Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.4



31. Asmaradana
1. Lan wontên kaol mèngêti | lamun arsa sacumbana  | lan garwa miwah sêlire | anyingkirana ing dina |   Saptu Lêgi ya aja | akarêsmèn dina iku  | awon adate yèn dadya ||
2. Larene agadhah sakit | edan kang wus kalampahan | ana dene panyirike | namung sadalu sasiyang | lan maninge ya aja | acumbana wêngènipun | ingkang garêbêg titiga||
3. Punika pan botên bêcik | lamun dadi larenira | sok gadhah ayan sakite | lan malih lamun cumbana | lan wanodya kèl aja | lamun dados putranipun | sok (ng)gadhahi sakit barah ||
4. Poma dèn sirika ugi | yèn wong wadon lagi tarab | aja sok gramah-guramèh | yèn durung adus-kèl aja | dèn ajaka cumbana | lamun sangêt karsanipun | pan angur golèka liya ||
5. Dene ta ing Tumpak Manis | lan bêngi garêbêg tiga | singgahana aywa supe | kalamun sangêting karsa | têka dèn bêtahêna | kadar pira mung sadalu | yèn wis bakda cumbanaa ||
6. Kadi ta ing Tumpak Manis | sadalu lawan sasiyang | bêtahêna aywa supe | kadar pira mung sadina | sawêngi ngarah apa | ujubêna tapa iku | acacêgah lan wanodya ||
7. Poma dèn èngêt hya lali | ha ywa na ingkang sêmbrana | ing wong tuwa wawalêre | lan wajib ingèstokêna | mangsa silih doraa | lan wontên utamanipun | lamun arsa acumbana ||
8. Mapan ta kêdah amilih | nujua dina Jumungah | kang tan sangar taliwangke | miwah naas singgahana | krêsmèna bakda Luka | yèn wus krêsmèn banjur adus | lajêng mêtoni Jumungah||
9. Punika kalamun dadi | tuture wong tuwa-tuwa | kathah kang dadi masalèh | miwah ta dadi ngulama | tanapi kèh kabêgjan | titi tamat sêrat pemut | prayoga dèn èstokkêna||
10. Gathak Gathuk anggaligik | ngacêmut ririh rarasan | Gathuk Ki Dhatuk ature | mring bêndara bab ngononan | gèk basa banjur ora | Gathuk ririh sauripun | ah wong tuwa iku lumrah ||
11. Coba dak matur kiyai | kajaba kang wus kawêdhar | apa iya ana manèh | sirikan anon-anonan | Gathak majêng manêmbah | rèrèh ririh dènnya matur | dhuh jêng kyai apuranta ||
12. Kamipurune pun patik | anyuwun ing sasêrêpan | kajawi kang wus kawiyos | sirikanipun sanggama | Ki Dhatuk mèsêm nabda | kacung sirèku amêncul | ana maning linarangan ||
13. Wong tuwa kang duwe peling | pan kinon anyinggahana | sacumbana lawan lonthe | miwah lan talèdhèk aja | dèn ajak sacumbana | apan awon tilasipun | akathah kang sakit bêngang ||
14. Lan kaping kaliye malih | asring sakit rajasinga | ting cramumuh ting panyènyèh | yèn munjuk dhatêng ing grana | sok pisêg adatira | yèn mring netra dènnya munjuk | akathah kang sakit wuta ||
15. Ana malih dèn singgahi | sacumbana lan wanodya | ingkang awon pratingkahe | sanadyan silih ayuwa | tan pantês kinêdanan | yèn wus lara kèh kang nutuh | nora nana wong ngalêma ||
16. Nadyan awona sathithik | kalamun antuk parawan | mundhak ngêncêngake otot | pae lan randha wulanjar | tan mundhakake kuwat | namung mirit sampun gambuh | nora susah ajar-ajar ||
17. Ewa mangkono tan kêni | sasênênganing manungsa | pan sêptane dhewe-dhewe | ana kang sêpta mring randha | sawênèh sêpta wlanjar | sawênèh ana wong iku | arêmên rabi planyahan ||
18. Ciptane sajroning ati | rina wêngi digarapa | prandene yèn ngadêg pulèh | nyambuta-gawe sadina | sak jampêl mangsantuka | nalèdhèk bae sabêdhug | olèh kaya têlu têngah ||
19. Miwah lamun sanja bêngi | tan susah nganggo pawitan | mung kêmbang pupur lan borèh | tapih kêmbên sok gantraa | prandene kèh kang tumbas | pan ora nganti sabêdhug | olèh opah limang uwang||
20. Mulane ana nglakoni | ambuwang isin lan wirang | arabi tlèdhèk myang lonthe | pan ora kêna dèn wora | karêpaning manungsa | apan ta sampun asnapun | warna-warna beda-beda ||
21. Warna-warna rupanèki | beda-beda karêpira | nora kêna dèn worake | seje badan seje nyawa | yèn kêna dèn wor-wora | kang tunggal badan nyawèku | prandene tan rujuk karsa ||
22. Kaya mata lawan pêli | miwah wêtêng lawan badan | duwe karêp dhewe-dhewe | matane arsa anendra | wêtênge arêp mangan | badane bangêt alêsu | pêline angajak sahwat ||
23. Lawan ana peling maning | yèn marêngi acumbana | mring garwa miwah sêlire | aja ngakèhkên gêndhingan | tan bêcik lamun dadya | anggalidhig larenipun | adate kang wus kalakyan ||
24. Lan kaping pindhone maning | kalamun jroning cumbana | aja sinambi calathon | guguyon kang tan prayoga | tan bêcik lamun dadya | larene juwèh puniku | wartane wong tuwa-wuta ||
25. Mulane lamun karêsmin | aja ngakèhkên guguywan | balik dèn rêsik badane | miwah ta ingkang sandhangan | wêwangi anganggoa | lamun dadi larenipun | rêsikan pênêt kang warna||
26. Lan manèh jroning sahwati | kalamun kapêntut ala | yèn dadi nyêngit anake | mulane kalamun sahwat | yèn ngêntut dèn pocota | lamun êntut uwis mêtu | enggal nuli balèkêna ||
27. Mula aja akarêsmin | yèn durung rêsik kang badan | tangi turu banjur nyêmplo | nora nganti mring pakiwan | yèn dadi tan prayoga | larene warnine kêthuh | carobo ala kang warna||
28. Lawan ana peling maning | kalamun mêntas amangan | aja sok banjur karêsmèn | yèn durung mêdhun kang sêga | ala marang sarira | anduwèni lara watuk | punika kang wus kalakyan ||
29. Dene ta gampanganèki | kalamun mêntas mamangan | maksih karasa warêge | aja wani-wani sahwat | yèn wêtêng durung lêga | kalamun drêng karêpipun | têka bêtahna sadhela ||
30. Gathak Gathuk duk miyarsi | gumuyu alatah-latah | kapingkêl atos wêtênge | rahadyan mèsêm kewala | Dhatuk Bahni lingira | kacung niku pancèn saru | apan (ng)gunêm calêmêdan ||
31. Rahadyan ngandika aris | punika langkung prayoga | wantah datan mawi tèdhèng| dados gampil linampahan | suwawi linajêngna | rèhning ing ngagêsang tamtu | Ki Dhatuk (n)dhêku turira ||
32. Utami bilih nyingkiri | naas Nabi wulan Sura | tanggal kaping triwêlase | punika nalikanira | Nabi Brahim binakar | kaping tiga wulan Mulud | tinurunkên Nabi Adam||
33. Nêmbêlas Rabingulakir | Nabi Yusup nalikanya | linêbêtakên sumure | Jumadilawal ping gangsal | Nabi Nuh nalikanya | kinêlem ing jagadipun | ping salikur wulan Siyam ||
34. Kalamolah Musa Nabi  | kala kalêbèng samodra  | Sêla kaping patlikure | Nabi Yunus nalikanya | inguntal ulam lodan | Bêsar ping salawe nuju | Jêng Nabi kakasihing Hyang ||
35. Muhkamad ingkang sinêlir | kinrutug sela wong kopar | rêntah kakalih wajane | dene kang kikrik ing petang | sabên wulan kewala | asal tanggalnya panuju | kaping tiga kaping gangsal ||
36. Triwêlas nêmbêlas tuwin | salikur patlikur lawan | tanggalipun ping salawe | sami cinêgah sadaya | kalawan sangar wulan | sataun pinara catur | Pasa Sawal Dulkaidah ||
37. Jumungah sangaranèki | Bêsar Sura lawan Sapar | Saptu Akad sangarane | Mulud Rabingulakir myang | wulan Jumadilawal | Sênèn Slasa sangaripun | Madilakir Rêjêp Ruwah||
38. Sangaripun Rêbo Kêmis | Rahadyan aris ngandika | kathah têmên petangane | yèn makatên kêdah tamban | datan kenging dinadak | o bagus (ng)gih-ênggihipun | kèndêl dènnira raosan ||
39. (n)Dungkap wanci pajar gidib | samya ngambil toya kadas | nulya prêlu wêktu Suboh | paragat dènnira wêkdal | rahadyan ngaraspada | dhuh Ki Dhatuk Bahni tuhu | asung kakanthining gêsang ||

32. Kinanthi
1. Kalangkung gunging panuwun | paduka sung têdah jati | pênêt awoning pakaryan | wênang mokaling sanggami | kang sayogya linampahan | patut linaluri-luri ||
2. Ing mangkya kawula nyuwun | lilahipun sang linuwih | pamit (n)dumugèkkên lampah | kyai kantuna basuki | muhung pangèstu paduka | rahayune lampah mami ||
3. Dhatuk Bahni ngandika rum | dhuh mas-putu wong asigit | sampun kirang pangaksama | ulun sung puja basuki | ing lampah ywa kasangsaya | miwah ingkang dèn padosi ||
4. Sami manggiha rahayu | ramanta kang nèng Mantawis | antuka nugrahèng nata | wangsul (m)bawani ing Giri | sinuhun ing kulawarga | têtêp kadi nguni-nguni ||
5. Radyan (n)dhêku matur nuwun | ri wusira manganjali | atur salam mring sang tapa| Gathuk Gathak angabêkti | sawusing sinungan salam | katri mundur sangking ngarsi ||
6. Kyai Dhatuk ingkang kantun | kumêmbêng waspanya mijil | kaya-kaya nututana | labêt sru trêsnaning galih | tan cinatur kang kabyantan | asruning sih mring tatami ||
7. Radyan lampahira laju | ngalèr ngetan sawatawis | Hyang Surya wus nunggang arga | mungup arsa amadhangi | ing saisining kanang rat | mawèh enggaring panggalih ||
8. Ing pagagan wus kapungkur | tumamèng ing wana wêrit | kèh rawa kang kaliwatan| ngancik sukune kang wukir | talatah krajan Undhakan | dhukuh Prawata kaèksi ||
9. Radèn ngandika mring Gathuk | payo padha dèn parani | padesan kang katon ika | lajêng lampahira katri | praptèng sajawining dhadhah | kèndêl satêpining bèji ||
10. Kayoman ing nagasantun | pinagêran ing wratsari | winêngku ing sela krêsna | radyan ngambil toyastuti | wêktu Ngasar wus paragat | saluku sêpining bèji ||
11. Gathak Gathuk manthuk-manthuk | mêtêki sampeyan kalih | rêngêng-rêngêng sêsingiran | tan ana tinahèng galih | têntrêm raosing sarira | wauta ingkang winarni ||
