nitih jêmpana ||
21.
Angidêri baris mubêng ngantya kêmput | maringkên ganjaran | mring kang ayun
mangsah jurit | arta miwah busana awarna-warna ||
22.
Wus waradin kang bêndhe munya angungkung | panêngran bidhalan | kang dadya
cucuking jurit | wus lumaku kadya ilining narmada ||
23.
Nulya joli titiyanira jêng ratu | jêng pangran nèng wuntat | nitih kuda datan
têbih | ginarubyuk sakèhing kang wadya kuswa ||
24.
Tan petungan datan kawarna ing ngênu | praptèng Giri pura | kêpung-kêpang pacak
baris | sêsêking tyas lir pendah ayun asmara ||
12. Asmaradana
1.
Sigêg kang wus pacak baris | para wadya Surabaya | angêpung Giri kadhaton |
sanega kapraboning prang | gantya kang kawuwusa | wau ta Giri sang wiku |
sampun ingaturan wikan ||
2.
Lamun Kangjêng Pangran Pêkik | saha garwa ngêpung kitha | anglir samodra balane
| (m)balabar ngêbêki papan | tiyang ing Ngargapura | jalu èstri samya bingung |
kadya gabah ingintêran ||
3.
Jêng Sunan Giri tinangkil | siniwèng kang wadyabala | (m)balabar anèng
ngarsandhèr | samya sanega ing yuda | anganti kang timbalan | wontên putranya
sang wiku | mijil sangking kang ampeyan ||
4.
Sinung ran Dyan Jayèngrêsmi | wotsêkar matur ing rama | dhuh rama
pupundhèningong | paran têmahaning karsa | langkung sandeyaning tyas | arsa
ngayomi prang pupuh | mêngsah sultan Ngèksiganda ||
5.
Atur kawula rama ji | lêpata ing ila-ila | kamipurunipun lare | mudha punggung
tan wrin gatya | yèn kaparêng ing karsa | prayogi sami sumuyut | mring Sultan
Agung Mantaram ||
6.
Sampun ta asalah kardi | kula amiyarsa warta | Ngèksiganda sang akatong |
susilèng tyas ambêg santa | tyas purna angumala | sayêkti kewala luhur |
prabawa wêninging driya ||
7.
Rahayu parikrama di | botên eca yèn minêngsah | mupung ing samangke dèrèng |
kalajêng campuh ing yuda | prayogi tinututan | pangintên amba pukulun | wande
ngayoni ngayuda ||
8.
Dene manawi tinampik | karsane caraka kêdah | ngatingalkên sudirane | pan dede
sangking paduka | ingkang miwiti aprang | yêkti sangking pyambakipun | datan
awrat tinanggulang ||
9.
Ambêkuh Jêng Sunan Giri | tan keguh aturing putra | nulya mundur sang wira nom
| samarga arawat waspa | pinupus ing wardaya | papasthènira Hyang Agung |
takdir datan kêna selak ||
10.
Saundurira kang siwi | ngandika raja pandhita | Endrasena kaya priye | wong
Surabaya wus prapta | ngêpung ing Giri pura | Endrasena aturipun | wadya Giri
wus siyaga ||
11.
Ngantos timbalan rama ji | dhuh sutèngsun Endrasena | apa kang pinikir manèh |
balik nêmbanga têngara | budhalna wadyanira | nglêbur baris Surèngkewuh | sira
mangka senapatya ||
12.
Tur sandika kang sinung ngling | manêmbah mangaras pada | dhuh guru
panutaningong | nyuwun pangèstu putranta | paduka dènpracaya | undure wong
Surèngkewuh | wus ana ing astaningwang ||
13.
Pinêtêg bunbunannèki | sinêbul mawantya-wantya | jaya jaya andikane | mundur
anêmbang têngara | busêkan para wadya | gya budhal ingkang rumuhun | wadyane
sang Endrasena ||
14.
Kalih atus winatawis | samya asikêp sanjata | nyothe sêking (ng)gendhong towok
| panganggene sarwa pêthak | wus samya masuk Islam | sabilollah unènipun | ing
wuri sang Endrasena ||
15.
Sanjatanira pinundhi | pistul kalih sinangkêlang | nganggar sabêt Karaloke |
nèng kiwa têngên curiga | abire anèng wuntat | tinrapan bandera pingul |
tinulis asma Pangeran ||
16.
Pujinira andrêmimil | nyêbut asmaning Pangeran | sabilolah sênggakane | nulya
pra kaum ngulama | katib modin santana | myang wadya Giri sadarum | panganggene
sarwa pêthak ||
17.
Sayuk samya ambêg pati | wus samya ayun-ayunan | wadya Giri Surèngkewoh | natap
têngaraning yuda | bêdhug bêndhe myang trêbang | suraking wadya gumuruh | kadya
bêlahing prawata ||
18.
Rame campuh ing ngajurit | tambuh mungsuh tambuh rowang | wong Giri ampuh
yudane| mawantu-wantu nyanjata | wadya ing Surabaya | ing prang tan pati
pakantuk | satêmah barise rusak ||
19.
Endrasena mobat-mabit | ngiwut kadya Radèn Seta | mlantrah pisah lan wadyane |
singa kang katrajang bubar | lumayu asasaran | kang cêlak-cêlak linampus | tan
ana mangga puliya||
20.
Prajurit ing Surawèsthi | tan bisa namakkên gaman | pating bilulung solahe |
rumangsa kawratan mêngsah | wong Giri pamukira | lir andaka nandhang tatu |
ambêg pêjah sadayanya||
21.
Dumadya kang mêngsah giris | tan ana kawawa nyangga | wadya Giri pangamuke |
prajurit ing Surabaya | kathah ingkang kabranan | tanapi tumêkèng lampus |
wadya Giri sru gambira ||
22.
Kang pêjah mung sawatawis | yata wadya Surabaya | sadaya wus kraos cape |
undurira alon-lonan | ywa nganti kawistara | wadya Giri sru mangêsuk | lir
ngrabasèng sinoming dyah||
13. Sinom
1.
Dènnira aprang sadina | kasoran wong Surawèsthi | mundur tansah tinututan |
apan ta saputing ratri | wong Giri kang nututi |
wus
samya wangsul sadarum | wong Giri giyak-giyak | [...Kirang satunggal gatra...] angklung ngênthir angalètèr samya emprak ||
2.
Endrasena saha wadya | miwah para wadya Giri | wus sowan ngarsanira sang |
pandhitaraja ing Giri | manêmbah tur udani | lamun wadya Surèngkewuh | wus
mundur palarasan | tan ana kang mangga pulih | kathah pêjah gustine datan
karuwan ||
3.
Wau sang rajapandhita | langkung sukanirèng galih | kalimput ing tyas angrêda |
ngraos karilan ing Widdhi | dènnya ayun mêngkoni | ing tanah Jawa sadarum |
sumêngah ujubriya | kibiring tyas uwus kengis | kapandhitan sirna gunging
kamelikan ||
4.
