Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.3



21. Pangkur
1. Lah punika palanangan | ingkang ngadêg sipat grananya kyai | ingkang samya anunuwun | sawusing adudupa | nulya matur punapa sakajatipun | lamun nyuwun ge susuta | kalihe samya nglinggihi ||
2. Ing pucuking palanangan | kang wus klakyan tumuntên darbe siwi | Gathak Gathuk angacêmut | i tobat nora nyana | ingkang jêjêr ngathêr iki dadi pêlus | radyan lajêng lampahira | manjing Lodhaya wanadri ||
3. Miyat wisma lit gêdhègan | payon atêp ing salêbêting panti | êgong sajuga gumandhul | nulya kampir rahadyan | tan adangu jurukuncinira rawuh | tatanya punapa karsa | Gathak Gathuk lon nyauri ||
4. Kula mung kampir kewala | kadipundi dene gong nèng wanadri | jurukunci sauripun | sampun kina-makina | pan dumadya pupundhène tyang sadhusun | naminipun Kyai Pradhah | sintên ingkang darbe kardi ||
5. Mawi anabuh gamêlan | tamtu ngangge êgong Pradhah Kiyai | yèn tan makatên saèstu | bilai kasusahan | sabên dintên mila dinupan kumêlun | sinêkaran binorèhan | dadya warni nganti kuning ||
6. Rahadyan wusing miyarsa | cariyosnya kiyai jurukunci | nulya lajêng lampahipun | lumêbêt padhêkahan | aningali wisma alit dhapur tajug | ngandika mring Gathuk Gathak | payo ngaso maring masjit ||
7. Tumindak anon bêlikan | toya wêning rahadyan miwah abdi | samya ngambil toya wulu | wus malbèng jroning langgar | Gathak Gathuk adan nanging datan sêru | tyasira tansah trataban | wusing sunat parlu Mahrib ||
8. Linajêngkên wêktu Ngisa | paragating sêmbahyang amiyarsi | swaraning janma gumrumung | Gathuk enggar tyasira | ririh angling Gathak payo padha mêtu | nêmoni janma kang nywara | baya iku ingkang kêmit ||
9. Kaliye mêdal lon-lonan | praptèng jawi sru kagyatirèng ati | anon sima samya turu | ngubêngi ponang langgar | angalemprak adu pathak adu bathuk | ngorok (ng)gêrêng sasênggoran | Gathak Gathuk wangsul aglis ||
10. Wèl-wèlan matur ing radyan | dhuh bêndara kawula tur udani | suwara janma gumrumung | dupi kawula mêdal | yun manggihi sun sêngguh janma satuhu | kang samya yun maring langgar | jêbul sima kathah guling ||
11. Cacahipun tan kantênan | lèsèh anjrah kadya babadan pacing | mangke mênèk samya wungu | tan wurung anêmpuh byat | (m)barakoti angêmah-ngêmah mring ulun | rahadyan mèsêm ngandika | sira ywa padha kuwatir ||
12. Luwih karsane Pangeran | yèn wis pasthi tan kêna owah gingsir | tan kêna kalamun luput| tan luput lamun kêna | balik padha pasrah sumarah Hyang Agung | kawula amung sadarma | lir sarah anèng jaladri ||
13. Wis Gathak Gathuk turua | ingsun ingkang ngêlèki têkèng enjing | rarywa kalih nulya turu | ngaringkêl datan obah | datan sêgu radyan munajat sadalu | miminta ing karaharjan | dupi wusing bangun enjing ||
14. Sêmbahyang Subuh pribadya | wusing bakda akaring pajar sidik | ginugah kang samya turu | tangi arêmrêm-ayam | miyarsakkên swara sêpi tandya lungguh | mèh raina masêmu bang | Hyang Haruna ayun mijil ||
15. Ngintip-intip Gathuk Gathak | anon janma titiga samya linggih | kadi mêntas samya turu | dupi miyat jro langgar | ana tamu katri eca dènnya lungguh | tri umentar gagancangan | tur uning mring lurahnèki ||
16. Dupi praptèng ngarsa lurah | atur uning ing langgar ana janmi | titiga juga binagus | rêspati mawa cahya | winatara sadalu manggèn nèng ngriku | ki lurah gawok ing driya | wus anarka yèn wong luwih ||
17. Parentah mring rabinira | hèh Rubiyah sadhiyaa dèn aglis | bucu kang apik sananjung | iwak dhèndhèng manjangan | bayêm ati gudhang pon-êmpon myang timun | siwalan ingkang dawêgan | miwah lêgène hya lali ||
18. Rubiyah matur sandika | wus samêkta ki lurah miwah rabi | laju marang sanggar gupuh | umarêk mring rahadyan | praptèng ngarsa matur marang sang linuhung | anggèr kula nilakrama | sintên sinambating wingking ||
19. Paman kula santri moyang | angulati kadang ingkang lunga nis | saparan kawêlasayun | balik ta sintên paman | lurah matur kang sotah mastani ulun | Ki Carita dadya lurah | ing dhusun Pakèl puniki ||
20. Mila kula gupuh sowan | de rumiyin tumêka ing samangkin | tan ana janma kang purun | lumêbêt maring sanggar | mung paduka saèstu lamun linuhung | baya trahing maratapa | wijiling andana warih ||
21. Kamipurun abdipara | atur dhahar lumayan ing kalantih | angsala barkah pukulun | kasawaban nugraha | wus tinata sang luhung ngecani kalbu | dhahar watara sak kluwak | dhèndhèng manjangan sacuwil ||
22. Atobbe ambal-ambalan | wus dumugi rampadan gya cinarik | dhaharan lumadyèng ngayun | siwalan myang dèrèsan | Radèn dhahar siwalan tanapi nginum | dèrèsaning kang siwalan | nikmat sêgêr sarirèki||
23. Gathak Gathuk ingacaran | lah suwawi (ng)gèr aywa isan-isin | (n)dika nêdha kang pakantuk | (ng)gih wakne ywa sumêlang | Gathak Gathuk (ng)gènnya nêdha angathêkul | kalihe wus tuwuk samya | angêndhoni sabuknèki ||
24. Radyan ris tanya Ki Crita | kadiparan cariyosira nguni | griya myang kêpèk gumandhul | Ki Carita turira | inggih sangking gotèkipun tiyang sêpuh | griya winastanan sanggar | pamujan kala rumiyin ||
25. Kêpèk kakalih punika | kang satunggal pan isi sinjang lurik | warna-warni corèkipun | miwah sinjang praosan | dhêsthar têpèn renda myang praosanipun | dene kêpèk satunggilnya | isi kampuh gadhungmlathi ||
26. Mawi kaparaos jênar | kacariyos kagungan dalêm Gusti | Kangjêng Nyai Rara Kidul | sabên taun sapisan | kulabêkta dhumatêng ing wismaulun | mariksa jangkêping cacah | sarta ngiras angisisi ||
27. Sampuning jangkêp kang cacah | lajêng wangsul marang ing sanggar malih | nalika pamêndhêtulun | tuwin wangsuling barang | sampun tamtu wontên sima kang tut pungkur | nanging sangking katêbihan | punika sima kang jagi ||
28. Sabên dalu tiga-tiga | bilih siyang sami awarni janmi | wit pakèl sangajêngipun | ing sanggar kalih pisan | miwah uwit durèn kakalih puniku | anèng kiwa têngên langgar | tanêmanipun Jêng Gusti ||
29. Panêmbahan Senapatya | mila sabên woh katur mring Mantawis | Gathak Gathuk ririh muwus | wakane napa ingkang | dèn arani sima-gadhungan puniku | de tyang datan mawi tungkak | (ng)gih makatên gotèknèki ||
30. Rahadyan manis ngandika | man Carita bangêt panrimamami | buja kramanta mring ulun| Allah kang malêsêna | rèh wus siyang ulun (m)dumugèkken laku | Ki Carita aturira | sumangga karsa sang pêkik ||
31. Kapungkur ing Pakèl desa | lampahira ngalèr ngetan lêstari | kèndêl kalanirèng waktu | prapta ing tanah Tuban | aso anèng ngandhap randhu-wana agung | Gathak Gathuk gawok mulat | agênging wit anglangkungi ||
32. Kubênge gya pinêcakan | kupêngira pitung dasa kakalih | radyan utusan mring Gathuk | kinèn ngupaya toya | gya umentar tan pantara têbihipun | anon sumur sela krêsna | toya lêbêt langkung wêning ||
33. Wangsul matur ing rahadyan | pinurugan lawan santri kakalih | sumur watu kêbak banyu | malah kongsi (m)baludag | karamate cacalon wali linuhung | Gathak Gathuk kagawokan | nulya ngambil toyastuti ||
34. Rampung dènnya samya kadas | toya mêndhak pulih lir nguni-uni | wangsul wêktu ngandhap randhu | bakdane salat Ngasar | gya tumindak gandrung-gandrung kapirangu | èngêt mring kakalih kadang | sira yayi marang ngêndi ||
35. Anon sumbêr binalumbang | toya wêning winastanan ing Bêkti | Rancangkapti ariningsun| nguni karêmênanta | adus marang balumbang ingkang binatur | radyan kèndêl sawatara | anulya lumampah malih ||
36. Ngidul ngilèn praptèng wana | langkung wêrit andungkap waktu Mahrib | kèndêl ngandhap mandera gung | anèng têpining sêndhang | binotrawi pinagêran sela pingul | sawusing têtoya kadas | ngrarasati wêktu Mahrib ||

22. Mijil
1. Paragating Ngisa lawan Mahrib | pitêkur sang anom | ngluhurakên asmane Sang Angrèh | Gathak Gathuk wus dangu aguling | na swara kapyarsi | lir mriyêm jumêgur ||
2. Lir kalindhon bumi gonjang-ganjing | Gathak Gathuk mbêngok | gurawalan ngarukêt rahadyan | saya rame swara kapiyarsi | sirêping swarèki | Gathak Gathuk ngantuk ||
3. Tan pantara rahadyan udani | wanodya kinaot | makidhupuh lungguh ing ngarsane | mangênjali matur nora krami | dhuh risang linuwih | ruwatên pukulun ||
4. Ing munajat satuhu karya gring | marang wadyaningong | radyan mèsêm aris ngandikane | babo rara sapa kang wawangi | lan wismanta ngêndi | de prapta ngarsèngsun ||
5. Kawruhana sang luhung wakmami | nguni putri katong | Brawijaya pungkasan pamase | kang mandhirèng kraton Majapait | rusaking nagari | salin srengat Rasul ||
6. Ulun datan kaduga nglakoni | ing agama kaot | banjur maring wana Bagor kene | atatruka karsaning Hyang Widdhi | kinèn angratoni | sagunging lêlêmbut ||
7. Ingkang manggèn nèng Bagor wanadri | de kêkasih ingong | Jêng Ratu Mas Trangganawulane | sêndhang iki apan sunarani | Sugihwaras nênggih | pasiramaningsun ||