12. Lurah ing Prawata dhusun | kakasih Ki Darmajati | Darmawati nyainira | atmaja èstri satunggil | paparap Wara Surendra | ing warna tuhu linuwih ||
13. Wingit ing pasêmonipun | kuning wênês amrakati | antêng ruruh tur jatmika | lantip ing wêweka titi | susila tyase ngumala | ujwala manthêr nêlahi ||
14. Ngrêrompyoh sêsinomipun | rema  ngendrawila wilis | jangga lumung asêmbada | wêlar pranajanirèki | maya-maya sinatmata | lir pendah cêngkir piningit||
15. Awijang bêbaunipun | asta anggandhewa gadhing | wiraga nênangi brangta | yèn lumampah ngati-yati | ririh alon mêmbat madya | lambung mêmês kadyangganing ||
16. Tunjung lumembang ing ranu | kasilir ing angin-angin | wasis saliring pakaryan | kang winajibkên pawèstri | sang dyah tumutur ing rama | mring têgal arsa ngundhuhi||
17. Lombok terong pare timun | kacang ceme myang kacipir | lumampah anèng ing ngarsa | kasorot ing Sang Hyang Rawi | mangu-mangu Sang Hyang Surya | dènyarsa tumamèng wukir ||
18. Kasêngsêm miyat sang ayu | dumadya mandhêg tumolih | sang dyah rara kampir sêndhang | têkèng satêpining warih | cangkelak wangsul trataban | ênar-ênar sênig-sênig ||
19. Kapanggih ing ramanipun | sarya awacana manis | rama aku tur uninga | ing kono têpining bèji | ana wong anyar kawuryan | linggih slonjor dipêtêki ||
20. Banèke kang mêtêk ngidung | Kinanthi siji nyênggaki | Ki Darmajati tatanya | dhenok jalu apa èstri | êmbuh rama ora tamat | ki lurah (ng)guguk lingnya ris ||
21. Hèh bokne Nok dèn agupuh | maranga têgal pribadi | kalawan atmajanira | sawuse sira ngundhuhi | apa saisining têgal | banjur olahên kang bêcik ||
22. Mênok angundhuha jambu | dêrsana kalawan manggis | kêpêl kokosan rambutan | dhuwêt pulih aja kari | lan dalima ingkang tuwa | jêruk kêprok salak mêdhi ||
23. Pêlêm santok sêngir madu  | pilihana kang matêng wit  | olaha jangan bêningan | sambêl jagung jangan mênir | pêcêl ayam kang kumanggang  | lalaban cambah kêmangi ||
24. Bêtutu ayam ywa kantun | lan gorengan ayam èstri | gèsèk-kutug gêgêpukan | sambêl brambang lalab slèdri | kêkêcutan sunthi bawang | lawan katimun sumêrit ||
25. Wedang kahwa gula têbu | saringên tapas  kang rêsik | nyanyamikan puthu-têgal | carabikang mêndut koci | sêmar mêndêm buntêl dadar | kinopyok ing santên kanil ||
26. Sambêl gorèng kring ywa kantun | urang campurên lan ati | rambak kulite kang ayam | pêtis kang wus kok bumboni | sêga lêmês sêga akas | liwêt pitik jago biri ||
27. Wedang ronning blimbing wuluh | sing anyêp rêndhêmên warih | rêrêmikaning dhaharan | criping kaspe criping linjik | pisang gorèng nganggo gula | criping tela karag gurih ||
28. Wis mangsa bodho sirèku | pikirên lan bokmu nyai | aywa na ingkang kuciwa | Ki Darma lajêng mring bèji | wau rahadyan kang lagya | pinêtêkan abdi kalih ||
29. Ngandika mring Gathak Gathuk | sira mau muni tobil | banjur mlongo kêdhèp têsmak | Gathuk matur wontên janmi | wanodya warna yu endah | arsa tumamèng ing bèji ||
30. Tan dangu cêngkelak wangsul | kilap wau purugnèki | amung tilase lumampah | (ng)ganthêng kadya lintang ngalih | kintên kula waranggana | apêsipun putraning jim||
31. Kèndêl dènnira umatur | praptane Ki Darmajati | nyakêti lênggahnya radyan | saha aturira aris | dhuh risang nêmbe kawuryan | kula anggèr nilakrami ||
32. Pundi pinangka sang bagus | sintên sinambating wangi | rahadyan arum ngandika| kula aran Jayèngrêsmi | santri nagri Surapringga | saking umiyat Marapi ||
33. Paman punapi pilingguh | lan sintên ingkang wawangi | Darmajati nama kula | lurahing Prawata ngriki | bilih kaparênging karsa | kawula aturi kampir ||
34. Dhumatêng ing sudhung ulun | paman kalangkung prayogi | mênggah dhepokipun paman| gapura ingkang kaèksi | o radèn dede punika | tilas karaton Jêng Gusti ||
35. Sultan ing Dêmak karuhun | paman ulun ayun uning | patilasaning ngawirya | wawi kula kang umiring | linggar saking ing patirtan | Ki Darma lumakyèng ngarsi ||
36. Minggah praptèng alun-alun | lir ara-ara waradin | kantun wringin kalih jajar | nulya minggah mring sitinggil | mangidul anon gapura | angongkang têpining wukir ||
37. Munggul sela gamping bagus | ingukir pinatrap rêmit | margi minggah dhak-undhakan | sela gamping kang kinardi | praptèng lêbêting gapura | Ki Darma aturnya mijil ||

33. Mijil
1. Lah punika wujuding kang puri | ing Dêmak sang katong | dados kalih jêng sultan kithane | bilih rêndhêng linggar dhatêng ngriki | wit Dêmak nagari | kalêban we jawuh ||
2. Yèn katiga wangsul mring nagari | nuntên kang ngadhaton | Susuhunan Prawata namine | akatêlah tumêkèng samangkin | karane kang ardi | Prawata puniku ||
3. Ascaryambêg rahadèn ningali | ingkang têmbing êlor | rawa wiyar ngandhaping parêdèn | lir samodra sinaba ing pêksi | pêl-opêl lan mliwis | blêkok cangak kuntul ||
4. Bangothonthong pêcuk cabak trinil | rang-urangan abyor | andon mangsan mina myang urange | panjrah kadi sêkar tinon asri | wus slêsih ningali | rahadyan tumurun||
5. Amangilèn mring pinggiring rawi | anon sumbêr ayom | binalumbang binatur pinggire | sela pêthak kukubuk pasagi | sajroning botrawi | ingkang pojok catur ||
6. Pinasangan sela gilang langking | winangun ambanon | botên kaclop we têbah kaote | jroning blumbang bulus agêng alit | samya bêlang putih | ngambang tata turut||
7. Isthanira nambramèng kang prapti | Gathak Gathuk gawok | kathik bulus samono akèhe | gêdhe cilik padha bêlang putih | iku kang nglurahi | êndhase sak gênuk ||
8. Darmajati aturira aris | punika sang anom | wasta Grudha tilas siramane | sultan adi ing Dêmak nagari | sela-gilang langking | palênggahanipun ||
9. Miwah sabên wêdal anèng ngriki | nadyan salat Lohor | datan bêntèr kayoman êronne | gayam nyamplung karèbèt waringin | sabên (ng)Garakasih | Jumngah malêmipun ||
10. Kathah ingkang tirakat mariki | dupa sêkar konyoh | nèng ngandhape kakajêngan (ng)gènne | mangga radyan mariksa ing bèji | wastanipun Jibing | pasiramanipun ||
11. Para arum kang samya umiring | ing jêng sang akatong | wus dumugi ing Jibing têpine | gasik rêsik ayom silir-silir | ri-wusnya udani | Darmajati matur ||
12. Sampun tapis ingkang dèntingali | sumangga sang anom | aso dhatêng pun paman wismane | anêntrêmkên rapuhing kang dhiri | radyan mituruti | kerit lampahipun ||
13. Ing pandhapi sampun dèngêlari | pandamira abyor | ngandhap talang lênggahe rahadèn | Gathak Gathuk nèng èmpèr pandhapi | Ki Darma mring panti | sanjang rabinipun ||
14. Sira dhewe ngladenana nyai | lan anakmu dhenok | gantèn êsês wedang dhaharane | mêngko bakda Ngisa wissa ngrakit | dhahar kang prayogi | dhayohmu linuhung ||
15. Darmawati sandika turnèki | sadaya wus mrantos | Darmajati mijil ngarsa radèn | datan dangu sugata lumadi | nyai anèng ngarsi | rara Mênok pungkur ||
16. Gupuh matur sarwi ngacarani | punika ingkang bok | nyai amba Darmawati ranne| ingkang wingking anak amba èstri | pêmbajêng (ng)gih ragil | tan na kadangipun ||
17. Pun Surendra naminipun yêkti | nanging karan Mênok | kidhung wagu tur awon warnine  | labêt kogung wah têbih nagari | bodhone nglangkungi | amung lothung-lothung ||
18. Nyai sira ngaturna pambagi | marang ing sang anom | ingkang êmbok atur basukine | rawuhipun anggèr wontên ngriki | pangèstunta bibi | pan inggih rahayu ||
19. Nyai Darma anolih mring wuri | babo sira Mênok | ngabêktia ing suku nah anggèr| anyuwuna pangèstu glis laki | (n)tuk jodho pêrmati | slamêt panjang umur ||
20. Rara Mênok tan wawang ngabêkti | ing pada sang anom | tatag têtêg tan sêdhêng driyane| ngandikèng tyas Radèn Jayèngrêsmi | èdi bocah iki | ayu trus rahayu ||
21. Nora nana cacade samênir | pantês ambêg tanggon | kêmbar warna amung polatane | ruruh iki lan si Rancangkapti | wusing angabêkti | rara Mênok mundur ||
22. Darmajati aturira aris | sumangga sang anom | kaparênga ngunjuk sawontêne | myang nyanyamik wêdalaning ardi | (n)dhêku Jayèngrêsmi | wedang wus ingunjuk ||
23. Sarwi dhahar cariping kaspèi | têlas tigang kêthok | Gathak Gathuk tan beda suguhe | kacung ngriku nêdha dènrahabi | bikut rarywa kalih | ngombe srupat-sruput||
24. Angathêmil nyamikan pat piring | gasik lir sinapon | manjing Mahrib alinggar rahadèn | maring langgar ki wisma umiring | dumuginya masjit | Kyai Darma wangsul ||
25. Tata dhahar nèng bangku sinamir  |  tinutup ing lawon  |  dilah thonthor brênggala liline  |  rara Mênok ingkang ngrakit-ngrakit  |  rampunging pangrakit   |  (ng)gantèn cêlak bangku ||
26. Darmajati tatanya mring siwi | uwis rampung Mênok | rama uwis mung kari liwête | lan ngêngêti ingkang gajih-gajih | mêngko lamun uwis | lênggah (ng)gonku ngêdhuk ||
27. Kawarnaa kang ana ing masjid | Gathuk adan gupoh | bakda sunat kinamatan age| nulya parlu usali Mahribi | bakda apupuji | têkèng Ngisa-nipun ||
28. Bakda Ngisa radyan ngandika ris | Gathuk bocah wadon | kang dènujungakên mau kae | ayu êndi lan kang marang bèji | Gathuk matur sami | tan gèsèh sarambut ||
29. Eram kula lêganing sudarmi | datan walangatos | lan bocahe têka tatag têtêg | iya Gathuk ing panyawangmami | kana-kene sami | ngena-ngene suwung ||