Wasana aris ngandika | sukur alkamdulillahi | hèh ta kulup Endrasena | iki
ngalamate dadi | angèl wong mijêt ranti | rêkasa wong (n)jara timun | kuciwa
tan kacandhak | Jêng Pangeran Surabanggi | kacêkêla miris tyase wong Mantaram
||
5.
Endrasena matur latah | rèh wau kasaput ratri | wadya dalêm sampun sayah | saha
rêbat wêktu Mahrib | ing dintên benjing-enjing | tamtu kabanda dèningsun |
mlajênga mring Mantaram | ulun datan nêdya ajrih | sukur bage ing aprang tan
mindho karya ||
6.
Babarpisan ulun bêkta | dadya datan wira-wiri | Pangran Pêkik kangjêng Sultan |
sumewa ngarsa sang yogi | sang wiku ngandika ris | iya sun dongakkên kulup |
yèn isih jênêngingwang | sira kaki ywa kuwatir | ing samêngko ing Giri sun wèhi
aran ||
7.
Iya nagri Sokaraja | pra wadu matur nêksèni | ratri mêngko kasukana | maulud
dhikiran singir | (m)bungahna wadya alit | ganjarên sapantêsipun | kang padha
mêntas yuda | dimène tambah kuwanin | nanging kulup aywa atinggal waweka ||
8.
Manawa ing benjang-enjang | mungsuhmu kawawa bali | Endrasena saha wadya |
sarêng matur ing sang rêsi | sadaya wus malêncing | miris datan nêdya wangsul |
gustine tan kantênan | rowange kathah ngêmasi | benjang katon sarêng nungkule
jêng sultan ||
9.
Ing ratri samya bujana | wadya Giri suka ngênting | gantya wau kang winarna |
ingkang kaplajêng ing jurit | Jêng Pangran Surèngwèsthi | lawan garwanya jêng
ratu | wus kumpul wadyanira | jêng pangran anglês ing galih | sungkawèngtyas
miyat rusaking kang wadya ||
10.
Ki Sapanjang lajêring prang | umatur marang sang Pêkik | gusti atur pêjah
gêsang | abdi dalêm Surèngwèsthi | satuhu (ng)gigirisi | Endrasena yudanipun |
miwah prajurit Ngarga | naracak kêndêl ing jurit | ambêg pati ngamuk lir
banthèng katawan ||
11.
Abdidalêm Surabaya | sadaya turipun sami | ngraos sampun botên bangkat | tan
anêdya pulih gêtih | ing tyas wus samya wingwrin | kanthi miris sakalangkung |
jêng pangran duk miyarsa | ature punggawanèki | saya anglês ing galih datan
ngandika ||
12.
Mangkana Jêng Ratu Pandhan | miyat garwanya prihatin | sumpêk ing tyas tan
kawêngan| minggu datan kêna angling | jêng ratu matur aris | ngrarêpa mring
garwanipun | dhuh guru lakiningwang | lamun makatên ngajurit | rusaking prang
amba nyuwun lilah tuwan ||
13.
Bilih kenging dinandosan | kula ingkang andandosi | kagyat Pangran Surabaya |
mirêng ature kang rayi | patanyanira aris | dhuh babo pupujaningsun | ratuning
amrakatya | ratuning manis sabumi | kadiparan kang dadya ing karsanira ||
14.
Wadyanira wus kèh pêjah | kang kari wus padha wingwrin | jêng ratu manis turira
| sok ugi kangmas nglilani | manawi ta manawi | sagêt mulihakên purun |
mangkana duk miyarsa | jêng ratu rinangkul aglis | tuhu yayi jajimating
Surabaya ||
15.
Lah apa sakarsanira | ingsun tan sawalèng kapti | ing samêngko muhung darma |
magondhal ing sira yayi | sakarsa-karsa dadi | wus pasrah jiwa ragèngsun | ing
dalu tan winarna | kunêng kawuwusa enjing | Ratu Pandhan pinarak lawan kang
garwa ||
16.
Anèng tarub wawangunan | andhèr wadya Surèngwèsthi | jêng ratu arum
ngandika | hèh sakèhe wadya mami | (ng)gèningsun mangun jurit | ingutus jêng
raka prabu | sinangon busanarta | reyal
wolung èwu luwih | busana kèh endah-endah warna-warna ||
17.
Iku sun ganjarkên sira | pandumên ingkang waradin | pra
wadya ing Surabaya | sadaya wus samya tampi
| arta busana adi | sumaringah
netyanipun | bombong tyasnya sadaya |
jêng ratu ngandika malih | wadyaningsun kabèh kang tampa ganjaran ||
18.
Wus katongton antêpira | tuhu ring gusti kaèsthi | mèlu lalana andon prang |
sêdya sadu ing rèh ririh | saparan datan kèri | papa rêkasa ing laku | tan ana
mawèh marta | lantarane ing kamuktin | dak walêsa satus mene durung mandra ||
19.
Yayah mamriha wiryawan | pamalêsku mung papèki | paran minangka mulyakna | tan
ngupakara mring abdi | gung awèh kawlasasih | asor timên jiwaningsun | bocah
ing Surabaya| kulina wibawa nagri | gung ginawa ina papa kasangsara ||
20.
(m)Barêngkut kadya babêrah | nglabuhi Gusti kaswasih |
kasurang pan kasangsaya | ragèngsun
paran pinanggih | (ng)gagawa
mring tan bêcik | durmala bae ragèngsun
| bagya wirya ing praja | sênêng mulat
anak-rabi | têka (n)dadak dakajak panggawe papa ||
21.
Satêmah amanggih susah | angadoni jayèng jurit | pira papati tan ketang |
sangking drêng kadêrêng ing sih | yun malês maring gusti | tan tiwas sangking
sirèku | ingsun lan kakangêmas | iku dununge kang sisip | pira-bara muwuhi ing
kawiryawan ||
22.
Mungguh ing panyaurira | wus kalakon tur ngêlêbi | ingsun ingkang kapotangan |
kacihna nalika jurit | campuh lan santri brai | akanthi prajurit punjul | Cina
samya mualap | prabawane angungkuli | parabawèku prajurit ing Surabaya ||
23.
Kêna prabawa arêbah | rumaras tipis kang ati | tan luput saka ing sira | manawa
wus karsèng Widdhi | ing mêngko Surèngwèsthi | ginawe beda lan dangu | nguni
ing sa-bangwetan | pangaubaning prajurit | manggalèng prang prajurit ing
Surabaya ||
24.
Tyas ambêg satya-susatya | tan angeman lara pati | wantêr tatag ing ngayuda |
têguh datan pilih tandhing | babanthèng tanah Jawi | mundur aran sukanipun |
iku dhèk jaman kuna | sarèhning waktu saiki | akèh mungkur lalabuhan kuna-kuna
||
14. Pangkur
1.
Lah sagung pra wadyaningwang | dadi luwih bêcik lalakon iki | tur tan sumêlang
yèn lampus | kataman ing gagaman | nadyan kucêm nanging isih mamah-mumuh | nora
keguh ing rarasan | waton (n)dêrbala lêstari ||
2.
