Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.2



11. Pocung
1. Endrasena myang sagunging para wadu | kang ana ing ngarsa | andhêku dènnira linggih | samya minggu tan ana wani micara ||
2. Sang pangeran mingsêr ngajêngkên sang wiku | tan ana katingal | pinêndir Susunan Giri | nir wikara nir baya têtêg ing nala ||
3. Datan ana tinaha ing galihipun | pangran Surabaya | yèn sinawang (ng)gigirisi | wingwrining tyas kadya anon singa krura ||
4. Solah ganggas ulat manis têmbungnya rum | hèh hèh Sunan Arga | piyarsakna wuwus mami | Sultan Agung iku ratuning rat Jawa ||
5. Murdaningrat ing jagat pramuditèku | ambêg parikrama | sadu sudibya sinêkti | putus ing rèh sampeka sura marata ||
6. Pambêsmining kang samya tan arsa nungkul | babo praptaningwang | ing saèstune tinuding | kangjêng sultan kang pinudya jayaningrat ||
7. Gustiningsun jêng Susunan Sultan Agung | hèh Sunan wruhanta | apa karêpmu kang pasthi | aprakara kang dadi karya manira ||
8. Lamun sira satuhu nêdya rahayu | têtêping karajan | tulus wibawa nèng Giri | anêmbaha ing Jêng Sultan Ngèksiganda ||
9. Lan gawanên garwa putra sawadyamu | miwah ngaturêna | donyanira pèni-pèni | lan sagunge sosotya rêtna kumala ||
10. Barêng lawan sebaku marang Mantarum | yèn sira ngèstokna | ing pituduh ingsun pasthi | tutug têtêp mulat baskara sasangka ||
11. Yèn tan anut marang ing pituduhingsun | apa kang kok arsa | tanpa sesa praptèng lalis | nagri Giri sirna dadi karang jingga ||
12. Gustiningsun Anjayèngbumi satuhu | marta parikrama | ing jagad wiryawan iki | wicaksana santosa ngagêm agama ||
13. Ing sakèhe kasukanira puniku | wiryamu nèng dunya | sami lan gêbyaring thathit | lah emanên aja nganti kadrawasan ||
14. Lah matura prasaja ywa nganggo ewuh | rikuh akakadang | wêlasasih ywa kapikir | kêncênging tyas iku kang dadya panutan ||
15. Sunan Giri (n)dêngèngèk wacana arum | ya walahualam | Allah ingkang ngudanèni | amba Tuwan sumendhe karsa Pangeran ||
16. Yata wau Jêng Pangeran Surèngkewuh | rikala miyarsa | ngandikanya Sunan Giri | tandya mêdal pasilan ngarsèng pandhita ||
17. Sakundure pangeran ing Surèngkewuh | rêmbag dadining prang | samêkta ing benjing-enjing | Endrasena jumênêng sumadilaga ||
18. Wus warata dhawuhe sang maha wiku | mring para sakabat | siswa katib kaum modin | para wadya sa-Giri wus amirantya ||
19. Enjingipun sang pangeran sampun rawuh | nagri Surabaya | pinanggih garwa myang dasih | winartanan tamtu mangun yudabrata ||
20. Sunan Giri lumuh datan arsa nungkul | wadya Surabaya | nèng alun-alun miranti | baris kêpang jêng ratu nitih jêmpana ||
21. Angidêri baris mubêng ngantya kêmput | maringkên ganjaran | mring kang ayun mangsah jurit | arta miwah busana awarna-warna ||
22. Wus waradin kang bêndhe munya angungkung | panêngran bidhalan | kang dadya cucuking jurit | wus lumaku kadya ilining narmada ||
23. Nulya joli titiyanira jêng ratu | jêng pangran nèng wuntat | nitih kuda datan têbih | ginarubyuk sakèhing kang wadya kuswa ||
24. Tan petungan datan kawarna ing ngênu | praptèng Giri pura | kêpung-kêpang pacak baris | sêsêking tyas lir pendah ayun asmara ||

12. Asmaradana
1. Sigêg kang wus pacak baris | para wadya Surabaya | angêpung Giri kadhaton | sanega kapraboning prang | gantya kang kawuwusa | wau ta Giri sang wiku | sampun ingaturan wikan ||
2. Lamun Kangjêng Pangran Pêkik | saha garwa ngêpung kitha | anglir samodra balane | (m)balabar ngêbêki papan | tiyang ing Ngargapura | jalu èstri samya bingung | kadya gabah ingintêran ||
3. Jêng Sunan Giri tinangkil | siniwèng kang wadyabala | (m)balabar anèng ngarsandhèr | samya sanega ing yuda | anganti kang timbalan | wontên putranya sang wiku | mijil sangking kang ampeyan ||
4. Sinung ran Dyan Jayèngrêsmi | wotsêkar matur ing rama | dhuh rama pupundhèningong | paran têmahaning karsa | langkung sandeyaning tyas | arsa ngayomi prang pupuh | mêngsah sultan Ngèksiganda ||
5. Atur kawula rama ji | lêpata ing ila-ila | kamipurunipun lare | mudha punggung tan wrin gatya | yèn kaparêng ing karsa | prayogi sami sumuyut | mring Sultan Agung Mantaram ||
6. Sampun ta asalah kardi | kula amiyarsa warta | Ngèksiganda sang akatong | susilèng tyas ambêg santa | tyas purna angumala | sayêkti kewala luhur | prabawa wêninging driya ||
7. Rahayu parikrama di | botên eca yèn minêngsah | mupung ing samangke dèrèng | kalajêng campuh ing yuda | prayogi tinututan | pangintên amba pukulun | wande ngayoni ngayuda ||
8. Dene manawi tinampik | karsane caraka kêdah | ngatingalkên sudirane | pan dede sangking paduka | ingkang miwiti aprang | yêkti sangking pyambakipun | datan awrat tinanggulang ||
9. Ambêkuh Jêng Sunan Giri | tan keguh aturing putra | nulya mundur sang wira nom | samarga arawat waspa | pinupus ing wardaya | papasthènira Hyang Agung | takdir datan kêna selak ||
10. Saundurira kang siwi | ngandika raja pandhita | Endrasena kaya priye | wong Surabaya wus prapta | ngêpung ing Giri pura | Endrasena aturipun | wadya Giri wus siyaga ||
11. Ngantos timbalan rama ji | dhuh sutèngsun Endrasena | apa kang pinikir manèh | balik nêmbanga têngara | budhalna wadyanira | nglêbur baris Surèngkewuh | sira mangka senapatya ||
12. Tur sandika kang sinung ngling | manêmbah mangaras pada | dhuh guru panutaningong | nyuwun pangèstu putranta | paduka dènpracaya | undure wong Surèngkewuh | wus ana ing astaningwang ||
13. Pinêtêg bunbunannèki | sinêbul mawantya-wantya | jaya jaya andikane | mundur anêmbang têngara | busêkan para wadya | gya budhal ingkang rumuhun | wadyane sang Endrasena ||
14. Kalih atus winatawis | samya asikêp sanjata | nyothe sêking (ng)gendhong towok | panganggene sarwa pêthak | wus samya masuk Islam | sabilollah unènipun | ing wuri sang Endrasena ||