8. Amung sabên ari Sukra Manis | (ng)goningsun lalangon | sapa wonge kang mantêp atine | yun katêmu marang jênêng mami | saranane mawi | tirakat sadalu ||
9. Ing malême ari Sukra Manis | pasthi ingsun rawoh | sarta asung apa sasêdyane | ing samurwat sarta bênêr bêcik | mriyêm ingkang muni | sabên ratri iku ||
10. Pratandhane karaton arja-di | mupus ing tyasingong | baya uwus ginaris papasthèn | takdiring Hyang tan kêna wah gingsir | ragèngsun sadarmi | sumarah sakayun ||
11. Paran karsa sira praptèng ngriki | jarwaa sayêktos | Jayèngrêsmi alon andikane | angulati kadangong kang anis | jalu lawan èstri | wus lawas tan pangguh ||
12. Jêng Ratu Mas aturira aris | babo sang kinaot | dèn-narima pan durung mangsane | têmbe panggih yèn rahadèn uwis | kaukum ing nagri | linabuh ing laut ||
13. Nèng Tunjungbang kono (ng)gonne dadi | banjur atatêmon | aywa kêmba lakunira radèn | nyanyaloni dadining ngaluwih | radèn Jayèngrêsmi | ana marêmipun ||
14. Lah Ratu Mas buron apa iki | kang padha mathangkrong | anèng êpang tan katon raine | kaya munyuk buntute tan kèksi | Ratu Mas lingnya ris | tukang arannipun ||
15. Hèh Ratu Mas sapa kang sung uning | ing satêkaningong | Sri Trêngganawulan lon ature | pêksi dhandhang sung ngalamat muni | kêna dèntitèni | kandhane wong sêpuh ||
16. Lamun ana paksi dhandhang muni | sangking wetan ngulon | nglamat bêcik tamuwan badhene | ing pandhita utawa wong luwih | lamun dhandhang muni | sangking wetan kidul ||
17. Yèku bêcik ing alamatnèki | barang karya dados | lamun ana dhandhang munya mangke | saka kidul bênêr prênahnèki | ngalamat rêjêki | ingkang karsa rawuh ||
18. Lamun ana paksi dhandhang muni | sangking kidul kulon | iya iku ala ngalamate | arsa padu rêbut sapalèki | lamun dhandhang muni | kulon sangkanipun ||
19. Ngalamate apan arsa rabi | yèn sangking lor kulon | dhandhang muni ala ngalamate | apan arsa kagêringan ati | dèn angati-ati | awas lawan emut ||
20. Atobata maring ing Hyang Widdhi | poma dikalakon | dhandhang muni lor bênêr sangkane | yèku ala ngalamatirèki | yêkti arsa manggih | kawirangan agung ||
21. Yèn amuni ing lor wetan sangking | ngalamat tan awon | yun katêmu ing prasanakane | miwah kadang ingkang wisma têbih | lamun dhandhang muni | mencok wuwungipun ||
22. Ing wismane kang nginggil pribadi | swaranira alot | yun katêkan susah ngalamate | tamat ngalamate dhandhang muni | gurune wismèki | ngêndi sangkanipun ||
23. Wangsiting Hyang lamun prênjak muni | iku dèn waspaos | kang nglamati bêcik lan alane| wus pinasthi carita ing nguni | sêmune kang pêksi | prênjak uninipun ||
24. Lamun ana pêksi prênjak muni | sarêng sakaloron | anèng kidul ing wisma prênahe | ngantya dangu pan ngalamatnèki | tamuwan priyayi | bêcik sêdyanipun ||
25. Lamun ana pêksi prênjak muni | kaprênah nèng kulon | pantinira ala ngalamate | arêp ana têtamu kang prapti | sêdyanya tan bêcik | ngajak tukar padu ||
26. Lamun ana pêksi prênjak muni | kaprênah anèng lor | pantinira bêcik ngalamate | guru prapta karsane sung wangsit | sadhiyaa nuli | kang suci kang patut ||
27. Lamun ana pêksi prênjak muni | wetan panti mangko | mencok payon kandhang gêdhogane | nglamat ala yun kabêsmèn yêkti | dèn angati-ati | ywa lena ing kalbu ||
28. Paksi prênjak munya angidêri | wisma têpung golong | pan prayoga iku ngalamate | bakal antuk donya ingkang suci | myang arta kalali | mujia Hyang Agung ||
29. Titi tamat ngalamating pêksi | kang bêcik kang awon | iku ingkang ingsunèstokake | bênêr luput karsaning Hyang Widdhi | ingsun darma manggih | ing kaol rumuhun ||
30. Radèn Jayèngrêsmi ngandika ris | sang ratu kinaot | buron apa kang na paedahe | jêng Ratu Mas aturira aris | sato tukang adi | mêngko ingsun tutur ||
31. Murwèng sato muka kang linuwih | tukang winiraos | iku agung sawabe adène | wus mutamat para nabi wali | miwah para mukmin | poma dènlêstantun ||
32. Dèn agêmi aywa ge dènwadi | yèn tan tunggal batos | tukang iku pinetta sirahe | sèlèhêna bun-êmbunannèki | panganggone nênggih | lamun ana mungsuh ||
33. Datan têdhas ing sanjata dening | utêke dènuwor | barang lênga dene panganggone | apa gawe cinampur ing dhiri | watêk têguh nênggih | luput sênjatèku ||
34. Lambe ilat dèn (ng)go jimat nênggih | kalis gêlap rêko | apan siung kalawan kukune | pan kinarya ngukur janma guling | insa Allah mati | nênggih wong puniku ||
35. Utawa dènkosokakên janmi | dadi kaku kang wong | dèn (ng)go sipat nênggih gêgêtiye | barang ingkang aningali asih | lamun dènwor warih | nênggih banyu susu ||
36. Nuli dènusapakên ing kêndhil | ujare pawartos | datan matêng nênggih liwêtane | wulunipun dènsêbar ing panti | paedahe malih | durjana tan wêruh ||
37. Anadene wêwudêlirèki  | dèn(ng)go tamba kang wong  |  lara busung kang têngên matane | dènwor lawan gêtih sêrut nênggih  | lan luhe wong nangis  | dèn(ng)go sipat iku ||
38. Insa Allah wong liyan ningali | pasthi datan wêroh | lamun lungan pan dènusapake | saka omah paedahe nênggih | tan kênèng dènambil | duwèke wong iku ||
39. Mata kiwa dènwor lan kasturi | miwah kapur-baros | apan dèn(ng)go nênggih sa Allahe | dènkasihi wong lanang wong èstri | wus titi nikmati | sato muka lutung ||
40. Ana maning sarah ingkang paksi | platukbawang kaot | luwih akèh tinimbang tukange | wulu daging jroan balungnèki | kabèh mupangating | kanthi pedah luhung ||

23. Kinanthi
1. Lah pirêngna radyan ulun | amarna sarahing pêksi | saking jêng Nabi Suleman | nênggih ingkang anjarwani | kang pêksi pêlatukbawang | kèh manpangatnya winilis ||
2. Yèn kang rumiyin dinunung | cucukipun ingkang nginggil | karya sêpuhing gagaman | gagaman sakalir-kalir | sawabipun datan ana | wong têguh tan pasah titis ||
3. Yèn tan pasah kang tinanduk | dadya sakit gêng (n)dhatêngi | tan waras prapta ing pêjah | ilating pêksi winarni | dhinahar ingkang paedah | ing pamicara patitis ||
4. Netranira kang ginantung | munggèng saluhuring kori | têbih saking duratmaka | wuluning murda kinardi | sumping rarywa lit sawabnya | atêbih saking panyakit ||
5. Polo pan kinarya pupuh | ing netra pan datan kêni | ing lalamur sawabira | jajantungipun binukti | sawabira sarwa gampang | sabarang ingkang kinapti ||
6. Lan kabuka ngelmunipun | apêrunipun upami | winor lan minum-minuman | miwah winor lawan jampi | sawabe rikat lumajar | pringsilanipun binukti ||
7. Kinasiyan sawabipun | mring wanodya lawan malih | kinasiyan mring pandhita | miwah maring para wali | dhadhaning pêksi dhinahar | sawabipun lamun sakit ||
8. Enggal ing waluyanipun | brotol binukti pawèstri | sawabipun kinasiyan | dyah ika maring ing laki | buntut winor lan gulunya | binasmi nulya binukti ||
9. Ing pawèstri sawabipun | linuwih samining èstri | laripun kinarya gêlang | elingan sabarang kardi | lawan malih ingkang êlar | winor ing sabuk prayogi ||
10. Kinasiyan sawabipun | lamun suwitèng narpati | yèn sinèlèh soring bantal | patilêman sawabnèki | tiningalan sarwa endah | tur rinêksa ing Hyang Widdhi ||
11. Sawabe ingkang babalung | akuwat yèn dènsimpêni | myang balung suwiwinira | sinèlèhakên ngisoring | pasareyan datan liyan | sawabe akuwat malih ||
12. Atinipun pan ginantung | luhure dènnira guling | sawabipun bêtah sahwat | yèn winor lisah kalêntik | myang wawêdhak ingkang sahwat | sirna sagunging sasakit ||
13. Suku kalih sawabipun | lamun pinêndhêm ing sabin | myang sakèhing tatanêman | tulus wohipun andadi | lamun malih ingkang manah | ginêlangakên ngastèki ||
14. Wisa tawa sawabipun | isining wisma sakalir | têbih sangking ing lalara | nênggih atinipun malih | ingusapakên ing dakar | bêtah sahwat sawabnèki ||
15. Ingkang ilat kinaryèku | jimat sawabe tan kenging | ing luwe bêtah alapa | lawan kulitipun malih | tinalèkakên padharan | yèku bêtah luwe malih ||
16. Kêpalanira kang manuk | kinarya jimat ngajurit | kinajriyan marang mêngsah | yèn wontên wisma upami | panas tan kêna kanggonan | pinêndhêman êlarnèki ||
17. Panjawat kang têngênipun | wolung lêmbar aja luwih | pêpadonipun lor wetan | dadya tawa panasnèki | gêtih dènakingkên ika | winor lawan bawang abrit ||
18. Lawan adas nulya kinum | ing toya nèng pinggan putih | karya jampi lara netra | pinupuhakên tumuli | insa Allah dadya waras | yèn wontên sasakit kuping ||
19. Pinupukakên pan mantun | lamun arsa dènkasihi | lan wong akèh myang yèn arsa | sugih lan yèn arsa dadi | barang ingkang tinanêman | puwasaa tigang ari ||
20. Dèn kadya puwasa agung | winatêka donganèki | puniki mèle kang donga | Allahuma barkat saking | Gusti Bagendha Suleman | mung iku tan ana malih ||