Payo lah padha bubaran | ingkang agung apuranira sami | marma mêngko sadayèku |
padha nuli muliya | mring wismamu dene ta ganjaranipun | gawenên sangu nèng
marga | ingokna mring anak-rabi ||
3.
Ingsun mulih mring Mantaram | munjuk marang kakang prabu Mantawis | ngaturkên
pati-uripku | lan kangmas adipatya | tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun |
biniyanton wong mualap | Cina nênêka ngajawi ||
4.
Gagamane mung salumrah | santri mêri tarêbange tinitir | têka wèh uwasing kalbu
| angêdirkên kasuran | têmah ura datan tumama tumangguh | akèh wutahing ludira
| nandhang brana têkèng lalis ||
5.
Kang kari tyase garowah | lir kinêbat kawanènira ênting | kèh-kèhe ingsun kang
luput | anandhang kawirangan | lara-pati ingsun lan kangmas tumangguh | aywa
mèlu-mèlu padha | lah uwis andum basuki||
6.
Kunêng jêng ratu lingira | para mantri umatur sadayèki | pan sarya drês wêtuning
luh | dhuh gusti pundhèningwang | sampun age paduka nêmahi kundur | tontonên
wadya paduka | bêktine wong Surawèsthi ||
7.
Lawan pamriye pra wadya | angantosa yèn mêngko tuhu sêkti | didimèn têlas
pukulun | sagung wong Surabaya | têkèng pêjah wadyanta ing Surèngkewuh | datan
ngrêmpêlu sadaya | yèn ngeman-emana pati ||
8.
Kalakyaning karsa tuwan | yèn kacuwan luwung tumpêsing jurit | urip apa
karyanipun | tan pêcus karya rêna | ing karsane jêng gusti têka tan dhaup | yèn
uripa kêna ngucap | dhasar manungsa tan yukti ||
9.
Ewa kabèh kang tumingal | jêr wong Surawèsthi kang (n)jêjêmbêri | apan nisthane
kalangkung | kawruhe nora nana | mung mangkono bobote aduwe ratu | wali
kalipahing Allah | prandene nora nglabuhi ||
10.
Ya endah apa wong kompra | cêplik tangèh wêruha marang bêcik | sadaya pating
salênggruk | punggawèng Surabaya | ki tumênggung Sapanjang matur dhuh-adhuh |
anjanmaa kaping sapta | kawulakna sadayèki ||
11.
Pêjah gêsang aywa pisah | ing jêng pangran kang mêngku Surawèsthi | wadya
tumpêsa karuhun | sampun age paduka | kundur ngunjukakên yuswanta pukulun | pra
wadya ing Surapringga | yèn tiwas ngayahan jurit ||
12.
Aywa na kantun satunggal | tinumpêsa mring Sunan Giri aglis | yèn paduka prapta
kantun| dhatêng ing kalanggêngan | nyuwun wartos kewala solah pukulun | Sunan
Giri kang (m)balela | pinanggiya jroning pati ||
13.
Taksiya satru kawula | saturune (n)janmaa dhatêng pundi | têtêpa dumados satru
| yèn dèrèng kalampahan | pulih awon dhatêng paduka gustiku | Jêng Ratu Pandhan
myang garwa | suka ing tyas duk miyarsi ||
14.
Ature para punggawa | samya madêg kasuranirèng galih | prasêtyanira trus kalbu
| datan lamis ing ujar | sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh | mangrurah
kraton Prawata | rampung ing sadina mangkin ||
15.
Sunanne dadya tawanan | amboyongi dunyarta garwa siwi | Ratu Pandhan ngandika
rum | yèn sira magut ing prang | ingsun arsa uning tingkahing apupuh | yèn
têtêp asoring yuda | padha barêng angêmasi ||
16.
Para wadya matur nêmbah | dèn pitados risaking kraton Giri | prayogi jêng gusti
kantun | wontên ing pasanggrahan | nyakecakkên sarira dalêm pukulun | jêng ratu
aris ngandika | palimarmanta mring mami||
17.
Abangêt tarimaningwang | sun tatêdha winalêsa ing Widdhi | nanging kêncênge
tyasingsun | tan kêna sinayutan | para wadya sadaya samya andhêku | jêng ratu
malih ngandika | mêngko yèn wis praptèng Giri ||
18.
Mungguh gêlaring ngayuda | bocahingsun sikêp ing Surawèsthi | nganggoa gagaman
pupuh | ana ing ngarsaningwang | kang minangka titindhih kangmas lan ingsun |
kabèh padha singitana | lamun wus têmpuh ing jurit ||
19.
Ingsun aparing têngara | yèn pistulku wus muni kaping katri | sêdhêng kuwuring
ngapupuh | aglis sira trajanga | poma padha èstokna pituturingsun | pra wadya
matur sandika | mundur anata kang baris||
20.
Pra wadya asuka-suka | giyak-giyak marlêsunira ênir | pulih kapurunanipun |
sarêng surak gumêrah | nora nana kang alit ing manahipun | sadaya samyambêg
pêjah | gambira wong Surawèsthi ||
21.
Sampun anêmbang têngara | bidhalira wadya ing Surawèsthi | kuli minangka
panganjur | binusanan mawarna | abang kuning irêng putih ijo wungu | mandhi
watang nganggar criga | tinon lir panjrahing sari||
22.
Jêng Ratu Pandhan nèng wuntat | nitih joli jêng pangran datan têbih | wahana
turangganipun | ingurung-urung wadya | magêrsari prajurit wuri sumambung |
solahe lir singa krura | tan nêdya mundur ing jurit ||
15. Durma
1.
Lampahira ing ngênu datan winarna | wadya ing Surawèsthi | wus ngancik jajahan
| ing Giri kagègèran | prajurit kang anèng wuri | lampahnya nyimpang | singitan
tan katawis ||
2.
Kawarnaa Jêng Susunan ing Prawata | lagya eca tinangkil | lan sang Endrasena |
ingadhêp para wadya | tan liyan ingkang ginupit | jayaning aprang | jêng sunan
ngandika ris ||
3.
Endrasena kadiparan mungsuhira | apa tan nêdya bali | matur Endrasena | pukulun
kintên amba | kalajêng dènnya malêncing | botên kuwagang | nadhahi yuda mami ||
4.
Lamun purun wangsul nêtêpi bêbasan | lir sulung lêbu gêni | nadyan kangjêng
sultan | Mantaram yèn miyarsa | tandang ulun ing ngajurit | kasêktèn amba | sayêkti
lajêng miris ||
5.
Dèrèng dangu dènnira imbal wacana | kasaru gègèr jawi | alok mungsuh prapta |
anganggo mancawarna | tindhihipun nitih joli | munggèng ing wuntat | gugup
Susunan Giri ||
6.
Kulup payo padha nêmbanga têngara | mungsuh (n)dadak nêkani | kaki dèn prayitna
| sun dongakkên raharja | Endrasena mundur aglis | nêmbang têngara | busêkan
wadya Giri ||
7.
Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang | sangking kitha wus mijil | sangking
rananggana | sampun ayun-ayunan | têngara paguting jurit | bêdhug tinatab |
surak manêngkêr langit ||
8.