30. Radèn Jayèngrêsmi ngandika ris | iku nora linyok | wus mangkono wong ngaurip kiye | kacihnaning tandhane sawiji | ngaurip puniki | tan na bedanipun ||
31. Kyai Darma mring langgar ngaturi | ing sang prawira nom | bilih sampun paragat pêrlune| bok-paduka (ng)gènnira sasaji | dhaharnya sang pêkik | mangkya sampun rampung ||
32. Jêng paduka ngaturan mring panti  | radyan tindak alon |  lajêng lênggah cakêt lan mejane  | liwêt angêt lan ulam kang (ng)gajih |  wus lumadyèng ngarsi  | sadaya kumêbul ||
33. Nikèn Darmawati matur aris  | anggèr ingkang êmbok  | tur sugata sakawontênane | radyan (n)dhêku angandika aris  | mangga paman bibi | prayogane kêmbul ||
34. Katri sarêng dènnira abukti | bikut rara Mênok | angimbêti ngladoskên janganne | sambêl ulam tan kêndhat linarih | Radèn Jayèngrêsmi | kang dhinahar amung ||
35. Sêkul liwêt sakluwak tan luwih | gèsèk tlas sajêmpol | lalap sunthi rong iris tan luwèh | wus dumugi dènnira abukti | atob wanti-wanti | Ki Darma angungun ||
36. Wus cinarik wowohan mangarsi | radyan mêndhêt gupoh | dhuwêt pêthak kakalih cacahe| gung ginlintir dhinahar sawiji | Gathak Gathuk bukti | angêndhoni sabuk ||
37. Dhadhaharan sawuse dumugi | mingsêr lênggah ngulon | Kyai Darma matur mring rahadèn | bilih parêng aso dhatêng panti | rèhning lir mas kentir | rahadyan umatur ||

34. Maskumambang
1. Sampun paman sakeca wontên ing ngriki | ndhêku Kyai Darma | ngandika marang ing siwi| ganten êsês ladèkêna ||
2. Wedang dharan lah-olahan saananing | rara Mênok tanggap | angladosi anèng ngarsi | sarbèt sinampirkên pundhak ||
3. Wus tinata Ki Darma angacarani | sumangga kadhahar | pun Mênok mangunahnèki| sisinaon olah-olah ||
4. Radèn mèsêm pangandikanira aris | klêbêt wajibing dyah | sagêd lah-olah sakalir | têgên rigên minta-minta ||
5. Wasis salir pakaryanipun pawèstri | raratus myang wêdhak | parêm tapêl pupur pilis | konyoh jajampi racikan ||
6. Nyumêrêpi samuwaning anggi-anggi | pon-êmpon babakan | êron ingkang maedahi | ngyêktosi kanggening karya ||
7. Ngantih nênun nyulam nyongkèt andondomi | angraronce sêkar | (m)bathik nyoga (m)babar adi | mamantês isining wisma ||
8. Ngati-yati nastiti gêmi ing wadi | tan kirang tuladha | utaminipun pawèstri | nulad panêngên pangiwa ||
9. Ingkang lêbda dudugi lawan prayogi | watara riringa | siyang dalu kang kaèsthi | anut tuduhing sudarma ||
10. Bilih sagêd kadya ingkang ulun angling | winiwitan mangkya | sinau wisma pribadi | pinindha ngladosi priya ||
11. Bokmanawi wilujêng ing donya ngakir | punika paitan | têmbe angladosi laki | kantun pados kalangkungan ||
12. Manthuk-manthuk Ki Darma kalawan Nyai | Mênok rasakêna | ngandikane radèn iki | tanjêbêna ing wardaya ||
13. Iya rama antuka pangèstu yêkti | sabdaning utama | nyawabana lair-batin | bisane tampa nugraha ||
14. Kawuwusa saratri tan ana guling | eca lêlênggahan | sasambèn dhahar nyanyamik| wus wanci pajar gidiban ||
15. Radyan matur mring ki wisma Darmajati | paman (m)bujêng enjang | mangkya kula nyuwun pamit | ayun (n)dumugèkkên lampah ||
16. Paman bibi sami kantuna basuki | ing sapêngkêringwang | kang sinung ngling matur aris | kula (n)dhèrèkkên raharja ||
17. Gya salaman Ki Darma ngatag ing siwi | Mênok ngabêktia | sang dyah gupuh angabêkti | radyan arum angandika ||
18. Rara sira sun dongakakên ing Widdhi | tumulia krama | olèh jodho kang prêmati | kang tulus trahing ngawirya ||
19. Kang dalajat rêspati sudibyèng ngèlmi | bisa momong ing dyah | nyênêngkên tyasing sudarmi | sira kantuna raharja ||
20. Rara Mênok matur nuwun sru kapundhi | pangèstu paduka | Gathak Gathuk samya pamit| linggar saking palênggahan ||
21. Kyai nyai andhèrèkkên praptèng jawi | wus wangsul mring wisma | rara Mênok angukudi| nahan lampahira radyan ||
22. Kampir bèji wêkdal sêmbahyang Subêki | bakda pupujiyan | rahadyan lajêng lumaris | ngalèr ngilèn anir pringga ||
23. Krêdyating tyas kapencut arsa udani | ing masigit Dêmak | iyasaning para wali | tan cinatur laminira ||
24. Wus umangsuk praptèng palataran masjit | tan ana kang nyana | yèn punika putra Giri | kinira santri balaka ||
25. Minggah srambi wowolu sakanirèki | ingukir pinatra | bêtan saking Majapait | sangkalanira pinirsa ||
26. Kori loro gawening wong ungêlnèki |[ (Taun Jawi: 1429) ] wiwara kang marang | masjit ingukir tulya sri | gambar gêlap pinarada ||
27. Tumpak kori sinêrat sangkalan muni | papatra kinarya | rupa gêlap tunggal nênggih | [ (Taun Jawi: 1441) ] radyan manjing sigra-sigra ||
28. Dupi prapta anèng sajroning masigit | kalangkung anikmat | mupangat raosing dhiri | èngêt manthêng nungkul ing Hyang ||
29. Saka guru sakawan agêngnya sami | inggile sêmbada | gilig mêmêt ragi mêthit | agêngnya kalih rangkulan ||
30. Ingkang êlèr wetan sanès lan kang katri | nênggih wujud tatal | kinêmpal dados satunggil| gilig aluse warata ||
31. Yasanira Kangjêng Susuhunan Kali- | jaga kang minulya | mawèh tilasing nagari | karamating waliyolah ||
32. Saya gambuh rahadyan dupi udani | sinungan umiyat | kaelokaning Hyang Widdhi | sangandhaping panti kutbah ||
33. Rompyok-rompyok kathukulan glagah-wangi | lintange rahadyan | tan ana janma udani | pratandha calon nugraha ||
34. Sampun mêdal saking capurining masjid | lajêng lampahira | tan cinatur laminèki | ngancik laladan Japara ||
35. Praptèng suku wukir Murya ngongkang tasik | ing Sagara Jawa | wus manjat arsa udani | pucaking kang ardi Murya ||
36. Margi (n)dêdêr rumpil kapit jurang têrbis | rêkasèng lumampah | Gathak  Gathuk kêmpis-kêmpis | sakêdhap-kêdhap araryan ||
37. Dalu aso enjinge umangkat malih | tri ari tumêka | anèng sapucaking wukir | bawera anon samodra ||
38. Ing lampahe baita layar gagrami | ana labuh jangkar | ambêdhol jangkar lumaris | langkung asri tiningalan ||
39. Ing karajan padesan ngandhaping wukir | tinon karya rêna | rahadyan kagyat ningali | astana teja sumunar ||
40. Pinarpêkan uluk salam dènsauri | tahlil sanalika | radyan myang santri kakalih | bakda tahlil ana prapta ||
41. Kaki-kaki marpêki dyan Jayèngrêsmi | alon angandika | kyai kula nilakrami | paduka napa kang têngga ||
42. Lawan sintên ingkang sumare ing ngriki | alon saurira | inggih kula ingkang jagi | nama Buyut Sidasêdya ||
43. Kang sumare Jêng Sunan Murya wawangi | karaning astana | ing Muryapada puniki | namaning ardi ing Murya ||
44. Lah punapa paduka karsa nênêpi | dhuh ki Buyut baya | ing sêdya amung yun uning | pucaking kang ardi Murya ||
45. Rèh wus uning mangkya ulun nyuwun pamit | mandhap saking arga | Buyut Sidasêdya angling | puniki tanggêl ing lampah ||
46. Babo lamun kaparêng karsa sang pêkik | kampir dhepok ingwang | prayogi ing benjing-benjing | dintên sangate prayoga ||
47. Watêkipun kalakyan sasêdyanèki | tur manggih raharja | rahadyan dupi miyarsi | dumadya dhanganing nala ||
48. Sampun kerit dupi wus prapta ing panti | ki Buyut parentah | marang Gathak Gathuk santri | kacung aja taha-taha ||
49. Angambila pribadi sugata mami | otèk canthèl boga | jèpèn talês wi gêmbili | gêmbolo pohung katela||
50. Gathak Gathuk tan lênggana gya lumaris | maring patêgalan | suka dènnya ngêngundhuhi| rampung gya tumamèng wisma ||
51. Ambakari jagung pohung uwi lêgi | wedang ronning kahwa | rinakit lumadyèng ngarsi | ki Buyut suka tumingal ||
52. Swawi bagus krana-lah sami nyênyamik | kêdahe nyunggata | sawontêne tiyang wukir | ijèn wus tridasa warsa ||
53. Jayèngrêsmi mèsêm wus adhahar uwi | mèsêm atatanya | wusing angundhuh sakalir | punika kagêm punapa ||
54. Kula angge sêdhêkah mring pêkir-miskin | awise kang têdha | sami dhumatêng mariki | sasukane dènnya mbêkta ||
55. Kula amung angèngèhkên kangge wiji | makatên lampahnya | tan sagêd sidhêkah picis | mamanise mung krowodan ||

35. Dhandhanggula
1. Lon umatur Radèn Jayèngrêsmi  |  kadiparan dintên kang prayoga  | punapi wontên sanèse  | utawi wancinipun  | mawi milih mawi nyingkiri | ki Buyut angandika | punika masputu  | etang minangka satiyar | angluluri nasehat ing nguni-uni | wiji saking ing Arab ||
2. Pan punika masalah ngawruhi | ingkang pangandika Nabiyollah | salalahu wasalame | sakèhe umatingsun | padha ngawruhana ing nginggil | pratingkah alulungan | miliya kang sarju | aja lungan tanggal pisan | tan na laba lungana tanggal ping kalih | pan iya olèh laba ||
3. Tanggal kaping tiga datan bêcik | tan na laba tanggal kaping papat | rêkasa anèng margane| tanggal ping lima iku | manggih laba kaping nêmnèki | tan manggih laba ilang | karyane wong iku | tanggal ping pitu prayoga | manggih rahmating Pangeran tanggal kaping | wolu agring ing paran ||
4. Tanggal kaping sanga manggih pati | lan pakewuh tur padha cumadhang | tanggal kaping sadasane | manggih laba rahayu | ping sawêlas apênêt ugi | tanggal ping kalihwêlas | tan ana labèku | tanggal kaping tigawêlas | olèh utang tanggal ping patbêlas bêcik | nèng paran manggih laba ||
5. Tanggal ping limalas ayu olih | êmas perak tanggal ping nêmbêlas | tan antuk laba tanggale| ping pitulas rahayu | ping wolulas pan laba manggih | tanggal kaping sangalas | pênêt pan rahayu | tanggal kaping kalihdasa | gêring marga tanggal ping salikur ugi | (ng)garêsah anèng paran ||