15. Sanjatanira pinundhi | pistul kalih sinangkêlang | nganggar sabêt Karaloke | nèng kiwa têngên curiga | abire anèng wuntat | tinrapan bandera pingul | tinulis asma Pangeran ||
16. Pujinira andrêmimil | nyêbut asmaning Pangeran | sabilolah sênggakane | nulya pra kaum ngulama | katib modin santana | myang wadya Giri sadarum | panganggene sarwa pêthak ||
17. Sayuk samya ambêg pati | wus samya ayun-ayunan | wadya Giri Surèngkewoh | natap têngaraning yuda | bêdhug bêndhe myang trêbang | suraking wadya gumuruh | kadya bêlahing prawata ||
18. Rame campuh ing ngajurit | tambuh mungsuh tambuh rowang | wong Giri ampuh yudane| mawantu-wantu nyanjata | wadya ing Surabaya | ing prang tan pati pakantuk | satêmah barise rusak ||
19. Endrasena mobat-mabit | ngiwut kadya Radèn Seta | mlantrah pisah lan wadyane | singa kang katrajang bubar | lumayu asasaran | kang cêlak-cêlak linampus | tan ana mangga puliya||
20. Prajurit ing Surawèsthi | tan bisa namakkên gaman | pating bilulung solahe | rumangsa kawratan mêngsah | wong Giri pamukira | lir andaka nandhang tatu | ambêg pêjah sadayanya||
21. Dumadya kang mêngsah giris | tan ana kawawa nyangga | wadya Giri pangamuke | prajurit ing Surabaya | kathah ingkang kabranan | tanapi tumêkèng lampus | wadya Giri sru gambira ||
22. Kang pêjah mung sawatawis | yata wadya Surabaya | sadaya wus kraos cape | undurira alon-lonan | ywa nganti kawistara | wadya Giri sru mangêsuk | lir ngrabasèng sinoming dyah||

13. Sinom
1. Dènnira aprang sadina | kasoran wong Surawèsthi | mundur tansah tinututan | apan ta saputing ratri | wong Giri kang nututi |
wus samya wangsul sadarum | wong Giri giyak-giyak | [...Kirang satunggal gatra...] angklung ngênthir angalètèr samya emprak ||
2. Endrasena saha wadya | miwah para wadya Giri | wus sowan ngarsanira sang | pandhitaraja ing Giri | manêmbah tur udani | lamun wadya Surèngkewuh | wus mundur palarasan | tan ana kang mangga pulih | kathah pêjah gustine datan karuwan ||
3. Wau sang rajapandhita | langkung sukanirèng galih | kalimput ing tyas angrêda | ngraos karilan ing Widdhi | dènnya ayun mêngkoni | ing tanah Jawa sadarum | sumêngah ujubriya | kibiring tyas uwus kengis | kapandhitan sirna gunging kamelikan ||
4. Wasana aris ngandika | sukur alkamdulillahi | hèh ta kulup Endrasena | iki ngalamate dadi | angèl wong mijêt ranti | rêkasa wong (n)jara timun | kuciwa tan kacandhak | Jêng Pangeran Surabanggi | kacêkêla miris tyase wong Mantaram ||
5. Endrasena matur latah | rèh wau kasaput ratri | wadya dalêm sampun sayah | saha rêbat wêktu Mahrib | ing dintên benjing-enjing | tamtu kabanda dèningsun | mlajênga mring Mantaram | ulun datan nêdya ajrih | sukur bage ing aprang tan mindho karya ||
6. Babarpisan ulun bêkta | dadya datan wira-wiri | Pangran Pêkik kangjêng Sultan | sumewa ngarsa sang yogi | sang wiku ngandika ris | iya sun dongakkên kulup | yèn isih jênêngingwang | sira kaki ywa kuwatir | ing samêngko ing Giri sun wèhi aran ||
7. Iya nagri Sokaraja | pra wadu matur nêksèni | ratri mêngko kasukana | maulud dhikiran singir | (m)bungahna wadya alit | ganjarên sapantêsipun | kang padha mêntas yuda | dimène tambah kuwanin | nanging kulup aywa atinggal waweka ||
8. Manawa ing benjang-enjang | mungsuhmu kawawa bali | Endrasena saha wadya | sarêng matur ing sang rêsi | sadaya wus malêncing | miris datan nêdya wangsul | gustine tan kantênan | rowange kathah ngêmasi | benjang katon sarêng nungkule jêng sultan ||
9. Ing ratri samya bujana | wadya Giri suka ngênting | gantya wau kang winarna | ingkang kaplajêng ing jurit | Jêng Pangran Surèngwèsthi | lawan garwanya jêng ratu | wus kumpul wadyanira | jêng pangran anglês ing galih | sungkawèngtyas miyat rusaking kang wadya ||
10. Ki Sapanjang lajêring prang | umatur marang sang Pêkik | gusti atur pêjah gêsang | abdi dalêm Surèngwèsthi | satuhu (ng)gigirisi | Endrasena yudanipun | miwah prajurit Ngarga | naracak kêndêl ing jurit | ambêg pati ngamuk lir banthèng katawan ||
11. Abdidalêm Surabaya | sadaya turipun sami | ngraos sampun botên bangkat | tan anêdya pulih gêtih | ing tyas wus samya wingwrin | kanthi miris sakalangkung | jêng pangran duk miyarsa | ature punggawanèki | saya anglês ing galih datan ngandika ||
12. Mangkana Jêng Ratu Pandhan | miyat garwanya prihatin | sumpêk ing tyas tan kawêngan| minggu datan kêna angling | jêng ratu matur aris | ngrarêpa mring garwanipun | dhuh guru lakiningwang | lamun makatên ngajurit | rusaking prang amba nyuwun lilah tuwan ||
13. Bilih kenging dinandosan | kula ingkang andandosi | kagyat Pangran Surabaya | mirêng ature kang rayi | patanyanira aris | dhuh babo pupujaningsun | ratuning amrakatya | ratuning manis sabumi | kadiparan kang dadya ing karsanira ||
14. Wadyanira wus kèh pêjah | kang kari wus padha wingwrin | jêng ratu manis turira | sok ugi kangmas nglilani | manawi ta manawi | sagêt mulihakên purun | mangkana duk miyarsa | jêng ratu rinangkul aglis | tuhu yayi jajimating Surabaya ||
15. Lah apa sakarsanira | ingsun tan sawalèng kapti | ing samêngko muhung darma | magondhal ing sira yayi | sakarsa-karsa dadi | wus pasrah jiwa ragèngsun | ing dalu tan winarna | kunêng kawuwusa enjing | Ratu Pandhan pinarak lawan kang garwa ||
16. Anèng tarub wawangunan  |  andhèr wadya Surèngwèsthi | jêng ratu arum ngandika | hèh sakèhe wadya mami | (ng)gèningsun mangun jurit | ingutus jêng raka prabu | sinangon busanarta  | reyal wolung èwu luwih | busana kèh endah-endah warna-warna ||
17. Iku sun ganjarkên sira  |  pandumên ingkang waradin  |  pra wadya ing Surabaya | sadaya wus samya tampi  | arta busana adi  | sumaringah netyanipun | bombong tyasnya sadaya  | jêng ratu ngandika malih | wadyaningsun kabèh kang tampa ganjaran ||
