Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.6



61. Mêgatruh
1. Kakang iki apa gambare sing mangkruk | ana pang kala rumiyin | lawan apa jênêngipun | dene ta wangune sami | kaya mau kaci bolong ||
2. Iki nganggo undhak-undhakan mandhuwur | payo kakang dènunggahi | aku arêp wêruh pucuk | gya minggah ari kinanthi | pan sarwi angling pawartos ||
3. Padha candhi mau iku gambar munyuk | mangkana wus praptèng nginggil | ing pamujan wastanipun | wusnya aso sawatawis | tumurun sang dyah ginendhong ||
4. Prapta ngandhap nulya kampir maring dhusun | rahadyan sipêng saratri | pajar gidib pangkatipun | ingkang sinêdya ing galih | karsanira sang wiranom ||
5. Maring ardi Tênggêr manawi kapranggul | ing raka dyan Jayèngrêsmi | tan cinatur laminipun | kang rayi tansah kinanthi | kalamun sayah ginendhong ||
6. Ngalèr ngetan prapta ing Pasrêpan dhusun | tan kampir gya manjat malih | asrêp rêkasa ing ngênu | wus prapta dhusun Tasari | ardi Tênggêr iring êlor ||
7. Sang dyah angling Buras udhunêna ingsun | kêsêl (ng)gonku ana gigir | nulya kinanthi sang Bagus | raryan ngandhaping sulastri | (n)jawining dhadhah têmbing lor ||
8. Kakang aku luwe upayakna sêkul | lan gorèngna iwak pitik | Buras ngupayaa gupuh | mring jroning padesan iki | Buras sandika wotsinom ||
9. Praptèng dhusun pinanggih lan kamisêpuh | Buyut Sudarga kakasih | Buras matur kula nuwun | manawi parêng ngilèni | sêkul tuwin ulam babon ||
10. Kyai Buyut tatanya sintên kang ngutus | ki Buras umatur aris | kang ngutus bandaraulun | nama Radèn Jayèngsari | (m)bêkta sadhèrèke wadon ||
11. Taksih timur punika kang nêdha sêkul | dene bandara kakalih | inggih sami putranipun | Susuhunan Prapèn Giri | duk bêdhahe Giri lolos ||
12. Lawan wontên sadhèrèkipun kang sêpuh | nama Radèn Jayèngrêsmi | inggih sarêng lolosipun | punika kang dènulati | ananging dèrèng kapanggoh ||
13. Wartosipun kewala botên kêrungu | mila klantur praptèng ngriki | Ki Buyut dupi angrungu | wacana mring Buras aris | kacung niku pyantun yêktos ||
14. Wijilipun ngawirya rêmbêsing madu | têdhake andana warih | kintêne napa sarêju | pami kula turri kampir | dhumatêng ing wismaningong ||
15. Amangsuli Ki Buras langkung pakantuk | wawi anak (n)dika irit | ulun yun marêk sang luhung | Buras gya lumakèng ngarsi | prapta ngarsane sang anom ||
16. Mundhuk-mundhuk angrêpèpèh Kyai Buyut | trêpsila amangênjali | sarwi aris aturipun | pun bapa atur basuki | rawuh paduka ing dhukoh ||
17. Kamayangan anglir kabanjiran madu | kajugrugan wukir gêndhis | sasat katamwan dewa gung | widadara widadari | tumêdhak mring dhepokingong ||
18. Sung wangsulan pambagènira Ki Buyut | paman sung bagya basuki | mahyakkên sukaning kalbu | kalangkung panrima mami | (ng)gih sami-sami kemawon ||
19. Kula nilakrama sintên parabipun | Ki Buyut (n)dhêku turnya ris | kang sotah mastani ulun| Buyut Sudarga kinardi | pinisêpuh wong sadhukoh ||
20. Ing Tasari miwah kanan keringipun | amba kang tinuwi-tuwi | mugi marêngna sang bagus| tuwin rayinta sang putri | lêrêp wontên wismaningong ||
21. Dadalêma pisan kawula tumangguh | angyasakkên ingkang panti | miwah nyangga dhaharipun | kantuna nadhah myang guling | kawula ingkang mirantos ||
22. Jayèngsari angandika manis arum | inggih paman têmbe gampil | wus kerit marang Ki Buyut | lajêng tumamèng ing panti | Nyai Buyut gupoh-gupoh ||
23. (ng)Gènnya mêthuk sang dyah gya pinondhong gathuk | umatur dhuh gusti mami | prasasat katiban daru | rawuh paduka ingriki | sangêt suka sukuringong ||
24. Prapta panti wus samya lênggah ing salu | nak putu andhèr nèng ngarsi | ngladoskên sugatanipun | sacara caraning wukir | Ki Buyut turira alon ||
25. Cumanthaka pun bapa kêdah tur-atur | lumayan jampi kalantih | ing sawontên-wontênipun | punika isining wukir | sumangga sang prawiranom ||
26. Inggih paman sampun sami walang kayun | mênggah rêsêpe tyasmami | lir wus kulina sataun | Ki Buyut suka tan sipi | Nyai Buyut matur alon ||
27. (n)Daraputri sumangga ingkang kinayun | iya bibi mêngko dhisik | aku atêrêna adus | inggih sumangga mring tlagi | sang rêtna nulya ginendhong ||
28. Wusing siram sang dyah wangsul lênggah salu | lan raka tan kêna têbih | gya dhahar sugata nutuk | Buras kongsi minthi-minthi | kêblêt ngising medang-medong ||
29. Sang Hyang Bagaspati wis diwasa surup | sêdhênge purnama siddhi | Sang Hyang Wulan mungup-mungup | ana sapucuking wukir | Jayèngsari kagyat anon ||
30. Kidul pucak marong-marong mawa kukus | tatanya paman punapi | kang katingal mawa kukus | Ki Buyut turira aris | ardi Brahma ingkang marong ||
31. Siyang ratri datansah ngêdalkên kukus | paman wawi benjing enjing | yèn kenging kula ayun wruh | sapucuking Tênggêr ardi | Ki Buyut sangêt rumojong ||
32. Tan cinatur ing ratri enjing winuwus | radyan ngandika mring rayi | yayi kowe aja milu | sun arsa mring pucak wukir | dalanne luwih pakewoh ||
33. Mung sadhela bae banjur nuli wangsul | Buras kariya sirèki | dolannana bandaramu | ngandika dyah Rancangkapti | kakang nora milu ingong ||
34. Arêp prêlu pasaran lan bocah gunung | Nyi Buyut tanggap ngaturi | têdhak taman kêbon pungkur | rarya lit kathah kang ngiring | ramban lêmbayung myang jlegor ||
35. Amêndhêti sayuran salèdri êkul | ngundhuh sêkar warni-warni | sadintên tan arsa kondur | aring ana tamansari | lan lare alit kumroyok ||
36. Ya ta wau rahadyan ing lampahipun | Ki Buyut lumakyèng ngarsi | ndêdêr mring pucaking gunung | kapungkur desa Tasari | praptèng pucak nulya anon ||

62. Pangkur
1. Ing ngandhap kiduling pucak | lwir kawahing ardi wiyar waradin | têngah ana ardinipun | lwir kukusan malumah | lamun siyang tan katon wêdaling kukus | Ki Buyut matur ring radyan | lah punika ingkang nami ||
2. Tasari kang ardi Brama | wontên ingkang mastani laut pasir | ingkang nèng têngah (n)jênggunuk | punika ardi Brahma | dhasaripun sitinya pasir sadarum | kajogan awu kang mêdal | saking kawahe Brahmardi ||
3. Nalikanya ngalad-alad | mila sangêt pêthake dèntingali | awit saking kandêlipun | gasik tan kathukulan | kalamênta katêpan karokot rumput | dadya pêthak ngamplak-amplak | bilih kasorot Hyang Rawi ||
4. Ombak-ombak ingkang hawa | kang pratistha sanginggilipun pasir | punika kang dadya alun | mindha ombak samodra | botên ngintên yèn punika sanès ranu | tinarka sagara ingkang| dumunung sanginggil wukir ||
5. Lêrês paman ingkang sabda | punapi (ng)gih kenging dipunpurugi | Ki Sudarga aturipun | prayogi tinêdhakan | wus tumurun kalangkung rêkasèng ênu | margi (n)julêg rumpil rampak | wus prapta sagantên pasir ||
6. Radyan malih angandika | lah suwawi umiyat sapucaking | ardi Brahma kawahipun | Ki Buyut tur sandika | gya umancat andêdêr tumêkèng pucuk | ana satêpining kawah | têpung gêlang dènidêri ||
7. Manglung miyat jroning kawah | langkung (n)julêg sela gêng kèh kaèksi | kajawi kawah kang agung | kathah êlèng têrusan | alit-alit ugi samya mêdal kukus | mambêt kadi lirang kobar | radyan ngandika suwawi ||
8. Tumurun marang ing dhasar | datan eca ambête kukus ardi | kalihnya samya tumurun | dupi prapta ing dhatar | pinggir wetan ana arga tan aluhur | kalangkung asri kawuryan | rahadyan tatanya aris ||
9. Paman ingkang katingalan | langkung asri punika ardi pundi | Ki Sudarga mêndhak matur | punika ing ngasrama | Ngadisari ingkang dhêdhepok ing ngriku | awasta Ajar Satmaka | panguluning Tênggêr wukir ||
10. Sontrang endhange akathah | endah-endah warna tan nguciwani | punika têbiyatipun | taksih ngluluri Buddha | Sang Hyang Brahma minangka panutanipun | wong agung ing Prabalingga | datan arsa ngêpik-êpik ||
11. Rahadyan dupi miyarsa | angandika paman lamun marêngi | benjang-enjang ulun laju | sowan dhatêng Ki Ajar | yun sumêrap mênggah ta ing lampahipun | agama Buddha Barama | Ki Buyut anayogyani ||
12. Saking dhasar wus uminggah | tan rêkasa wangsul marginya lami | wanci Ngasar sampun rawuh | ing Tasari kapanggya | lawan ari Nikèn Rancangkapti gupuh | pinondhong sarwi tatanya | sira mau nora nangis ||
13. Daktinggal nganti sadina | Nikèn Rancangkapti turira aris | kakang ing sadina muput | tan mulih maring wisma | papasaran ana pakêbonan pungkur | lawan bocah wadon kathah | nganti lali durung bukti ||
14. Rahadyan suka miyarsa | praptèng wisma sugata wus cumawis | Nyi Buyut gupuh umatur| pun bibi saos dhahar | nyumanggakkên rayinta sadintên muput | ulun aturi tan arsa | sumadosipun ngêntosi ||