21. Kang pinangan atinipun | ingolah sakalir-kalir | yèn wus dènnira puwasa | matêk donga sarwi bukti | yèn adagang myang ngawula | dèn têtêp hya walanggalih ||
22. Kalamun arsa sirèku | siniyan wong kathah malih | tyas lan ilat winor barang | olah-olahan binukti | lamun arsa matènana | ing wong durjana mamaling ||
23. Ingkang kiwa tapakipun | sinundêp ing cucuk nênggih | insa Allah pêsthi pêjah | lamun arsa sugih ngèlmi | tyas binukti lawan uyah | gorèng wus titi kang paksi ||
24. Rahadyan ngandika arum | Ratu Mas Trêngganasasi | bangêt ing panrimaningwang | sira sung pitutur jati | ngalamatèng paksi dhandhang | miwah pêksi prênjak muni ||
25. Sarahing tukang linuhung | myang palatukbawang paksi | apa kang dak walêsêna | Ratu Mas turira aris | luwih karsaning Hyang Suksma | ingsun iki mung sadarmi ||
26. Kabèh kang wus ingsun wuwus | iku darbèkmu pribadi | amung kang mêdharkên ingwang | sarèhne wus lingsir akir | sun pamitan lilanana | mantuk mring kahyangan mami ||
27. Wus tan katon kangjêng ratu | Gathak Gathuk nuli tangi | sarya matur mring rahadyan | kawula satêngah ngimpi | mirêng swara tanpa rupa | amung ganda mamrik minging ||
28. Lir tindhihên raosipun | sruwing-sruwing kapiyarsi | tukang platuk lunjak-lunjak | sarah-sarah dènadhangi | punika ginêm punapa | sintên rencang paduka ngling ||
29. Rahadyan ngandika arum | kawruhanamu kang prapti | anêmoni jênêngingwang | iku ratuning dhadhêmit | ngadhaton ing Bagor wana | ing nguni putri narpati ||
30. Sang Aprabu Majalangu | Brawijaya kang sisiwi | anggêntur amatiraga | tan sarju salin agami | katrima panêdhanira | bisa jumênêng narpati ||
31. Ngratoni sagung lêlêmbut | sajroning Bagor wanadri | sabên bêngi mariyêman | Gathak Gathuk duk miyarsi | marinding githok mangkarag | wus awanci pajar sidik ||
32. Samya wulu waktu Subuh | paragat dènnya ngabêkti | linggar sangking Sugihwaras | ngancik suku Pandhan wukir | manjat manginggil wus prapta | ing dhusun Kadhaton nami ||
33. Nyabrang lèpèn mili ngidul | toyanya nyarong awêning | miyat balung langkung kathah | agêng-agênge nglangkungi | lajêng lampahira radyan | wus praptèng sukuning ardi ||
34. Ing Gambiralaya gunung | nulya umanjat manginggil | praptèng pucak non pratapan | tanggul siti angubêngi | tinanêman sasêkaran | argulo gandanya amrik ||
35. Pinêcakan kubêngipun | tigang dasa langkung kalih | (n)jawi tanggul kidul wetan | wontên rêca sela langking | patrape lir janma priya | mangku palanangannèki ||
36. Wus pisah lan badanipun | mung sapucang agêngnèki | Gathak Gathuk latah-latah | ana manèh angungkuli | duwèke rêca Ki Gaprang | kalah dawa gêdhe iki ||
37. Rahadyan nulya tumurun | ngalèr ngèrèng-èrèng wukir | anon balung agêng panjang | tikêl pat lan kang rumiyin | praptèng ngare angandika | lir mas tumimbul ing warih ||

24. Maskumambang
1. Lah ta Gathak sira umentara aglis | maring padhusunan | katêmua kanca bumi | angilènana dawêgan||
2. Wus umentar (n)jujug wismane pêtinggi | gupuh ingacaran | lah pantèn karsa punapi | kula yun ngilèni dêgan ||
3. Anak kula kalantih nèng suku wukir | ki patinggi lingnya | botên susah angilèni | nulya ngambil kang dawêgan ||
4. Patang iji sampun pinarasan sami | lah pantèn sumangga | kula bêktane pribadi | kerit lampahira Gathak ||
5. Praptèng ngarsa mundhuk-mundhuk ki patinggi | Jèngrêsmi ngandika | kaki sun tanya sirèki | wisma miwah kang sinambat ||
6. Nama karan dhusun kang kula ênggèni | punika Padhangan | katêlah sami mastani | dhatêng kula Kaki Padhang ||
7. Sumapala kamipurun ingkang abdi | ngaturi sugata | lumayan jampi kêlantih | sacêrêt wêning dawêgan ||
8. Iya kaki bangêt panarimamami | pasihanta mring wang | Allah ingkang ngudanèni | ing sakalêthêking manah ||
9. Radyan ngunjuk ing wêning nyu sawatawis | têlêsing gorokan | karaos nikmat ing dhiri | ngandika alkamdulillah ||
10. Linorotkên marang santrinya kakalih | we-nyu papat bebas | dawêgan gya dèn klothoki | ngalih sewang samya têlas ||
11. Radyan angling kaki ingsun minta uning | mau ingsun ngambah | padhukuhan suku ardi | myat balung kèh agêng panjang ||
12. Nulya manjat malih mring pucaking wukir | anon patilasan | kidul ana rêca siji | mangku kadya palanangan ||
13. Mudhun maring ngèrèng-èrèng uning malih | balung gêdhe dawa | ngungkuli kang mau kaki | kadiparan critanira ||
14. Kaki Padhang tumênga matur sang pêkik | dongèngipun kina | sukunipun Pandhan wukir | dhusun Kadhaton namanya ||
15. Kala jaman purwa kadhaton rasêksi | Sang Prabu Arimba | rikala amangun jurit | mêngsah panênggak pandhawa ||
16. Arya Sena ingkang unggul ing ngajurit | raksasa kèh pêjah | punika babalungnèki| Sang Prabu yaksa Arimba ||
17. Pêjahipun anèng ngèrèng-èrèng wukir | ing Gambiralaya | ingkang paduka tingali| anglangkungi agêng panjang ||
18. Tiyang satus bokmanawi tan kuwawi | lèpèn alit ingkang | mangidul ilinirèki | winastan lèpèn Jêroan.
19. Sri Arimba sasampune angêmasi | pancanaka mangsah | ing wadhuk jêroan mijil | binucal lèpèn punika ||
20. Pan katêlah namane prapta ing mangkin | ing lèpèn Jêroan | pratapan sapucak wukir | ingaran Gambiralaya ||
21. Duk rumiyin wontên putri amartapi | warna ayu endah | nama Dewi Gêndrasari | wus mêdal istijratira||
22. Wontên tiyang jalêr asru manguntèki | anama Ki Drêpa | yun mangangkah mring sang putri | duk ayun mangkat prasêtya ||
23. Yèn tinampik amalipun dènicali | wasana sang rêtna | lumuh dhatêng Drêpa kaki | palanangan gya pinagas ||
24. Bali lênggah ki Drêpa nulya ngêmasi | nanging dados sela | lêstantun ngantos sapriki | dora lêrêse sumangga ||
25. Gathak (n)jawil lah Ki Drêpa iku sigit | nêtêpi prasêtya | botên kaya wong sakniki| sêtyane lamis kewala ||
26. Radèn Jayèngrêsmi angandika aris | kaki pasihanta | sangêt panarima mami | kaki kantuna raharja ||
27. Ingsun nutugake tumindaking sikil | (n)dhêku Kaki Padhang | rahadyan tandya lumaris | tan pisah ki Gathuk Gathak ||
28. Ngalèr ngilèn prapta ing Bojanagari | myat kukus mangampak | rahadyan nulya nyêlaki | kang murub warni balumbang ||
29. Pinêcakan kawan likur wiyarnèki | dene panjangira | tigang dasa langkung kalih | lêbête sahasta wrata ||
30. Tanpa toya dangu dènnira ningali | nahan tan pantara | murub lir wisma kabêsmi | latu sumundhul ing mega ||
31. Isthanira kadya ngurmati kang prapti | Gathuk Gathak waswas | giris maras miris tistis | tyas lir tatas anaratas ||
32. Kêpalane dhusun Dhandhêr gupuh prapti | mariksa pawaka | kagyat anon janma katri | pinarak têpi balumbang ||
33. Nglocitèngtyas anèh têmên uwong iki | yèn dudu trah tama | mangsa waniya nyêlaki | ing balumbang Pakayangan ||
34. Ki patinggi anyakêti ing sang pêkik | rahadyan têtanya | baya sirèku kang (n)jagi | balumbang isi dahana ||
35. Palang matur lêrês timbalan sang pêkik | mila gupuh amba | mariksa balumbang api | awit dadya panêngêran ||
36. Lamun murub dêlajat kathah sêsakit | dhusun ingkang cêlak | kang uning urubing agni | apês lir mêndêm pocungan ||

25. Pocung
1. Murub agung tan wontên tiyang andulu | mung amba priyangga | kang wikan urubing agni| sampun tamtu kadhatêngan janma tama ||
2. Isthanipun lir tur urmat asusugun | punika winastan | Pakayangan latu nênggih | criyosipun prapène êmpu duk kina ||
3. Gathuk tanya marang Ki Kapalang gupuh | baya kang Kêpalang | têdhaking êmpu rumiyin| ingkang darbe patilasan Pakayangan ||
4. Apêsipun sagêd pandhe damêl dhuwung | Ki Kapalang mojar | o (ng)gèr dede têdhaknèki | nanging yêktos pancèn pandhe damêl kula ||
5. Gathuk muwus lah apa bênêr bêthèkku | yèn damêl curiga | punapi (ng)gih dènukuri | panjangipun punapa sakarsa-karsa ||
6. Myang landheyan waos punapa ingukur | napa manut bakal | Ki Kêpalang anauri | dhuwung miwah landheyan wontên ukurnya ||
7. Watonipun kalamun adamêl dhuwung | panjangipun ganja | ingkang kaukur rumiyin | lajêng kangge ngukur panjanging curiga ||
8. Awit bongkot kajawine pêsinipun | dumugi pucuknya | nênêm wêwilanganèki | kang rumiyin cakra kapindho gundhala ||
9. Tiga gunung ping sakawanipun guntur | ping gangsal sagara | kaping nênêm madu nênggih| ingkang sae têkèng pucuk dhawah arga ||
10. Tuwin dhawah sagara utawi madu | titiga prayoga | utawi dhawah jaladri | gya winalik sangking pucuk pangukurnya ||
11. Têkèng bongkot kajawining pêsinipun | kang langkung utama | ing pungkasan dhawah ardi | lah punika ingkang pantês pinilala ||
12. Lamun damêl landheyan waos ingukur | kêpêlnya priyangga | sakawan etanganèki | sangga runggi sarah watang kang prayoga ||
13. Dèn dhawahnya sangga ing pungkasanipun | Gathuk (n)dhêku lingnya | paringe kakang kapundhi | Ki Kapalang noraga matur rahadyan ||
14. Dhuh sang luhung bilih marêngi ing kalbu | kampir wisma-amba | ing Dhandhêr tan pati têbih | dhusun ingkang katingal ngajêng punika ||