18. Wus katongton antêpira | tuhu ring gusti kaèsthi | mèlu lalana andon prang | sêdya sadu ing rèh ririh | saparan datan kèri | papa rêkasa ing laku | tan ana mawèh marta | lantarane ing kamuktin | dak walêsa satus mene durung mandra ||
19. Yayah mamriha wiryawan | pamalêsku mung papèki | paran minangka mulyakna | tan ngupakara mring abdi | gung awèh kawlasasih | asor timên jiwaningsun | bocah ing Surabaya| kulina wibawa nagri | gung ginawa ina papa kasangsara ||
20. (m)Barêngkut kadya babêrah | nglabuhi Gusti kaswasih  |  kasurang pan kasangsaya  |  ragèngsun  paran  pinanggih | (ng)gagawa mring tan bêcik  | durmala bae ragèngsun | bagya wirya  ing praja | sênêng mulat anak-rabi | têka (n)dadak dakajak panggawe papa ||
21. Satêmah amanggih susah | angadoni jayèng jurit | pira papati tan ketang | sangking drêng kadêrêng ing sih | yun malês maring gusti | tan tiwas sangking sirèku | ingsun lan kakangêmas | iku dununge kang sisip | pira-bara muwuhi ing kawiryawan ||
22. Mungguh ing panyaurira | wus kalakon tur ngêlêbi | ingsun ingkang kapotangan | kacihna nalika jurit | campuh lan santri brai | akanthi prajurit punjul | Cina samya mualap | prabawane angungkuli | parabawèku prajurit ing Surabaya ||
23. Kêna prabawa arêbah | rumaras tipis kang ati | tan luput saka ing sira | manawa wus karsèng Widdhi | ing mêngko Surèngwèsthi | ginawe beda lan dangu | nguni ing sa-bangwetan | pangaubaning prajurit | manggalèng prang prajurit ing Surabaya ||
24. Tyas ambêg satya-susatya | tan angeman lara pati | wantêr tatag ing ngayuda | têguh datan pilih tandhing | babanthèng tanah Jawi | mundur aran sukanipun | iku dhèk jaman kuna | sarèhning waktu saiki | akèh mungkur lalabuhan kuna-kuna ||

14. Pangkur
1. Lah sagung pra wadyaningwang | dadi luwih bêcik lalakon iki | tur tan sumêlang yèn lampus | kataman ing gagaman | nadyan kucêm nanging isih mamah-mumuh | nora keguh ing rarasan | waton (n)dêrbala lêstari ||
2. Payo lah padha bubaran | ingkang agung apuranira sami | marma mêngko sadayèku | padha nuli muliya | mring wismamu dene ta ganjaranipun | gawenên sangu nèng marga | ingokna mring anak-rabi ||
3. Ingsun mulih mring Mantaram | munjuk marang kakang prabu Mantawis | ngaturkên pati-uripku | lan kangmas adipatya | tiwas ing prang mungsuh wiku tuwa pikun | biniyanton wong mualap | Cina nênêka ngajawi ||
4. Gagamane mung salumrah | santri mêri tarêbange tinitir | têka wèh uwasing kalbu | angêdirkên kasuran | têmah ura datan tumama tumangguh | akèh wutahing ludira | nandhang brana têkèng lalis ||
5. Kang kari tyase garowah | lir kinêbat kawanènira ênting | kèh-kèhe ingsun kang luput | anandhang kawirangan | lara-pati ingsun lan kangmas tumangguh | aywa mèlu-mèlu padha | lah uwis andum basuki||
6. Kunêng jêng ratu lingira | para mantri umatur sadayèki | pan sarya drês wêtuning luh | dhuh gusti pundhèningwang | sampun age paduka nêmahi kundur | tontonên wadya paduka | bêktine wong Surawèsthi ||
7. Lawan pamriye pra wadya | angantosa yèn mêngko tuhu sêkti | didimèn têlas pukulun | sagung wong Surabaya | têkèng pêjah wadyanta ing Surèngkewuh | datan ngrêmpêlu sadaya | yèn ngeman-emana pati ||
8. Kalakyaning karsa tuwan | yèn kacuwan luwung tumpêsing jurit | urip apa karyanipun | tan pêcus karya rêna | ing karsane jêng gusti têka tan dhaup | yèn uripa kêna ngucap | dhasar manungsa tan yukti ||
9. Ewa kabèh kang tumingal | jêr wong Surawèsthi kang (n)jêjêmbêri | apan nisthane kalangkung | kawruhe nora nana | mung mangkono bobote aduwe ratu | wali kalipahing Allah | prandene nora nglabuhi ||
10. Ya endah apa wong kompra | cêplik tangèh wêruha marang bêcik | sadaya pating salênggruk | punggawèng Surabaya | ki tumênggung Sapanjang matur dhuh-adhuh | anjanmaa kaping sapta | kawulakna sadayèki ||
11. Pêjah gêsang aywa pisah | ing jêng pangran kang mêngku Surawèsthi | wadya tumpêsa karuhun | sampun age paduka | kundur ngunjukakên yuswanta pukulun | pra wadya ing Surapringga | yèn tiwas ngayahan jurit ||
12. Aywa na kantun satunggal | tinumpêsa mring Sunan Giri aglis | yèn paduka prapta kantun| dhatêng ing kalanggêngan | nyuwun wartos kewala solah pukulun | Sunan Giri kang (m)balela | pinanggiya jroning pati ||
13. Taksiya satru kawula | saturune (n)janmaa dhatêng pundi | têtêpa dumados satru | yèn dèrèng kalampahan | pulih awon dhatêng paduka gustiku | Jêng Ratu Pandhan myang garwa | suka ing tyas duk miyarsi ||
14. Ature para punggawa | samya madêg kasuranirèng galih | prasêtyanira trus kalbu | datan lamis ing ujar | sru kumruwuk nyuwun lilah magut pupuh | mangrurah kraton Prawata | rampung ing sadina mangkin ||
15. Sunanne dadya tawanan | amboyongi dunyarta garwa siwi | Ratu Pandhan ngandika rum | yèn sira magut ing prang | ingsun arsa uning tingkahing apupuh | yèn têtêp asoring yuda | padha barêng angêmasi ||
16. Para wadya matur nêmbah | dèn pitados risaking kraton Giri | prayogi jêng gusti kantun | wontên ing pasanggrahan | nyakecakkên sarira dalêm pukulun | jêng ratu aris ngandika | palimarmanta mring mami||
17. Abangêt tarimaningwang | sun tatêdha winalêsa ing Widdhi | nanging kêncênge tyasingsun | tan kêna sinayutan | para wadya sadaya samya andhêku | jêng ratu malih ngandika | mêngko yèn wis praptèng Giri ||
18. Mungguh gêlaring ngayuda | bocahingsun sikêp ing Surawèsthi | nganggoa gagaman pupuh | ana ing ngarsaningwang | kang minangka titindhih kangmas lan ingsun | kabèh padha singitana | lamun wus têmpuh ing jurit ||
19. Ingsun aparing têngara | yèn pistulku wus muni kaping katri | sêdhêng kuwuring ngapupuh | aglis sira trajanga | poma padha èstokna pituturingsun | pra wadya matur sandika | mundur anata kang baris||
20. Pra wadya asuka-suka | giyak-giyak marlêsunira ênir | pulih kapurunanipun | sarêng surak gumêrah | nora nana kang alit ing manahipun | sadaya samyambêg pêjah | gambira wong Surawèsthi ||