15. Rahadyan anulya dhahar | lawan ari pakantuk dènnya bukti | dumugi linorod sampun | Ki Buyut lawan Buras | kêmbul nadhah sawusira samya tuwuk | ingundurakên sadaya | Ki Buyut tansah nèng ngarsi ||
16. Nikèn matur mring kang raka | kakang mau apa sira ningali | marang gunung ingkang murub | aku caritakêna | dak rungokne karo turon nèng sandhingmu | rahadyan nulya carita | Nikèn Rancangkapti guling ||
17. Ing dalu datan winarna | byar raina wungu kang samya guling | Nyi Buyut miwah Ki Buyut | angladoskên sèmèkan | wedang angêt dhaharan myang jênang jagung | wajik atos jèpèn lawan | canthèl myang cariping linjik ||
18. Cariping kaspèi tela | kênthang kacang gêmbili uwi lêgi | wedang têmulawak arum | lalap gêndhis siwalan | Kyai Nyai Sudarga manêmbah matur | nuwun bêndara sumangga | sugatanipun kang bibi ||
19. Dhaharan enjing-enjingan | inggih paman lah kono payo yayi | apa kang dadi karsamu | sawusnya dhadhaharan | Jayèngsari ngandika marang Ki Buyut | paman mugi andhanganna | nglarapkên mring Ardisari ||
20. Sowan Ki Ajar Satmaka | inggih anggèr kawula kang umiring | nyai miluwa sirèku | kalawan sasanguwa | wedang dharan nèng marga mêngko kalamun | sang dyah mundhut dhadhaharan | rèhning sawatara têbih ||
21. Wus samapta nulya bidhal | tan winarna ing marga sampun prapti | pagaganing ardi sampun | rumuhun Ki Sudarga | sadayane kèndêl sajawining dhusun | wau ta Ajar Satmaka | wus wikan yèn ana tami ||
22. Putra putri trah utama | dèn samapta dènnira yun sasanti | sacara caraning wiku | dupi Ki Buyut prapta | gya ingawe marêk ngarsa nêmbah matur | ing purwa madya wasana | kang dadya gita sumiwi ||
23. Mèsêm-mèsêm Kyai Ajar | hèh ta Buyut aturana tumuli | satriya nung ingkang ayun | katêmu jênêngingwang | ingsun mêthuk ana sajawining pintu | Ki Buyut mundur wus panggya | lawan Radèn Jayèngsari ||
24. (ng)Gèr paduka kaaturan | laju manjing sang rêsi sampun nganti | ana sajawining pintu | bidhal saking pagagan | Rancangkapti kinanthi raka nèng ngayun | wus tundhuk lawan sang tapa | kaliye rinangkul sami ||
25. Wus binakta ing ngasrama | dadya lênggah satata lan sang yogi | animbali endhang gupuh| kang uwus ngadiwarna | samya marêk wiraganira pinatut | gambuh solahe pra endhang | dènnya mrih karya wiyadi ||
26. Sang wiku dhawuh mring endhang | sugatamu ladèkna dèn agêlis | pra endhang ngladoskên sampun | kang sugata mawarna | saanane ngardi wus sumadyèng ngayun | sang wiku satuhu wignya | ambojakrama mring tami ||
27. Kecanên dènnira nadhah | Kyai Buyut Sudarga nyuwun pamit | wangsul mring Tasari dhusun | kalawan anak rayat | wus linilan mangênjali tandya mundur | wau Radyan Jayèngsêkar | kang kantun nèng Ardisari ||
28. Nèng ngabyantara sang tapa | tan kêna sah siyang pantara ratri | de kang rayi sang rêtnayu | suka ingêmong endhang | dadya lami kèndêl anèng Ardisantun | nahan ta ing ri sajuga | radyan umatur wotsari ||
29. Dhuh pukulun kadiparan | lampahipun myang tatacaranèki | agami Buddha linuhung | ingkang tansah tumindak | sang pandhita alon pangandikanipun | hèh kulup kawikanana | agama kang dènlakoni ||
30. Titah ing sa-Tênggêr arga | panutane Bathara Brahma yêkti | sapisan ing sabên taun | kala dina prayoga | lanang wadon tuwa anom atur-atur | mawarna dharan busana | munggah maring Brahma wukir ||
31. Lamun wus prapta ing pucak | gêgawane cinêmplungakên aglis | ing jroning kawah sadarum | pitêmbung aminulya | Sang Hyang Brahma kang makuwon anèng latu | jajaka lawan parawan | lamun lunga nambutkardi ||
32. Mring têgal gagan tamanan | padha nganggo jungkat sasênêngnèki | pênyu kayu waja sungu | upama ana jaka | duwe karêp angrabèni prawan iku | utawa prawan kang arsa | nglakèni jajaka sami ||
33. Kang (n)darbèni karêp sigra | (n)jupuk jungkatira kang dènkayuni | jungkat sawuse jinupuk | tinêdahakên marang | wong tuwane ingkang duwe jaka mau | sawuse nampani jungkat | padha tuwa kang ngrampungi ||
34. Golonging rêmbug kalihnya | dhinaupkên têmu wismaning èstri | pangantèn sawuse têmu| pangulu nulya prapta | (ng)gawa cangkir têmbaga kang (n)jabanipun | ingukir gambaran kewan | kêbak isi toya suci ||
35. Pangantèn gupuh mangarsa | wusing cakêt pangulu nyawuk warih | tinètèskên sirahipun | pangantèn sakaliyan | kanthi matak pupudya mring dewanipun | nyuwun pangèstu raharja | mring Hyang Brahma kang kinanthi ||

63. Kinanthi
1. Ing kene tan ana dhukun | yèn ana kang nandhang sakit | miwah ayun darbe suta | pangulu kang anunggoni | anggawa cangkir têmbaga | kang wus isi toya suci ||
2. Tansah dènnira manêkung | minta waluyaning sakit | yèn kang ayun darbe suta | panuwune mring dewadi | harjane kang yayah rena | sarana mung dènombèni ||
3. Lan ingusapan sakojur | warih suci saking wukir | kawasane Hyang Bathara | têka waluya kang sakit | gampang kang yun darbe suta | tan na sangsayane galih ||
4. Kalamun ana kang lampus | binrêsiyan toya suci | binusanan sarwa endah | pakurmatanira sami | pangantèn binayang karya | binakta mring Brahma ardi ||
5. Yèn wus prapta têpinipun | kawah cinêmplungkên aglis | winantu sagung pupuja | iku carane saiki | rahadyan matur anêmbah | cangkir isi warih suci ||
6. Paran cariyosing dangu | myang laire jabang bayi | pupak pusêr kinurmatan | sinaratan warni-warni | wênang mokaling agama | sang pandhita ngandika ris ||
7. Cariyosipun rumuhun | dhawuhira Hyang Pramèsthi | kang dinuta Hyang Naraddha | (n)dhawuhkên mring Kanwapati | mranata agama Buddha | sagolong-golongannèki ||
8. Kinèn maringi pangulu | miwah têtêngêr supadi | ywa worsuh peranganira | rêsah lampahing agami | andikane Hyang Naraddha | hèh Kano sri narapati ||
9. Sun iki ngêmbani wuwus | dening Sang Hyang Odipati | sira kinèn amranata | lampah-lampahing agami | iki panêtêpan nata | agama dadi purbani ||
10. Wisesane rasa tuhu | ing bawana ambawani | panguwasa kang winênang | marentahakên ing dasih | dadi anggon-anggon praja | luhuring kratonirèki ||
11. Rahayu janma kang nungkul | myang santosa ing agami | laku-lakuning agama | dèn kalakyan panataning | apa kang uwis kawêdhar | aja ana nyulayani ||
12. Kang dhingin pangulunipun | kapindho têtêngêrnèki | kaping têlu panêmbahnya | kaping pat lakunirèki | kaping lima tapanira | kaping nêm riayanèki ||
13. Ping pitu laranganipun | ping wolu wawênangnèki | kaping sanga papalinya | kaping sadasa yèn lalis | ping sawlas paliyasannya | ping rolas pamulyanèki ||
14. Kayadene ingkang uwus | kasêbut ing sastra adi | binagya nênêm agama | êndi ingkang dènkarêpi | aywa ana kang pêpeka | rumêsêp mantêp Hyang Widdhi ||
15. Kang dhingin agama Sambu | pangulune kang agami | iku ingaran Pramana | sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | walantaga dènarani ||
16. Musthika rineka iku | pirantining pudyastuti | bate-bate inganggowa | ing panêmbahira maring | arca laku têpa-têpa | mangsa Kartika tan kenging ||
17. Mangan sarwa bungkah iku | yèn mangsa Palguna sami | ngrapa lamun ari raya | sabarang kang sarwa asin | laranganne ora kêna | ngrabèni kaprênah nini ||
18. Uwa bibi kadang putu | myang pulunan kang luluri | saking ing jalu sadaya | wênang lamun saking èstri | iwak ati datan dhahar | kêna yèn kinarya jampi ||
19. Ngrusak candhi walêr agung  |  nora kêna nganggo wêsi  |  wênang yèn kanggo sarana | wong laki-rabi yèn mati  | wênang bela myang binelan  |  lamun lakine kang mati ||
20. Sing wadon tan bela lampus | wênang cinukur yèn èstri | kang mati lanang tan bela | iku wênang dèntêtaki | yèn jabang mêtu wanodya | wênang lamun disunati ||
21. Yèn krama wawalinipun | nganggowa baladho nênggih | kang lanang nglangkahi jantra | wusu likasan myang ilir | kukusan enthong lan iyan | kang wadon nglangkahi linggis ||
22. Garu waluku myang pacul | kalamun tumêkèng jangji | layone ingupakara | têgêse dipun rumati | nèng panggonan kang prayoga | ingopenan kang prêmati ||
23. Paliyasan layonnipun | landha mêrang kêtan putih | yèn mulyakkên sarwa utang | agama Sambo wus tlêsih | kapindho agama Brahma | pangulune kang agami ||
24. Ingaran Brahmana iku | sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | ekal trisula têmbagi | rineka-reka trisula | dènanggo jajamang sami ||
25. Panêmbahe marang latu | lawan mring Hyang Bagaspati | lakune santosa ing tyas | yèn mangsa Sitra tan kêni | amanganna gogodhongan | mangsa Srawana tan kêni ||