6. Tanggal ping rorikur ayu bêcik  | tanggal têlulikur laba karya  |  tanggal kaping patlikure | pênêt ping limalikur  | mapan ala tanggale kaping | nêmlikur gêsang pêjah | punika pinangguh| tanggal pitulikur ala | bakal tukar iya ananirèng margi | tanggal wolulikurnya ||
7. Olèh laba sangalikurnèki | manggih rahmat saking ing Pangeran | tanggal ping tigangdasane | manggih utang nèng purug | titi têlas masalah iki | ing wong kang alulungan | pangandika Rasul- | lolah salahiwasalam | dipun sami nastiti kadi puniki | inggih walahualam||
8. Lampahira Kangjêng para Nabi | lamun badhe mangkat saking wisma | isarat ingkang kaangge | Jumungah akakêmu | lan asusur lampahing Nabi | Muhammad Rasullolah | lamun dina Saptu | punika angandhut lêmah | dinèkèkkên ing pusêr lampahing Nabi | Adam ingkang minulya ||
9. Dintên Ahad angangge susumping | lampahipun Jêng Yusup Bagendha | Isnèn natab lalandhêpe | Bagendha Umar laku | Slasa manggang asta ing gêni | Bagendha Abubakar. | ingkang darbe laku | Rêbo akukudhung sinjang | lampahipun Kangjêng Nabi Ayub singgih | Kêmis tumêngèng tawang ||
10. Myang tumungkul ing bantala nênggih | lampahipun Sang Ali Bagendha | winêwahan sangatane | kalamun arsa nglurug | angkatira pan sampun uning | langkahe ingkang pêcak | sangat lamun sampun | pêcak sadasa umangkat | pangwasane sang Garudha kawon dening | sadhengahing taksaka ||
11. Isnèn wusing pêcak nêm lumaris | pangwasane singa krura kalah | dening manjangan yêktine | Salasa lamun sampun | pêcak kalih angkatirèki | pangwasanipun singa | ingkang sru manêmpuh | kawon dening kang dirada | Rêbo wusing pêcak pipitu lumaris | mênggah pangwasanira ||
12. Diwangkara kawon dening sasi | Kêmis wusing pêcak dwilwas | [...Kirang satunggal gatra: 8e...] [...Kirang satunggal gatra: 7u....] Jumungah apan sasampuning | pêcak triwêlas mangkat | de pangwasanipun | sona dening kancil kalah | Saptu wusing pêcak dwiwêlas lumaris | dene pangwasanira||
13. Sawêr kawon dening kodhok bungkik | tamat sangat Sang Ali Bagendha | wontên sangat ingkang kangge | aningkahakên sunu | myang ngadêgkên sadhengah panti | punika manut tanggal | sapisan witipun | kaping kalih kaping tiga | ping sakawan ping gangsal gya wangsul malih | nêm kadi ping sapisan ||
14. Tanggal kaping sapisan pan sami | kaping nênêm sawêlas nêmbêlas | salikur myang nêmlikure | wit surya wêdalipun | têkèng pêcak slikur potnèki | Ahmad pitutur nyata | wit pêcak salikur | êpote pêcak sawêlas | Jabarail kalangan rangkêpannèki | awit pêcak sawêlas ||
15. Êpot bêdhug Brahim pacêk-wêsi | awit bêdhug ing potipun Asar | Yusup slamêt rangkêpanne | Asar sawêngi muput | êpot enjing Hyang Surya mijil | Ngijrail rêjêkinya | ping kalih winuwus | sami lawan kaping sapta | kalihwêlas pitulas rorikur nênggih | myang pitulikur samya ||
16. Purnamaning Hyang Pradanggapati | êpot pêcak salikur punika | Jabarail rêjêkine | wiwit pêcak salikur | êpot pêcak sawlas Ibrahim | pitutur rangkêpannya | sawlas êpot bêdhug | Yusup kalangan rangkêpnya | bêdhug potnya Ijrail apacak-wêsi | Asar sadalu pisan ||
17. Pote têkèng purnamaning rawi | Ahmad slamêt tanggal kaping tiga | ping wolu ping triwêlase | wolulas tigalikur | wolulikur punika sami | wit purnamaning surya | pot pêcak salikur | Ibrahim slamêt rangkêpan | pêcak slikur pot pêcak sawlas marêngi | Yusup rijêkinira||
18. Pêcak sawlas êpot bêdhug wanci | Ngijrail pitutur rangkêpanya | bêdhug têkèng Asar pote| Ahmad kalanganipun | awit pasar potira prapti | purnamaning Hyang Surya | Jabarail iku | pacak-wêsi rangkêpannya | gantya tanggal ping sakawan saminèki | ping sanga ping patbêlas ||
19. Ping sangalas patlikur myang kaping | sangalikur punika ingetang | wit Hyang Surya purnamane | êpot pêcak salikur | Yusup pacakwêsi marêngi | awit salikur pêcak | sawêlas potipun | Ngijrail salamêt pêcak | sawlas êpot bêdhug Ahmade rêjêki | wit bêdhug êpot Asar ||
20. Jabarail pitutur ngrangkêpi | Asar prapta purnamaning surya | Ibrahim kalangan mangke | ping gangsal sadasèku | gangsalwêlas myang kalihdèsi | salawe tigang dasa | pan sami puniku| awit purnamaning surya | têkèng pêcak salikur êpotirèki | Ngijrail akalangan ||
21. Pêcak slikur sawêlas potnèki | Ahmad pacakwêsi rangkêpannya | pêcak sawêlas awite | êpote têkèng bêdhug | Jabarail slamêt ngrangkêpi | bêdhug êpotnya Asar | Brahim rijêkiku | Asar sadalu êpotnya | purnamane Sanghyang Surya amungkasi | Yusup pitutur Ahmad ||
22. Radèn Jayèngrêsmi tanya malih | kadiparan sangat palintangan | punapi wontên sanèse | ki Buyut manthuk-manthuk | manut dintên lampahirèki | pipitu kèhing lintang | sadintên sadalu | paedahe pyambak-pyambak | awon pênêt myang laire jabang bayi | tinitik saking lintang ||
23. Lintang Samsu sabarang prayogi | lawan marêk ing sri naranata | myang wong agung sasamine | ningkah langkung panuju | ingkang awon tuwin myang sakit | nunugêl kesah pêrang | jêjampi nyanyambut | tuwin ngenggali panganggya | undang-undang prasanakan atanapi | kumpulan tan prayoga ||
24. Lare lair raintên marêngi | jalêr èstri umuripun panjang | sinung padhang ing driyane | kêdhik rijêkinipun | prihatinan ing tyasirèki | jalu èstri yèn mêdal | dalu watêkipun | pan ugi pêtêngan manah | lawan sinung gêlap tyase anawêngi | gantya kang winursita ||
25. Lintang Juhrah angka dwi namèki | samukawis punika prayoga | ginêm ngèlmi utamane | rabi tumêkèng sarju | anjampèni rare utami | anggalih samubarang | pandamêlan atut | de kang awon andum karya | akèngkènan dhumatêng mêngsahing jurit | myang kèngkènan sadhengah ||
26. Lare lair jalu lawan èstri | ing raina jêmbar kang polatan | jalu èstri yèn laire | anuju wanci dalu | langkung kumêt wicaranèki | tur pêngkok nora (ng)gragap | kaping tri winuwus | lintang Ngatarit pinajar | samubarang prayogi ingkang upami | mumuruk amamarah ||
27. Marêk nata myang pados usadi | apan sami prayogi sadaya | dene ingkang botên sae | paès pasah cucukur | lair rintên bilih pawèstri | sae kèh daulatnya | nging wicara kaduk | ragi panastèn ing manah | namung sagêd ing damêl tan nguciwani | yèn jalêr lair siyang ||
28. Apan awon ing tyas gung prihatin | bilih èstri dalu lairira | cupêt kang budi watêke | yèn jalu lair dalu | watêkipun jêmbar kang budi | sabar lila ing donya | tur sugih bêgja gung | wêlasan marang sasama | mangkya catur lintang Kamar kang winarni | samukawis prayoga ||
29. Tuwin marêk ing sri narapati | angandikan kang mawa paedah | sisimpên tulus arjane | adagang antuk untung | akèngkènan sarju katampi | mamaris tulus trimah | kang awon winuwus | pradata padu myang nglamar | atanapi (n)dhaupakên laki-rabi | punika tan prayoga||
30. Lare èstri lair amarêngi | nuju siyang boros watêkira | yèn jalu siyang laire | cuparira kalangkung | lamun èstri lairnya ratri | sae sagêd ing karya | bêkti marang kakung | nastiti mring samubarang | lamun jalêr lairipun wêktu ratri | barancah mring wanodya ||
31. Panca lintang Juhkal kang winarni | ingkang sae wiwit gêntur tapa | pandamêl mring Pangerane | awit ngantos pakantuk | lyan punika botên prayogi | yèn rare lair siyang | atanapi dalu | jalu èstri ugi samya | tansah kambah sakit encok tan kalirih | nanging kèh rêjêkinya ||
32. Tur asabar lila ing donyèki | wadanane mung radi èngêtan | gumantya angka nênême | lintang Mustari iku | ratuning kang lintang saptèki | langkung sae sabarang | satingkah rahayu| ingkang awon mung sajuga | amanggalih ngadoni lampahing jurit | yèn rare lair siyang ||
33. Jalu èstri pan sami prayogi | watêkipun saèstu sukuran | yèn èstri lair dalune | ajrih mring priyanipun | pandamêlan agal myang rêmit | widada awidagda | lamun rare jalu | lair dalu langkung pradhah | tan kaconggah nêdha ing kêbon ananging | rêmên nyilib tyasira ||
34. Mangkya gantya kasapta mungkasi | lintang Mirah ingkang aprayoga | namping imba paras paès | sunat ugi pakantuk | atanapi ngadoni jurit | lawan iyasa gaman | kajawi puniku | pakaryan awon sadaya | lamun nuju rintên rare lair èstri | watak jail kang manah ||
35. Bilih jalu rintên lairnèki | tan saranta barang watêkira | yèn lair nuju ratrine | èstri tanapi jalu | tan salamêt manahnya gingsir | kêkêt kapara ngarsa | jail amathangkul | sampun jangkêp lintang sapta | awon pênêt ing mangke wiwit winilis | lampahing palintangan ||
36. Malêm Akad ing wanci Mahribi | ingkang tampi Samsu taranggana | Ngisai Juhrah tampine | wanci sirêp janmèku | lintang Tarit ingkang atampi | têngahe ratri Kamar | lingsir wênginipun | tinampènan lintang Juhkal | bangun enjing lintang Mustari kang tampi | Subuh Mirah gumantya ||
37. Akad enjing Samsu kang nampèni | rame pasar tinampèn ing Juhrah | lêbar pasar Tangarite | bêdhug Kamar kang lungguh | Luhur Juhkal ingkang nampèni | Ngasare tinampènan | Mustari puniku | sontêne ingkang atampa | lintang Mirah jangkêp saratri saari | lampahing lintang sapta ||