21. Sampun anêmbang têngara | bidhalira wadya ing Surawèsthi | kuli minangka panganjur | binusanan mawarna | abang kuning irêng putih ijo wungu | mandhi watang nganggar criga | tinon lir panjrahing sari||
22. Jêng Ratu Pandhan nèng wuntat | nitih joli jêng pangran datan têbih | wahana turangganipun | ingurung-urung wadya | magêrsari prajurit wuri sumambung | solahe lir singa krura | tan nêdya mundur ing jurit ||

15. Durma
1. Lampahira ing ngênu datan winarna | wadya ing Surawèsthi | wus ngancik jajahan | ing Giri kagègèran | prajurit kang anèng wuri | lampahnya nyimpang | singitan tan katawis ||
2. Kawarnaa Jêng Susunan ing Prawata | lagya eca tinangkil | lan sang Endrasena | ingadhêp para wadya | tan liyan ingkang ginupit | jayaning aprang | jêng sunan ngandika ris ||
3. Endrasena kadiparan mungsuhira | apa tan nêdya bali | matur Endrasena | pukulun kintên amba | kalajêng dènnya malêncing | botên kuwagang | nadhahi yuda mami ||
4. Lamun purun wangsul nêtêpi bêbasan | lir sulung lêbu gêni | nadyan kangjêng sultan | Mantaram yèn miyarsa | tandang ulun ing ngajurit | kasêktèn amba | sayêkti lajêng miris ||
5. Dèrèng dangu dènnira imbal wacana | kasaru gègèr jawi | alok mungsuh prapta | anganggo mancawarna | tindhihipun nitih joli | munggèng ing wuntat | gugup Susunan Giri ||
6. Kulup payo padha nêmbanga têngara | mungsuh (n)dadak nêkani | kaki dèn prayitna | sun dongakkên raharja | Endrasena mundur aglis | nêmbang têngara | busêkan wadya Giri ||
7. Pradandanan ngrasuk kapraboning ngaprang | sangking kitha wus mijil | sangking rananggana | sampun ayun-ayunan | têngara paguting jurit | bêdhug tinatab | surak manêngkêr langit ||
8. Sarêng tandang wadya Giri Surapringga | caruk asilih ungkih | tambuh mungsuh rowang | sanjata barondongan | wadya Giri ngidak wani | pangamukira | lir banthèng nandhang kanin ||
9. Wadya Surapringga kadya singa krura | manggalak (ng)gêgirisi | samyambêg palastra | kang pêjah ingidakan | riwut rukêt ing ngajurit | tan ana nêdya | ngucira ing ngajurit ||
10. Pan karasa paparinge gustinira | sêdya amalês bêcik | ngêtohakên pêjah | wus rukêt ing ngayuda | larih-linarih ing kêris | tumbak-tinumbak | pênthung-pinênthung gênti ||
11. Ana ingkang prang tangan datanpa gaman | dadya bithi-binithi | japa-jinapanan | sêbul-sinêbul gantya | umêt-umêt umik-umik | ngapalkên japa | pating karêsês sami ||
12. Endrasena pangamuke saya nêngah | pêdhange mobat-mabit | singa kang katrajang | ngisis datan kawawa | nanggulang pangamuknèki | kathah kabranan | papati tanpa wilis ||
13. Bubar-bubar ngungsi (ng)gyaning gustinira | Jêng Ratu Pangran Pêkik | anudingi wadya | hèh bocah Surabaya | sira ayun marang ngêndi | aturing wadya | ngaso ing sawatawis ||
14. Wusnya ngaso sakêdhap nulya tumandang | mring pabaratan malih | risang Endrasena | sawadya sru gambira | satuhu ngebat-ebati | pangamukira | jêng ratu wlas ningali||
15. Matur maring kang garwa Kangjêng Pangeran | dhuh kangmas adipati | senapati Cina | wus wuru ing ngayuda | sêdhênge tiniban mimis | manthuk jêng pangran | jêng ratu ngasta aglis ||
16. Pistulira winawas mimis lumêpas | mring Endrasena kanin | tanganira kanan | jumbul pêdhange gigal | ngamuk dhuwung tangan kering | pinistul sigra | kabranan tangan kalih ||
17. Maksih panggah ngamuk (m)bijig (n)jêjêg (n)dhupak | angêmah-ngêmah kuping | Ratu Pandhan sigra | pistulira winawas | suku Endrasena kêni | sakala rêbah | prajurit Surawèsthi ||
18. Samya mirêng ungêle pistul ping tiga | sigra angêbyuk jurit | saking kering kanan | gugup ingkang tinrajang | wong Giri tan ana uning | yèn mêngsah wêwah | prajurit Surawèsthi ||
19. Kiranira kantun kang katon kewala | jroning tyas agung kibir | dadya tan wêweka | bujuke wong Mantaram | wadya Cina anadhahi | karoban mêngsah | linambung nganan ngering ||
20. Endrasena (n)dhoko madyaning ngayuda | mangkana wadya Giri | myang prajurit Cina | tyase wus samya growah | kêmba tandange ngajurit | wong Surabaya | sadaya ambêg pati ||
21. Amangrurah mungsuhe pating salayah | anglir babatan pacing | risang Endrasena | kinrocok tinumbakan | ajur luluh awor siti | wadya tumpêsan | sakantune kang lalis ||
22. Mawut-mawut lumayu (ng)guwang gêgaman | samya angungsi urip | (ng)galundhung ing jurang | singidan malbèng guwa | ana ingkang (ng)gêbyur tasik | minggah ing arga | sinurak saya giris ||
23. Wadya Giri siji tan ana katingal | rêsik lir dèn saponi | wadya Surabaya | surak ambal-ambalan | pratandha ungguling jurit | Giri kinêpang | têpung kinubêng baris ||
24. Kawarnaa nalika ramening yuda | putranya Sunan Giri | kang saking ampeyan | titiga èstri juga | tunggil sayayah sabibi | sru angrêsing tyas | lir mas timbul ing warih ||

16. Maskumambang
1. Ingkang sêpuh kakasih Dyan Jayèngrêsmi | ramening ngayuda | ngupadosi rayi kalih | Jayèngsari Rancangkaptya ||
2. Karsanira ri kalih binêkta ngungsi | nanging jro kadhatyan | ingubrês wus tan kapanggih | rahadyan sangêt sungkawa ||
3. Lolos saking Giri madosi kang rayi | tambuh kang sinêdya | tan ana kang ngudanèni | lêpas lampahe rahadyan ||
4. Kawarnaa wau Radèn Jayèngsari | tan pisah kalawan | rinta Nikèn Rancangkapti | ngupadosi ingkang raka ||
5. Tan kapanggya santri Buras atur uning | dhuh lae bêndara | ing Giri apês ing jurit | tan wande dadya tatawan ||
6. Pan binoyong maring nagari Mantawis | rakanta Rahadyan | Jayèngrêsmi sampun anis | nir dasih kang atut wuntat ||
7. Duk miyarsa ature ki Buras santri | Radèn Jayèngsêkar | ngandika waspa drês mijil | yayi paran karsanira ||
8. Nikèn Rancangkapti matur èsmu tangis | kakang nora bêtah | yèn pisah lawan sirèki | saparan aku tut wuntat ||