26. Tumênga marang ngaluhur | yèn riaya sarwa manis | laranganne nora kêna | ngrabèni kaprênah nini | uwa bibi ingkang saka | luluri lanang yèn saking ||
27. Luluri wadon pikantuk | tan kêna matèni gêni | daging lêmbu datan dhahar | mapas wiji ingkang lagi | thukul uga ora kêna | nganggo timah datan kenging ||
28. Dene ta wawênangipun | ngrabèni kaprênah nini | uwa bibi ingkang saka | luluri wadon utawi | ngrabèni kaprênah kadang | pulunan nak putu saking ||
29. Ing luluri wadon jalu | dhaup anak inya kenging | lawan anak guru kêna | wênang mangan daging sapi | lamun kinarya tatamba | nganggo timah dènlilani ||
30. Yèn ginawe saranèku | wênang dicukur pawèstri | lamun uwus luwas êrah | myang bela saking kang lalis | ontang-anting wadon lanang | wênang têtak disunati ||
31. Papaline lamun dhaup | durunge pangantèn panggih | kudu anganggo badhudhak | wargane pangantèn èstri | lan warga pangantèn priya | padha lalangên tayèki ||
32. Jogedan saengga nayub | yèn mati layon kabêsmi | paliyasaning kuwandha | dinusan we ron dlima di | yèn mumulya srana bêrah | yèku kang dak anggo iki ||
33. Agama Endra katêlu | pangulune kang agami | ya arannana Sakrana | sasewasogatanèki | padha nganggowa têngêran | ekal bajra saka galih ||
34. Kayu rineka bajra nung | dèn(ng)go sangga gêlungnèki | panêmbahe marang arga | lawan marang Sang Hyang Sasi | lakune lila narima | mangsa Naya tapanèki ||
35. Datan kêna ngêmban sunu | kalawan mangsa Asuji | nora kêna asanggama | yèn riaya sarwa pait | larangane nora kêna | ngrabèni kaprênah nini ||
36. Uwa bibi sing luluhur | lanang wadon myang ngrabèni | kaprênah kadang kang saka | luluri jalu myang èstri | tan kêna misaya mina | kang lagi koyok marêngi ||
37. Mangan antigan tan antuk | (m)buwang susukêr nèng siti | tan kêna mêjahi liman | miwah angangge têmbagi | kêni yèn kinarya srana | wawênang kêna ngrabèni ||
38. Ingkang kaprênah sadulur | saka luluri pawèstri | ngrabèni prênah pulunan | miwah putu ingkang saking | luluri jalu wanodya | antigan lamun kinardi ||
39. Jajampi apan pikantuk | wênang cinukur dyah kêdhi | jalu èstri jaka rara | salah siji yèn ngêmasi | winênang bela palastra | wadon lamun arêp laki ||
40. Wênang sinunatan iku | jalu lamun lagi lair | lan anake dhukun wênang | tinêtakan de papali | kalamun amangun krama | nganggo onjèr myang sintrèni ||
41. Wargane pangantèn jalu | lan warga pangantèn èstri | samya prang catur pralambang | sasmitane sunggatèki  |  yèn lena layon kapêtak  | tuwin linuwêng nèng siti ||
42. Ing guwa myang jurang sêrung | paliyasane kang jisim | dinusan ing lêri bêngkak | yèn mumulya srananèki | urup-urupan sabarang | durma ping catur winarni ||

64. Durma
1. Lah ta iki agama Wisnu winarna | panguluning agami | rannana Ramana | sasewasogatanya| nganggowa tatêngêr pasthi | aekal cakra | kêling ingkang kinardi ||
2. Apan kêling rineka cakra dèn-gawa | babadhong bangsa kêling | sisiwalan tuwa | panêmbahe mring toya | lawan maring toya riris | lampah nurraga | tapane yèn Manggasri ||
3. Datan kêna (m)bukti babi ingkang ulam  | mangsa Jita tan kenging | mangan ulam menda | kalamun ari raya  | kang mirasa sarwa gurih | larangannira | tan kêna angrabèni ||
4. Kang kaprênah nini bibi miwah uwa | ingkang saka luluri | jalu myang tan kêna | ngrabèni anak inya | myang tan kêna mamatèni | kang lagya sarwa | anyawa myang tan kenging ||
5. Amatèni garudha waraha kuda | pênyu bulus suwari | minum myang anadhah | kang ngêndêmi tan kêna | nganggo parunggu tan kenging | wawênangira | ngrabèni prênah nini ||
6. Bibi uwa kang saka luri wanudya | myang kêna angrabèni | kang kaprênah kadang | putu miwah pulunan | saka luri wadon ugi | angrabènana | anaking guru kêni ||
7. Kang ngêndêmi wênang yèn kinarya tamba | nganggo parunggu kêni | yèn ginawe srana | wadon kang lagya lara | wênang cinukur balindhis | yèn priyanira | pralinna andon jurit ||
8. Ingkang wadon wênang abela palastra | yèn nora lina jurit | amung tarakbrata | tan kêna yèn kaliya | wadon wênang disunati | lanange têtak | yèn anake wong baring ||
9. Papaline lamun krama ngangge patah | myang kêmbarmayang kalih | sasrahan gunungan | wong tuwane pangantyan | nganggo mangan gêdhang siji | satugêl sewang | kalarung yèn ngêmasi ||
10. Mring bangawan kali de paliyasannya | layone dènsirami | we sêkar sataman | yèn mumulya sarana | papariman aminta sih | panca agama | Bayu pangulunèki ||
11. Ing agama ya arannana Bimana | sasewasogatèki | padha anganggowa | tatêngêr ekal satya | carma rineka pusêring | sato dèn (ng)gowa | pupuk nèng sirahnèki ||
12. Panêmbahe marang sangkaning maruta | lan marang caratwarsi | sarta marang lintang | lakune angaksama | tapane mangsa Pusèki | tan kêna dhahar | ulam sikil pat nênggih ||
13. Yèn riaya kang sarwa kêcut sadaya | larangan nora kêni | ngrabèni kaprênah | nini bibi pulunan | uwa miwah putu saking | luluri priya | myang luluri saking èstri ||
14. Datan kêna ngrabèni anaking inya  | lan guru ingkang siwi  | munah sato lagya | susuta nora kêna  | mangan wadêr nora kêni  | myang datan kêna | angagêm buratwangi ||
15. Nugêl kuku lan nganggo slaka tan kêna | mêjahi datan kenging | têkèk cêcak clarat | wawênange pan kêna | prênah kadang dènrabèni | iku kang saka | luluri jalu èstri ||
16. Wênang mangan wadêr yèn ginawe tamba  | anganggo buratsari  | utawa salaka | yèn ginawe sarana  | wênang cinukur pawèstri  | yèn randha anyar | wong lanang ditêtaki ||
17. Lamun dadi pangulune kang agama | papaline yèn rabi | laki anganggowa | batoyang têgêssira  |  yèn pangantèn lanang apti  |  ngarak anulya | warga pangantèn èstri ||
18. Mawi angadhangi ing dhindhing warana | yèn rêbah ngarak pasthi | lamun datan rêbah | wangsul pangarakira | kêdah arinira salin | lamun palastra | kasetra layonnèki ||
19. Dinèkèkkên ara-ara myang ing arga | kang pancèn panggonaning | pandèkèking sawa | paliyasan dinusan | ing we jawuh yèn mumuli | srana (m)babarang | sad Kala kang agami ||
20. Panguluning agama aran Kalana | sasewasogatèki | sami anganggowa | têngêr ekal purusa| lingga iku iya gadhing | utawa tulang | rineka purus nênggih ||
21. Dènanggowa kakalung de panêmbahnya | marang ing sarupaning | kang aèng myang wrêksa | watu sasamanira | lakune apan wirangi | tapane mangsa | Manggala yèn lunga nis ||
22. Datan kêna lamun asipêng nèng paran | mangsa Padrawanèki | sirik mangan uyah | kalamun ariaya | kang sarwa pêdhês sakalir | larangannira | tan kêna angrabèni ||
23. Anak inya sanak kang kaprênah tuwa | anak guru utawi | ingkang seje bangsa | kayata bangsa Brahma | datan kêna angrabèni | bangsa Waisya | sapapadhanirèki ||
24. Lawan ora kêna ambubaka lêmah | kang ambaga bathari | lan lêmah kang kadya | punuking kang andaka | datan kenging mamatèni | sona kalabang | kalawan kalajêngking ||
25. Lawan datan kêna dhahara kalapa | nganggo êmas tan kenging | wawênange kêna | rabi sanak kaprênah | ênom wênang angrabèni | kang tunggal bangsa | mangan kalapa kêni ||
26. Yèn kinarya tatamba kalawan wênang | nganggo êmas manawi | kinarya sarana | papaline yèn krama | anganggowa lêmpêng nênggih | pra warganira | pangantèn èstri sami ||
27. Gêlut lawan wargane pangantèn lanang | êndi ingkang kapilis | pan kêna padhêndhan | lan nalika angarak | nganggo dan-edanan nênggih | lamun palastra | katarap layonnèki ||
28. Pinakakkên ing sato kewan kang galak | paliyasanning jisim | dinusan ing toya | ingkang rondhon widara | yèn mumulya srana maling | sing sapa ingkang | tan nêtêpi agami ||
29. Salah siji iku kêna sapu-dhêndha | yèn Sambo kang agami | ukume kasulah | lamun agama Brahma | ukumanira kabêsmi | agama Endra | kaluwêng ukumnèki ||
30. Yèn agama Wisnu kalabuh ukumnya | agama Bayu nênggih | ukume katarang | dene agama Kala | katarap ukumannèki | kulup wus tamat | Buddha ingkang agami ||
31. Pan ing Tênggêr ngluluri agama Brahma | dene cangkir têmbagi | isi toya marta | pan iku titinggalan | saking para cantrik nguni | ing desa-desa | pasthi na siji-siji ||
32. Kang nimpêni pangulune kanang desa | caritanira nguni | ardi ingkang ana | têngah pasir sagara | Hyang Brahma kahyangannèki | radyan turira | asru panuwun mami ||
33. (n)Jêng paduka mêdharkên agama Buddha | saèstunipun taksih | mangke ingkang kanggya | kalamun palakrama | dados wontên kang pinirit | lampahing Jawa | manthuk-manthuk sang yogi ||