Sarêng tandang wadya Giri Surapringga | caruk asilih ungkih | tambuh mungsuh
rowang | sanjata barondongan | wadya Giri ngidak wani | pangamukira | lir
banthèng nandhang kanin ||
9.
Wadya Surapringga kadya singa krura | manggalak (ng)gêgirisi | samyambêg
palastra | kang pêjah ingidakan | riwut rukêt ing ngajurit | tan ana nêdya |
ngucira ing ngajurit ||
10.
Pan karasa paparinge gustinira | sêdya amalês bêcik | ngêtohakên pêjah | wus
rukêt ing ngayuda | larih-linarih ing kêris | tumbak-tinumbak |
pênthung-pinênthung gênti ||
11.
Ana ingkang prang tangan datanpa gaman | dadya bithi-binithi | japa-jinapanan |
sêbul-sinêbul gantya | umêt-umêt umik-umik | ngapalkên japa | pating karêsês
sami ||
12.
Endrasena pangamuke saya nêngah | pêdhange mobat-mabit | singa kang katrajang |
ngisis datan kawawa | nanggulang pangamuknèki | kathah kabranan | papati tanpa
wilis ||
13.
Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira | Jêng Ratu Pangran Pêkik | anudingi
wadya | hèh bocah Surabaya | sira ayun marang ngêndi | aturing wadya | ngaso
ing sawatawis ||
14.
Wusnya ngaso sakêdhap nulya tumandang | mring pabaratan
malih | risang Endrasena | sawadya sru gambira | satuhu ngebat-ebati |
pangamukira | jêng ratu wlas ningali||
15.
Matur maring kang garwa Kangjêng Pangeran | dhuh kangmas adipati | senapati
Cina | wus wuru ing ngayuda | sêdhênge tiniban mimis | manthuk jêng pangran |
jêng ratu ngasta aglis ||
16.
Pistulira winawas mimis lumêpas | mring Endrasena kanin | tanganira kanan |
jumbul pêdhange gigal | ngamuk dhuwung tangan kering | pinistul sigra |
kabranan tangan kalih ||
17.
Maksih panggah ngamuk (m)bijig (n)jêjêg (n)dhupak | angêmah-ngêmah kuping |
Ratu Pandhan sigra | pistulira winawas | suku Endrasena kêni | sakala rêbah |
prajurit Surawèsthi ||
18.
Samya mirêng ungêle pistul ping tiga | sigra angêbyuk jurit | saking kering
kanan | gugup ingkang tinrajang | wong Giri tan ana uning | yèn mêngsah wêwah |
prajurit Surawèsthi ||
19.
Kiranira kantun kang katon kewala | jroning tyas agung kibir | dadya tan wêweka
| bujuke wong Mantaram | wadya Cina anadhahi | karoban mêngsah | linambung
nganan ngering ||
20.
Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda | mangkana wadya Giri | myang prajurit
Cina | tyase wus samya growah | kêmba tandange ngajurit | wong Surabaya |
sadaya ambêg pati ||
21.
Amangrurah mungsuhe pating salayah | anglir babatan pacing | risang Endrasena |
kinrocok tinumbakan | ajur luluh awor siti | wadya tumpêsan | sakantune kang
lalis ||
22.
Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gêgaman | samya angungsi urip | (ng)galundhung
ing jurang | singidan malbèng guwa | ana ingkang (ng)gêbyur tasik | minggah ing
arga | sinurak saya giris ||
23.
Wadya Giri siji tan ana katingal | rêsik lir dèn saponi | wadya Surabaya |
surak ambal-ambalan | pratandha ungguling jurit | Giri kinêpang | têpung
kinubêng baris ||
24.
Kawarnaa nalika ramening yuda | putranya Sunan Giri | kang saking ampeyan |
titiga èstri juga | tunggil sayayah sabibi | sru angrêsing tyas | lir mas
timbul ing warih ||
16. Maskumambang
1.
Ingkang sêpuh kakasih Dyan Jayèngrêsmi | ramening ngayuda | ngupadosi rayi
kalih | Jayèngsari Rancangkaptya ||
2.
Karsanira ri kalih binêkta ngungsi | nanging jro kadhatyan | ingubrês wus tan
kapanggih | rahadyan sangêt sungkawa ||
3.
Lolos saking Giri madosi kang rayi | tambuh kang sinêdya | tan ana kang
ngudanèni | lêpas lampahe rahadyan ||
4.
Kawarnaa wau Radèn Jayèngsari | tan pisah kalawan | rinta Nikèn Rancangkapti |
ngupadosi ingkang raka ||
5.
Tan kapanggya santri Buras atur uning | dhuh lae bêndara | ing Giri apês ing
jurit | tan wande dadya tatawan ||
6.
Pan binoyong maring nagari Mantawis | rakanta Rahadyan | Jayèngrêsmi sampun
anis | nir dasih kang atut wuntat ||
7.
Duk miyarsa ature ki Buras santri | Radèn Jayèngsêkar | ngandika waspa drês
mijil | yayi paran karsanira ||
8.
Nikèn Rancangkapti matur èsmu tangis | kakang nora bêtah | yèn pisah lawan
sirèki | saparan aku tut wuntat ||
9.
Saya ribêt tyasira Dyan Jayèngsari | yayi karsaningwang | anglut kangmas
Jayèngrêsmi | mati urip aywa pisah ||
10.
Buras matur kalilana ingkang abdi | tumutur saparan | sumangga nuntên lumaris |
sêlak têbah rakapara ||
11.
Payo yayi nuli pangkat ing saiki | kang rayi turira | kakang aku dandan dhisik
| karo nglumpukke dolanan ||
12.
Mêngko Buras gawanên dolanan mami | bèsèk têmantènan | ambèn cilik rana cilik |
bagor isi dhuwit wingka ||
13.
Cowèk wajan anglo kêrên kêndhil kwali | irus rok-erokan | solèt wilah susuk
cilik | bagor cilik isi bêras||
14.
Tenong cilik isi bumbu aja cicir | lan cuwilan bata | kêmbang jambu ampas
krambil | kunir ênjêt angus wajan ||
15.
Buras matur lèhe (m)bêkta kadi pundi | iya kanthongana | mèh bae dhakone lali |
kêcik klungsu anèng kêba ||
16.
Mantènaku bêcik dak gendhong pribadi | aja sira gawa | mêngko mundhak kok
colongi | kateku gawanên pisan ||
17.
Ko nèk kêsêl aku (n)juk gendhong sirèki | Buras tobat-tobat | dhuh bêndara napa
malih | kari pêturon bênètan ||
18.
Payo Buras ewangana anjupuki | Radèn Jayèngsêkar | myarsa surak (ng)gêgêtêri |
kang rayi nulya cinandhak ||
19.
Gya ginendhong santri Buras anèng wuri | kakang udhunêna | pasaranku isih kèri
| nèk dak tinggal mundhak ilang ||
20.
Buras matur sêdaya tan ana kèri | wus pinikul bêrah | êndi mantènaku kêcik |
karo cukiku nèk ilang ||
21.