9. Saya ribêt tyasira Dyan Jayèngsari | yayi karsaningwang | anglut kangmas Jayèngrêsmi | mati urip aywa pisah ||
10. Buras matur kalilana ingkang abdi | tumutur saparan | sumangga nuntên lumaris | sêlak têbah rakapara ||
11. Payo yayi nuli pangkat ing saiki | kang rayi turira | kakang aku dandan dhisik | karo nglumpukke dolanan ||
12. Mêngko Buras gawanên dolanan mami | bèsèk têmantènan | ambèn cilik rana cilik | bagor isi dhuwit wingka ||
13. Cowèk wajan anglo kêrên kêndhil kwali | irus rok-erokan | solèt wilah susuk cilik | bagor cilik isi bêras||
14. Tenong cilik isi bumbu aja cicir | lan cuwilan bata | kêmbang jambu ampas krambil | kunir ênjêt angus wajan ||
15. Buras matur lèhe (m)bêkta kadi pundi | iya kanthongana | mèh bae dhakone lali | kêcik klungsu anèng kêba ||
16. Mantènaku bêcik dak gendhong pribadi | aja sira gawa | mêngko mundhak kok colongi | kateku gawanên pisan ||
17. Ko nèk kêsêl aku (n)juk gendhong sirèki | Buras tobat-tobat | dhuh bêndara napa malih | kari pêturon bênètan ||
18. Payo Buras ewangana anjupuki | Radèn Jayèngsêkar | myarsa surak (ng)gêgêtêri | kang rayi nulya cinandhak ||
19. Gya ginendhong santri Buras anèng wuri | kakang udhunêna | pasaranku isih kèri | nèk dak tinggal mundhak ilang ||
20. Buras matur sêdaya tan ana kèri | wus pinikul bêrah | êndi mantènaku kêcik | karo cukiku nèk ilang ||
21. Sampun lêpas lampahe Dyan Jayèngsari | umanjing mring wana | tumurun ing jurang trêbis | gantya ingkang winursita ||
22. Kangjêng ratu lawan garwa sang dipati | minggah marang Arga | jinajaran pra prajurit | ingurung-urung sêntana ||
23. Kawarnaa garwanya sang maha rêsi | miyos saking pura | lumajêng atawan tangis | miyat baris kang nèng ngarsa ||
24. Praptèng ngarsa mêndhak-mêndhak mangênjali | anungkêmi pada | matur mlasasih wor tangis | lae gusti pundhèn amba ||
25. Karsa rawuh anèng padhêkahan Giri | sèwu kanugrahan | pindha kêdhawahan sari | wijile nata minulya ||

17. Mijil
1. Datan (n)dimpe musthikaning bumi | rawuh sakarongron | apuranên punika dasihe | abdi dalêm pandhita ing Giri | ywa tumêkèng lalis | sru panuwun ulun ||
2. Sèstunipun putranta ing Giri | katarik wiraos | kêni bujuk rum manis têmbunge | anglimputi utamaning rêsi | têmah (m)bêbayani | tiwas ing tumuwuh ||
3. Endrasena eblis angêjawi | rêraton nèng dhepok | têka badhe ngêmbari dhèwèke | ing sang ulun kang mêngku rat Jawi | satêmah ngêmasi | (ng)gêgawa sang wiku ||
4. Putra tuwan saèstune sêpi | balela ing katong | lah punapa kang dèn andêlake | dhuh jêng gusti saèstu tur mami | dèn pracayèng galih | Gusti atur ulun ||
5. Pangran Surawèsthi ngandika ris | aywa walangatos | lamun mêngko wus eling atine | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | atur pati-urip | mring Jêng Sultan Agung ||
6. Yèn miturut nora sun patèni | lamun mêksa wangkot | kari aran sak bojo anake | tumpês tapis ing Giri sun radin | papak lawan siti | aja na mandhukul ||
7. Nora nyana nora ngira mami | yèn dadi prang popor | sadurunge kalakon mangkene | akèh-akèh manira nuturi | têka tan ginati | minggu datan muwus ||
8. Aturana lakimu dèn aglis | yèn sandeyèng batos | isih kêncêng kang dadi karêpe | isin mundur nglabuhi si eblis | nora ngeman pati | suka tumpês lêbur ||
9. Baya namung sagêbyaring thathit | ing Giri wus luloh | mênèk uwus rumangsa lupute | gêlêm nungkul marang ing Mantawis | nuli konên mijil | aja nganggo dhuwung ||
10. Nêmbah mundur sang dyah pramèswari | jêng ratu angantos | anèng jawi kalawan garwane | yata wau pramèswari Giri | nungkêmi padaning | risang raja wiku ||
11. Aturira dahat mamalatsih | dhuh jawataningong | rama tuwan kalawan garwane | Gusti Kangjêng Ratu Pandhansari | rawuh wus nèng jawi | (m)bêkta prajurit gung ||
12. Dhawuhipun dhumatêng pun patik  | gusti wantos-wantos  | ywa kadaut paduka kasupèn |bilih karsa nungkul mring Mantawis | tanggêl Pangran Pêkik   | ing rahayunipun ||
13. Slira tuwan sagarwa putrabdi | tulus angadhaton | anèng Giri saturun-turune | bilih datan makatên wus pasthi | risak prajèng Giri | tumpêsan sadarum ||
14. Jêng paduka tinimbalan mijil | dangu wus ingantos | yèn taledhor bok dados dukane | pan dinalih ngrungkêbi si eblis | mangga sowan gusti | sampun ngagêm dhuwung ||
15. Sunan Giri wèntèh angèngêti | tyasira sumêdhot | gugup tanggap ngrasuk busanane | datan ngagêm curiga wus mijil | atatêkên êcis | mangsah mundhuk-mundhuk ||
16. Dupi prapta ngarsanya sang Pêkik | sasalaman gupoh | wusing salam angraup padane | marikêlu mêpês anèng ngarsi | lir konjêm mring siti | ajrihe kalangkung ||
17. Angandika Jêng Pangeran Pêkik | pungkasaning lakon | kadiparan karêpmu ing mangke | kêkêtogan aywa mindho kardi | êndi kok antêpi | mati apa nungkul ||
18. Lamun nungkul dak gawa saiki | marang nagriningong | sabojomu myang anakmu kabèh| rajabrana saisining Giri | sawadyanirèki | aja na kang kantun ||
19. Sabanjure angidêpa maring | jêng sultan kinaot | ingsun ingkang bakal nyebakake | sang pandhita aturira aris | tan lênggana gusti | andhèrèk sakayun ||
20. Sampun ingkang dhumatêng ing sakit | nadyan praptèng layon | tan gumingsir sumarah abdine | muhung nyadhong parênging narpati | amba angèngêti | wawêca ing dangu ||
21. Karsaning Hyang buwana binalik | luhur dadya asor | nanging datan ngicalkên lajêre | kadi paran (ng)gèn amba sumingkir | pangran duk miyarsi | angrês galihipun ||
22. Ngandika lon hya sumêlang kapti | ingsun kang tumanggoh | dèn pracaya marang Sang Murbèng rèh | lah ta mara pradandana aglis | lèngsèr Sunan Giri | pradandosan sampun ||
23. Wus samêkta tan ana kang cicir | jêng pangeran bodhol | ingkang rayi wahana joline | Sunan Giri tinandhu nèng ngarsi | lan garwa myang siwi | jinagan wadya gung ||