38. Malêm Isnèn ing waktu Mahribi | ingkang tampi taranggana Kamar | Ngisa-bah Juhkal tampine | ing wanci sirêp manus | ingkang tampi lintang Mustari | têngah ratri Mirahnya | lingsir wênginipun | lintang Samsu kang alênggah | bangun enjing lintang Juhrah kang atampi | Subuh Ngatarit lintang ||
39. Isnèn enjing lintang Kamar tampi | rame pasar tinampèn ing Juhkal | lêbar pasare tinampèn | Mustari trangganèku | wanci bêdhug Mirah kang tampi | waktu Luhur Samsunya | praptèng Ngasar puput | tinampènan lintang Juhrah | wanci sontên Ngatarit ingkang atampi | jangkêp lintang kasapta ||
40. Malêm Slasa ing waktu Mahribi | lintang Mirah sèrèn wêktu Ngisa | tranggana Samsu tampine | sirêp janma kang lungguh | lintang Juhrah têngahing ratri | Ngatarit ingkang lênggah | lingsir wênginipun | tinampèn ing lintang Kamar | bangun enjing lintang Juhkal kang nampèni | Subuh lintang Mustarnya ||
41. Slasa enjang Mirah ingkang tampi | rame pasar Samsu ingkang lênggah | bar pasar Juhrah tampine | bêdhug tinampèn gupuh | ing Ngatarit Luhur tinampi | Kamar kang taranggana | Ngasri Juhkal lungguh | sontênipun tinampènan | taranggana Mustari pot wêktu Mahrib | jangkêp kasapta lintang ||
42. Malêm Rêbo ing waktu Mahribi | lintang Ngatarit pot wêktu Ngisa | tinampèn Kamar lintange | wanci sirêp jalmèku | lintang Juhkal ingkang nampèni | têngah ratri tranggana | Mustari kang lungguh | lingsir dalu tinampènan | lintang Mirah bangun sampun kang nampèni | ing waktu Subuh Juhrah ||
43. Rêbo enjing Ngatarit kang tampi | rame pasar tinampèn ing Kamar | bar pasar Juhkal tampine | bêdhug nulya sinambut | ing Mustari Luhur tinampi | lintang Mirah punika | wêktu Ngasaripun | tranggana Samsu kang lênggah | wanci sontên lintang Juhrah kang nampèni | jangkêp lintang kasapta ||
44. Malêm Kêmis ing waktu Mahribi | taranggana Mustari praptanya | Ngisa tinampènan Mirèh | sirêp ing janma Samsu | têngah ratri ingkang nampèni | kanang tranggana Juhrah | sèrèn lingsir dalu | tinampèn Ngatarit lintang | bangun enjing lintang Kamar ingkang tampi | ing waktu Subuh Juhkal ||
45. Kêmis enjing Mustari kang tampi | rame pasar lintang Mirah lênggah | bar pasar Samsu tampine | bêdhug tinampèn gupuh | lintang Juhrah Luhur tinampi | Ngatarit ingkang lênggah | sèrèn Ngasri wêktu | tinampènan lintang Kamar | wanci sontên lintang Juhkal ingkang tampi| jangkêp kasapta lintang ||
46. Malêm Jumngah ing waktu Mahribi | lintang Juhrah ingkang apilênggah | ing waktu Ngisa êpote | tinampèn Ngataritu | sirêp janma Kamar nampèni | têngah ratrinya Juhkal | lingsir ratrinipun | lintang Mustari punika | bangun enjing lintang Mirah kang nampèni | Subuh Samsu tranggana ||
47. Jumngah enjing lintang Juhrah tampi | rame pasar Ngatarit kang lênggah | lêbar pasar Kamar manggèn | bêdhug ginantyan gupuh | lintang Juhkal ingkang nyitèni | luhur gya tinampènan | Mustari sitèngsu | wêktu Ngasri tinampènan | lintang Mirah sontêne Samsu kang tampi | jangkêp lintang kasapta||
48. Malêm Saptu Mahribi Ngatarit | waktu Ngisa tinampèn ing Kamar | sirêp janma gya tinampèn | lintang Juhkal potipun | têngah ratri ingkang nampèni | Mustari taranggana | êpot lingsir dalu | tinampèn Mirah tranggana | bangun enjing lintang Samsu kang nampèni | Subuh pan lintang Juhrah ||
49. Saptu enjing lintang Juhkal tampi | rame pasar Mustari kang lênggah | lêbar pasar lintang Mirèh | bêdhug tinampèn Samsu | waktu Luhur Juhrah nampèni | pot Ngasri tinampènan | Ngatarit sitèngsu | sontêne tinampèn Kamar | titi sampun lampahing lintang saptari | dalu praptaning siyang ||
50. Kang minangka naasing lintang dwi | (ng)gih punika Mirah lawan Juhkal | ngagêsang winênangake | sêtiyar mrih rahayu | yèn wus atut etanganèki | gya sumendhe ing Suksma | widadaning kayun | amung aywa kinêkahan | pêpetangan tan sagêd ngewahkên takdir | siningkura kainan ||
51. Kaol saking pawong mitra mami | brahmanadi ing Ngatas-maruta | tiyang badhe gadhah rare | utawi janma ayun | praptèng janji ing wancinèki | laire kanang jabang | pêcate nyawèku| awawaton ari sapta | siyang dalu punika sami binagi | kalih wêlas gathita ||
52. Wiwit purnamaning Sanghyang Rawi | gathita nêm sapta astha nawa | sadasa sawlas têngange | kalihwlas inggih bêdhug | gya gathita satunggil kalih | tiga sakawan gangsal | wangsul nênêm surup | lajêng etang kadi siyang | dados namung wontên kalih-wêlas wanci | kalamun ari Akad ||
53. Gathita nêm sapta sawlas tuwin | tabuh satunggal kalawan gangsal | Sênèn astha sadasanè| satunggal tripancèku | Slasa sapta sadasa tuwin | têngange kalihwêlas | kalih gangsalipun | Rêbo sapta nawa sawlas | kalih catur Kêmis astha sawlas tuwin | satunggal tri sakawan ||
54. Jumngah astha sadasa tanapi | kalih wêlas tiga myang sakawan | Saptu sapta myang nawane | dwiwêlas kalih catur | bilih wontên tiyang nyakiti | utawi tyang sakarat | ri Akad tartamtu | lair utawi papatya | gathita nêm sapta sawêlas satunggil | gangsal salah satunggal ||
55. Radèn Jayèngrêsmi matur aris | kathah têmên ing parincènira | mrih widada raharjane | utami dipun ênut | tan kainan basanirèki | wontên kaol mupakat | punapa saèstu | yèn badhe karya pemahan | tuwin griya saka usuk dènukuri | pênêt awoning pètang ||
56. Lêrês wontên manawi akardi | ing pemahan dipun èstokêna | yèn (ng)garap pagêr sitine | cêngkale dhêpanipun | inggih ingkang adarbe panti | kalamun awiwita | lèr kilèn mangidul | winicala saking dhêpa | wilangannya bumi karta kala kali | kaarah dhawah karta ||
57. Yèn mangetan kadhawahna bumi | bilih damêl ingkang bubutulan | ambênêrakên kalane | myang wiyar ciyutipun | ing pemahan sukaning galih | dene jroning plataran | yèn mangalèripun | anotog pagêr ukurnya | samurdane kang darbe wisma pribadi | tingkahe wismanira ||
58. Dèn agathuk pagêr aja lali | yèn kêkêlir sakilèning wisma | kang têngên iku lakune | têka ing wismanipun | gathukêna ing pagêr (n)jawi | kang wetan bau kiwa | saking wismanipun | dèn-gathuk lan wismanira | lolongkange pandhapa têpusên aglis | lawan pêcakanira ||
59. Gêdhuging wisma lawan pandhapi | mandhapa iku kalawan lodra | têpusing talapakane | kalih mandhapanipun | lawan lodra yèn karya kori | pagêr tarab cêngkalnya | mara-sanganipun | poma sampun asêmbrana | ing pitêdah prayogi aywa kawuri | yèn parêng bêgjanira ||

36. Pangkur
1. Punika yèn karya griya | ukuripun pêcakira pribadi | pinêcakan panjangipun | gangsal petanganira | êsri adi naga êmas perak lamun | griya kadhawahna êmas | pandhapa perak prayogi ||
2. Bilih pawon dhawah naga | payon lêsung prayogi dhawah adi | manawi iyasa lumbung | dhawah êsri pêcaknya | sampun jangkêp mênggah saka kang dènukur | kajawi tangkêping ngandhap | lan kajawi purusnèki ||
3. Ngukur wiyare kang saka | lajêng kangge ngukur panjangirèki | ugi gangsal petangipun | bumi banyu prawata | myang sangkala gêni jangkêp gangsalipun | dhawah bumi kang prayoga | têtêg watêkipun bumi ||
4. Dhawah banyu watêkira | apan srêpan punika (ng)gih prayogi | manawi dhumawah gunung | watêg kêrêp aliyan | lamun dhawah sêngkala awon kalangkung | kang darbe wisma gêringan | dhawah gêni tan prayogi ||
5. Kabasmaran watakira | mangkya usuk dènetang cacah iji | inggih gangsal petangipun | êsri kakitri gana | kliyu pokah bilih wisma etang usuk | prayoga êsri dhawahnya | pandhapi dhawaha kitri ||
6. Kalih punika prayoga | bilih masjid gana ingkang prayogi | sanèse masjid puniku | manawi dhawah gana | tamtu angkêr utawi singit kalangkung | kaliyu datan prayoga | gêringan kang gadhah panti ||
7. Yèn dènetang dhawah pokah | tan prayoga kêrêp nandhang prihatin | kapêjahan jumarunuh| sampun jangkêp etangnya | dene pagêr punika ukuranipun | dêdêge kang darbe wisma | tuwin dhêpane pribadi||
8. Mênggah wiyaring pemahan | sasukanya pan botên dènwancèni | gangsal wêwilanganipun| bêbuka êsri etang | tapa lungguh sêdana pugêran-ipun | dhawah sri watak sêrêpan | tapa luwe watêknèki ||
9. Lungguh têtêg watêkira | pan sêdana sugiyan watêknèki | de pugêran watêkipun | pitados saha kêkah | sampun jangkêp ing pundi kaparêngipun | têbihing (n)dhapi lan griya | ugi wontên ukurnèki ||
10. Pêcaking kang gadhah griya | pan sakawan etanganipun nênggih | awit bale etangipun | omah latar pawuhan | dhawah bale punika ingkang pakantuk | dene yèn yasa gêdhogan | tuwin kandhang kêbo sapi ||
11. Palangipun pinêcakan | kajawine pêpurus ingkang manjing | kiwa miwah têngênipun | sakawan etangannya | candhi karta rogoh sampoyong puniku | ingkang sae dhawah karta | kalayan dhumawah candhi ||
12. Saka kandhang myang gêdhogan | kajawine purus myang pêndhêmnèki | ingukur lan palang wau | dhawah candhi prayoga | ing têbihe saking trêping pantinipun | ingukur kalawan pêcak | gangsal petanganirèki ||
13. Awit etangipun karta | baya tura samaya angêmasi | utami ingkang dhumawuh | ing wêwilangan karta | nêngna wau titi etangnya ki Buyut | wus anggagat bangun enjang | suwawi waktu Subêkhi ||
14. Utami kang radi awal | samya wulu paragating Subêkhi | pêpujianira nutug | bakdaning pêpujian | Gathuk matur alim dalêm Kyai Buyut | kawula nyuwun wasiat | basanipun tiyang apti ||