Sampun lêpas lampahe Dyan Jayèngsari | umanjing mring wana | tumurun ing jurang
trêbis | gantya ingkang winursita ||
22.
Kangjêng ratu lawan garwa sang dipati | minggah marang Arga | jinajaran pra
prajurit | ingurung-urung sêntana ||
23.
Kawarnaa garwanya sang maha rêsi | miyos saking pura | lumajêng atawan tangis |
miyat baris kang nèng ngarsa ||
24.
Praptèng ngarsa mêndhak-mêndhak mangênjali | anungkêmi pada | matur mlasasih
wor tangis | lae gusti pundhèn amba ||
25.
Karsa rawuh anèng padhêkahan Giri | sèwu kanugrahan | pindha kêdhawahan sari |
wijile nata minulya ||
17. Mijil
1.
Datan (n)dimpe musthikaning bumi | rawuh sakarongron | apuranên punika dasihe |
abdi dalêm pandhita ing Giri | ywa tumêkèng lalis | sru panuwun ulun ||
2.
Sèstunipun putranta ing Giri | katarik wiraos | kêni bujuk rum manis têmbunge |
anglimputi utamaning rêsi | têmah (m)bêbayani | tiwas ing tumuwuh ||
3.
Endrasena eblis angêjawi | rêraton nèng dhepok | têka badhe ngêmbari dhèwèke |
ing sang ulun kang mêngku rat Jawi | satêmah ngêmasi | (ng)gêgawa sang wiku ||
4.
Putra tuwan saèstune sêpi | balela ing katong | lah punapa kang dèn andêlake |
dhuh jêng gusti saèstu tur mami | dèn pracayèng galih | Gusti atur ulun ||
5.
Pangran Surawèsthi ngandika ris | aywa walangatos | lamun mêngko wus eling
atine | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | atur pati-urip | mring Jêng Sultan
Agung ||
6.
Yèn miturut nora sun patèni | lamun mêksa wangkot | kari aran sak bojo anake |
tumpês tapis ing Giri sun radin | papak lawan siti | aja na mandhukul ||
7.
Nora nyana nora ngira mami | yèn dadi prang popor | sadurunge kalakon mangkene
| akèh-akèh manira nuturi | têka tan ginati | minggu datan muwus ||
8.
Aturana lakimu dèn aglis | yèn sandeyèng batos | isih kêncêng kang dadi karêpe
| isin mundur nglabuhi si eblis | nora ngeman pati | suka tumpês lêbur ||
9.
Baya namung sagêbyaring thathit | ing Giri wus luloh | mênèk uwus rumangsa
lupute | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | nuli konên mijil | aja nganggo
dhuwung ||
10.
Nêmbah mundur sang dyah pramèswari | jêng ratu angantos | anèng jawi kalawan
garwane | yata wau pramèswari Giri | nungkêmi padaning | risang raja wiku ||
11.
Aturira dahat mamalatsih | dhuh jawataningong | rama tuwan kalawan garwane |
Gusti Kangjêng Ratu Pandhansari | rawuh wus nèng jawi | (m)bêkta prajurit gung
||
12.
Dhawuhipun dhumatêng pun patik | gusti
wantos-wantos | ywa kadaut paduka
kasupèn |bilih karsa nungkul mring Mantawis | tanggêl Pangran Pêkik | ing rahayunipun ||
13.
Slira tuwan sagarwa putrabdi | tulus angadhaton | anèng Giri saturun-turune |
bilih datan makatên wus pasthi | risak prajèng Giri | tumpêsan sadarum ||
14.
Jêng paduka tinimbalan mijil | dangu wus ingantos | yèn taledhor bok dados
dukane | pan dinalih ngrungkêbi si eblis | mangga sowan gusti | sampun ngagêm
dhuwung ||
15.
Sunan Giri wèntèh angèngêti | tyasira sumêdhot | gugup tanggap ngrasuk busanane
| datan ngagêm curiga wus mijil | atatêkên êcis | mangsah mundhuk-mundhuk ||
16.
Dupi prapta ngarsanya sang Pêkik | sasalaman gupoh | wusing salam angraup
padane | marikêlu mêpês anèng ngarsi | lir konjêm mring siti | ajrihe
kalangkung ||
17.
Angandika Jêng Pangeran Pêkik | pungkasaning lakon | kadiparan karêpmu ing
mangke | kêkêtogan aywa mindho kardi | êndi kok antêpi | mati apa nungkul ||
18.
Lamun nungkul dak gawa saiki | marang nagriningong | sabojomu myang anakmu kabèh|
rajabrana saisining Giri | sawadyanirèki | aja na kang kantun ||
19.
Sabanjure angidêpa maring | jêng sultan kinaot | ingsun ingkang bakal nyebakake
| sang pandhita aturira aris | tan lênggana gusti | andhèrèk sakayun ||
20.
Sampun ingkang dhumatêng ing sakit | nadyan praptèng layon | tan gumingsir
sumarah abdine | muhung nyadhong parênging narpati | amba angèngêti | wawêca
ing dangu ||
21.
Karsaning Hyang buwana binalik | luhur dadya asor | nanging datan ngicalkên
lajêre | kadi paran (ng)gèn amba sumingkir | pangran duk miyarsi | angrês
galihipun ||
22.
Ngandika lon hya sumêlang kapti | ingsun kang tumanggoh | dèn pracaya marang
Sang Murbèng rèh | lah ta mara pradandana aglis | lèngsèr Sunan Giri |
pradandosan sampun ||
23.
Wus samêkta tan ana kang cicir | jêng pangeran bodhol | ingkang rayi wahana
joline | Sunan Giri tinandhu nèng ngarsi | lan garwa myang siwi | jinagan wadya
gung ||
24.
Wadya Surawèsthi abibisik | marang sang wiranom | prayogine Sunan Giri mangke |
yèn sambada ing karsa jêng gusti | rèh karya papati | anggambuh prang pupuh ||
18. Gambuh
1.
Kalakyan aprang pupuh | dados damêl kapitunan agung | aminihi kasangsarane
tyang alit | (ng)gorêkkên praja sawêgung | abdidalêm kathah layon ||
2.
Têtela sampun kosus | sinangsaya tumêkèng ing lampus | tinumpêsa sampun botên
milalati| imane sampun têkiyur | ical sumungkêm ing Manon ||
3.
Mumpuni kajêngipun | jawi lêbêt sêdyanya rinangkut | tan rumaos kungkulan
dhampar narpati | wikuning antigan èstu | pêthaknya jawi kemawon ||
4.
Ing mangkya mupung ngumpul | wontên
ngajêng kadrèl sangking pungkur | Pangran Pêkik gumujêng ngandika aris | bênêr kabèh ing aturmu | wus kosus tinumpês mangko ||
5.
Ananging saka dhawuh | dalêm Gusti Kangjêng Sultan Agung | ingsun nora winênang
lamun matèni | pan dudu bubuhaningsun | luwih karsane sang katong ||
6.
Wirayate pra luhung | yèn samêngko durung waktunipun | besuk ana kang ngrêmêg
kadhaton Giri | darahe Jêng Sultan Agung | campur lawan darahingong ||
7.