24. Wadya Surawèsthi abibisik | marang sang wiranom | prayogine Sunan Giri mangke | yèn sambada ing karsa jêng gusti | rèh karya papati | anggambuh prang pupuh ||

18. Gambuh
1. Kalakyan aprang pupuh | dados damêl kapitunan agung | aminihi kasangsarane tyang alit | (ng)gorêkkên praja sawêgung | abdidalêm kathah layon ||
2. Têtela sampun kosus | sinangsaya tumêkèng ing lampus | tinumpêsa sampun botên milalati| imane sampun têkiyur | ical sumungkêm ing Manon ||
3. Mumpuni kajêngipun | jawi lêbêt sêdyanya rinangkut | tan rumaos kungkulan dhampar narpati | wikuning antigan èstu | pêthaknya jawi kemawon ||
4. Ing mangkya mupung ngumpul  | wontên ngajêng kadrèl sangking pungkur  |  Pangran Pêkik gumujêng ngandika aris  | bênêr kabèh ing aturmu  | wus kosus tinumpês mangko ||
5. Ananging saka dhawuh | dalêm Gusti Kangjêng Sultan Agung | ingsun nora winênang lamun matèni | pan dudu bubuhaningsun | luwih karsane sang katong ||
6. Wirayate pra luhung | yèn samêngko durung waktunipun | besuk ana kang ngrêmêg kadhaton Giri | darahe Jêng Sultan Agung | campur lawan darahingong ||
7. Sadaya para wadu | samya (n)dhêku langkung cuwèng kalbu | marêming tyas têmbe kalakon sêdyèki | yata lajêng lampahipun | wus prapta ing Surèngkewoh ||
8. Pinêrnah pondhokipun | Sunan Giri sawadya kinumpul | myang jinagan ing prajurit Surèngwèsthi | kangjêng ratu karsanipun | benjang enjang dènnya bodhol ||
9. Cinacahakên sampun | baboyongan jarahan brana gung | Sunan Giri matur mring Jêng Pangran Pêkik | kauningana pukulun | kirang tiga anak ingong ||
10. Jayèngrêsmi kang sêpuh | miwah Jayèngsari arinipun | wuragile wasta Nikèn Rancangkapti | ramening prang sami mirut | lolos sangking ing kadhaton ||
11. Tan wontên sanjang ulun | duka dalêm mênggah purugipun | tunggil biyang tiga pisan sangking wingking | jêng pangran nulya dhadhawuh | marang wadya Surèngkewoh ||
12. Hèh bocah dèn agupuh | upayanên atmaja sang wiku | Jayèngrêsmi Jayèngsari Rancangkapti | kalamun uwus kapangguh | rihrihên dèn nganti klakon ||
13. Sebakna mring Mantarum | yèn ambandakalani tan purun | aywa wangwang (ng)gonira anyantosani | yèn abota sangganipun | matura ing jênêngingong ||
14. Ki Sapanjang wus ngutus | wadya Surèngkewuh ingkang ngruruh | pan sinêbar ing paran datan anunggil | sigêgên dènnya angruruh | enjinge dènnya yun bodhol ||
15. Sowan maring Mantarum | wus samêkta punggawa nung-anung | myang boyongan jarahan sampun miranti | tinêngêran bêndhe ngungkung | gumuruh kanang kêndhang gong ||
16. Enjang budhal gumuruh | giyak-giyak tandha jayèng pupuh | kangjêng ratu nèng ngarsa anitih joli | jêng pangeran tansèng pungkur | nitih turangga binarong ||
17. Ingayap wadyanipun | jinajaran myang dèn urung-urung | kang sumambung ing wuri jêng Sunan Giri | sagarwa putra tinandhu | brana jarahan tan adoh ||
18. Jinagan pra mantri nung | jinajaran myang dèn urung-urung | ginarubyuk prajurit ing Surabanggi | samya prayitna ing kewuh | samarga-marga tinonton ||
19. Ing ngênu tan winuwus | wus angancik nagari Mantarum | orêg ingkang samya ayun aningali | kondurira kangjêng ratu | ungguling prang ambaboyong ||
20. Sunan Giri pinikut | sagarwa putra santananipun | jajarahan gusis rajabrana Giri | wong nonton jêjêl supênuh | samya ngucap ting calêmong ||
21. Sing êndi warnanipun | Sunan Giri kang mbalèlèng ratu | rowangira nauri atuding-tuding| kae lo lo anèng tandhu | kang wus pikun kêmpong perot ||
22. Lo dene uwus thuyuk | apa ingkang dèn andêlkên iku | ah wong wiku manawa dongane mandi | lan duwe saraya jadhug | Cina mualap sabagor ||
23. Ing mêngko wus kinrucuk | ing jêng ratu kagêm sambêl windu | pinakakkên maring sakèhe wong Giri | satêmahe padha mupus | rajane kêna binoyong ||
24. Wau ta lampahipun | kangjêng ratu prapta ngalun-alun | Pangran Pêkik sawadya myang Sunan Giri | kèndêl nèng taratag agung | jêng ratu (n)dhandhang kadhaton ||

19. Dhandhanggula
1. Kawarnaa jêng sultan Mantawis | apan sampun ingaturan wikan | Jêng Ratu Pandhan rawuhe | saha ungguling pupuh | Sunan Giri sampun jinodhi | binêkta mring Mantaram | mangkana sang prabu | miyos madyaning pandhapa | ginarêbêg sagunging pawongan cèthi | sampêt pacarèng nata ||
2. Tan pantara kang rayi kaèksi | kangjêng sultan gupuh dènnya mapak | tundhuk pinêngkul janggane | kinanthi lampahipun | wusing lênggah cakêt sang aji | arum wijiling sabda | adhuh ariningsun | lakumu myang garwanira | ingsun utus ngêndhakkên pandhita Giri | apa padha raharja ||
3. Lakinira mêngko ana ngêndi | kangjêng ratu matur saha nêmbah | kakang prabu pangèstune | mundhi dhawuh pukulun | amba miwah kangmas dipati | myang wadya Surabaya | sadaya rahayu | ingutus wus antuk karya | Sunan Giri ing aprang sampun kapilis | ing mangkya kula bêkta ||
4. Laki ulun ngêntosi nèng jawi | cumadhong ing dhawuh sri narendra | jêng sultan utusan age | nimbali ipe prabu | Pangran Pêkik sampun akerit | prapta ing palataran | (n)dhadhab mundhuk-mundhuk | lênggah konjêm ing pratala | gya ingawe jêng pangran majêng wotsari | mangraup pada nata ||
5. Padha bêcik satêkamu yayi | dene lagi sawatara dina | apa baya antuk gawe | jêng pangran nêmbah matur | dhuh gustiku kalipah Widdhi | musthikaning bawana | kinasih Hyang Agung| pangèstu dalêm narendra | kawula myang abdi dalêm Surawèsthi | sadaya karaharjan ||
6. Nuwun sampun kawula tinuding | (n)dhawuhakên timbalan narendra | dhatêng Sunan Giri Prapèn | supadi ywa kadaut | kajêngipun ingkang nalisip | tan ayun sumuyuta | ing pada pukulun | sakawit patik piyambak | tanpa kanthi pinanggih Susunan Giri | pinuju pakêmpalan||
7. Para kaum andhèr ngarsèng rêsi | lawan wontên tyang Cina mualap | kalih atus prajurite | sampun Islam sadarum | lurahipun pinêndhêt siwi | ingaran Endrasena | saèstu pinunjul | punika ingkang amawa | kadauting tyasira sang maha rêsi | sinantosan tyang Cina ||