34. Tyas (m)badhidhig ngandika kulup sun tanya | lakuning kang agami | kanabeyanira | apa ta iya nunggal | kalawan agama mami | radyan turira | wontên sanès sakêdhik ||
35. Lampah-lampah kalawan ingkang cinêgah | sang yogi ngandika ris | radèn yèn sambada | manira ayun wikan | mara pratelakna kaki | radyan manêmbah | jrudêmung sabda jati ||

65. Jurudêmung
1. Ing kitab Bayanudayan | nyriosakên srengatipun | Kanjêng Nabi nênêm tuhu | ngasta agama minulya | lah punika ingkang sampun | linampahan para umat | pyambak-pyambak datan jumbuh ||
2. Bubuka ngasta sarengat | nJêng Nabi Adam linuhung | sahadatipun Ashadu | Allah Ilahailolah | Ashadu ana Adamu | pitratollah têgêsira | satuhu nêksèni ingsun ||
3. Ora ana Pangran liyan | anging Allah sipat agung | lawan anêksèni ingsun | nJêng Nabi Adam sanyata | pataranira Hyang Agung | dene wêkdalira salat | sadintên sadalunipun ||
4. Sadasa wêkdal kathahnya | tigang wêkdal siyangipun | pitung wêkdal dalunipun | jangkêp ping sadasa wêkdal | musakapipun Kitabun | sadasa jilid punika | Malekat Jabrail tumrun ||
5. Pan namung kaping sawêlas | sabên wulan siyammipun | êbèl kalawan siyam sut | êbèl pêthak têgêsira | nênggih sabên tanggal nuju | ping patbêlas gangsal wêlas | lajêng ping nêmbêlas sampun ||
6. Sut pan cêmêng têgêsira | sabên tanggal sangalikur | tridasa sapisannipun | jangkêp dene bukanira | sami sontên wussing surup | kang kinaramkên punika | anêdhaa dagingipun ||
7. Sato kewan kang paedah | kapêndhêt ing damêllipun | rabi kadang sarêngipun | sadintên pambabarira | kinalalkên bilih dhaup | kadang kang datan sarêngan | miyos saking garbèng biyung ||
8. Nanging sarêng sawussira | Kangjêng Nabi Adam surud | kang gumantya putra jalu | nJêng Nabi Sis kakasihnya | apan kinaramkên lamun | krama antuk samya kadang | kinalalkên lamun antuk ||
9. Naking sanak miwah misan | apan sapiturutipun | tanpa ningkah bilih dhaup | anggêr sampun condhong karsa | lajêng kaidenan sampun | dening pra pangagêngira | lamun wus kalakyan dhaup ||
10. Yèn lakinya praptèng lena | randhanira datan antuk | nambut silaning kramèku | lamun ingkang èstri pêjah | dhudha rabi datan antuk | pra umat lamun palastra | pinêtak ing gunung-gunung ||
11. Ping kalih sarengatira | nênggih Kanjêng Nabi Ênuh | sahadatipun Ashadu | Allah Ilahailollah | wa ashadu ana Ênuh | kalipatolah têgêsnya | yêkti anêksèni ingsun ||
12. Satuhune nora ana | Pangeran anging Allahu lawan anêksèni ingsun | Nabi Ênuh satuhunya | iku gêntine Allahu | kalih wêlas wêkdal salat | sadintên sadalunipun ||
13. De musakapipun Kitab | sèkêt jilid kathahipun | katurunan mlaekatu | Jabrail ping gangsal dasa | siyammipun sabên tèngsu | ing wêkasanira tanggal | amung sadintên sadalu ||
14. Kang kinaramakên kewan | sato pancèn nêdha iku | susukêr sasaminipun | nanging nadyan pancèn nêdha | susukêr yèn dèrèng ayun | tuwin dèrèng nate nêdha | kinalallakên puniku ||
15. Kadi ta kirik kang lagya | gumêlo sasaminipun | lamun nambut pikramèku | kêdah lilinton punika | sandhangan panganggenipun | kaidèn tyang sêpuhira | nênggih kalih-kalihipun ||
16. Punika minangka ningkah | panganggene ingkang jalu | rinawatan èstrinipun | panganggening èstrinira | rinawatan ingkang jalu | saupami pipindhahan | kang sandhang panganggya wangsul ||
17. Nanging kalih-kalihira | sami tan kenging kalamun | nambut silaning kramèku | kalamun pêgat palastra | kenging kalih-kalihipun | randha laki dhudha krama | pra umat yèn praptèng lampus ||
18. Wangke kinêlêm ing toya | ingkang langkung lêbêtipun | kaping tiga sarengatu | nJêng Nabi Ibrahim mulya  | sahadatipun Ashadu  | Allah ilahailollah | ashadu ana puniku ||
19. nJêng Ibrahim kalillolah | makna anêksèni ingsun | satuhune tan anèstu | Pangeran anging Allahu | lawan anêksèni ingsun | satuhune Sang Minulya | nJêng Nabi Brahim salamu ||
20. Pawong mitranira Allah | salat sadintên sadalu | kaping kalih likur waktu | pan musakapipun Kitab | sadasa jilid puniku | ping sawidak katurunan | Malekat Jabrail namung ||
21. Siyam sabên ri Jumungah | buka sawussira surup | kang kinaramakên sato | -kewan mangsa dadagingan | lan wohwohan kang wittipun | mawa ri tan kêna nadhah | myang êron sadayanipun ||
22. Kang(ng)gatêli mapan karam | ingkang kinalalkên lamun | kewan ingkang tan mangsèku | daging myang kalal ngunjuka | sajêng ing sasaminipun | kang ningkahkên lamun krama | bapa tuwin kakinipun ||
23. Miwah sadhèrèke priya | tiyang jalêr wênang wayuh | saking kalih tuwin langkung | randha laki tan cinêgah | dhudha rabi malih antuk | para umat yèn palastra | pan pinêtak jisimipun ||
24. Wontên ing siti kang mulya | kang sukci inggih puniku | siti kang dèrèng satuhu | dados jalantah rannira | kawutahan dening marus | tiyang kang kinaniaya | katètèsan rahsanipun ||
25. Tiyang jina babandrèkan | kaping sakawan winuwus | Nabi Musa srengatipun | sahadatipun winarna | Ashadu Allah ilahu | Illolah ashadu ana | ya Musa kalamolahu ||
26. Makna anaksèni ingwang | tan na Pangeran satuhu | anging Allah Tangalèstu | lawan anêksèni ingwang | Kangjêng Nabi Musa iku | pangandikanira Allah | salat sadintên sadalu ||
27. Kaping kawandasa wêkdal | dene ta musakapipun | juga Kitab Torèt amung | sarêng dugi panjênênganira | Kangjêng Nabi Dawud | musakapipun awêwah | sajuga kang Kitab Jabur ||
28. Myang matrapkên paukuman | kinisap ing lêrêsipun | amêjahi pan linampus | myang mêdharkên wênangira | sagunging kang para ratu | kenging aningkahkên tiyang | èstri kathahipun satus ||
29. Siyam ing dalêm sawarsa | kawandasa dintên muput | sabên sontên bukanipun | myang sabên Jumungah siyam | kêna hat saha tan antuk | nêdha ulam dadagingan | ingkang kinaramkên namung ||
30. Kewan ingkang mawi ngaral | kadosta upaminipun | kewan èstri ingkang nuju | wawrat datan kenging dhahar | kinalallakên sadarum | kewan kang tan mawi ngaral | wawrat sakit saminipun ||
31. Yèn laki rabi punika | kaningkahkên dening ratu | utawi parentah agung | bilih randha tuwin dhudha | laki myang rabi pikantuk | manawi pêjah pinêtak | siti rêsik lan mandhukul ||
32. Kaping gangsal srengatira  |  nJêng Nabi Ngisa linuhung  |  sahadatipun Ashadu | Allah ilahailallah  |  ashadu ana Ngisa ruhullah |  apan têgêsira |  ingkang nêksèni satuhu ||
33. Tan ana Pangeran liyan | mung sawiji ya Allahu | lawan anêksèni ingsun | satuhune Nabi Ngisa | iku atmajèng Hyang Agung |
salat sabên ari Akat | mung sawindu dangunipun ||
34. Anênggih sèkêt rêkangat | musakapipun pan namung | sajuga Kitab Injillun | katurunan Malaekat | Jabrail dutèng Hyang Agung | namung kaping kalihwêlas | pan siyammipun winuwus ||
35. Sabên Passên akaliyan | ngajêngkên Kamsin puniku | Passên awit sedanipun | Nabi Ngisa dumuginya | saking seda nulya wungu | dados ing dalêm tri siyang | buka sabên wussing surup ||
36. Kamsin punika nalika | tumêdhaking Rohul Kudus | dhumatêng sakabatipun | Gusti Kangjêng Nabi Ngisa | kalih siyang siyammipun | sami Passên bukanira | lajêng ariaya Kamsun ||
37. Kang kinaramkên punika | sabên Jumungah tan antuk | nêdha kewan dagingipun | nanging kawênangkên nêdha | ulam loh sasaminipun | kinalallakên sadaya | anggêr datan karya gigu ||
38. Kogug kogêl sêmang-sêmang | yèn laki rabi puniku | kaningkahakên ing ratu | utawi para parentah | sampunne paningkah rampung | mawi kaparingan sêrat | kawin cacêpênganipun ||
39. Jalu kalawan wanita | wanita kinarya unggul | dadya datan kinawayuh | randha dhudhaning pêgatan | gêsang tan kenging puniku | palakrama kalihira | anjawi yèn sampun rêmbug ||
40. Para umat bilih pêjah | pan kapêndhêm jisimipun | ing siti kang tan mandhukul | rêsik gumrining warata | kalangkung utami lamun | ana ing masjit pinêtak | mancorong kadya mas timbul ||

66. Maskumambang
1. Kaping nênêm sarengat ingkang mungkasi | Kangjêng Nabi duta | nayakaningrat linêwih | Mukhamaddan Rasulollah ||
2. Salalahu ngalaihi wasalami | bakdaning Mukhamad | datan wontên nabi malih | linuri têkèng samangkya ||
3. Kang wus samya angangge agama sukci | sadrah tanah Jawa | minurut Nabi sinêlir | punika sahadatira ||
4. Ashadu anlailaha ilollahi | wa ashadu anna | Mukhamad Rasulollahi | ing maknanira winarna ||
5. Utusaning Allah Ingkang Maha Sukci | sabên ri salatnya | sadintên sadalu kaping | gangsal wêktu datan gothang ||
6.[... Kirang satunggal pada utawi kalentu penomoran...]