Sadaya para wadu | samya (n)dhêku langkung cuwèng kalbu | marêming tyas têmbe
kalakon sêdyèki | yata lajêng lampahipun | wus prapta ing Surèngkewoh ||
8.
Pinêrnah pondhokipun | Sunan Giri sawadya kinumpul | myang jinagan ing prajurit
Surèngwèsthi | kangjêng ratu karsanipun | benjang enjang dènnya bodhol ||
9.
Cinacahakên sampun | baboyongan jarahan brana gung | Sunan Giri matur mring
Jêng Pangran Pêkik | kauningana pukulun | kirang tiga anak ingong ||
10.
Jayèngrêsmi kang sêpuh | miwah Jayèngsari arinipun | wuragile wasta Nikèn
Rancangkapti | ramening prang sami mirut | lolos sangking ing kadhaton ||
11.
Tan wontên sanjang ulun | duka dalêm mênggah purugipun | tunggil biyang tiga
pisan sangking wingking | jêng pangran nulya dhadhawuh | marang wadya
Surèngkewoh ||
12.
Hèh bocah dèn agupuh | upayanên atmaja sang wiku | Jayèngrêsmi Jayèngsari
Rancangkapti | kalamun uwus kapangguh | rihrihên dèn nganti klakon ||
13.
Sebakna mring Mantarum | yèn ambandakalani tan purun | aywa wangwang (ng)gonira
anyantosani | yèn abota sangganipun | matura ing jênêngingong ||
14.
Ki Sapanjang wus ngutus | wadya Surèngkewuh ingkang ngruruh | pan sinêbar ing
paran datan anunggil | sigêgên dènnya angruruh | enjinge dènnya yun bodhol ||
15.
Sowan maring Mantarum | wus samêkta punggawa nung-anung | myang boyongan
jarahan sampun miranti | tinêngêran bêndhe ngungkung | gumuruh kanang kêndhang
gong ||
16.
Enjang budhal gumuruh | giyak-giyak tandha jayèng pupuh | kangjêng ratu nèng
ngarsa anitih joli | jêng pangeran tansèng pungkur | nitih turangga binarong ||
17.
Ingayap wadyanipun | jinajaran myang dèn urung-urung | kang sumambung ing wuri
jêng Sunan Giri | sagarwa putra tinandhu | brana jarahan tan adoh ||
18.
Jinagan pra mantri nung | jinajaran myang dèn urung-urung | ginarubyuk prajurit
ing Surabanggi | samya prayitna ing kewuh | samarga-marga tinonton ||
19.
Ing ngênu tan winuwus | wus angancik nagari Mantarum | orêg ingkang samya ayun
aningali | kondurira kangjêng ratu | ungguling prang ambaboyong ||
20.
Sunan Giri pinikut | sagarwa putra santananipun | jajarahan gusis rajabrana
Giri | wong nonton jêjêl supênuh | samya ngucap ting calêmong ||
21.
Sing êndi warnanipun | Sunan Giri kang mbalèlèng ratu | rowangira nauri
atuding-tuding| kae lo lo anèng tandhu | kang wus pikun kêmpong perot ||
22.
Lo dene uwus thuyuk | apa ingkang dèn andêlkên iku | ah wong wiku manawa
dongane mandi | lan duwe saraya jadhug | Cina mualap sabagor ||
23.
Ing mêngko wus kinrucuk | ing jêng ratu kagêm sambêl windu | pinakakkên maring
sakèhe wong Giri | satêmahe padha mupus | rajane kêna binoyong ||
24.
Wau ta lampahipun | kangjêng ratu prapta ngalun-alun | Pangran Pêkik sawadya
myang Sunan Giri | kèndêl nèng taratag agung | jêng ratu (n)dhandhang kadhaton
||
19. Dhandhanggula
1.
Kawarnaa jêng sultan Mantawis | apan sampun ingaturan wikan | Jêng Ratu Pandhan
rawuhe | saha ungguling pupuh | Sunan Giri sampun jinodhi | binêkta mring
Mantaram | mangkana sang prabu | miyos madyaning pandhapa | ginarêbêg sagunging
pawongan cèthi | sampêt pacarèng nata ||
2.
Tan pantara kang rayi kaèksi | kangjêng sultan gupuh dènnya mapak | tundhuk
pinêngkul janggane | kinanthi lampahipun | wusing lênggah cakêt sang aji | arum
wijiling sabda | adhuh ariningsun | lakumu myang garwanira | ingsun utus
ngêndhakkên pandhita Giri | apa padha raharja ||
3.
Lakinira mêngko ana ngêndi | kangjêng ratu matur saha nêmbah | kakang prabu
pangèstune | mundhi dhawuh pukulun | amba miwah kangmas dipati | myang wadya
Surabaya | sadaya rahayu | ingutus wus antuk karya | Sunan Giri ing aprang
sampun kapilis | ing mangkya kula bêkta ||
4.
Laki ulun ngêntosi nèng jawi | cumadhong ing dhawuh sri narendra | jêng sultan
utusan age | nimbali ipe prabu | Pangran Pêkik sampun akerit | prapta ing
palataran | (n)dhadhab mundhuk-mundhuk | lênggah konjêm ing pratala | gya
ingawe jêng pangran majêng wotsari | mangraup pada nata ||
5.
Padha bêcik satêkamu yayi | dene lagi sawatara dina | apa baya antuk gawe |
jêng pangran nêmbah matur | dhuh gustiku kalipah Widdhi | musthikaning bawana |
kinasih Hyang Agung| pangèstu dalêm narendra | kawula myang abdi dalêm
Surawèsthi | sadaya karaharjan ||
6.
Nuwun sampun kawula tinuding | (n)dhawuhakên timbalan narendra | dhatêng Sunan
Giri Prapèn | supadi ywa kadaut | kajêngipun ingkang nalisip | tan ayun
sumuyuta | ing pada pukulun | sakawit patik piyambak | tanpa kanthi pinanggih
Susunan Giri | pinuju pakêmpalan||
7.
Para kaum andhèr ngarsèng rêsi | lawan wontên tyang Cina mualap | kalih atus
prajurite | sampun Islam sadarum | lurahipun pinêndhêt siwi | ingaran Endrasena
| saèstu pinunjul | punika ingkang amawa | kadauting tyasira sang maha rêsi |
sinantosan tyang Cina ||
8.
Ulun paripih sangkaning aris | mèh sadalu mêksa botên mêmbat | gèbès tan wontên
ature | pêgêling tyas kalangkung | ulun mantuk datanpa pamit | enjinge mapak
yuda | mèh sadintên muput | wadya dalêm Surabaya | pan kasêsêr giris
pangamukirèki | Endrasena prawira ||
9.
Ing sasagêd amba ambolèhi | mêksa mopo miris ananggulang | wadya Giri pangamuke
| tyas amba ngrês kalangkung | sumpêg pêpêt kewran ing pikir | rayi dalêm duk
priksa | bilih amba minggu | tan wontên wênganing manah | ngandika rum dhatêng
amba ngasih-asih | mundhut lilah ngrarêpa ||
10.