8. Ulun paripih sangkaning aris | mèh sadalu mêksa botên mêmbat | gèbès tan wontên ature | pêgêling tyas kalangkung | ulun mantuk datanpa pamit | enjinge mapak yuda | mèh sadintên muput | wadya dalêm Surabaya | pan kasêsêr giris pangamukirèki | Endrasena prawira ||
9. Ing sasagêd amba ambolèhi | mêksa mopo miris ananggulang | wadya Giri pangamuke | tyas amba ngrês kalangkung | sumpêg pêpêt kewran ing pikir | rayi dalêm duk priksa | bilih amba minggu | tan wontên wênganing manah | ngandika rum dhatêng amba ngasih-asih | mundhut lilah ngrarêpa ||
10. Karsa mulihakên tyasing abdi | sarêng rayi dalêm angandika | inggaring tyas amba mangke | nyumanggakkên sakayun | mung sadarmi (n)dhèrèk kang abdi | anulya mundhut reyal | cacah wolungatus | busana maneka warna | pinaringkên dhatêng ing punggawa mantri| pipikul Surabaya ||
11. Samya enggar manahipun sami | prêmbik-prêmbik thukul kasuranya | jêng sultan asru gujênge | bacutna ariningsun | nuwun rayi dalêm jêng gusti | kathah kang pangandika | nyênyês manis arum | kados mêjang ngèlmi nyata | agêndhagan abdi dalêm botên apil | panjang angandhar-andhar ||
12. Abdi dalêm tyang sa-Surawèsthi | sarêng mirêng ingkang pangandika | samya madêg kasurane | matur asênggruk-sênggruk | aprasêtya mawanti-wanti | sadaya ambêg pêjah | nadyan lêbur luluh | tan gumingsir ing ngayahan | saya suka sang aji ngandika aris | mara yayi banjurna ||
13. Enjing lajêng têngara tinitir | rayidalêm madêg senapatya | nèng joli mangku pistule | kawula anèng pungkur | numpak kapal datan cumuwit | gêlaripun ngayuda | garudha maniyup | kuli binusanan abra | dadya cucuk rayi dalêm dadya têlih | prajurit Surapringga ||
14. Kang minangka gêlar nganan-ngering | alimunan datan katingalan | amung cucuk mèdhèng-mèdhèng | surak mawantu-wantu | wadya Giri lajêng miyosi | nir baya nir wikara | gupuh amanêmpuh | senapati Endrasena | sawadyanya tyang Cina wira ing jurit | rame campuhing yuda ||
15. Pan kapilis wadya Surawèsthi | ngungsi (ng)gyaning risang senapatya | rayidalêm timbalane | lho kathik padha mlayu | aturipun botên lumaris | angêncêngi dandosan | Endrasena anglut | tandangnya lir Radyan Seta | rayidalêm mistul tangan têngên kêni | pêdhangipun wus gigal ||
16. Maksih ngamuk dhuwung tangan kering | gya pinistul tanganipun kiwa | kabranan tangan kalihe | kantun suku myang gundhul | (n)jêjêg (m)bijig lir mênda baring | gêr ginuyu wong kathah | ping tri ing pamistul | sukunipun kang kataman | lajêng dhawah sarêng kêbêting suwiwi | wadya ing Surabaya ||
17. Angêbyuki sangking kanan kering | waringutên wadya Surabaya | kadugèn ing punagine | angidak ambêg purun | datan odhil wadya ing Giri | pêpêjah tan petungan | lèsèh sungsun timbun | kantun kêdhik ingkang gêsang | mawut-mawut samya ngungsi jurang trêbis | wênèh minggah prawata ||
18. Endrasena luluh awor siti | wadya Cina tumpêsan sadaya | rayidalêm minggah age | dhumatêng ing kadhatun | praptèng jawi garwa sang yogi | umarêg ngraup pada | asru tangisipun | nyuwunakên pangaksama | gêsangipun lakinya pandhita Giri | sampun pasrah bongkokan ||
19. Tan suwala sakarsa sang aji  | rajabrana saisining pura  | sadaya dènaturake | myang anak rabinipun  | amung anak kang sangking sêlir | titiga èstri juga | Jèngrêsmi kang sêpuh | ambêg mawiku sudibya | nuli Jayèngsari taruna apêkik | Rancangkapti wanudya ||
20. Tiga pisan ramening ngajurit | samya lolos amba wus kèngkènan | ngupadosi katigane | ing samangke pukulun | Sunan Giri saha nak-rabi | myang sagung jajarahan | wus nèng alun-alun | kawula nuwun sumangga | kangjêng sultan suka amarwatasiwi | aris wijiling sabda ||
21. Iya bangêt ing panrima mami | wiku Giri patut ingapura | ing samêngko pangwasane | ing Giri sadayèku | sun paringkên maring sirèki | sagunge jajarahan | dadia darbèkmu | jêng pangran matur manêmbah | sakalangkung kapundhi sih paduka ji | kang dhumatêng patikbra||
22. Kangjêng sunan angandika malih | seje waktu ingsun yun apanggya | lan wiku Giri Parapèn | ing mêngko jakkên mantuk | kang miruda si Jayèngrêsmi | karêpe ayun nandha | marang jênêngingsun | amung salamêt tekadnya | têmbe asung patilasaning nagari | mumpuni ing kasidan ||
23. Jêng pangeran (n)dhêku atur pamit | saha garwa mring Kasurabayan | wus linilan nulya lèngsèr | sang prabu angadhatun | kangjêng ratu kundur kinanthi | wus praptèng Surabayan | tan pisah sang wiku | sagarwa-putra pinarnah | pondhokira ngalêmpak dadya sawiji | pan datan kawoworan ||
24. Paringdalêm sunggata lumintir | pinisalin sakèhe boyongan | samya sukarêna tyase | lir jagong amamantu | dadya bawan datan pinikir | ngluhurkên asma sultan | satuhu pinunjul | jêng ratu ambage brana | jajarahan dhumatêng wadya gung alit | kasmaran tampi kucah ||

20. Asmaradana
1. Nêngêna nagri Mantawis | tamat ing Giri bêdhahnya | gantya ingkang winiraos | Dyan Jayèngrêsmi winarna | praptèng madyaning wana | santrinya kakalih nusul | Gathak Gathuk namanira ||
2. Cirêbon wutahrahnèki | nêmbah matur rawat waspa | tan sagêd pisah dasihe | ulun tumuntur saparan | rahadyan lon ngandika | ingsun mangayu-bagyèstu | (ng)gonira mantêp sih trêsna ||
3. Nahan lampahira prapti | patilasaning kadhatyan | Majapait duk kinane | anon rêngganing gapura | banon abrit kinarya | rapêt ing pamasangipun | atose wus kadya sela ||
4. Pamasang datanpa gamping | tigas ginosok kewala | lawan banon sami banon | sangking mathising pamasang | suluhan tan katingal | lir sarimbag banon wutuh | ingukir pinatra sêkar||
5. Ing sanginggilira kori | sinungsun tinumpang-tumpang | mancut rêmit pangukire | ing sapucaking gapura | kathukulan mandira | rompyoh-rompyoh angrambuyung | kiwa têngêning gapura ||