7. Kang kapisan waktu Subuh bangun enjing | ing sadèrèngira | Sang Hyang Surya andhadhari | pan amung kalih rêkangat ||
8. Kaping kalih wêktu Luhur wancinèki | Hyang Surya gumlewang | ing sadèrèngipun lingsir| kawan rêkangat gya salam ||
9. Kaping tiga winastan waktu Ngasar-i | wanci Sang Hyang Surya | mèh tumamèng maring ardi | kawan rêkangat gya salam ||
10. Ping sêkawan winastanan waktu Mahrib | wanci surup surya | kantun sunaripun abrit | pan amung tigang rêkangat ||
11. Kaping gangsal waktu Ngisa ingkang wanci | sunaring Hyang Surya | waradin datan kaèksi | kawan rêkangat gya salam ||
12. Bakda Ngisa nadyan sunat nanging wajib | salat kang winastan | nênggih sunat Minalwitri | pan amung kalih rêkangat ||
13. Wusing salam linajêngkên sunat malih | salat kang winastan | nênggih rêkangat Talwitri | sarêkangat nulya salam ||
14. Jakatipun sapisan ing sabên warsi | pan mawa kamurwat | ingkang kenging dènjakati | pitrah sabên ariraya ||
15. Siyammipun sabên wulan Ramlan nênggih | amuput sawulan | buka wusing bakda Mahrib | ing sabên malême siyam ||
16. Têngah dalu dhahar sasênêngirèki | saur pan winênang | supadi kuwating dhiri | têtêp nglampahi agama ||
17. Bilih kinawasakakên ing Hyang Widdhi | ing wulan Dulkijah | maring Mêkah minggah khaji | manjing pirukuning Islam ||
18. Dadya gangsal sahadat ingkang rumiyin | ping kalihe salat | jakat ingkang kaping katri | ping caturira puwasa ||
19. Kaping gangsal maring Mêkah minggah khaji | musakapnya Kur'an | tigangdasa êjus isi | satus kawan dasa surat ||
20. Pan amêngku wahyudi tigang prakawis | satunggal Nurbuwat | kalihe Kukumah nênggih | katiga Wahyu Wilayah ||
21. Jawinipun Wahyu Nurbuat puniki | dene wus anyata | jumênêng Nabi kakasih | Wahyu Kukumah jinarwa ||
22. Dene sampun jumênêng Narpati yêkti | kang Wahyu Wilayah | jumênêng Waliyullahi | mustikaning kang panutan ||
23. Katurunan Malaekat Jabarail | kaping kalih lêksa | pangulu ingkang (m)bawani | anglampahakên agama ||
24. Pan kapara sakawan imanirèki | kalanira wêkdal | anèng Masjiddil Karami | angadhêpakên Betolah ||
25. Wetan majêng mangilèn Iman Sapingi | lèr ngidul ajêngnya | nênggih nJêng Iman Kanapi| ing kilèn majêng mangetan ||
26. Nênggih Iman Maliki ingkang (n)darbèni | kidul lèr adhêpnya | Iman Kambali nyitènni | catur panutan sêmbahyang ||
27. Para umat pundi ingkang dèn rêmêni | ing salah sajuga | bilih bangsa kula Jawi | Iman Sapingi panutan ||
28. Ingkang dipun karammakên sakathahing | daging kewan mawa | siyung myang sakèhing paksi | kang nyangkêrêm anggarudha ||
29. Tuwin kewan ingkang gêsang toya kalih | lire kang nèng toya | tan kurang juga punapi | nèng dharatan tan ngapaa ||
30. Tuwin ingkang mêkêruh kalawan najis | myang kang mawa wisa | utawi ingkang ngêndêmi | punika karam sadaya ||
31. Ingkang dipun kalallakên samukawis | kang tan kalbèng karam | manawi alaki rabi | kaningkahkên wali bapa ||
32. Kaki kadang jalêr wajib amalèni | sêpêne titiga | ingkang kenging amalèni | kadang warga saking bapa ||
33. Kaningkahkên pangulunipun agami | sinaksèn sakawan | bilih dhudha kenging rabi | randha kenging imah-imah ||
34. Wit Nabi Sis dumugi Muhkhamad Nabi | èstri kang winênang | dumadya ajatukrami | naksanak misan mindhowan ||
35. Saking jalêr èstri myang sanèsing ahli | ingkang tan linilan | kramantuk sadhèrèk nunggil | yayah rena myang sêsêpan ||
36. Sadarahe saking sadhèrèkirèki | tan kenging sadaya | mayuh kadang datan kenging | satunggal kêdah pinêgat ||
37. Tiyang jalêr winênangkên wayuh èstri | tumêka sakawan | langkung samantên tan kenging | rare jalêr yèn wus yuswa ||
38. Kalihwêlas taun kêdah dèntêtaki | rare stri yèn yuswa | têlung taun dènsunati | dene manawi palastra ||
39. Jisimmipun kapêtak wontên ing siti | yèn madahab Iman | Sapingi ujurirèki | mangalèr bilih madahab||
40. Nênggih Iman Kanapi kuburirèki | mangilèn ujurnya | madahab Iman Maliki | mujur mangidul kuburnya ||
41. Kang mahadab anênggih Iman Kambali | ujurnya mangetan | mênggah sampurnaning jisim | wit sarengat Nabi Adam ||
42. Têkèng mangke pan namung kawan prakawis | dhingin sinucènan | ing toya kang ngantya rêsik | sinalatkên ping kalihnya ||
43. Kaping tiga rinukti ingkang prêmati | aywa katingalan | ping pat pinêndhêm ing siti | utawi kinêlêm toya ||
44. Sampun tamat cariyosing para nabi | kang mêngku sarengat | jêjêripun nênêm nabi | mirib kang kasêbat Kitab ||
45. Mèsêm-mèsêm Ki Ajar ngandika aris | kulup ingsun rasa | laku-lakuning agami | Buddha lawan kanabeyan ||
46. Amung gèsèh laku nanging jogge sami | andhêku rahadyan | Buras umatur sang rêsi | gambuhipun rare jabang ||

67. Gambuh
1. Sang wiku ngandika rum | rare jabang caritane dangu | anane kang sinaratan warni-warni | duk jaman Sri Maha Punggung | Purwacarita ngadhaton ||
2. Dwi putra èstri jalu | dyan Sadana lan Dèwi Sri iku | sinabdakke Sadana dumadya sriti | Sri dadya sarpa sawèku | nandhang papa putra karo ||
3. Sakarone anglangut | tan karuwan kang bakal jinujug | sarpa sawa lampahira duk dumugi | tlatah nagri Wirathèku | lêrêm nèng sawah amanggon ||
4. Ngalêkêr têngah pantun | ing desa Wasutira puniku | panggêdhene tuwaburu Wrigu nami | Nikèn Sangki wadonnipun | wêktu iku wawrat sêpoh ||
5. Ing ngarêp tuwaburu | Kyai Wrigu pruhita sang wiku | Sang Wisama kapencut adarbe siwi| gya sinungan saranèku | myang winêling wantos-wantos ||
6. Hèh Wrigu kawruhanmu | sira bakal kaparingan sunu | yèn kaidèn anggawa bêgja sayêkti | sarana iku dèngupuh | klukunên we yoga gupoh ||
7. Kang ran we yoga iku | warna catur sawarna kang banyu | saka bumi dwi warna we saka nglangit | tri warna we asallipun | saka cucukulan manggon ||
8. Catur warna kang banyu | saka kang asipat nyawa iku | winor kanggo ngaluku sarana iki | gya inumên lan somahmu | lamun katrima kêlakon ||
9. Anggarbini satuhu | sakaroron mareneya gupuh | ingsun arsa paring wangsit mring sirèki | kadadeyaning sutamu | Kyai Wrigu mundur alon ||
10. Kèn Sangki sawussipun | anggarbini sakaliyan gupuh | umarêk ing sang yogi ngandika aris | hèh Wrigu kawruhanamu | nyaimu ênggone (m)bobot ||
11. Kang nèng wêtêngan iku | widadari pan panuksmanipun | Dèwi Tiksnawati kadadeyanèki| Rêtna Dumilah ing dangu | sirantuk kabêgjan yêktos ||
12. Dèwi Sri ananipun | Tiksnawati widadari iku | anane Sri kadidene satu munggwing | ing rimbagan saminipun | dene margane patêmon ||
13. Sri Tiksnawati kumpul | ngupayaa sarpa sawa luhung | kang anganggo susumping pari sawuli | kalamun sira wus antuk | rêksanên dipun gumatos ||
14. Ywa nganti praptèng lampus | lamun mati pralena sutamu | tlasing sabda Ki Wrigu kalilan mulih | wus lami dènnira ngluru | tan mantra lamun kapanggoh ||
15. Tanggal sapisan nuju | mangsa Padrawana Kyai Wrigu | sruning sayah lèrèn nèng pêpèrèng guling | antuk wangsiting dewa gung | sarpa sawa (ng)gonne manggon ||
16. Yèn cinêkêlan purun | pasangana kalasa kang alus | sasapana jarit putih urapsari | kêpyurana ganda arum | yèn wus nèng piranti kono ||
17. Gulungên kang barukut | prênahêna sajroning wismamu | kang asuci têlas ujare kang wangsit | Wrigu tangi banjur mantuk | nglêksanani kang wiraos ||
18. Praptane sabin gupuh | gya ginêlar sarpa duk amambu | ganda arum (ng)galêsêr nulya marani | ngalêkêr nèng sinjangipun | Ki Wrigu anêmbah alon ||
19. Kang sarpa wus ginulung | praptèng wisma pinarnahkên sampun | nèng patanèn Ki Wrigu myang Nikèn Sangke | ing tyas kacaryan kalangkung | dene warnanya mancorong ||