15. Apuntênta paman ingsun arsa laju | (n)dumugèkkên lampah | (m)bungkuk Kapalang tur inggih | botên langkung kula (n)dhèrèkkên raharja ||
16. Pakayangan latu Dhandhêr wus kapungkur | lajêng lampahira | ngambah ara-ara wradin | tanah Dhandhêr ngilèn nulya anon toya ||
17. Mêdal saking sumbêr ngalirab dinulu | Gathuk tan saranta | ngokop toya ingkang mili | praptèng tênggok wangsul mutah bulakêran ||
18. Gathak tanya lho kapriye iku Gathuk | têka mutah-mutah | Gathuk angling mbrêbêsmili | dudu banyu iku lênga latung blaka ||
19. O ya Gathuk aku krungu critanipun | iku banyu kêna | kanggo didiyanan sami | wong padesan mung kukuse ngudubilah ||
20. Radyan mèsêm angandika marang Gathuk | iku kang pinanggya | janma tan sarèh ing budi | kaya-kaya masthi manggih kasangsaya ||
21. Ya ta wau rahadyan ing lampahipun | nalasak galagah | kêtêl rumput mendhong wlingi | nabrang lèpèn ngantya rambah kaping gangsal ||
22. Anon dhukuh anèng têngahing wana gung | rahadyan ngandika | payo Gathak Gathuk mampir | yun tatanya tanah ngêndi iki baya ||
23. Gya kapangguh sujanma amikul bumbung | isi lêgèn klapa | santri kalih anyêlaki | nabda nêdha ngilèni lêgèn kalapa ||
24. Lah ta bagus (n)dika ngombe ingkang tuwuk | ngilèni tan susah | (n)dika badhe dhatêng pundi | kamayangan têka maring dhêkahingwang ||
25. Kula (n)dherèk janma luhung ingkang nglangut | sukanira mahas | panggènan kang sêpi-sêpi | amurugi kang singit tan kambah janma ||
26. Nika ingkang nèng ngandhape pandhan arum | bagus yèn sêmbada | parêng kampir wisma mami | kula mantuk (ng)gêlar-(ng)gêlari ing wisma ||
27. Gathak Gathuk matur wit panyuwunipun | kyai ingkang ngrêmbat | paduka katuran mampir | mring wismane rèhning sampun nanggêl lampah ||
28. Tan pantara dangu Ki Wisma amêthuk | wus kêrit rahadyan | Gathak angupaya warih | ki wisma ngling anak ngupados punapa ||
29. Kula pados toya badhe kagêm wulu | o anak tan ana | ing ngriki toya kang suci | mèh sadaya pakungkumaning waraha ||
30. (n)Dawêk kula padoskên tirta kang luhung | ki wisma gya mancas | pang wit jêmbul toya mijil | lir pancuran wêning asrêpe sêdhêngan ||
31. Gathak matur punika toyaning jêmbul | manthêr lir pancuran | kaagêm wulu prayogi | radyan miwah Gathak Gathuk samya kadas ||
32. Wusing rampung pampêt ingkang toya jêmbul | Gathak eram ing tyas | wakne iki nyata luwih | nora nyana yèn mêtu karamatira ||
33. Praptèng wisma Gathak adan tumalawung | nulya samya sunat | bakda sunat kinamati | waktu Mahrib myang Ngisa sampun paragat ||
34. Lênggah salu sunggata lumadyèng ngayun | kang lêgèn kalapa | tela gamblok matêng ing wit | aturira manis wêdaling wicara ||
35. Dhuh sang bagus kumêdahe atur-atur | sunggata tan mandra | sawontêne tiyang langip | anèng wana tanpa rowang datan pakra ||
36. (ng)Gih ki raka sangêt ing panrimaningsun | langkung rêsêp ing tyas | radyan dhahar tlas salining | ngunjuk lêgèn watara tigang cêgokan ||
37. Kraos tuwuk atob kaping kawanlikur | Gathuk Gathak nadhah | miwah ngombe lêgèn krambil | sakatoke tan ana tinaha-taha ||
38. Wacana rum rahadèn mring ki wisma rum | kiraka sun tanya | ngriki niki tanah pundi | lawan sintên sinambatipun kiraka ||
39. Aturipun kula pun Jatipitutur | asli saking Sela | ing Kasanga jurukunci | pan ing ngriki talatah siti Grobogan ||
40. Ing Kasanga kathah panunggilanipun | Blêdhug Kuwu miwah | Crèwèk kalawan Mandhikil | myang ing Sêndhang Ramêsan toya mawarna ||
41. Kakang Jatipitutur ulun ayun wruh | paran mulanira | yèn wontên cariyosnèki | kang jinarwa kiraka niku sadaya ||
42. Alon matur kula èngêt botên urut | lumayan kinarya | sasambèn cagaking arip | kala kina wontên panjênêngan nata ||
43. Prabu Jaka punika jujulukipun | ing Mêndhangkamulan | karêm mêng-amêng wanadri | anunumpu banthèng sangsam kancil kidang ||
44. Tanpa wadu amung sabat kang tumutur | nuju ri sajuga | uning sarpa manguntèki | langkung agêng sisikira mancawarna ||
45. Prabu bêndu bêntèring tyas sakalangkung | ula apa karsa | de bangêt amatiragi | mêngko sira tan wurung rampung dening wang ||
46. Sang aprabu nulya mênthang langkapipun | jêmparing lumêpas | cumundhuk sawêr ngêmasi | wontên swara kapiyarsa ing sang nata ||
47. Èh sang prabu tuhu sikara sirèku | yêkti bakal tampa | paukumaning Hyang Widdhi | datan bisa mujadahi hawanira ||
48. Nênging swara sawêr musna tan kadulu | gara-gara prapta | jawah lesus kilat thathit | aliwêran balêdhèg dhar-dhèr tan pêgat ||

 26. Mêgatruh
1. Tranging jawah lagya mangkya sang aprabu | angraos sangêt kalantih | têdhak mring karandhan ngaub | tuwin karsa anuwèni | duk nguni sri nata anon ||
2. Anakipun nyi randha Kasiyan dhukuh | ing Sangkèh tuhu linuwih | Rarasati maksih timur | rèh sampun antawis lami | kakintên wus jonggrong jonggrong ||
3. Praptèng dhukuh nganti nèng dhadhah sang ulun | wêdaling dyah Rarasati | nyai randha lagya nuju | nênggani (ng)gêntang pra èstri | gagêndhingan dhungprong-dhungprong ||
4. Rarasati mijil sangking wismanipun | asinjang pathola abrit | konyoh jênar slendhang kawung | tinêpi parada kuning | wimbuh ayu mêlok mêlok ||
5. Tansèng pungkur kalangênannya sang ayu | juga babon kate adi | pêthak mulus cènggèripun | sanggardalima rêspati | sapraptanira sang sinom ||
6. Panggêntangan nulya tumut (ng)gêntang pantun | sukunira kang sasisih | angidak sirahing pantun | angikis sinjangirèki | kakempol katon mancorong ||
7. Gêbyar-gêbyar anglir pendah thathit barung | dupi miyat sri bupati | gandrung-gandrung amangun kung | ngandika jroning panggalih | pantês dadya garwaningong ||
8. Sigra têdhak nyakêti kang samya nutu | matêk asmaragama di | para dyah kang samya nutu| tan ana ingkang praduli | katungkul dènnira gerong ||
9. Sruning cipta korut nutpahira prabu | datan prabeda sang dèwi | ugi korut nutpahipun | samya tumètès ing siti | tandya kate pêthak gupoh ||
10. Anucuki nutpah kalih-kalihipun | wus nunggil dadya satunggil | Prabu Jaka dahat ngungun | sangêt lingsêming panggalih | nulya kundur angadhaton ||
11. Gathak Gathuk samya gumujêng angguguk | radyan mèsêm ngandika ris | kiraka Jatipitutur | nêdha kalajêngna maning | cariyosipun kang babon ||
12. Kyai Jatipitutur nglajêngkên atur | dupi wus antara ari | amanigan kate pingul | nyi randha dupi udani | antigan pinêndhêt gupoh ||
13. Gya dinèkèk anèng padaringanipun | tinunggilkên tigan katri | winor uwos kang lumintu | sabên ari dènêdangi | nanging botên katon kalong ||
14. Malah wuwuh nyi randha graitèng kalbu | baya iki kang marahi | atigan gêng pedahipun | bêras dakdang sabên ari | mora kalong malah wuwoh ||
15. Gya pinêndhêt ingêlih maring ing lumbung | dupi uwosira ênting | nyai randha mêndhêt pantun | mring lumbung ambuka kori | mêndhêt sabêlah ginendhong ||
16. Tigan ingkang dipun dèkèkakên lumbung | sampun nêtês nanging warni | taksaka agêng kalangkung | ngalêkêr pinuju guling | kagyat nulya tatanya lon ||
17. Paran karsa nini sira marang lumbung | nyai randha nulya nolih | anon sarpa nulya gugup| gya dhawah bali anjêlih | lumajêng aketol-ketol ||
18. Arsa lapur dhumatêng ing sang nindya nung | taksaka suka ningali | wus mêdal saking ing lumbung | mring gyannya dyah Rarasati | sarwi ngling dhuh ibuningong ||
19. Dèwi Rarasati gumuling akantu | wungu nututi bok nyai | sakaliyan prapta sampun | ngarsanira kyana patih | naga wus nèng wuri (n)jongok ||
20. Nyai randha myang Rarasati duk (n)dulu | samya gumuling ing siti | kya patih arsa lumayu | naga gumujêng sarya ngling | kaki aja jrih maring ngong ||
21. Kene payo padha lungguh kang pakantuk | kya patih ngoplok lingnya ris | lah ula apa sirèku | tanpa sangkan (ng)gonmu prapta | sang naga saurira lon ||
22. Kaki ingsun unjukna mring rama prabu | kyana patih anauri | mung manthuk lumaris gupuh | risang naga anèng wingking | dupi prapta ngarsa katong ||
23. Kyana patih dèrèng munjuk sang aprabu | naga wus nèng wurinèki | Prabu Jaka gya andangu | èh ula apa sirèki | de bisa clathu lir uwong ||
24. Naga matur ngakên putranya sang prabu | kalangkung dènnira runtik | èh ula kawruhanamu | ingsun iki durung rabi | sira têka anyalêmong ||
25. Lah lungaa yèn kasuwèn têkèng lampus | naga karuna turnya ris | (ng)gêlarkên nalikanipun | sri papara ing wanadri | tumêkèng kundur ngadhaton ||
26. Lan umatur sakawiting babon pingul | nigan têkèng nêtêsnèki | sang prabu miyarsa atur | dahat ing lingsêming galih | nulya jêngkar angadhaton ||
27. Kyana patih tinimbalan mring kadhatun | dhawuh timbalan narpati | ponang sawêr kinèn nantun | madosi pacangan aji | lan mêjahi satru katong ||
28. Baya putih têlênging sagara kidul | punika yèn antuk kardi | ingakên putra satuhu| patih wus (n)dhawuhkên maring | sarpa matur arawat loh ||