6. Binanon nglajur ngubêngi | capurinira kadhatyan | radyan myang kalih santrine | kêmput dènnira umiyat | nulya manjing jro pura | (n)jujug ing balumbang agung | toya wêning gilar-gilar ||
7. Binotrawi sela abrit | kêmput têpining balumbang | tinêpi sasêkarane | andong anggrèk argulobang | noja lan sêkar nala | nagasari cêpaka rum | clakêt myang sêkar rêjasa ||
8. Rukêm ragaina tuwin | klurak kalak kanigara | kamuning kananga kaot | dlima wantah dilêm ngambar | taluki sruni wungyan | wratsari landêp sumusup | pacarcina pudhak ngambar||
9. Kathah winarna ing tulis | kumênyut tyasira radyan | èngêt mring ari sang sinom | Rancangkapti kadangingwang | nguni karêmênanta | wanci bangun ngundhuh santun | kakaring ing patamanan ||
10. Marang ngêndi sira yayi | rahadyan sabil ing nala | tyas pinupus nulya ngalèr | umiyat kanang kuburan | rahadyan uluk salam | karêngèng wangsulanipun | ya radèn ngalekumsalam||
11. Jèngrêsmi lan abdi kalih | guyup samya raratiban | bakdanya ratib gya lèngsèr | tan patya têbih gya miyat | rêca amuka sona | Gathak Gathuk kagyat (n)jumbul | bilih ingong sêngguh janma ||
12. Tibane watu si anjing | radyan (n)jajah jroning pura | sunya tan ana tabête | gya wangsul maring balumbang | angambil toya kadas | Gathak adan kamat Gathuk | samya prêlu waktu Ngasar ||
13. Wus bakda anulya mijil | rarywan ngajênging gapura | nulya ana janma rawoh | nyakêti lênggahnya radyan | alon ing aturira | anggèr ingkang nêmbe rawuh | sami katuran raharja ||
14. Sintên sinambating wangi | paran kang sinêdyèng karsa | radyan angandika alon | paman asung kang pambagya | sangêt panrimaningwang | tanpa wisma raganingsun | moyang ngupadosi kadang ||
15. Nama karan Bagus Santri | paman ulun atêtanya | andika sintên kasihe | nun kula nama Ki Purwa | ingkang kajibah têngga | patilasan kadhaton gung | Majapait ranning praja ||
16. Yèn kaparêng bagus kampir | dhumatêng sudhunge paman | radyan manis andikane | bangêt ing panrimaningwang | anèng ngriki kewala | ngiras nêtêpi katèngsun | ngalap barkahing minulya ||
17. Nuninggih langkung prayogi | dhasar panêpèn punika | lamun malêm (ng)Garakasèh | kathah para manca prapta | mawarna kang sinêdya | angujung astananipun | jênêngdalêm Putri Cêmpa ||
18. Punapi sampun ningali | dhatêng lêbêting kadhatyan | paman wus salêsih ingong | kakaring anèng jro pura | umiyat pakuburan | rêca miwah blumbang agung | paran gotèkipun kuna ||
19. Ki Purwa turira aris | punika ingkang gapura | Waringin-lawang wastane | balumbang kang kalangênan | Sang Prabu Brawijaya | putri Cêmpa kang kinubur | wus manjing agama Islam ||
20. Rêca pinindha narpati | Balambangan Minakjingga | dadya tirakatan gêdhe | punika gotèking kuna | dene sanggar pamujan | winastanan Candhi Brau | tan têbih sangking kadhatyan ||
21. Punapa dèrèng ningali | ing mangke dalu kewala | ulun ingkang (n)dhèrèkake | wêktu Mahrib wus andungkap | Gathak Gathuk gya adan | paragat dènnira wêktu | Mahrib atanapi Ngisa ||
22. Sêdhênge purnama-siddhi | padhang bulan kakêncaran | rahadyan alon lampahe | Ki Purwa lumakyèng ngarsa | Gathak Gathuk tan têbah | prapta Candhi Brau sampun | pamujan Sri Brawijaya ||
23. Wanguning candhi lir masjid | payon banon tatumpangan | dadya lincip pungkasane | ngandhap sinungan wiwara | Ki Purwa aturira | sumangga bagus umangsuk | maring plênggahan pamujan ||
24. Radyan myang santri kakalih | wus manjing jroning pamujan | langkung kacaryan driyane | miyat rarênggan sarwendah | myang awuning kang dupa | ngandhukur lir pendah gumuk | wus tamat anulya mêdal ||
25. Ki Purwa umatur malih | wontên malih candhi endah | Bajang ratu (ng)gih namane | ananging klêbêt sirikan | yèn wontên kang umiyat | tan kadugèn kajêngipun | miwah apês kang pinanggya ||
26. Prayogi botên ningali | radyan angling paman nêdha | kèndêl ing ngriki kemawon | ulun apamitan pisan | ing ari benjang-enjang | ayun (n)dumugèkkên laku | ngupaya kesahing kadang ||
27. Ki Purwa umatur inggih | sumangga sakarsa tuwan | dalu datan winiraos | wanci pajar gidib nulya | angambil toya kadas | paragading waktu Subuh | rahadyan aris ngandika ||
28. Paman kantuna basuki | Ki Purwa aris turira | rahadyan lajêng lampahe | samarga arawat waspa | nanêdha ing Pangeran | rahayuning arinipun | rama miwah kulawarga ||
29. Lêpas lampahnya dumugi | candhi Panataran Blitar | nèng ardi Kêlud sukune | sela cêmêng kang kinarya | agêng ingkang sajuga | wit ngandhap tumêkèng pucuk | ingukir ginambar wayang ||
30. Radyan gya minggah ing candhi | tundha pitu praptèng pucak | udhunira alon-alon | Gathak Gathuk barangkangan | tyas agung tarataban | têkèng ngandhap Gathuk muwus | Gathak mau gambar apa ||
31. Kang ingukir pinggir candhi | lunglungan cêplok kêmbangan | mèmpêr wayang buta kêthèk | Gathuk ing pangiraningwang | gambare Rama tambak | katara kêthèke brêngkut | candhi alit tiningalan ||
32. Lir cungkup wangunanèki | ing sanginggiling wiwara | sinêrat sastra Budane | Gathuk matur inggih radyan | punika kadiparan | kajênge sastra puniku | pating pênthalit tan cêtha ||
33. Rahadyan ngandika aris | sastra Buda papèngêtan | sèwu rongatus etunge | sangang puluh siji warsa | nalikane akarya | ing sanggar pamujan iku | manthuk-manthuk Gathuk Gathak ||
34. Tapis dènnira mirsani | mentar sangking Panataran | awirandhungan lampahe | ngancik padhêkahan Gaprang | miyat kang rêca sela | kakalih èstri myang jalu | anèng sapinggiring marga ||
35. Sêkar konyoh amênuhi | dupanira datan kêndhat | tinêngga palawangane | Gathak Gathuk lon tatanya | kiyai niku napa | jurukunci lon sumaur | bagus niki panyadranan ||
36. Kang jalêr nama Kiyai | èstri nama Nyai Gaprang | pan dadya pakaulane | kang samya aminta barkah | nyunyuwun ge susuta | sarat lênggah kalihipun | ngungkurakên kyai rêca ||


( Ana Candhake... )