20. Cacawisan pinatut | kodhok ijo satumbu gung munjung | kacarita ratrinya wêtêngan lair | mijil dyah ayu kalangkung | marwatèng tyas sakarongron ||
21. Sayah Ki Wrigu turu | ponang sarpa marimpèni Wrigu | ingsun aja kok sajèni kodhok wilis | sajènana suruh ayu | kêmbang dupa aja towong ||
22. Andadèkkên satuhu | kabêgjanmu lan wawêkasingsun | sutanira iku wèhana kakasih | Rara Rakêtan wus mungguh | jroning sapta ri wit mêngko ||
23. Ratri ywa kongsi turu | yèn raina sira kêna turu | pan minangka pangrêksa supaya dadi | kalis beka rêncanèku | byar enjing tangi linakon ||
24. Supênanirèng dalu | tan pantara janma amburubul | tilik bayi (ng)gawa pawèwèh mawarni | Ki Wrigu lan somahipun | padha sukur ing Hyang Manon ||
25. Ing nalika puniku | Suralaya gègère kalangkung | marga saka (ng)gonne Dèwi Tiksnawati| (n)janma nir paliwarèku | Hyang Guru utusan gupoh ||
26. Sang Hyang Kala puniku | kinèn angrêncana wus tumurun | nuksma sona ajag Wrigu kala guling | sarpa marimpèni Wrigu | kawruhana surup mangko ||
27. Sang Hyang Kala tumurun | angrêncana marang ing sutamu | rupa asu ajag tulakana aglis| sakèhing lawangirèku | kutugana wlirang gupoh ||
28. Ing sajrone wismamu | oborana balarak ping têlu | sawêngine sarta sasajiya sami | punar wak ati saundhuh | sajèkna dagane mênok ||
29. Kadokokana kêlut | sapu papon gantal aywa kantun | pasangana damar paesan ywa mati | ing wismamu mêngko surup | ubêngana alon-alon ||
30. Matêka mantranipun | o Kala nama si Wayèh iku | ing sawêngi mêngko sutanira nini | sayêkti manggih rahayu | Wrigu tangi turu wartos ||
31. Marang ing semahipun | wus rumanti tan ana kalimput | sona ajag kewran dènnya ayun manjing | ngantya tumêka byar esuk | kawêlèh gya muksa gupoh ||
32. Hyang Jagatnata bêndu | gya utusan Hyang Brahma tumurun | nuksma dadya Lêmbu Gumarang rêspati | ki Wrigu awanne turu | sarpa marimpèni alon ||
33. Hèh Wrigu wruhanamu | mêngko ratri sirêp janma wêktu | ana prapta Sang Hyang Brahma mindha sapi | arsa ngrêncana sutamu | tutulakmu dimirantos ||
34. Kanan keringing pintu | pasangana ron nanas kang sinung | lalonthèngan angus lawan ênjêt putih | kulit brambang dupanipun | kaya kang wis blarak obor ||
35. Ing dagane si gêndhuk | sajènana sêga abang lawuh | kukuluban wutuhe karo kang uwis | kinang paradan ywa kantun | aywa giris lair batos ||

68. Girisa
1. Kalamun ngubêngi wisma | iki mantrane ucapna | poma-poma Hong Brahmana | rasioyêh maswaena | sayêkti manggih raharja | Wrigu satanginya nendra | wawarti mring rabinira | Kèn Sangki sasaji sigra ||
2. Wrigu mituhu supêna | dupi Sang Lêmbu Gumarang | arsa manjing maring wisma | akewran dening sarana | asru mêksa tan kawawa | wêkasan byar enjing muksa | matur cabaring dinuta | Hyang Guru sigra utusan ||
3. Sang Hyang Wisnu wus tumêdhak | anuksma dadi waraha | Wrigu siyangira nendra | sarpa sawa sung sasmita | Wrigu têngah wêngi mangkya | Hyang Wisnu tumurun dadya | waraha arsa ngrêncana | iya marang sutanira ||
4. Tutulakmu wuwuhana | ri widara tunggalêna | lan ron nanas wingi ika | padupane salinnana | ronning tanjung oborana | kaya dene kang wus klakyan | ing dagane sajènana | iwak êloh sêga krêsna ||
5. Wuwuhe lan wingi gantal | kêmbang kang wangi gandanya | ênggonmu ngubêngi wisma | nganggo obor matêk mantra | lah mangkene omma suya | namartagda namandaha | yêkti sutanta raharja | Wrigu satanginya nendra ||
6. Gupuh-gupuh awawarta | mring Kèn Sangki rabinira | linaksanan sadayanya | wussing wanci wraha prapta | arsa manjing maring wisma | tan kawawa dening srana | ing wayah byar esuk muksa | matur cabaring dinuta ||
7. Hyang Pramèsthi èsmu duka | arsa nêdhaki priyangga | manuksma maring kukila | kathah kang para jawata | tumutur samya anuksma | sasênêngira priyangga | siyang Ki Wrigu anendra | sarpa sawa sung sasmita ||
8. Wrigu mêngko bangun rina | Hyang Mahèswara tumêdhak | manuksma dadi kukila | ingiring para jawata | sadaya samya manuksma | Hyang Naraddha mring Kodhok Pas | Brahma mring Kala Gumarang | Surya marang Walang Anggas ||
9. Hyang Mahadewa manuksma | Wêdhus Parucul Hyang Yama | mring Kidang Ujung manuksma | Kuwera Tikus Jinada | Hyang Siwah manuksma marang | Manjangan Karandhi nama | Hyang Pritanjala manuksma | marang ing Êmprit Kukila ||
10. Rodra mring Lêmbu andana | Wisnu mring Têmbalung Wraha | Bayu mring Kêbo Andanya | Basuki mring Sarpa Lanang | Kala mring Asu Wiyungyang | Candra Kucing Candramawa | kabèh pan arsa ngrêncana | iya marang sutanira ||
11. Kaya kang uwus kalakyan | wismanira kênthêngana | mubêng dening lawe wênang | anêkakêna têtangga | lawan pamong mitranira | ajakên mêlèk sadaya | ana maning saratira | paturonne lèmèkana ||
12. Ron senthe cinorèk gambar | waraha kalawan baya | lawan gandhik lonthèngana | ênjêt pipindhanên janma | nèng ron senthe turokêna | awit surup sutanira | mêlèk-turu pinangkuwa| tumêkane bangun rina ||
13. Pagêr wisma sêmburana | dalingo bangkele bawang | kang wrata mataka mantra | Hong Hyang Hyang Siwah aboja | abuyana kita marta | swana maswana wus tamat | dhenok yêkti manggih arja | myang sining wisma sadaya ||
14. Lan maninge mêngko ratri | aywa sira mamatèni | sabarang ingkang kaèksi | ywa wani-wani nukrêti | kranèku ngalad-aladi | Hyang Guru arsa nêdhaki | Kalakuthana (n)dingini | yèku ratune wisa-di ||
15. Saka ing Yomani nraka | dadi sarapsawan rupa | salire ingkang dumadya | sadhengah kang kawistara | pindha lêmut sasamanya | mangka nganti matènana | sayêkti de sutanira | bakal kêna ing rêncana ||
16. Sarate iku bagèkna | kaping têlu sawênginya | sambêt araning kang Kala | Kuthana ingkang nalika | nganakkên ratuning sawan | sawan têlu cacahira | kawit têka surup surya | mangkene (ng)gonmu (m)bagèkna ||
17. Abangko Sang Nuriswa ta | kang kesdya ayu aweka | hya ngayu muli angkosa | karêngkêtan tata nama | walungyanto ya wanggawa | ingkang sawijine têka | nalika têngah ratrinya | mangkene (ng)gonmu (m)bagèkna ||
18. Ahangko Sang Nêris têkang | kisdya ayu Akwiki Hyang | ngayu muli hangko saka | rêng têkanta tan na mawa | lunganta ywa gawa purna | kang sawiji manèh têka | ing nalika byar raina | mangkene (ng)gonmu (m)bagèkna ||
19. Ahangko Sang Naris têkang | ke sêdya ayu Akwiki | ywangayu muli angkosa | saka rêng tekan tan nana | mawa lungyanta ywang gawa | èh Wrigu dèn eling poma | (ng)gonnira ambagèkêna | kaping têlu sawênginya ||
20. Dhewe-dhewe arannira | ingkang dhingin Sang Nuriswa | kapindhone Sang Niris rannya | ping katri Sang Naris ika | pan padha kadadeyannya | Sang Kala Kuthana ingkang | angratoni sarap sawan | sabên sira sung pambagya ||
21. Dèn santak kaya wong (ng)gêtak | ing kono sagunging sarap | sawan gya lumayu samya | datan ana wani pêrak | sutanta manggih raharja | Wrigu satanginya nendra | saking karsaning jawata | sinung emut tan kalepyan ||
22. Wawarta mring rabinira | sasaji sampêt sadaya | kacrita tumêdhakira | Hyang Guru myang pra jawata | sami kawêlèh sadaya | nir nandukakên rêncana | awêkasan samya muksa | jabang lêstari raharja ||
23. Datan ana kara-kara | lah iku Buras kawitnya | katêlah têkèng samangkya | Buras malongo tan nabda | manthuk-manthuk mangap-mangap | radyan nyêblèk Buras kagyat | garagapan nêmbah-nêmbah | lêstari datan wacana ||
24. Rahadyan matur sang tapa | kadiparan waluyanya | Sri kang dadya sarpa sawa | sang pandhita angandika | Sang Hyang Jagadnata mawas | cabar ingkang pangrêncana | saka Sri ing panggawenya | [...Kirang satunggal gatra: 8a...] ||