29. Sru prasêtya yèn tan kalakyan satuhu | karsane sri narapati | suka tumêkèng ing lampus | kya patih wêlas ningali | punang sarpa mêsat gupoh ||
30. Ngidul têrus singa kang katrajang gêmpur | amrih aglisira prapti | amblês bantala jumêdhul | têlênging kanang jaladri | susumbar anguwuh mungsoh ||
31. Angungaskên atmaja Sri Jaka Prabu | ing Mêndhangkamulan adi | Sang Dewatacêngkar Prabu | kang awarna baya putih | miyos sangking ing kadhaton ||
32. Mapag yuda ramening prang tan cinatur | ngantya pirang-pirang ari | sri dyah lami laut kidul | nama Prabu Anginangin | sukaning tyas dènnira non ||
33. Amiminta sirnane sang baya pingul | jaladri akocak-kacik | toya bêntère kalangkung | mina kathah angêmasi | baya pêthak yudanya sor ||
34. Kabuncang mring dharatan têpining laut | sirnaning angga pan dadi | Argalima wastanipun | sarpa sukane angênting | wus pasthi inganggêp katong ||
35. Kacariyos Prabu Anginangin wau | suka amarwata siwi | satrunira baya pingul | mangkya wus tumêkèng lalis | naga tinimbalan gupoh ||
36. Malbèng pura prapta ngarsane sang prabu | natadèwi ngandika ris | èh sarpa kang jayêng pupuh | ingsun nguni pasanggiri | sapa kang agambuh pupoh ||

27. Gambuh
1. Sing sapa unggul pupuh | amatèni mring si baya-pingul | gêntènana sadhela jumênêng aji | luwarana punagiku | sarpagung turira alon ||
2. Tan lêngganèng ragèngsun | anglampahi pasang giri prabu | nanging lampah amba punika tinuding | wusing nyirnakakên satru | ngulati pacangan katong ||
3. Rèhning dèrèng kapangguh | Prabu Rara angandika arum | pacangane ramanta pan ingsun iki | sira munjuka sang prabu | ngulati pacanganingong ||
4. Ywa krama liyaningsun | nanging andadèkna kawruhamu | ramanira tan widada madêg aji| namung tigang warsa puput | ginantyan kang darbe kraton ||
5. Ing ari Budha besuk | lèk purnama Galungan kang wuku | dak aturi têdhak mring kadhaton mami | sira sun rabèkkên kulup | olèh Balorong yu anom ||
6. Dhaubnya tan cinatur | langkung rame ing bawahanipun | ing dharatan pagêblug agêng (n)dhatêngi | wusing dhaub madêg ratu | sapta ri gya pamit gupoh ||
7. Linilan pamitipun | myang winisik kang badhe tinêmu | ing sarira miwah jangkaning nagari | purwa madya wusanèku | wêlingira wantos-wantos ||
8. Sri putri malih muwus | Linglung Tunggulwulung jujulukmu | têmbe sira karsaning Hyang angratoni | lêlêmbut ing gunung-gunung | mring sira anganggêp katong ||
9. Kala patêmbènipun | sira dadya ngalamat satuhu | dauruning jaman myang kêrtaning nagri| wis mangkata sira kulup | garwamu rara Balorong ||
10. Mênèk ngribêti laku | lah tinggalên nèng kene rumuhun | sira aja mêtu marganira lami | têlêng samodra kapungkur | amblês ing pratala gupoh ||
11. Nèng Pasundhan anjêbus | amblês malih (n)jêbus wontên Kuwu | ing Carèwèk Mandhikil jêbusnya malih | sampun cêlak nagrinipun | mlampah dharatan nalosor ||
12. Dumugi praja (n)jujug | kapatiyan wus kêrit lumêbu | dupi prapta ngarsa nata mangênjali| kyana patih makidhupuh | Tunggulwulung analosor ||
13. Lampahira ingutus | sampun katur purwa wasanèku | Prabu Jaka langkung trusthanirèng galih | wus inganggêp putra prabu | ginanjar makutha kaot ||
14. Agêmira sang prabu | buntut untu atanapi siyung | binrongsong mas tinarètès sosotyadi | sisik linapis mas murub | kalung sosotya mancorong ||
15. Myang pinaringan cupu | asthagina isi lisah kayun | kuwasanya yèn wontên sarpa ngêmasi | tinètèsan lisah cupu | gêsang malih lenggak-lenggok ||
16. Sinimpên wontên buntut | myang musthika naga kwasanipun | sinuyutan sakèhe sarpa sabumi | dumunung ing cêthak murub | dhawuh dalêm sang akatong ||
17. Èh sakèh wadyaningsun | piyarsakna samêngko si Linglung | ingsun junjung pangkat pangran adipati | manggon ana Tunggulwulung | wus kulup mundura gupoh||
18. Aywa kuciwèng laku | lah arakên lakune si Linglung | lan rêksanên sacara-caraning janmi| pangran dipati wus mundur | ing marga tan winiraos ||
19. Mandhirèng Tunggulwulung | dupi antuk sawarsa sang Linglung | anêlaskên iwèn wus katur sang aji | gya ingêlih dalêmipun | myang winulang rama katong ||
20. Ing ngèlmi agal-lêmbut | wus kacêkap tan ana kalimput | Tunggulwulung tapa mangap nèng wanadri | awit sangking laminipun | badan kathukulan bondhot ||
21. Nglênggirik kadya gumuk | ical sipatira taksaka gung | tutuk kadya wiwaraning guwa wingit | wus matêng ing tapanipun | manungsa tan ana wêroh ||
22. Karsane jawata gung | nuju dêrês jawah gumarubug | wontên rare angon sasanga kèhneki| kajawahan samya ngaub | nèng tutuk naga kinaot ||
23. Kang wolu wus umangsuk | kang satunggal siningkang tan antuk | gya minggah ring klêrês gigir nyangking kudhi | mêmêrang siti marêntul | guwa mingkêm kadya angob ||
24. Rare wolu kang ngaub | sarêng samya pêjah tanpa muwus | kang satunggal wontên jawi mêrang gigir | inggal lumajêng umantuk | mring sudarma awawartos ||
25. Tandya kunjuk sang prabu | sri narendra sakalangkung bêndu | gya adhawuh kinèn mantèk wêsi gilik | cangkêmira Jaka Linglung | supadi pêjah ing ngênggon ||
26. Wus pinantèk kang tutuk | Jaka Linglung tumêka ing lampus | lah punika cariyosipun ing nguni | atatanya Gathak Gathuk | athik ula kaya uwong ||
27. Le nyêmbah niku pripun | Rara Blorong kacariyos ayu | pinaèsan saya wimbuh amrakati | Jaka Linglung sigit bagus | winêwahan mawi topong ||
28. Wong gèpèng sirahipun | kados pundi kêkahe puniku | ah wong criyos wikana nyatane nguni | tamating cariyos bangun | Gathak Gathuk adan Suboh ||
29. Wus samya wêktu Subuh | sabakdanya Subuh ngandika rum | lah kiraka wawi ulun ayun uning | patilasan Tunggulwulung | inggih sumangga sang anom ||
30. Kula gadhah panyuwun | mrih lêstantun tan sangsayèng laku | kaparênga miturut sacaranèki | kiraka hywa walang kalbu | datan nyuwalani ingong ||
31. Wus kêrit lampahipun | prapta ing Kasanga têpinipun | siti lêbu kadi awu warnanèki | tan wontên taru kang thukul | ngilak-ilak lir sinapon ||
32. Ambanon ingkang wangun | nanging mawi malengkong mangidul | kathah bolong kadya lènge yuyu nênggih | katutub ing lêbu lêmbut | tiniyub maruta katon ||
33. Sadaya sami ngêmpus | lir tutuban dene têlêngipun | wontên êlèng sadandang wiyarirèki | akumrangsang ungêlipun | tinindakan alon-alon ||
34. Wus cêlak mêndhak sampun | lampah bocong ngambah krikil alus | warna abrit pêthak jêne anêlasih | kèndêl sila dènnya lungguh | rahadyan anulya jongkok ||
35. Mariksa lêbêtipun | kilêng-kilêng kinclong warninipun | kadya lingsah ingkang sakalangkung wêning | swara kumrangsang saya sru | wusing anon ngandika lon ||
36. Punapi marmanipun | lampah bocong Ki Jatipitutur | matur kurmat rèh wus cêlak dunungnèki | Prabu Anom Tunggulwulung | kadinanan ngèlmi kaot ||

28. Asmaradana
1. Kang kilêng-kilêng kaèksi  | gih punika netranira  | lêbu lir awu warnane | tilas Linglung duk samana | pinantèk tutukira | badan polah siti (m)blêdug | nanging botên sagêt kesah ||
2. Krikil warangan puniki | kinarya nyêmêng gêgaman | toyane jram pêcêl winor | paedah ampuhe mindhak | rahadyan sampun linggar | tan pati doh nulya (n)dulu | sumbêr alit isi toya||
3. Nyêmêk-nyêmêk raos asin | kidul têlêng kawistara | wontên gumuk mujur ngilèn | kilèn gumuk datan têbah | rawa lit kêbak toya | ugi asin raosipun | lèr kilèn têlêng Kasanga ||
4. Ara-ara tinon asri | sitinipun bulak pêthak | barênjul samya inggile | turut pinggir pupundhungan | dumugi ing lèr wetan | mathuthuk lir wisma pingul | bênggang ajêg lir tinata||
5. Wetan têlêng tinon asri | waradin pênuh thukulan | rumput mêrakan myang mendhong | têkèng kidul notok arga | tinon asri kawuryan | nglilipur ing tyas margiyuh | Ki Jati malih turira ||
6. Ingriki bilih marêngi | mangsa katiga akathah | sima sawêr samya manggon | asring-asring ing Kasanga | sawiyaring têlêngnya | (m)blêdhos swara kadya gludhug | inggilnya ngungkuli arga ||
7. Tinon yêktos (ng)gigirisi | gih punika kruranira | Tunggulwulung ingkang manggèn | ing sangandhaping Kasanga | ri wusnya mangun krura | kula gya mariksa gupuh | punapa kawontênannya ||
8. Yèn katingal sanepaning | maryêm badhe wontên pêrang | yèn katingal kados layon | badhe kathah tiyang pêjah | sampuning amariksa | nuntên lapur lurah ulun | dhatêng Mêthakan ing Sela ||
9. Kang nglajêngkên mring Mantawis | dene lèpèn cacah gangsal | kalamun rêndhêng mangsane | punika dados satunggal | tinon wus kadya rawa | ila-ilane rumuhun | para priyantun ing praja ||
10. Saèstu yèn botên kenging | anon têlênge Kasanga | kilap punika wadose | yèn tinrajang kadrawasan | linungsur kang darajat | apês nandhang ing papa gung | kinêbat kang sandhang pangan ||