15. Nunutut sadhengah kewan | bokmanawi ing têmbe ngingah kambing | amrih cumbu dhatêng ulun | ki Buyut angandika | iya kacung pancèn ana êmèlipun | datanpa laku tur cêndhak | mangkene basanirèki ||
16. Seka leka seka leka | singa buntut idhêpa idhêp ing i | -dhêpku tut sing saujarku | mung iku ora liya | lamun sira kaparêng angêlus-êlus | marang sadhengahing kewan | kang dadi parênging ati ||
17. Kalawan manthênging sêdya | uga cêndhak mangkene basanèki | singa wulu singa buntut| ingusapan pandhawa | lêlima tut saujarku mung puniku | lamun pinarêng ing mangsa | bokmanawa tutut yêkti ||
18. Gathuk nuwun-nuwun nêmbah | sakalangkung kapundhi sih sang yogi | Ki Buyut nyawang sang bagus | sumunaring kang cahya | ngandikèng tyas cêcalone janma luhung | manthêr cahyaning oliya | wasana matur sang adi ||
19. Ing mangke paran ing karsa | sèwu sokur yèn jênak anèng ngriki | rahadyan alon umatur | kang agung apuranta | mangkya ulun ayun (n)dumugèkkên kayun | ing saparan tanpa sêdya | ngulati ingkang lunga nis ||
20. Amung pangèstu paduka | rahayune ing lampah bokmanawi | têmbe ulun sagêd wangsul | kantuna karaharjan | wus salaman ki Buyut ngandika arum | mas putu nastapaningwang | sami apuji-pinuji ||
21. Wus tumurun sangking Murya | ngidul ngilèn wus ngambah ing pasisir | tan winarna lampahipun | prapta ing palabuhan |
Pakalongan kèndêl ing têpining laut | anon udhuning juragan | kang sangking liyan nagari ||
22. Manawi ari kalihnya | binêkta ing nangkoda sangking Grêsik | nunut utawi pinupu | mring pawong-sanakira | dupi mudhun juragan kang sangking laut | tinon kang rayi tan ana | sangsaya anglês ing galih||
23. Adhuh yayi kadangingwang | Jayèngsari myang Nikèn Rancangkapti | baya mring êndi jangtungku | amung ta karuhana | ing dunungmu awèt mangkene kabanjur | kadya kinjêng tanpa soca | wau Radyan Jayèngrêsmi ||
24. (n)Dêdonga marang Pangeran | rahayune kadangira kêkalih | têmbe sagêda pinangguh | atuse manthênging tyas | gya lumampah tambuh kang sinêdyèng kalbu | kèndêlnya dalu kewala | bakda Subuh gya lumaris ||
25. Prapta ardi Panêgaran | kacarita sang yogi kang palinggih | anèng Panêgaran gunung | wasi Kawisuwara | waskithèng tyas uning satriya anglangut | kèndêl ing ngandhaping arga | sang wasi utusan aglis ||
26. Sabatnya aran Waskitha | kinèn mudhun marang ngandhapping wukir | ki Waskitha wus tumurun | pinanggih lan rahadyan | mangênjali matur kawula ingutus | mahawiku Panêgaran | Kawiswara sang ayogi ||
27. (n)Jêng paduka ingaturan | minggah maring ing dhepok ulunirit | rahadyan ngandika arum | inggih paman prayoga | sampun kerit Gathak Gathuk tansèng pungkur | sang wiku mapag wiwara | wus tundhuk rinangkul aglis ||
28. Kulup ingkang nêmbe prapta | sajarwaa kêkasihira kaki | lawan ngêndi pinangkamu | sayogane lêrêppa | anèng kene kurang nadhah kurang turu | darapon bisaa klakyan | kang dadi karsanta kaki ||
29. Rahadyan dahat lênggana | wus alami pruita ing sang yogi | tarakbratanya lumintu | sang yogi Kawiswara | lon ngandika ana jiliddan linuhung | sayogya sira anggoa | kanthining janma utami ||

37. Kinanthi
1. Minangka murda satuhu | tapa angenaki ati | tama lirring panataran | narantara sesalwirning | sarèhning ingkang dumadya | wlassa singa nuwa-nuwi ||
2. Srêda purae ngasamun | samanning sila nagari | aminta sihing ngamarar | awlas asih ring pagimi | unggyannira ngamatirta | cipta mantêb marang Widdhi ||
3. Durung dadi lamun durung | darana ring darunaning | sakarsa karsèng pamasa | satibane kang tinuding | beda pandumming budaya | dayaning (n)donning dumadi ||
4. Kahênêngêna manêngkung | amaladdi samadinning | manêgêssa karsaning Sang | Amurwèng Paningal jati | tingalêna maklumulah | malah maluya ywa lali ||
5. Lêlakone kang kalulun | alin-alin dènkalilin | lêlênga aywa kaalan | ywa lalu atemah lali | kalunta-lunta kalintang | tan wiyang mayanga wèsthi ||
6. Isthaning angga kagugu | gupita jêg agagappi | aywa gugup ing nalika | nalarrira dèn alirih| rèrèh ing pangarah-arah | arahên aywa ngurangi ||
7. Ngurangana ing pangrungu | ing rèh aywa nguring-uring | yèn miro temah mêmirang | amerang amurang niti | titika dènkatalika | ywa nunulak tutulan-cik ||
8. Bêcik rêngkuhên pamêngku | kumawa ing agal alit | dèn amulat ing lêlêta | ywan ingandêl dèndumêling | (n)dulu ulah karawitan | wittipun tan ana malih ||
9. Sangking kakawin myang kidung | kadi kadang anjarwani | ing sarekaning kalangyan | langêning kang milangonni | nglongana haywan tantara | tarikên yèn ana luwih ||
10. Miwah ungguhing raras-rum | rumarah murang ing kawi | sêsandining sang kèndriya | rekaning kawi kawiddhi | kawiddhi ing widhayaka | ya karana sang siniwi ||
11. Wèh tahêt babah binarung | ring kasidaning dumadi | dana kariyin dènarah | kasantikan wus kawuri | kasudarman tyas mardawa | dèn manuh manah mamanis ||
12. Manah prênèssan ywa kunus | dènnira amasang mèsi | masalahing sumpêt karsa | karsa sinêsêr tan osik | musika tinon aywa sak | sasat simpên karsa suji ||
13. Ring sojar aja anjujur | kolina kilat ngalingi | tan wrin naya ringa mawas | waskitha awangsulanning | yèn tan angling dèn amêmma | dèn amêmês ing pangungkih ||
14. Ywa taha bêrgugug luguk | kaya gopala kapilis | kapêlang kapêlak-pêlak | palênggahe agaligir | awigar agagalagar | nganggur tan enggaring galih ||
15. Palaning wong ambasêngut | ulatte anginggit-inggit | wacana buthêking netya | netya ala tan kailir | kèlu kalêssan ing muka | mêngku ala nir pakolih ||
16. Ing wacana yèn anuju | pasamuwan srawunganning | dipun sambada ing têmbang | manawa katambang balik | dènkacakup ing pangucap | titika dipun katitik ||
17. Panitike ywan wus putus | pan wus cinaritèng Sruti | sru trêp tita ing purwaka | mangka kenging anganggêpi | ing cipta ya dyan patutta | ing têmbang sambang manawi ||
18. Ana wadi kang sinamun | sinuksma sari-sarining | buhana sabawaning tyas | lair ing tyas kang nampani | nyataning tyas anèng naya | naya netya kang nampani ||
19. Sawadining wardayèku | ing netya pahêmannèki | ing wacana (ng)gonning wêdhar | widayaka dayèng wadi | widigda ing ciptamaya | mayana mayaning kapti ||
20. Ati akapti kumudu | asihana ing sêsami | witting raga kinasiyan | pan sangking raga pribadi | pribadi asiyèng raga | kadulu dalan dinalit ||
21. Paèssan ing sarirèku | amberat ingkang kaèksi | nir tasitaning akathah | pangèhna ing sarirèki | sarira paran bedanya | ambawaa ambawani ||
22. Ingkang kadi mangkonèku | êndi ulun amurwani | ing paniwi wamangkana | ana pae nupa bumi | dera ngimpun prih sadaya | pan wus jênênging narpati ||
23. Kinasihan ing rèh arju | saharja mangakumèki | amiluta ambêg ing ngrat | rat karakêttan padha sih | linulut ing lokajana | jênêng kasarjana sami ||
24. Sarat rinaharjèng kayun | mawarah-warah rèh aris | tanpa karsa pagêhana | kengang murwa angarjani | kikitir marang apapa | papa têlutuh siningkir ||
25. Mikarra kang sikara dur | nimitya-mitya sajati | juti sajatining mita | siyasat lir sagaragni | gênêngan kathah isinya | sarira tanpa walèng ngling ||
26. Sêsumbanging ngrat kasumbung | sesining tapa ing bumi | bumi saja saha jarwa | sojar tekanang binukti | brêmara nguswèng kusuma | sumarmaning ganda sari ||
27. Salwir bawaning kang sinung | ing wadi widagdèng kuwi | among jagad jaga-jaga | arjuning ngrat tan kaèsthi | saèsthining asthagina | ginulang-gulang ing pangling ||
28. Liniling-liling kalangkung | sinêlan planu pinalin | sarasa-rasa rinangsang | kang saru-saru siningkir | sikara tan karawattan | kuwat awètta rangkawit ||
29. Wiwitting watara wolu | waluyane wali-wali | wulang lila lan wilalat | ywan linêlêt têmah lali | lalu amilih turida | ruda rudah angrudatin ||
30. Rudatin angayun-ayun | wahyu-wahyaning sakalir | kaliliran kalairran | lairing wahyu-winaris | waras ngênirakên maras | marassakên jiwaragi ||
31. Noraga rêgêm anurut | anuruta rat pinirit | mirit angipat kiparat | purêt pêpêt tan pinipil | papalla sangking sikara | sukura sukêr siningkir ||
32. Kêrtya pakarti katutur | titir pamantara titi | tatas pandining walgita | tan pêgat amagut kapti | kaptine ingkang kampita | pitaya dèn pitayani ||
33. Yèn ing tyas pan aywa tambuh | bubuhanne wong ngaurip | angarêp-arêppa karya | karyane sawiji-wiji | wijining puruitaa | ya asthaguna kinawi ||
34. Kawining Hyang Endra laku | ngudannakên wangi-wangi | angrêsêpi sabuwana | kawaratan ing mamanis | mênuhi manah madada | monêng manungku ngênani ||
35. Kawining Hyang Yama laku | madhêndhakrama tan yukti | ya maluma lwir ya pêjah | durjana gêlahing bumi | nadyan braya wani ngambah | binubuh pinrih ing pati ||
36. Kawining Hyang Surya laku | ngingsêp toya tan katawis | rèrèh ririh tan rêkasa | rêrasanne tan ngêrêssi | rêsik lumintu atata | sanityasa ngatiyati ||
37. Kawining Hyang Candra laku | ngasuk ngasêpi sang bumi | komala mrêdu katingal | guya-guyunya mamanis | lir tètèssing martotama | rêsêp marang para rêsi ||