Karsa mulihakên tyasing abdi | sarêng rayi dalêm angandika | inggaring tyas
amba mangke | nyumanggakkên sakayun | mung sadarmi (n)dhèrèk kang abdi | anulya
mundhut reyal | cacah wolungatus | busana maneka warna | pinaringkên dhatêng
ing punggawa mantri| pipikul Surabaya ||
11.
Samya enggar manahipun sami | prêmbik-prêmbik thukul kasuranya | jêng sultan
asru gujênge | bacutna ariningsun | nuwun rayi dalêm jêng gusti | kathah kang
pangandika | nyênyês manis arum | kados mêjang ngèlmi nyata | agêndhagan abdi
dalêm botên apil | panjang angandhar-andhar ||
12.
Abdi dalêm tyang sa-Surawèsthi | sarêng mirêng ingkang pangandika | samya madêg
kasurane | matur asênggruk-sênggruk | aprasêtya mawanti-wanti | sadaya ambêg
pêjah | nadyan lêbur luluh | tan gumingsir ing ngayahan | saya suka sang aji
ngandika aris | mara yayi banjurna ||
13.
Enjing lajêng têngara tinitir | rayidalêm madêg senapatya | nèng joli mangku
pistule | kawula anèng pungkur | numpak kapal datan cumuwit | gêlaripun ngayuda
| garudha maniyup | kuli binusanan abra | dadya cucuk rayi dalêm dadya têlih |
prajurit Surapringga ||
14.
Kang minangka gêlar nganan-ngering | alimunan datan katingalan | amung cucuk
mèdhèng-mèdhèng | surak mawantu-wantu | wadya Giri lajêng miyosi | nir baya nir
wikara | gupuh amanêmpuh | senapati Endrasena | sawadyanya tyang Cina wira ing
jurit | rame campuhing yuda ||
15.
Pan kapilis wadya Surawèsthi | ngungsi (ng)gyaning risang senapatya | rayidalêm
timbalane | lho kathik padha mlayu | aturipun botên lumaris | angêncêngi
dandosan | Endrasena anglut | tandangnya lir Radyan Seta | rayidalêm mistul
tangan têngên kêni | pêdhangipun wus gigal ||
16.
Maksih ngamuk dhuwung tangan kering | gya pinistul tanganipun kiwa | kabranan
tangan kalihe | kantun suku myang gundhul | (n)jêjêg (m)bijig lir mênda baring
| gêr ginuyu wong kathah | ping tri ing pamistul | sukunipun kang kataman |
lajêng dhawah sarêng kêbêting suwiwi | wadya ing
Surabaya ||
17.
Angêbyuki sangking kanan kering | waringutên wadya Surabaya | kadugèn ing
punagine | angidak ambêg purun | datan odhil wadya ing Giri | pêpêjah tan
petungan | lèsèh sungsun timbun | kantun kêdhik ingkang gêsang | mawut-mawut
samya ngungsi jurang trêbis | wênèh minggah prawata ||
18.
Endrasena luluh awor siti | wadya Cina tumpêsan sadaya | rayidalêm minggah age
| dhumatêng ing kadhatun | praptèng jawi garwa sang yogi | umarêg ngraup pada |
asru tangisipun | nyuwunakên pangaksama | gêsangipun lakinya pandhita Giri |
sampun pasrah bongkokan ||
19.
Tan suwala sakarsa sang aji | rajabrana
saisining pura | sadaya dènaturake |
myang anak rabinipun | amung anak kang
sangking sêlir | titiga èstri juga | Jèngrêsmi kang sêpuh | ambêg mawiku
sudibya | nuli Jayèngsari taruna apêkik | Rancangkapti wanudya ||
20.
Tiga pisan ramening ngajurit | samya lolos amba wus kèngkènan | ngupadosi
katigane | ing samangke pukulun | Sunan Giri saha nak-rabi | myang sagung
jajarahan | wus nèng alun-alun | kawula nuwun sumangga | kangjêng sultan suka
amarwatasiwi | aris wijiling sabda ||
21.
Iya bangêt ing panrima mami | wiku Giri patut ingapura | ing samêngko
pangwasane | ing Giri sadayèku | sun paringkên maring sirèki | sagunge
jajarahan | dadia darbèkmu | jêng pangran matur manêmbah | sakalangkung
kapundhi sih paduka ji | kang dhumatêng patikbra||
22.
Kangjêng sunan angandika malih | seje waktu ingsun yun apanggya | lan wiku Giri
Parapèn | ing mêngko jakkên mantuk | kang miruda si Jayèngrêsmi | karêpe ayun
nandha | marang jênêngingsun | amung salamêt tekadnya | têmbe asung
patilasaning nagari | mumpuni ing kasidan ||
23.
Jêng pangeran (n)dhêku atur pamit | saha garwa mring Kasurabayan | wus linilan
nulya lèngsèr | sang prabu angadhatun | kangjêng ratu kundur kinanthi | wus
praptèng Surabayan | tan pisah sang wiku | sagarwa-putra pinarnah | pondhokira
ngalêmpak dadya sawiji | pan datan kawoworan ||
24.
Paringdalêm sunggata lumintir | pinisalin sakèhe boyongan | samya sukarêna
tyase | lir jagong amamantu | dadya bawan datan pinikir | ngluhurkên asma
sultan | satuhu pinunjul | jêng ratu ambage brana | jajarahan dhumatêng wadya
gung alit | kasmaran tampi kucah ||
20. Asmaradana
1.
Nêngêna nagri Mantawis | tamat ing Giri bêdhahnya | gantya ingkang winiraos |
Dyan Jayèngrêsmi winarna | praptèng madyaning wana | santrinya kakalih nusul |
Gathak Gathuk namanira ||
2.
Cirêbon wutahrahnèki | nêmbah matur rawat waspa | tan sagêd pisah dasihe | ulun
tumuntur saparan | rahadyan lon ngandika | ingsun mangayu-bagyèstu | (ng)gonira
mantêp sih trêsna ||
3.
Nahan lampahira prapti | patilasaning kadhatyan | Majapait duk kinane | anon
rêngganing gapura | banon abrit kinarya | rapêt ing pamasangipun | atose wus
kadya sela ||
4.
Pamasang datanpa gamping | tigas ginosok kewala | lawan banon sami banon |
sangking mathising pamasang | suluhan tan katingal | lir sarimbag banon wutuh |
ingukir pinatra sêkar||
5.
Ing sanginggilira kori | sinungsun tinumpang-tumpang | mancut rêmit pangukire |
ing sapucaking gapura | kathukulan mandira | rompyoh-rompyoh angrambuyung |
kiwa têngêning gapura ||
6.
Binanon nglajur ngubêngi | capurinira kadhatyan | radyan myang kalih santrine |
kêmput dènnira umiyat | nulya manjing jro pura | (n)jujug ing balumbang agung |
toya wêning gilar-gilar ||
7.
Binotrawi sela abrit | kêmput têpining balumbang | tinêpi sasêkarane | andong
anggrèk argulobang | noja lan sêkar nala | nagasari cêpaka rum | clakêt myang
sêkar rêjasa ||
8.