11. Wus tapis dènnya ningali | Ki Jatipitutur lingnya | suwawi angalèr ngilèn | punika tilas kadhatyan | nagri Mêndhangkamulan | ing Kasanga wus kapungkur | prapta tilasing kadhatyan ||
12. Wujud kantun siti mênggir | wus dumadya wanawasa | linajêngkên ing lampahe | prapta ing sêndhang Ramêsan | wawêngkoning Kradenan | cakêt satêpining ranu | tan patya lêbêt kang toya ||
13. Kalangkung gawoking galih | de toya sasêndhang wrata | kadi dene wedang umob| lir umbul modal ing toya | gumlêdhêg kang suwara | mancawarni toyanipun | pindha kukuwung wangkawa ||
14. Ijêm jêne wungu abrit | dadu jambon cêmêng pêthak | inginum anta raose | sêmune kaworan lirang | bêntère sawatara | tan na ilèn-ilènipun | pindhane kadya balumbang ||
15. Ki Jati turira aris | punika sêndhang Ramêsan | lajêng tindak mring Carèwèk | aningali gumuk karang | sanginggil gumuk ingkang | êlèr miwah kilènipun | wontên sumbêripun samya ||
16. Asin raosing kang warih | punika kenging kinarya | sarêm alêmbut warnine | sêmu abrit asin kirang | wus têrang pinariksan | lajêng mangalèr sang luhung | ing Mêndhikil kang sinêdya ||
17. Praptèng gumuk datan inggil | nulya samya inginggahan | sampun rawuh ing têpine | lir sumur bundêr apapak | nanging tan isi toya | êndhut cuwèr ngantya pênuh | papak lambe ambaludag ||
18. Lir pendah umob swarèki | bêntèr namung sawatara | wontên ilèn-ilènane | mili we asin raosnya | gya anon sumur tiga | lir wedang panas wenipun | kang kadya sumur lit kathah ||
19. Toyanipun ugi asin  | sadaya kenging kinarya  | sarêm kadi ing Carèwèk  | kawratan wus pinariksan  | ing Blêdhug tinindakan  | saking mandrawa kadulu | anon ara-ara wiyar ||
20. Ki Jati turira aris | punika kang katingalan | ing Blêdhug Kuwu wastane | kalangkung agêng tinimbang | lawan kang kathah-kathah | mawi suwara jumêgur | tan kêndhat dalu raina||
21. Kiraka suwawi kampir | nêdha andika atêrna | Ki Jati sandika ture | saking Mandhikil wus linggar | tan dangu lampahira | praptèng talatahing Kuwu | katon trang umbuling lahar ||
22. Ra-ara wangun pasagi | kandhêg ing têpi rahadyan | milih siti ingkang atos | kang êmpuk tan kenging kambah | rahadyan kagawokan | miyat ing têngahing Blêdhug | malêmbung kadi plêmbungan ||
23. Palêndhungnya langkung inggil | dupi wus katon gya pêcah | jumêgur asru swarane | kadya maryêm kapiyarsa | mêdal kumukus pêthak | wusing (m)blêdhos ngandhap mlêndhung| kadya ing suwaunira ||
24. Lumintu datan sarênti | swaranira nora kêndhat | ki Jati umatur alon | malêndhung tuwin nyuwara | tan lèrèh dalu rina | katiga rêndhêng kèh jawuh | tansah makatên kewala ||
25. Punika kang alit-alit | ungêlipun datan sora | ugi makatên patrape | upami wontên kang ngambah | lajêng amblês kewala | sangking lêbête kalangkung | sampun èstu lajêng sirna ||
26. Ki Jati ngupados dêling | tinalorongkên manêngah | dêling amblês datan katon | lah punika dêling ical | tri ari yèn klêrêsan | dêling mumbul katut lumpur | malêsat dhawahnya têbah ||
27. Kadhang kalajêng tan mijil | sadaya kang kauningan | punika patilasane | Tunggulwulung Linglung Jaka | pramila ingaranan | Kuwu nalika mênthungul | wontên ngriki ngantos lama ||
28. Siniwèng naga sabumi | kacariyos ngantos krama | ugi angsal putri Blorong | rahadyan kasêngsêm miyat | kaelokaning Sukma | sru nalangsa mring Hyang Agung | dene sipate kang ula ||
29. Mawèh tilasing nagari  | kalimput ngulati kadang  | dadya gandrung ing Hyang Manon | katongton murah asihnya | aris wijiling sabda | kiraka Jatipitutur | punapa sun walêsêna ||
30. Tanduk tanggaping kang êsih | dhumatêng badan kawula | datan mantra lagya nêmbe | de arsa asung carita  | nêdahkên kanyataan  | patilasaning ngaluhung | lalakyan jaman kadewan ||
31. Mila sru panuwun mami | winantu ing suka rêna | myang dèn agung aksamane | ing mangkya ulun paliman | andumugèkkên lampah | kantun manggiya rahayu | jinurunga ing sakarsa ||
32. Tur wangsulan sami-sami | kula sakalangkung bingah | de paduka karsa nyruwe | mugi raharja ing lampah | anulya sasalaman | Ki Jatipitutur mantuk | radyan lajêng lampahira ||
33. Kadalon anulya mampir | dhumatêng ing dhusun Sela | (n)jujug ing pajurukuncèn| ki jurukunci atanggap | manggihi kang dhatêngan | alon wijiling kang wuwus | rèhning wus ciklu manira ||
34. Aywa dadi tyasirèki | manira datan akrama | marang sariranta anggèr | mangkya ingsun nilakrama | ing êndi kang pinangka | lawan sapa kakasihmu | mring ngêndi kang sira sêdya ||
35. Rahadyan umatur aris | jêng kyai dhawuh paduka | saèstu sampun lênggahe | ngasêpuh maring ngamudha | ngoko tan mawi krama | de lamun andangu ulun | pun santri ing dhukuh wetan ||
36. Kula mangkya nyuwun uning | ingriki namaning dhêkah | jêng kyai lon andikane| èh kulup kawruhanira | ing kene krajan Sela | kabawah marang Mantarum | ya ingsun ingkang rumêksa ||
37. Luluhurira narpati | paparab Ki Agêng Sela | ingkang sumare ing kene | aranku Ki Pariwara | kaprênah buyut lawan | Kyagêng Gêtaspandha wèku | mamanising tanah Jawa ||

29. Dhandhanggula
1. Lah ta kulup sira ywa kuwatir | sayêktine ingsun nora samar | marang lalakonmu anggèr | rèh ginadhang sirèku | cacalone janma linuwih | kang jênjêm manahira | anèng wismaningsun| upama sira babakal | karya wisma ingsun amanjurung tali | rahadyan duk miyarsa ||
2. Asrêp ing tyas aturira aris | dhuh pukulun ragèngsun sumangga | datan lênggana dasihe | mangkana sang abagus | ngantya lami nèng Sela kampir | anujwari sajuga | sabakdaning Subuh | Kyai Agêng Pariwara | lênggah srambi rahadyan tan kenging têbih | jêng kyai angandika ||
3. êh ta kulup dèn kaparèng ngarsi | kawruhanmu nora endah-endah | ngèlmu kang sun imanake | amung piwulangipun | eyang Kyagêng Sela linuwih | nyatane wus anyata | cihnane linuhung | kang mêngkoni tanah Jawa | datan liya têdhake Jêng Sela Kyai | lah iki piyarsakna||
4. Papali ki ajinên (m)bêrkahi | tur salamêt sêgêr kawarasan | pêpali iki mangkene | aja agawe angkuh | aja ladak aja ajail | aja manah surakah | lan aja calimut | lan aja guru-alêman | aja jail wong jail pan gêlis mati | aja amanah ngiwa ||
5. Aja saèn dèn wêdi ing isin | ya wong urip hya ngêgungkên awak | wong urip pinèt baguse | aja lali abagus | bagus iku dudu mas picis | pan dudu sêsandhangan | dudu rupa iku | wong bagus pan ewuh pisan | sapapadha wong urip pan padha asih | pêrak ati warnanya ||
6. Aja mangeran ing êmas picis | aja mangeran ing busanendah | ja mangeran kabisane | aja mangeran ngèlmu | aja mangran têguhirèki | aja mangeran japa | aja (ng)gunggung laku | kabèh iku siya-siya | aja sira (ng)gugoni kawruhirèki | lah iku mundhak apa ||
7. Angkuh kang jujur arahên kaki | aja sira angarah kèringan | saidhêp-idhêpe dhewe | ewuhe wong tumuwuh | dipun bisa ngenaki ati | atine sapêpadha | nêpsumu ja turut | iya nêpsuning manungsa | kudu kèdhêp iya sapadhaning janmi | iku sira sirika ||
8. Aja sira padhakakên jalmi | aparentah marang sato kewan | kêbo sapi lan ayame | aja sira prih wêruh | kaya uwong pan nora bangkit | aja kaya Samêrta | kêbone pinupuh | kinèn sinau mêmaca | wus pasthine kêbo sapi nora bangkit | mulane awuwuda ||
9. Ayam ginusah munggah ing panti | atanapi yèn amangan bêras | kêbat ingadhangan bae | iku wong ngolah sêmu | yên têtangga sarate kaki | yèn layak ingaruhan | aruhana iku | yèn tan layak ênêngêna | apan iku mangan sêgane pribadi | pan dudu rayatira ||
10. Yèn mungguha rayate pribadi | kapenakna ya rayate ingkang | nglarakêna ing atine | aja sira mumuruk | tuduhêna yèn dèrèng sisip | yèn uwis katiwasan | aja sira tutuh | kelangan wuwuh duraka | aja sira ngumpah-umpah iku kaki | lah iku mundhak apa ||
11. Dèn aolah mungguh ing ngaurip | aja nganggo ing sadaya-daya | wong urip pan akèh lire | dipun ngidhêp pakewuh | ewuh iku tigang prakawis | pakewuh ing pangucap | ewuh ing pandulu | ana ewuh jroning nala | yèn katara alane sajroning ati | pan dadi panggraita ||
12. Dipun wuruk lan idhêp ing ngisin | isin iku pan kalih prakara | dhingin isin Pangerane | dene ping kalihipun | dipun isin padhaning janmi | yèn kalakona wirang | isin têmahipun | dipun atut akakadang | pawong sanak aja pêgat ngati-ati | yèn cêla dadi ala ||
13. Aja sira watak wani-wani | maring sanak pawong kadangira | aja sira watak dahwèn | aja watak kumingsun | aja watak ngaruh-aruhi | aja awatak ngiwa | ala kang tinêmu | sing sapa atine ala | nora wande ing benjing iku nêmahi | wong ala nêmu ala||
14. Sing sapa andhasarakên bêcik | nora wurung benjing manggih arja | miwah saturun-turunne | yèn turune dadya gung | amarentah marang wong cilik | aja sadaya-daya | dadi nora tulus | saênggone dadi cacat | aja nacah parentah marang wong cilik | aja sawiyah-wiyah ||