38. Kawining Hyang Bayu laku | anginte sagung pakarti | buddining rat kinawruhan | sawicara dènkawruhi | ya dibya guna kagunan | ginunni saari-ari ||
39. Kawining Kuwera laku | buja bojana mamukti | mamaèssi busana mas | sru suk srah pangrèhing dasih | pracaya kang pinarcayan | tan munasika tan mosik ||
40. Kawining Baruna laku | ngagêm sanjata ngapussi | sagung kang olah durjana | jinajahan sinalisik | sinalasah cinêpêngan | amêmpêng dènnya ninitik ||
41. Kawining Hyang Brama laku | anggêsêngi ripu tapis | galak ring ripu lwir singa | kang kinangsah sirna gusis | murub warata kataman | tamannira anèng gêni ||
42. Nahan ta guna ginunggung | suraku rumêksèng bumi | bumi ginora warana | lana ginênêng pinusthi | sèsthaning butaning ngolah | ulah sêsran musran muni ||
43. Aywa nêhêr ing paniru | angalappa saraganing | Sruti titikanning kangap | kadhapping kilap ngulati | Islam mapan janma tama | kang kapir prandening sèsthi ||
44. Asthabrata kang linaku | kêlakon pangolahnèki | pundi antuk yèn kalaha | lan lakune Buddha nguni | beda budining manungsa | akawih ingkang linêwih ||
45. Maluya laya anuntur | linanturakên pakarti | Jayèngrana pinandhita | ing palagyan palunggyanning | byuha tarlèn wêkasningka | tapa kaluhuran dadi ||
46. Lêgawèng pati ring ripu | pratapanning kang prajurit | sor tapaning kang pandhita | tapa tapaking jayanti | antyastya pramukyèng tapa | tapa (ng)graning gunung wêsi ||
47. Sinêmbah ing ngalapa gung | singgih yèn sirarsa jurit | dèn prastawa ing sopana | ing bubuka purba titi | titika dènkatalika | tutula tinali-tali ||
48. Agama pan sêdya ayu | pagahên padhanging pati | aywa ta kasêlan meda | dumadya amangguh wèsthi | nadyan ana hru sayuta | sêdya yu pan dènpayungi ||
49. Ing agama payungipun | rinêksa têbih ing wèsthi | dyajan ta anut ancala | bubuka ywa ngaruhunni | ruhunana ywan wus pingsal | asapênêt gan yèn uwis ||
50. Ana (ng)gyanya tindak-tanduk | ing swara aywa dumêling | aywa liyan kang karêngya | munga sang nata pribadi | dènnira angadu laga | mawastrèng papan makangsi ||
51. Bubuhan kang anèng ngayun  |  têmpuking ayuda pan wis  | panarcayan mring sang nata | mangsa keguha ing jurit | sang nata nata ring wuntat  |  tan patya kèh kang umiring ||
52. Mung kanan kering myang pungkur | sawega prayitnèng wèsthi | manawa na katêlayah | raganing turangga mrêgil  |  tutulunga têka wangwang | ginantya bala toh pati ||
53. Yeka palayarannipun | ring atapa gunungwêsi | tan kacaryan tan kawuryan | ring dadi dadining bumi | sastakasa myang riringa | pan purbawisesa jati ||
54. Tan ana lara myang lampus  |  urippe sangking Hyang Jati  |  -karana tan takut ing prang | nistha madya utamaning  |  mantri linging kina-kina | kinênan malah ing mangkin ||
55. Nisthaning mantri winuwus | yèn kawawas lena dhingin | lena kari wadyanira | madyaning mantri yèn mati | barêng lawan wadyanira | utamanirèng kang mantri ||
56. Yèn ing bala ngarsa gêmpur | tulung ngadêgkên jêmparing | mangsa mangke dadya warta| yèn amangun jayèng jurit | nistha madya utamanta | mantri ngêmasi rumiyin ||
57. [...Kirang satunggal pada utawi kalentu penomoran...]
58. Ing lêlakonne kèh kantun | kaputungan tyas kang nulis | sêpi supene kang bawat | tumanduk lamun udani | têlasana sanggamu ywa | dening tanduk tan nindaki ||
59. Lwir tarbuka rupanipun | bundhining rat anjajagi | tan mantra mantrèng sarira | purwaning amênggêl kawi | kinayah kayuh bawamba | ambuning rat ing saricik ||
60. Ing angga akarêm liwung | ing pangiwa angênani | tulatên namung panimpar | tan wrin cacadên ing sami | sanepaning pasang sewa | sinawawa tan suwawi ||
61. Wiyanga wuyunging kalbu | buhana tandha sabên ri | rumaras ywan tan mangguha | uguhing kidung tinampi | nampingana mangka dadya | dadya dawaning murwani ||
62. Nimpèni dadi sinamun | namung dana tanpa mijil | pinunjal tinunjêl suka | suka ringa mênggêl kawi | kawisesa budyadarma | malangun dadine bumi ||

38. Asmaradana
1. Rahadyan sangêt gung kingkin | miyarsa andikanira | wasi Kawiswara kaot | wus lami nèng Panêgaran | ngêntèk piwulangira | dhasar lantip sang abagus | cakêp atampi piwulang ||
2. Saya têbih dhahar guling | Gathak Gathuk eca ing tyas | Kawiswara ngandika lon | kulup ywa dadya tyasira | ingsun tan pisan-pisan | risi kanggenan sirèku | amung supaya wuwuha ||
3. Kawruh utamining urip | tumêkane ing dêlahan | angidulla bênêr anggèr | marang ing Salamêt arga | kono ana satriya | atmaja sri Majalangu | nama Sèh Sêkardalima ||
4. Dhepok ing Salamêt wukir | wus manjing agama Islam | Sunan Têmbayat gurune | sinêpuhan Jêng Suhunan | Adi ing Kalijaga | arang wong bisa katêmu | yèn datan lawan nugraha ||
5. Mangkata sêdhêng kang wanci | rahadyan angaras pada | saha aturira alon | muhung pangèstu paduka | kawula amung darma | lumampah sangking pituduh | tuhu tan darbe kuwasa ||
6. Wau mèsêm sang maharsi | kulup ing pangèstuningwang | Gathak Gathuk awotsinom | kawula anyuwun barkah | pinaringana kuwat | (n)dhèrèkkên wayah pukulun | angsala idin pandonga ||
7. Iya kênang sun idèni | muga kinuwatna ing Hyang | rahadyan sampun lumèngsèr | linggar sangking Panêgaran | lajêng ing lampahira | Gathak Gathuk tansèng pungkur | wus ngancik sukuning arga ||
8. Sumawuring sari-sari | ganda arum amrik ngambar | gantya ingkang winiraos | ing dhepok Salamêt arga | masjid munggul katingal | asri busananing gunung | taru-tarunya tinata ||
9. Sasêkaran angubêngi | toya wêning tinalangan | pating sarèwèh iline | mangungkang talaga dibya | ngunguwung lirab-lirab | wau panêmbahan gunung | lênggah têpining talaga ||
10. Ingadhêp abdi kakalih  |  Ki Maklum lawan Ki Sabar  |  Sèh Sêkar ngandika alon | Sabar Maklum dènagêpah  |  ing langgar rêsikana  | i ki bakal ana tamu  |  utama calon olia  ||
11. Sabar Maklum mundur aglis | ing langgar wus ginêlaran | Sèh Sêkar gya kundur alon | ngalela lênggah ing langgar | rahadyan wus katingal | ingawe sang wiku gupuh | radyan anungkêmi pada ||
12. Pinangkul kinêmpit-kêmpit | arum wijiling kang sabda | slamêt satêkamu radèn | mrêlokkên mring dhepokingwang | bangêt sukaning driya | radyan nêmbah saha matur | pangèstu dalêm kang mulya ||
13. Sèh Sêkar ngandika malih | kulup hywa sadaya-daya | ing pangarah dipun sarèh | mung ywa pêgat ing paminta | lumintu ingkang lampah | yèn pinarêng wêktunipun | bokmanawa katarima ||
14. Suhunan ing Bayat nguni | sung carita marang ingwang | eyangmu buyut kalane | kumpulan lan wali sanga | samya (m)babar sêsotya | trusing ngaji pan akumpul | aywa ana parêbutan ||
15. Kinarya gita ing kawi | [...Kirang satunggal gatra: 7a...] ing Giri Gajah ênggone | tatkala agugunêman | para wali sasanga | ing Argapura (ng)gènnipun | kadhaton ratu agama ||
16. Wali sadaya tinari | dènnira Prabu Satmata | Suhunan Benang tinaros | myang Suhunan Kalijaga | Suhunan Ngampèldênta | Suhunan Kudus tinantun | kalawan Sèh Siti Jênar ||
17. Sèh Bênthong tumut tinari | sarta Pangeran Palembang | Panêmbahan Madurane | aseba mring Giri Liman | angling Prabu Satmata | sukur pêpêg anakingsun | sami limuta kaliman ||
18. Sadaya tunggala kapti | sampun wontên kang sulaya | arêmpêga kang wiraos | sami ambabar sosotya | sami miyak warana | sampun wontên masang sêmu | dèn anglela dèn tetela||
19. Jêng Suhunan Benang angling | ambabar kang pangawikan | tegese sariraningong | dat sipat apngaling Allah | nyata ing kalbu amba | Datollah kang amurbèku | misesa ing dhèwèkira ||
20. Jêng Suhunan Adiluwih | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | iya sadat jênêngamba | iya jênênging purba | iya Allah Sukma Subut | jênêng urip lawan jagad ||
21. Jêng Suhunan Giri-wèsthi | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | iman urip lan nugraha | budi uriping Suksma | urip sarta Allah iku | mangkana ing kawruhamba ||
22. Jêng Suhunan Kudus angling | ambabar kang pangawikan | Roh wajib ing imaningong | cahya mancur kadi surya | mijil sangking prabawa | amartani lampahipun | anguripi ing sajagad ||
23. Panêmbahan Madura ngling  |  ambabar kang pangawikan  |  aran na kanugrahane | kundhi Allah ta punika  |  têgêse kundhi ika | Nabi Allah jatinipun  |  jinatèn ing nama Allah ||
24. Pangeran Palembang angling | ambabar kang pangawikan | têgêse sariraningong | têgêse Allah punika | Allah ingkang amurba | anguripi Mahaluhur | amisesa purba dhawak ||
25. Prabu Satmata mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | sami lan Allah purbane | kang ngawruhi iya Allah | kaping kalih nur badan | kaping tiga rasul iku | kaping pat Datollah ika ||
26. Sèh Siti Jênar mangkya ngling | ambabar kang pangawikan | asêmbah ing Allah ingong | sujud rukuk padha Allah | sêmbah sinêmbah Allah | ingsun kang amurba iku | kang misesa ingsun uga ||
27. Wali sadaya mangkya ngling | Siti Jênar Kadariyah | katêrasan iku linge | Siti Jênar sigra ngucap | adoha yèn bênêra | ingkang pêrak iku êmbuh | iki Allah supayaa ||