Rukêm ragaina tuwin | klurak kalak kanigara | kamuning kananga kaot | dlima
wantah dilêm ngambar | taluki sruni wungyan | wratsari landêp sumusup |
pacarcina pudhak ngambar||
9.
Kathah winarna ing tulis | kumênyut tyasira radyan | èngêt mring ari sang sinom
| Rancangkapti kadangingwang | nguni karêmênanta | wanci bangun ngundhuh santun
| kakaring ing patamanan ||
10.
Marang ngêndi sira yayi | rahadyan sabil ing nala | tyas pinupus nulya ngalèr |
umiyat kanang kuburan | rahadyan uluk salam | karêngèng wangsulanipun | ya
radèn ngalekumsalam||
11.
Jèngrêsmi lan abdi kalih | guyup samya raratiban | bakdanya ratib gya lèngsèr |
tan patya têbih gya miyat | rêca amuka sona | Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul |
bilih ingong sêngguh janma ||
12.
Tibane watu si anjing | radyan (n)jajah jroning pura | sunya tan ana tabête |
gya wangsul maring balumbang | angambil toya kadas | Gathak adan kamat Gathuk |
samya prêlu waktu Ngasar ||
13.
Wus bakda anulya mijil | rarywan ngajênging gapura | nulya ana janma rawoh |
nyakêti lênggahnya radyan | alon ing aturira | anggèr ingkang nêmbe rawuh |
sami katuran raharja ||
14.
Sintên sinambating wangi | paran kang sinêdyèng karsa | radyan angandika alon |
paman asung kang pambagya | sangêt panrimaningwang | tanpa wisma raganingsun |
moyang ngupadosi kadang ||
15.
Nama karan Bagus Santri | paman ulun atêtanya | andika sintên kasihe | nun kula
nama Ki Purwa | ingkang kajibah têngga | patilasan kadhaton gung | Majapait
ranning praja ||
16.
Yèn kaparêng bagus kampir | dhumatêng sudhunge paman | radyan manis andikane |
bangêt ing panrimaningwang | anèng ngriki kewala | ngiras nêtêpi katèngsun |
ngalap barkahing minulya ||
17.
Nuninggih langkung prayogi | dhasar panêpèn punika | lamun malêm (ng)Garakasèh
| kathah para manca prapta | mawarna kang sinêdya | angujung astananipun |
jênêngdalêm Putri Cêmpa ||
18.
Punapi sampun ningali | dhatêng lêbêting kadhatyan | paman wus salêsih ingong |
kakaring anèng jro pura | umiyat pakuburan | rêca miwah blumbang agung | paran
gotèkipun kuna ||
19.
Ki Purwa turira aris | punika ingkang gapura | Waringin-lawang wastane |
balumbang kang kalangênan | Sang Prabu Brawijaya | putri Cêmpa kang kinubur |
wus manjing agama Islam ||
20.
Rêca pinindha narpati | Balambangan Minakjingga | dadya tirakatan gêdhe |
punika gotèking kuna | dene sanggar pamujan | winastanan Candhi Brau | tan
têbih sangking kadhatyan ||
21.
Punapa dèrèng ningali | ing mangke dalu kewala | ulun ingkang (n)dhèrèkake |
wêktu Mahrib wus andungkap | Gathak Gathuk gya adan | paragat dènnira wêktu |
Mahrib atanapi Ngisa ||
22.
Sêdhênge purnama-siddhi | padhang bulan kakêncaran | rahadyan alon lampahe | Ki
Purwa lumakyèng ngarsa | Gathak Gathuk tan têbah | prapta Candhi Brau sampun |
pamujan Sri Brawijaya ||
23.
Wanguning candhi lir masjid | payon banon tatumpangan | dadya lincip pungkasane
| ngandhap sinungan wiwara | Ki Purwa aturira | sumangga bagus umangsuk |
maring plênggahan pamujan ||
24.
Radyan myang santri kakalih | wus manjing jroning pamujan | langkung kacaryan
driyane | miyat rarênggan sarwendah | myang awuning kang dupa | ngandhukur lir
pendah gumuk | wus tamat anulya mêdal ||
25.
Ki Purwa umatur malih | wontên malih candhi endah | Bajang ratu (ng)gih namane
| ananging klêbêt sirikan | yèn wontên kang umiyat | tan kadugèn kajêngipun |
miwah apês kang pinanggya ||
26.
Prayogi botên ningali | radyan angling paman nêdha | kèndêl ing ngriki kemawon
| ulun apamitan pisan | ing ari benjang-enjang | ayun (n)dumugèkkên laku |
ngupaya kesahing kadang ||
27.
Ki Purwa umatur inggih | sumangga sakarsa tuwan | dalu datan winiraos | wanci
pajar gidib nulya | angambil toya kadas | paragading waktu Subuh | rahadyan
aris ngandika ||
28.
Paman kantuna basuki | Ki Purwa aris turira | rahadyan lajêng lampahe | samarga
arawat waspa | nanêdha ing Pangeran | rahayuning arinipun | rama miwah
kulawarga ||
29.
Lêpas lampahnya dumugi | candhi Panataran Blitar | nèng ardi Kêlud sukune |
sela cêmêng kang kinarya | agêng ingkang sajuga | wit ngandhap tumêkèng pucuk |
ingukir ginambar wayang ||
30.
Radyan gya minggah ing candhi | tundha pitu praptèng pucak | udhunira alon-alon
| Gathak Gathuk barangkangan | tyas agung tarataban | têkèng ngandhap Gathuk
muwus | Gathak mau gambar apa ||
31.
Kang ingukir pinggir candhi | lunglungan cêplok kêmbangan | mèmpêr wayang buta
kêthèk | Gathuk ing pangiraningwang | gambare Rama tambak | katara kêthèke
brêngkut | candhi alit tiningalan ||
32.
Lir cungkup wangunanèki | ing sanginggiling wiwara | sinêrat sastra Budane |
Gathuk matur inggih radyan | punika kadiparan | kajênge sastra puniku | pating
pênthalit tan cêtha ||
33.
Rahadyan ngandika aris | sastra Buda papèngêtan | sèwu rongatus etunge |
sangang puluh siji warsa | nalikane akarya | ing sanggar pamujan iku |
manthuk-manthuk Gathuk Gathak ||
34.
Tapis dènnira mirsani | mentar sangking Panataran | awirandhungan lampahe |
ngancik padhêkahan Gaprang | miyat kang rêca sela | kakalih èstri myang jalu |
anèng sapinggiring marga ||
35.
Sêkar konyoh amênuhi | dupanira datan kêndhat | tinêngga palawangane | Gathak
Gathuk lon tatanya | kiyai niku napa | jurukunci lon sumaur | bagus niki
panyadranan ||
36.
Kang jalêr nama Kiyai | èstri nama Nyai Gaprang | pan dadya pakaulane | kang
samya aminta barkah | nyunyuwun ge susuta | sarat lênggah kalihipun |
ngungkurakên kyai rêca ||
( Ana Candhake... )