15. Aja sira watak wani-wani | aja sira watak ngajak tukar | aja ngandêlkên ngèlmune| aja sira anguthuh | aja ladak aja ajail | aja doyan sêmbranan | dadi wong katutuh | niniwasi dadènira | lamun ana wong patrap dipun awêdi | malati iku uga ||
16. Balik iku lah tirunên kaki | janma patrap sira kasihana | sira araha sawabe | ambêrkati wong iku | nora kêna yèn dipun aji | tirunên lagi wênang | pambêkane alus| yèn angucap ngarah-arah | yèn alungguh nora pêgat ngati-ati | nora sawiyah-wiyah ||
17. Aja sira watak suka singgih | aja sira kapengin kêdhatan | kukuwasan apadene | aja sira madhukun | aja (n)dhalang aja agrami | aja budi sudagar | aja budi kaum | janjine jakat lan pitrah | dipun suda padune cukêng abêngis | iku kaum kang nyata ||
18. Kumbah surakah cukit adulit | iya jagal mêlantên amêrna | iku nora dadi gêdhe | sirikên ujar iku | ing wong urip dipun tabêri | mapan katêmu basa | pan katêmu sêmu | mapan katêmuning ulat | atining wong kang ala lawan kang bêcik | kang jujur antêng cahya ||
19. Kawruhana janma kang kakiki | iya iku guruning pandhita | nora katara lakune | tan cêgah tan asaum | nora tapa nora amutih | sangking prayitnanira | ing ngawake iku| prayitna ing ngawakira | mung sanake puniku kang dènwêdèni | sanake iku jagat||
20. Banyu bumi angin lawan langit | srêngengene kalawan rêmbulan | punika sanake kabèh | janma kang salah iku | iya iku satrune nênggih | mulane ana lara | walat kang tinêmu | janma kang jujur punika | lanang wadon punika sanake singgih | mulane ana sawab ||
21. Kang satêngah kang durung sayêkti | dènnya amrih budi kapandhitan | pijêr wayang-wuyung bae | tansah ngalor angidul | mêndhak-mêndhak saba wong sugih | ngèlmu ginawe kasab | angucap (ng)gadêbus | angincih darbèking liyan | nora wêruh awake kalêbon eblis | dadi wong ngayawara ||
22. Apan cêgah jênênge ing ngèlmi | kang asaba omahe nangkoda | miwah mantri apadene | lumuh kêna ing siku | dènnya amrih budi lêstari | budi marang kararjan | ing beka tan keguh | bekane ing wong ngulama | pan kapencut marang ingkang mêlik-mêlik | dadine ngandhap-andhap ||
23. Yèn ngantiya kasor ingkang ngèlmi | pan duraka jênênge ngulama | wus awak buta ragane | wus linglung kadalurung | nora wêruh kêna piranti | tansah karya paekan | dènnya anjêjaluk | datan etang jiwa raga | (m)babêntusi dènnira amrih pakolih | sumrênyuh lakonira ||
24. Anglakoni karyane kang dènprih | iku sing wong tan wêlas ing badan | tan asih maring jisime | dadi banjur kalurung | nora antuk wahyuning ngèlmi | lakune lalawora | tansah wayang-wuyung | mung melik ingkang dènancab | durung wêruh ing laku sikuning ngèlmi | polah sadaya-daya ||
25. Pangrasane wus bênêr kang ngèlmi | tan angrasa lamun ingèsêman | marang sujanma kang luwèh | iku wong kumprung pêngung | nora wikan kêna piranti | sabab wus ati setan | lakune wus liwung | pangarahe tan riringa | wus kalulun atine kalêbon eblis | wus tan wruh isin wirang ||
26. Apan kathah pan bekaning urip | dènnya amrih pakolihing badan | amrih kuncara ngèlmune | mêlèke sabên dalu | tansah agung acêgah bukti | andhap-asor kalintang | èsême lir dhuyung | ulat manis ati sabar | dadi gêndam èsême guna piranti | ênênge salah cipta ||
27. Tan mangkana ingkang sampun yêkti | badan iki ingkang kadi sarah | anèng lautan pamane | apa umbaking banyu | sarah anut umbaking warih | iku jênêng kawula | tan darbe karsèku | anging purbaning Pangeran | tanpa karsa kalimput marang sawiji | wus kèrêm ing sagara ||
28. Nora nana dènparani ati | pan wus liwung tan darbe Pangeran | pan suwung jati kawruhe | datan dulu-dinulu | tan amanggih datan pinanggih | tan paran tan pinaran | wus tumêkèng suwung | sasolahe pan asamar | nora nana kang kaduga anampani | liwung kadya wong edan||
29. Wusing tamat radyan anungkêmi | padanira Kyagêng Pariwara | waspa drês alon ature | dhuh babo sang awiku | karsa paring pituduh jati | asru panuwun amba | kapundhi ing ngêmbun | amung pangèstu paduka | kasawaban ing sabda ri sang linuwih | tumancêpa ing nala ||
30. Kyai agêng angandika malih | patilasan dibyane Jêng Sela | têka ing samêngko isèh | dongènge duk ing dangu | panawure laku tatanin | sasawah nanêm gaga | ing sawiji wêktu | sabakdane salat Ngasar | marang sawah papaculira cinangking | praptaning pasabinan ||
31. Gya tumandang wus adatirèki | lajêng mêndhung riwis-riwis jawah | kagyat gêbyaring calèrèt | kiyagêng maos gupuh | subganalah nulya kaèksi | kaki-kaki lumarap | jêng kyai tan keguh | tan samar marang kang prapta | pinurugan pandhapan dènnya lumaris | si kaki wus cinandhak ||
32. Wus kaasta jumêgur swarèki | ingkang pindha kaki-kaki ika | apan gêlap satuhune| ingêrut gandri gupuh | kyai wangsul anambut kardi | si gêlap gêdabigan | datan bisa ucul | sabanjure katur sultan | ing Bintara banjur kinunjara wêsi | tan lami ana prapta ||
33. Nini nyangking bêruk isi warih | amurugi maring pakunjaran | toya gya siniratake| wus sirna kalihipun | tinggal swara anggêgêtêri | kunjara wêsi rusak | mawut anggalêpung | dadya kondhang sanagara | Kyagêng Sela sanyata lamun linuwih | bisa anyêkêl gêlap ||
34. Uwit gandri kang kaanggo (ng)godhi | sauwise gêlap katur nata | dadya murub mèntèr-mèntèr | kiyagêng adhadhawuh | marang putra wayah myang abdi | padha sira (n)jupuka | gêni gêlap iku | anggonên dadamar omah | insa Allah kinajrihan gêlap yêkti | marma ywa pêjah-pêjah ||
35. Ing saiki gêni gêlap maksih | ingkang durung katular-tumular | anèng pasareyan (ng)gone| apan ta sabên taun | manira tur tularan api | kunjuk jêng sri pamasa | maring ing Mantarum | sawah kang ginarap swarga | mung sabau catur kêdhok dèn arani | si Mêndhung mula aran ||
36. Awit sabên (ng)garap kangjêng kyai | banjur mêndhung rong kêdhokke aran | Subganalah katêlune | Pandhapan arannipun | pate kêdhok ing Gêlap nami | katêlah têkèng mangkya | gandri kang katunu | sirna namung lêmahira | ngilak-ilak tan thukul katang myang têki | iku caritanira ||
37. Anjabane ngolah têgal sabin | marang kulawangsa amumulang | agawe blêng myang uyahe | gawe nila nanandur | kêmbang pulu kalawan maning | anandur kang jujutan | marna bênang alus | sutra kang bakal kinarya | cindhe gêdhog ngadani yasa dhapuring | omah joglo limasan ||
38. Nganggit-anggit corèke kang lurik | tuwuhsela têlu lima lawan | badra sapanunggalane | abah-abah pinatut | winuwuhan wangunanèki | anguripkên petungan | sing pasitèn iku | nguni kang miwiti etang | sri Manuhun nanging tan ana praduli | dadi wite kalakyan ||
39. Eyang Sela tumêka saiki | lêmah dadi sanggane wong juga | ingaran sabau kuwe | gawene wong ro iku | diarani cacah sakikil | gawene uwong papat | ngaran cacah sak-jung | piridan petungan jagal | sampil siji sabau dwi sampil kikil | sampil pat sak-jung rannya ||
40. Dhasar sugih kawignyan myang lantip | ya Ki Ngabdurakhman Kyagêng Sela | prayoga prêdinên jêbèng | grendanên tyasirèku | sukur bage bisa nyèplêsi | orane mung mirida | lalabuhanipun | kajabèku patilasan | angratani dadi wasiyat narpati | sri nata Ngèksiganda ||

30. Sinom
1. Mangkana tyasira radyan | dupi myarsa ngandikaning | Kyai Agêng Pariwara | dadya supe dhahar guling | ing nala kang kalingling | amung sihira Hyang Agung | rum manis aturira | kiyagêng lamun marêngi | dasihipun arsa dumugèkkên lampah ||
2. Paduka kantuna arja | kawula anyuwun pamit | iya kulup hywa pêpeka | ingsun nyangoni basuki | sawusnya mangênjali | sasalaman nulya mundur | Gathuk Gathak pamitan | wus linilan kalihnèki | ruruntungan tan pisah lan bêndaranya ||
3. Ngalèr ngilèn lampahira | wanci ngajêngakên Mahrib | praptèng Gubug padhêkahan | anon urube kang api | nèng satêngahing sabin | kinubêng ing mandera gung | ana panti kang cêlak | dhapur masjit cakêt api | Dhatuk Bahni ing Marapi kang atêngga ||
4. Wikan lamun kadhatêngan | gya mijil sangking ing panti | wus pinanggih lan rahadyan | samya sasalaman katri | ki Dhatuk ngandika ris | katabêtan ingkang rawuh| sru bêgja kêmayangan | de ana kang sudi kampir | mring asonya mas putu pundi pinangka ||
5. Lawan sintên kang sinambat | paran kang sinêdyèng kapti | rahadyan matur prasaja| kula nama Jayèngrêsmi | de rencang kula kalih | pun Gathak lawan pun Gathuk | ing Giri kalairan| tan ana sinêdya ngati | ambalayang ngupadosi dwi kakadang ||
6. Mangkya pados pasipêngan | pramila bilih marêngi | nyukêri jogan paduka | ki Dhatuk latah dènnya ngling | dhuh babo wong asigit | sampun kang sipêng sadalu | sanadyan salaminya | kêparêng dhadhêkah ngriki | iba-iba pun kaki bingah ing nala ||
7. Wawi ngambil toya kadas | sêdhêng wancinira Mahrib | wusing kadas Gathak adan| paragat waktu Mahribi | pujiyanira ngênting | sampêt waktu Ngisanipun | wusing bakda salaman | lajêng lalênggahan sami | wus ambanjêng sugatanira ki wisma ||