28. Prabu Satmata mangkya ngling | iku jisim Siti Jênar | Sèh Lêmah Bang mangkya linge | raga jiwa dènmicara | padesane dèntilar | Allah kang anglela iku | sakarsanipun wasesa ||
29. Wali sadaya samya ngling | salah sira Siti Jênar | dene angaku badanne | Allah badan Siti Jênar | tan langgêng anèng dunya | Siti Jênar iku luput | têmbe mangkè ngaku Suksma ||
30. Pan wontên lakone nguni | sami ambabar sosotya | sampun aling-aling kang wong | sami amiyak warana | aja na salah cipta | kêna yèn warahên dudu | anging panggah Siti Jênar ||
31. Prabu Satmata mangkya ngling | Sèh Lêmah Bang kamanungsan | sanak pakênira kabèh | tan beda lan pakênira | nanging sampun angela | manawi dadi kalurung | akèh wong kang anggêgampang ||
32. Kathah wong kang tanpa yêkti | tanpa yun angguguruwa | akèh kang (ng)gêgampang kang wong | dene warta atimbalan | sajatinipun wikan | dadi tan arsa (ng)guguru | awirang yèn ta takona ||
33. Sèh Molana samya prapti | sakathahe Aji Cêmpa | pinarêg ing masjid gêdhe | mapan kantun wali sapta | samya (m)babar sosotya | tan prabeda kang rumuhun | Siti Jênar ingandikan ||
34. Sèh Molana mangkya angling | Siti Jênar nama tuwan | Siti Jênar mangkya turre | inggih Allah jênêngamba  |  nora na Allah ika  |  anging Siti Jênar iku  |  sirna Jênar Allah ana ||
35. Molana Maghribi angling  |  kapir dadi Siti Jênar  |  Aji Cêmpa angling alon  |  kapir danas Siti Jênar  |  Islamipun indalah | kapir danas wong puniku | punika kapir sampurna ||
36. Molana Maghribi angling | Suhunan (n)dawêg winêjang | masjid dalêm suwung kabèh | ana bêkti ana ora | têmah ngrusak agama | anggêgampang têmahipun | kang salah (n)dawêg pinêdhang ||
37. Sèh Siti Jênar mangkya ngling | (n)dawêg sampun kalayatan | lawang swarga mênga kabèh | Siti Jênar sinêrampat | dening kaum sakawan | Sèh Lêmah Bang sampun khukum| pinêdhang tatas kang jangga ||
38. Titiga sabate sami | apan sêdya pinêjahan | samya prawira khukume | titiga samya anêdya| anêbut Subkhanallah | wontên rare angon wêdhus | sigra amiyarsa warta ||
39. Siti Jênar wani mati | kasusra angaku Allah | punang rare angon age | lumayu asumbar-sumbar | amarêg mring ngayunan | wontên Allah kari iku | katungkul ya angon menda ||
40. Prabu Satmata mangkya ngling | rare iku kudu pêjah | khukumêna aja suwe | sandhingêna Siti Jênar | angling Ki Siti Jênar | sandhingêna lawan ingsun | aywa adoh ingsun gawa ||
41. Ponang rare angling aris | sampun (n)dika kalayatan | rare cilik sru tangise | age tumuta pralaya | wus mênga lawang swarga | pinêdhang janggane sampun | mèsêm rare angèn menda ||
42. Jêng Suhunan Ratu Giri | nora kira Siti Jênar | maksih wutuh rêragane | tigang dina gilang-gilang | tumulya uluk salam | kantuna andika ratu | Siti Jênar nulya ilang ||
43. Tan kari sabatirèki | sadaya wus samya ilang | miwah rare angon mangke | datan kantun mèlu ilang | sadaya sampun sirna | gawok sakèh kang andulu | dhumatêng Sèh Siti Jênar ||
44. Tuturku kang wus kawijil | Sèh Lêmah Bang wus anyata | katon kandêl kumandêle | nanging pilih kang abisa | kadi Sèh Siti Jênar | akèh mandhêg anèng catur | pinêntog mundur plarasan ||

39. Durma
1. Lawan malih radèn sira kawruhana | pan ana kawruh malih | crita Wringin-sungsang | wajibe kawruhana  | anggitên dipun sayêkti | sajroning manah | lah anggèr ngong jarwani ||
2. Wringin-sungsang wayahira tumaruna | luhur datan ngawruhi | panjêre satunggal | tambenipun sêkawan | pupusipun mung sawiji | pange sakawan | wohe rêtna-di luwih ||
3. Kulitira kang wringin kancana mulya | daging kumala adi | otote sosotya | babalunge kalpika | sungsume motyara luwih | uwiting wrêksa | iman wujud kang pasthi ||
4. Lan malihe kaki têngah kawruhana | lalima kathahnèki | ingkang anèng têngah | aran pêksi-dewata | anadene kang angapit | pêksi sakawan | iku wajib ngawruhi ||
5. Poma-poma anggèr sira kawruhana | wastane kang waringin | lan pancêre pisan | lawan tambining ngêpang | pupuse lan wohe ugi | apa arannya | wajib sira kawruhi ||
6. Lan malihe radèn sira kawruhana  |  apa asalmu dhingin  | i ku kawruhana  |  asal sangking punapa  |  miwah benjing lamun mati | êndi (ng)gonnira  |  lawan marganing pati ||
7. Lamun mati kang nyawa ngêndi marganya | apa ta mêtu kuping | apan sukêr ika | apa ta mêtu netra | iku pasthi molèr kaki | yèn mêtu sirah | pasthi pêcah kang rêksi ||
8. Lamun mêtu ing êmbun-êmbunan radyan | kang pasthi bolong kaki | lamun mêtu grana | yêktine jêmbêr uga | lamun mêtu cangkêm najis | lah ngêndi baya | margane lamun mati ||
9. Lamun mêtu ing jubur langkung najis ya | yèn mêtu pusêr ugi | pasthi bojot ika | lah ngêndi ingkang marga | lamun ing wulu kang margi | lah iku mokal | marga kalangkung rungsit ||
10. Lah ta radèn anggèr sira têtakona | liyane marang mami | kabèh takokêna | purwa madya wasana | takokna dipun patitis | asraha badan | ngaturna pati urip ||
11. Lamun mati apa ta ana ngakerat | prênahe kerat ngêndi | takokna dèn angsal | aja angayawara | dipun wêruh ing sajati | basa ngakerat | ênggon wong agung sisip ||
12. Anadene ênggone wong kang sampurna | tan donya tan ing ngakir | anèng Darussalam | ênggon wong agung mulya | iku gurokna sayêkti | ing Darussalam | iku suwarga êning ||
13. Têgêsipun kang Darussalam punika  |  wujud mukal kang pasthi  |  iku gurokêna | kang aran wujud mukal  | yèn tan wêruha sayêkti  | angur si kopar  |  karuwan mati garing ||
14. Lah ta iku radèn sira gurokêna | lah poma dipun olih | kalamun olèha | ing guru kang wawarah | silêma jroning jaladri | upamanira | ywa tolèh anak rabi ||
15. Yèn pepeka ing wêjang guru kang pasal | têmahan mati kapir | nuli labuhana | wêjange gurunira | labuhan kawan prakawis | aywa kawuntat | tapa kawan prakawis ||

40. Pangkur
1. Dhingin kang ingaran tapa | anarima sihing Hyang Suksma jati | apa karsane Hyang Agung| apan anut kewala | anglir sarah anèng satêngahing laut | apa karsaning parentah | kawula têka nglakoni ||
2. Ping pindho ingaran tapa | gêniara iku dipun lakoni | anadene artinipun | malêbu ing dahana | yèn kabrangas ing ujar iku dèn têguh | yèn dènucap ing têtangga | mapan tan nêdya gumingsir ||
3. Kaping tiga banyuara | têgêsipun punika tapa ngèli | mapan anut ing pitutur | rêmbuge pawong sanak | lan nasabi ing wong kawiranganipun | iku laku kang utama | wong awas ing Suksma jati ||
4. Kalawan kaping patira | tapa ngluwat amêndhêm jroning siti | iya iku têgêsipun | aja ngatokkên uga | ing bêcike awake dhewe puniku | miwah lawan lakunira | pêndhêmên dipun arêmit ||
5. Kalamun ta malihira | dipun andhapasor sarèh ing budi | dèn ngalah ing parapadu | utamakna ing lampah | iya iku wong bêkti marang Hyang Agung | iku aranne wong lanang | iya wong mênang prang sabil ||
6. Iku ganjaraning benjang | cinacadhang manggon ing sawarga-di | ingkang dahat adiluhung| kang aran Darussalam | sarwa muwah adi-adi sakalangkung | pan sampun karsaning Allah | kang duwe wong aprang sabil ||
7. Wong aprang sabil punika | nora lawan si kopar lan si kapir | sajroning jajamu iku | ana prang Bratayuda | luwih rame ayuda pupuh-pinupuh | iya lawan dhèwèkira | iku jatine prang sabil ||
8. Sampune amênang aprang | nuli ngancik ing nagri Maèspati | amboyong Kêncanawungu | nuli jumênêng nata | amarentah sakathahe para ratu | datan ana kang amalang | supami jumênêng aji ||
9. Iku poma alah poma | aywa mamang manahira sayêkti | poma sêtyanana iku | ujar kang dhingin uga | dèn prawira anganggit sajroning kalbu | iku laku kang utama | tan ana ingkang nyamèni ||
10. Lawan malih atakona | sampurnane ing niyat lawan takbir | miwah sahadat puniku | kalawan yèn sakarat | poma radèn puniku ta dipun antuk | lawan sampurnaning pêjah | takokna dipun patitis ||
11. Pan lilima kathahira | gurokêna iku dipun mangêrti | iku sampurnaning kawruh | poma ta dipun angsal | iya iku sira gurokêna kulup | yèn tan amuruk mangkana | dudu gurumu sayêkti||
12. Yèn sira ayun uninga | bumi pitu lah radèn sun jarwani | kang dhingin bumi rannipun | ingaran bumi rêtna | kaping pindho ingaranan bumi kalbu | bumi jantung kaping tiga | pan kaping pat bumi budi ||
13. Lawan kaping limanira | ingaranan bumi jinêm sayêkti | lawan kaping nênêmipun | ingaran bumi suksma | ping pitune bumi rahsa arannipun | iku wajib kawruhana | têgêse sawiji-wiji ||
14. Ingkang aran bumi rêtna | têgêsipun dhadhanira pribadi | bumining manungsa luhung | iku gêdhong kang mulya | ingaranan astananing Islam iku | lawan kaping kalihira | bumi kalbu dènwastani ||
15. Bumi kalbu têgêsira | astanane ing iman kang sajati | kaping têlu bumi jantung | iku ta ingaranan | astanane anênggih sakèhing kawruh | lan malih kaping patira | ingaranan bumi budi ||
16. Bumi budi têgêsira | astanane ing puji lawan dhikir | lawan kaping limanipun | bumi jinêm têgêsnya | ingaranan astanane sih satuhu | lawan kaping nêmme ika | bumi suksma dèn arani ||
17. Utawi kang bumi suksma | iya iku astanane ing ngèlmi | nênggih kaping pitunipun | ingaran bumi rahsa | bumi rahsa apan iya têgêsipun | astananing ing paningal | asmaradana gumanti ||


( Ana Candhake... )