25. Gya utusan widdhadarya | kinèn animbali marang | Dèwi Sri ayun kinarya | jangkêpe kang widdhadarya | wus tumurun lan Sri panggya | andhawuhkên kang timbalan | Sri matur kalingga murda | ananging darbe sêmaya ||
26. Yèn wus ruwat saking papa | lawan arine Saddhana | têmbe dinadosna dewa | Dèwi duta wangsulannya | ing mangke Radèn Saddhana | sampun waluya kang ngruwat | Sri Wiku Ngatasmaruta | dhinaupkên atmajanya ||
27. Ran Dèwi Laksmitawahni | nanging karsane Hyang Giri | têmbe yèn wus asisiwi | wit bakal nurunkên wiji | sarpa sawa duk miyarsi | sabdaning kang widhadari | warti lampahe kang rayi | karantan-rantan ing ati ||
28. Anglalêkêr kawistara | sêmune minta ruwatnya | gya rinuwat wus waluya | sarpa sirna Sri kang ana | anulya ayun binakta | nanging Sri maksih lênggana | aturnya mring Widadharya | kang dadya sandeyèng driya ||
29. Nilar mring Wrigu-atmaja | manawi kenging rêncana | ing dewa têmah palastra | yêkti yayah rênanira | saiba susahing driya | mangka ngagêsang punika | yèn rumaos katupiksa | wajib sangêt (m)baurêksa ||
30. Liripun kula punika | rumaos dipun opènni | walês kula angopènni | sagunging kang widdhadari | ngraos lêrês turira Sri | ana widdhadari siji | anama Dèwi Nariti | misik dhatêng Dèwi Êsri ||
31. Kalamun Ki Wrigu siwi | panjanmaning Tiknawati | mila agung rêncanèki | awit (ng)gonnira manjanmi | paliwara datan mawi | dadya dukane Hyang Giri | wangsulannya Dèwi Êsri | Hyang Jagadnata sayêkti ||
32. Sipat asih lawan mirah | tur kawasa amisesa | nanging tan karsa marwasa | sanggyaning kang tanpa dosa | karantên punapa dhawak | kamirahan yèn tan lawan | papasihan kadiparan | patraping kang pangawasa ||
33. Têka badhe amirosa | lampahing kang amisesa | malah arsa amarwasa | Hyang Giri yèn makatêna | punika punapa sipat | arubiru sayêktinya | pasthi titahipun samya | [...Kirang satunggal gatra: datan purun amracaya (sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS)...] ||
34. Lalawora haruhara | mangkana pra widdhadarya | kaluhuran ingkang sabda | gya muksa sapungkurira | Ki Wrigu lawan somahnya | yun (m)bêrsihi (ng)gyanning sarpa | myak samir kagyat ing driya | sarpa nirana wanudya ||
35. Kalangkung endahing warna | Wrigu sakalih aturnya | Dèwi Sri uwus sajarwa | ing purwa madya wasana | Wrigu amarwata suta | akèh-akèh aturira | ayun sudhiya sugata | Sri tan arsa mung aminta ||
36. Kinang ayu lawan kêmbang | gêdhang ayu myang padupan | Wrigu mundur tur sandika | nulya para Widdhadarya | tumurun lawan Sri panggya | (n)dhawuhkên timbalanira | Hyang Giri angsung uninga | wijiling kang pangandika ||

69. Mijil
1. Hyang Daruna lan Dèwi Daruni | kadangira wadon | karya saru anèng kahyangane | anglakoni panggawe tan yukti | yèku lambangsari | lawan kadangipun ||
2. Sakarone saiki kaungsir | marcapada anjog | Hyang Daruna manjanma sutane | Ki Subandha ingkang lagi lair | de Dèwi Daruni | anjanmaa iku ||
3. Mring Rakêtan Ki Wrigu kang siwi | minangka dumados | liruning dyah Tiksnawati kuwe | diwasane kalihira sami | karsaning dewa di | dadya jodhonipun ||
4. Têmbe darbe atmaja pawèstri | dadya garwa katong | ing Wiratha iku nurunnake | sanggyaning kang ratu tanah Jawi | Dèwi Sri duk myarsi | lêga galihipun ||
5. Sarya matur sandika nglampahi | dhawuhe Hyang Manon | nanging nyuwun pêthukan sowanne | padhati sinang ingkang pangirid | Lêmbu Gumarang di | Naga Serang pêcut ||
6. Wusnya atus ature Dèwi Sri | waranggana gupoh | samya muksa prapta ing ngarsane | Sang Hyang Giri gya matur salwiring | dènnira tinuding | ing Sri aturipun ||
7. Sapungkure para widdhadari | Wrigu sakarongron | nyaosakên gantèn myang dupane | Sri wus mucang Wrigu matur aris  |  pun Rakêtan mangkin | panas badannipun ||
8. Sri ngandika iku prabawaning | kang manuksma gantos | ing maune apan panjanmane | Tiksnawati liru dyah Daruni | dene Tiksnawati | iki sandhingingsun ||
9. Kyai Wrigu lawan Nikèn Sangki | basa wêruh (n)jomblong | dene kêmbar tan ana siwahe | Sri ngandika dilatana nuli | (m)bunbunannirèki | anakmu si gêndhuk ||
10. Lan udêle èpèk-èpèk kalih | dalamakan karo | ngaping têlu ing kiwa wiwite | sarta (ng)gyanta (n)dilati sêmbari | wuwuda sayêkti | sutanta rahayu ||
11. Lamun sutanira nuju guling | poma wêkasingong | jwa kok ambung lawan sadurunge | pupak untu aywa wani-wani | nyiwêl pipineki | apadene Wrigu ||
12. Ywa kok èmpêr lawan kang wus lalis | la-ilane awon | tan na tulus yèn kok èstokake | awidada pangêmongirèki | sira sun jatèni | ing têmbe sutamu ||
13. Milu nurunnakên narapati | nungsa Jawa kaot | Wrigu Sangki sru suka sukure | pamit mêdal lajêng andilati | ing sutanirèki | wus waluya ayu ||
14. Tan pantara widdhadari prapti | pêthukan sumaos | kadi dene sang Sri panyuwune | Sri myang Tiksnawati wus anitih | lan para apsari | nèng padhati mamprung ||
15. Wrigu Sangki lumêbêt patanin | sunya tan na katon | dahat dènnya sungkawa driyane | wus pinupus karsaning dewa di | marêm ing tyasnèki | winêca kang sunu ||
16. Sadayèku purwanira nguni | katêlah samêngko | linaluri mring kang ngèstokake | lumbung lêsung padringan patanin | myang sakèhing kori | sabên malêmipun ||
17. Ri Jumungah apan dènsajèni | kêmbang miwah konyoh | kinutugan kalawan patanèn | pinasangan kajang sirah adi | pasrèn dènarani | tinutup kalambu ||
18. Sinajènan lantingan pan isi | we tumumpang bokor | myang purwane wong tani yun panèn | arêp wiwit nganggo dènsajèni | kêmbang borèh wangi | gêdhang suruh ayu ||
19. Klasa anyar lawan jarik putih | pamrihe Sri rawoh | myang purwane lah-olahan ranne | jangan mênir pêcêl santên pitik | jabangbayi lair | sinaratan mau ||
20. Tamat ingkang carita sang dèwi | marêk arawat loh | mêmbêg-mêmbêg sêrêt ngandikane | kakang kene adhême ngranuhi | awan bêngi atis | lawan tan kêtêmu ||
21. Karo kakang Jèngrêsmi kang anis | jare nuli panggoh | Jayèngsari duk myarsa ature | ingkang rayi ribênging tyas kengis | ngandikanira ris | babo kadangingsun ||
22. Ywa kasêsa sawatara ari | pasthi banjur panggoh | sang awiku marêpêki age | marang sang dyah ngandikanya manis | nini ywa kuwatir | ing têmbe katêmu ||
23. Lan kadangta tur wis (ng)gawa rabi | warnayu kinaot | miwah olèh-olèh marang kowe | sosotyadi agêmming pawèstri | sinjang warni-warni | lan lêmês lus-alus ||
24. Rancangkapti lêjar ing ngawingit | angandika alon | apa têmên caritane kuwe | mêngko amung angenaki ati | yèn goroh dak jiwit | sang wiku angguguk ||
25. Ora goroh caritaku nini | nanging wêkasingong | ywa kasusu sasêlot-sêlote | lawan aja mulih marang Giri | yèn mulih amasthi | tan bisa kêtêmu ||
26. Iya kakang aku ora mulih | jangjine kêpanggoh | lan si kakang lawasa cik êbèn | Jayèngsari amarwata siwi | kang rayi wus lilih | matur maha wiku ||
27. Dhuh pukulun manawi marêngi | aparinga tudoh | kangmas Jayèngrêsmi ing dununge | maha wiku patanya mangsuli | sirik agêng kaki | yèn mêdharna iku ||
28. Awit lagi piningit dewa di | kinarya lalakon | lan bakale sira sakarone | lakunira sayêkti dumadi | tapabrata lêwih | kalamun lastantun ||
29. Analangsa miwah tan sak-sêrik | narimèng trus batos | dèn èngêta Hyang Widdhi tan sare| ngudanèni kalêngêking ati | murah lawan asih | angrêksa satuhu ||
30. Tutugêna lakunira kaki | mangetanna gupoh | ywa rinasa kawiryan maune | ing saiki upama ron aking | anèng jalaniddhi | nut ombaking laut ||
31. Radyan mangênjali turira ris | dhuh risang kinaot | andikanta dumadya lêjare | antêping tyas kumandêl ing Widdhi | pangèstu sang yogi | ingkang amba suwun ||