8. Liwêt kêtan panggang ayam | cinocoh ing santên kanil | winadhahan panjang ilang| sambêl windu saking miri | linêmêng bumbung pêting | gula siwalan nèng ngêmpluk | wedang sêkar sridênta | Ki Dhatuk wacana manis | wawi bagus pun kaki atur sugata ||
9. Sapala amung kinarya | lumayan aywa kalantih | pikantuk dènnira dhahar | linorotkên marang abdi | rahadyan matur aris | ing wau kula andulu | siti rêsik arata | gumrêbêg umêdal agni | urubipun ingkang acêlak bantala ||
10. Warni ijêm biru jênar | kadya sêkaran tinêpi | inggiling urub saasta | wiyarira sawatawis | cakêt lawan Marapi | wontên sela alus bagus | kadya umpaking wisma | Ki Dhatuk ngandika manis | ing Marapi kang murub mangalat-alat ||
11. Wawi bagus pinurugan | wus mêdal sangking ing masjit | kêrit ki Dhatuk lampahnya | prapta cêlaking Marapi | Ki Dhatuk malbèng gêni | ingusêg suku wus lampus | pêtêng dhêdhêt limêngan | tan dangu gya murub malih | Dhatuk Bahni wacana lah Gathuk Gathak ||
12. Usêgkên suku lir ingwang | lamun mêngko uwus mati | sulêtên sadhengah-dhengah | pasthi banjur murub maning | Gathak Gathuk turnèki | dede pabênan (m)bah Dhatuk | latu kangge mainan | jabakneya yèn kiyai | bilih kula yêkti kobar dadi wangwa ||
13. E ta mara lakonana | Gathuk jinorogkên aglis | mring Gathak dhawah kalumah | cakekalan dènnya tangi | tan ana raosnèki | wus ingusêg suku lampus | sinulêt nulya gêsang | nahan toyanira sabin | gya ngêlêbi sadhêngkul lêbêting toya ||
14. Latu maksih kantar-kantar | anèng sanginggiling warih | rahadyan asru kagagas | kaelokaning Hyang Widdhi | kadiparan kiyai | mila bukane rumuhun | ki Dhatuk Bahni lingnya | wikana ulun tan uning | wau umpak punika duk jaman Dêmak ||
15. Adêge mêsjid ing Dêmak | para wali kang ngadani  | Jêng Susunan Kalijaga | kabageyan umpak siji  | pambêkta praptèng ngriki  | sampun wanci bakda Subuh  | ing mangka datan kêna  | kêbyaran adêging masjid  | gya tinilar mangkya dadya panêngêran ||
16. Sintên wonge kang kuwawa | anjunjung sabari linggih | kalakyan sasêdyanira | suwawi yèn badhe nyobi | rahadyan turirèki | amung ngalap bêrkahipun | linuhung waliyolah | kaecan dènnya ningali | ing Marapi dadya tan wangsul mring wisma ||
17. Rahadyan matur tatanya | kula mirêng caritaning | ing nagari Ngèksiganda | têlênging karaton Jawi | yèn arsa mangun kardi | amikramakakên sunu | dêging tarub ingetang | myang wulanya kêdah milih | ing karêsmèn pados dintên kang prayoga ||
18. Inggih bagus dhasar nyata | sanadyan ing dhusun ngriki | sabên ayun darbe karya| sami tatanya mring mami | wulan ingkang prayogi | kangge andhaupkên sunu | piridan sangking Arab | miwah etangipun Jawi | pan kinumpul supadi manggih widada ||
19. Adêging tarub punika | pêpitu etanganèki | awite tanggal sapisan | tarub-ratu dèn wastani | tanggal kapindho nênggih | seluman-lanang rannipun | ping tiga seluman-dyah | ping pat rahayu basuki | kaping lima rahayu salamêt tama ||
20. Kaping nêmme pati-lanang | kaping pitu pati-èstri | ping wolu sami sapisan | têkèng sapiturutnèki | mangkya ingetang sami | kaping sapisan ping wolu | limalas rolikur lan | sangalikuripun nênggih | pan ingaran tarube sri naranata ||
21. Pindho sanga ping nêmbêlas | têlulikur tridasèki | seluman-lanang ingaran | ping tiga sadasa tuwin | [ kaping pitulas yêkti (sumber : koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS) ] | seluman-wadon puniku | kaping pat ping sawêlas | wolulas salawe nênggih | apan sami rahayu kawilujêngan ||
22. Kaping lima kaping rolas | sangalas nêmlikur sami | rahayu tur karaharjan | ping nêm ping têlulas tuwin | dwidasa saptakuring | ngaran pati-lanang iku | ping pitu ping patbêlas | slikur wolulikur sami | ingaranan pati wadon tan prayoga ||
23. Samonoku nyingkirana  | sangar naas gung myang tali | -wangke sampar-wangke miwah  | dhêndhan-kukudan lan mawi | sangat adêgirèki  | ingkang saka awitipun  | sarat nganggeya saka | dhadhap srêp têka satunggil | kang prayoga prayogine dèn anggeya ||
24. Satunggal tarubing-nata | agême jêng sri bupati | kalihe seluman-lanang | tri seluman-wadon nênggih | sami datan prayogi | kaping sakawan rahayu | kaping gangsal raharja | punika sami prayogi | kaping nênêm pati-jalêr tan prayoga ||
25. Kaping sapta patining-dyah | ugi tan sae pinanggih | petang sapta yèn sri nata | kang kagêm petang satunggil | sanèse narapati | petang sakawan puniku | kalawan etang gangsal | punika salah satunggil | kang kinarsan dene wulane kawinan ||
26. Wontên sabdaning Utusan | adhawuh ing para mukmin | dèn padha angawruhana | ing wong kang salaki-rabi | amanggih papa nênggih | lamun awon wulanipun | raharja manggih suka | lamun sasinipun bêcik | prayogine dèn sami nyumêrêpana ||
27. Lamun Mukaram dohêna | tyang akawin laki-rabi | utangan ngalamatira | wulan Sapar tan prayogi | wikana kang pinanggih | Rabingulawal kang tèngsu | pêjah salah satunggal | yèn wulan Rabingulakir | manggung runtik tansah arêbat suwala ||
28. Ing wulan Jumadilawal | antuk druhakèng Hyang Widdhi | tur akêrêp kapandungan | jinahan pakartinèki | yèn kawêntara yêkti | anandhang wiwirang gung| Jumadilakir wulan | sugih êmas lawan picis | wulan Rêjêb kadadèn anak lan dunya ||
29. Ing wulan Sakban raharja | sakgawene nêmu bêcik | wulan Ramêlan duraka | kathah pandamêling eblis | wulan Sawal tan bêcik | gêringan pakantukipun | ing wulan Dulkangidah| asring susah ngliliwati | wulan Bêsar raharja sasolahira ||
30. Iki karêsmèn winarna | kang pangandika Jêng Nabi | salalah ngalèhi salam | rikala amituturi | dhatêng kang putra èstri | Siti Patimah kang luhung | lawan dhadhawuh marang | putra mantu Sayit Ngali | raliyalahu nganhu babing masalah ||
31. Ing wong karêsmèn lan garwa | èh Ngali pituturmami | aja sira asanggama | tanggal pisan lawan malih | ing wêkasaning sasi | nora bêcik karonipun | iku kalamun dadya | anake mêtoni cilik | lawan aja asanggama tanpa damar ||
32. Lamun dadi sutanira | balilu kurang kang budi | lawan aja asanggama | dina Akat lan wêngining | iku kalamun dadi | pan durjana larenipun | lawan aja sanggama | ing dina Rêbo tan bêcik | lan wêngine yèn dadi bocah cilaka ||
33. Lawan aja asanggama | wêktu pajar nora bêcik | lamun dadi larenira | tuna-liwat larenèki | lan aja karon rêsmi | nalika têngange iku | kalamun dadi bocah | dadi juru têluh ugi | lawan aja sanggama malêm riyaya ||
34. Wit ri lamun dadi bocah | duraka mring bapa bibi | lawan aja asanggama | malême riyaya iki | Bêsar kalamun dadi | bocah siwil adatipun | lan aja asanggama | ingkang katlorong Hyang Rawi | lamun dadi bocah adoh bêgjanira ||
35. Lan malih aja sanggama | sambi ngadêg datan bêcik | mangka lamun dadi anak | duwe lara bèsèr benjing | lan aja karon rêsmi | nalikane dina Saptu | miwah ing wêngènira | iku lamun dadi bayi | bilaine adate kalêbèng toya ||
36. Lan aja sanggama sira | sambi ngusapi parêji | miwah dakar iku aja | ngusapan lawan jêjarik | mangka kalamun dadi | bocah kurang budinipun | lan aja asanggama | sambi rarasan tan bêcik | mapan bisa adate yèn dadi bocah ||
37. Lawan aja asanggama | kalawan ningali parji | lamun dadi larenira | wuta adate puniku | lawan aja karêsmin | nèng ngisor wit-witan iku | kang pinangan wohira | yaiku kalamun dadi| larenira panggaweyane niaya ||
38. Lawan aja asanggama | malêm Barahat tan bêcik | lamun dadi larenira | anandhang lara tan mari | iya kalawan malih | aja sira karon lulut | ana ing panginêpan | puniku kalamun dadi| larenira abangêt cilakanira ||
39. Lan aja sanggama sira | anuju kèlling pawèstri | lamun dadi larenira | budhug adate kang sakit | poma Ngali dèn eling | imanêna tuduhingsun | èh Ngali sanggamaa| malêm Sênèn iku bêcik | myang rinane apan iya bêcik uga ||
40. Lamun dadi larenira | watêke sarêgêp ngaji | lawan sira sanggamaa | ing malêm Sêlasa bêcik | lawan raina bêcik | lamun dadi bocah iku | akèh wong ingkang trêsna | lawan sanggamaa Ngali | malêm Kêmis miwah arainanira ||
41. Lamun dadi sutanira | pan akèh bêgjanirèki | lawan sira sanggamaa | ing malêm Jumungah bêcik | nadyan raina bêcik | lamun dadi sutanipun | apan sugih kabisan | lan sanggamaa sirèki | sadurunge lingsire dina Jumungah ||
42. Utawa ing Kêmis dina | karone iku ta bêcik | yèn dadi atmajanira | dadi pangulu lan malih| sinunatakên ugi | ing wong asanggama iku | yèn amaca bismilah | hirakhman ya nirakimin | lan amaca tangawut pan sunat uga ||
43. Yèn tan amaca bismilah | nalika arêp sahwati | lamun dadi sutanira | balilu tuna kang budi| mila yèn arsahwati | dêrênge (ng)gene tangawut | mênèk ana panjanmaning | satru kang dèn kawruhi | dipun sami ngèstokkên Kadis asmara ||


( Ana Candhake... )