32. Mangkya mumpung maksih wanci enjing | lilanana ingong | nglêksanani pukulun têdahe | rara sira pamita sang yogi | lan pamita maring | pra endhang sadarum ||
33. Sang dyah matur lilanana kaki | (ng)gonulun rumojong | milu marang si kakang lakune | ora luwih pangèstumu kaki | salamêta nuli | têmu kang rinuruh ||
34. Iya kulup lawan sira nini | mung pangèstuningong | rinaksaa ing Hyang sakarone | kasambadan ing karsanirèki | Buras ingsun paring | pangèstu rahayu ||
35. Buras nêmbah matur sru kapundhi  |  sabda sang kinaot  | radyan miwah ari sampun lèngsèr | maha wiku nganthi nganan ngering | winantu sasanti | (n)jawi dhadhah rawuh ||
36. Kalihira pinêngkul kinêmpit | lajêng sakarongron | para endhang gumarubyuk (n)dhèrèk | sarwi atur pupudya basuki | tuhune gung brangti | marang sang abagus ||

 70. Asmaradana
1. Lêpas lampahira kalih | Buras tansah anèng wuntat | sang dyah yèn sayah ginendhong | sumêngka anggraning arga | tumurun maring jurang | analasak wana agung | tan ana baya kaetang ||
2. Kèndêl dènnira lumaris | lingsir kilèn wancinira | nèng wetan arga prênahe | ayom lênggah pasukêtan | ing ngare sri kawuryan | sêngsêming tyas sang rêtnayu | miyat ingkang padhukuhan ||
3. Papanthan ijo rêspati | kêlêtan ing lorah-lorah | we wêning tumlorong anjog | ing talaga pindha blumbang | ulamnya tambra abang | angambang lir suhun-suhun | marang kang kulinèng arga ||
4. Pêcuk cangak pêlung rintip | ana têpining talaga | nyêngongong lir (m)bagèkake | rang-urangan calorotan | liwêran mrih katingal | krêdyating tyas anglilipur | dadiya sukaning driya||
5. Urang watang ngambang pinggir | sinambêr ing rang-urangan | pêlung myat salulup age | antuk dêlêg gya ngumbara | (m)barêngi rang-urangan | prapta luhurnya sang ayu | dêlêg lawan urang watang||
6. Dhinawahakên ngarsaning | sang dyah lagya ngundhuh sêkar | kagyat myat dêlêg tibane | gandhèng lawan urang watang | ngandika gage Buras | iki ana iwak runtuh | gandhèng lawan urang watang ||
7. Kalihe cinêpêng aglis | barêng tiba saka tawang | kakang aku iki olèh | dêlêg gêdhene sapucang | kalawan urang watang | sagandhik kapara langkung | tiba ana ngarsaningwang ||
8. Upamane ana panti | pasthi banjur takngu kolah | rahadyan lon andikane | yèn sira doyan binakar | Buras ge ngupayaa | woh kamal lan uyah plêtuk | kinarya (m)bumboni ulam ||
9. Buras mentar wangsulnèki | (m)bêkta woh kamal myang uyah | sang dyah angandika alon | gêrusên ana ing sela | banyune sawatara | goleka ron blêkêtupuk | kinarya angêpès ulam ||
10. Dêlêg ulam wus dènpèssi | Buras nulya ngagar dadya | wangwa gya dènurubake | pès-pèsan pinêndhêm wangwa | wus matêng gya ingêntas | ingaturkên sang rêtnayu | binuka nèng ngarsèng raka||
11. Kakang ron blêtupuk iki | bingèn kandhane si biyang | kalamun kinarya ngêpès | sawarnane ulam toya | rasane tan prabeda | kalawan kang dipès iku | Buras coba rasakêna ||
12. Ngathêkul dènnira bukti | dalah kang gosong pinangan | sang dyah angandika alon | piye Buras apa nyata | rasane kaya iwak | Buras nyumak-nyamuk manthuk | Rancangkapti langkung suka ||
13. Kalihe wus samya bukti | urang myang dêlêg tan têlas | linorot Ki Buras age | mèh suruping diwangkara | lajêng ing lampahira | praptèng pagagan wus surup | têbih lawan padhêkahan ||
14. Paran karsanira yayi | apa sipêng padhêkahan | rèhne iki wus kawêngèn | payo kakang padha munggah | ing lincak têngah sawah | mêngko bêngi lamun turu | ana ing kono kewala ||
15. Besuk byar bae lumaris | katiga wus samya minggah | nuju purnama wulanne | sumêblak angilak-ilak | kathah kang katingalan | liwêran wraha susunu | sang rêtna tanya mring raka ||
16. Kakang tikus gunung Kawi | gêdhe dhuwur nganggo tracak | iba ambane êronge | yayi iku aran wraha | nulya na katingalan | sima gembong ayun ngrundhuk | marang gênjiking waraha ||
17. Titiga kang kantun têbih | sang dyah umatur ing raka | kucing apa dene gêdhe | kêmbang asêm bledhak-bledhak | Buras cêkêlên enggal | aku kapengin yun ngingu | Ki Buras kèndêl kewala ||
18. Punang sima wus tan kèksi | Buras nyêbut kamdulilah | bêndara niku namane | sima asring (m)badhog tiyang | kula sarêng uninga | bokong ngoplok kringêt kumyus | wèl-wèlan tan sagêt (ng)glawat ||
19. Rancangkapti ngandika ris | kene tan nêdya sikara | kono ya samono manèh | mula Buras dipitaya | kang têtêg driyanira | was tiwas ingkang tinêmu | Buras matur kasinggihan ||
20. Têngah ratri sang dyah guling | Buras ngantuk rêrenggotan | radyan kantun wungu ijèn | munajat maring Pangeran | rahayune kang rama | miwah raka kang anglangut | utawi panuwunnira ||
21. Rahayune sarirèki | lan kadangira wanudya | lampah ywa na sangsayane | kadugèna ing sakêrsa | ing têmbe kapanggiha | kalawan kang dipun ruruh | ing wanci wus bêdhug tiga ||
22. Ramya swarane kang paksi | kang munya enjing-enjingan | cing-cinggoling thilang pênthèt | cocak kèkèt myang sikatan | srigunting rang-urangan | kacêr jalakurèn pênyu | baranjangan munya tawang ||
23. Sang dyah wungu dènnya guling | kakang iki wayah apa | paksi wus ramya swarane | myang swaranira wong (ng)gêntang | umyung agagêndhingan | iki yayi wanci bangun | kakang payo maring sêndhang ||
24. Buras iku apa guling | (n)jêgrêg nanging sasênggoran | (n)dêrèjès kêbês pangkone | lah Buras sira tangia | iki wus bangun enjang | garagappan sarwi matur | bêndara kula tan nendra||
25. Kalihe sru gujêngnèki | iya kowe nora nendra | mung ngantuk saplasan bae | sang rêtna miwah rahadyan | mandhap saking pagrongan | Ki Buras tansah nèng pungkur | praptèng sêndhang nulya siram ||
26. Rêpêt-rêpêt saput siti | kalihe lajêng umentar | datan winarna lampahe | wanci Asar praptèng Klakah | suku arga Lamongan | katon arjaning kang dhukuh | aglar ingkang rajakaya ||
27. Miwah ingkang nambutkardi | anèng têgal myang pagagan | rahadyan kèndêl lampahe | lawan arinya sang rêtna | nèng jêroning têgalan | cingak sakèhing wong dhusun | kang samya anambutkarya ||
28. Miyat ingkang nêmbe prapti | Ki Buras kinèn tatanya | ranning dhukuh panggêdhene | kang tinanya lon turira | ing ngriki dhusun Klakah | dene ta pangagêngipun | nama Ki Umbul Sadyana ||
29. Sintên ingkang (n)dika iring | wangune dede wong rucah | saking pundi pinangkane | dhatêng ing pundi sinêdya | Ki Buras saurira | ingkang kula dhèrèk niku | asli saking Surapringga ||
30. Badhe dhatêng Banyuwangi | ananging anggung kasasar | labêt dèrèng wruh margine | mangke karsane bêndara | rèh lampah katanggêlan | pados sipêngan sadalu | enjang (n)dumugèkkên lampah ||
31. Ki mêgawe duk miyarsi | sèlèh dènnya nambutkarya | ngênthar bêbeja lurahe | sawusnya katur sadaya | Kyai Umbul Sadyana | ngandika kenthol dèn-gupuh | turana banjur kewala ||
32. Prapta têgal turira ris | anggèr paduka ngaturan | lajêng tumamèng wismane | wus kerid ing lampahira | Kyai Umbul Sadyana | mapag nèng jawining dhusun | kalihe wus ingancaran||
33. Lajêng tumamèng ing panti | linênggahkên bale watang | Ki Umbul tan arsa jèjèr | radyan angling mring ki wisma | kaki ywa wontên ngandhap | satêmahe kula rikuh | prayogi minggah kewala ||
34. Ki Buyut minggah turnya ris | anggèr kula nilakrama | sinambating sakalihe | miwah ing pundi pinangka | sartane kang kinarsan | dene rawuh Klakah dhusun | Argasonya kèh bêbaya||
35. Kaki kula saking Grêsik | Jayèngsari apaparab | dene ari kula wadon | Rara Rancangkapti nama | rencang niki pun Buras | mila kadya mêndêm pucung | ngupadosi kadang wrêddha ||


( Ana Candhake... )