Pembukaan

SELAMAT DATANG di…

gatholotjo.blogspot.com


Sebelumnya penulis mohon maaf kepada semua pihak yang ada hubungannya dengan posting-posting dibawah ini.

Selain untuk belajar bagi penulis sendiri, Situs ini dibangun untuk melestarikan Karya Sastra (khususnya Sastra Jawa) supaya dapat dipelajari secara bebas oleh seluruh masyarakat

Selanjutnya penulis mohon saran dan kritik dari pengunjung guna menambah wawasan penulis.

SERAT CENTHINI I.5



41. Asmaradana
1. Radèn kawruhana malih | prakara kang langit sapta | ana ing sira dununge | poma-poma dipunpirsa | langit kang ana sira | mara ngong jarwani kulup | dèn bêcik pidhangêtira ||
2. Dhingin langit roh-jasmani | dene langit ping kalihnya | langit roh-nabadi ranne | roh-napsani kaping tiga | dene langit kaping pat | roh-rokani wastanipun | dene langit kaping lima||
3. Ingaranan roh-nurani | langit kaping nêmme ika | roh-rabani ing wastane | langit kaping pitu ika | roh-kapi wastanira | anênggih ing têgêsipun | langit roh satunggal-tunggal ||
4. Têgêse langit jasmani | tinitahakên ing Allah | amêpêki ing uripe | ana ing jasat sadaya | langit roh-nabadi ka | amêpêki uripipun | salire badan sadaya ||
5. Ingkang langit roh-napsani | amêpêki ingkang karsa | karêpe badanne kabèh | langit roh-rokani uga | mêpêki ngèlmunira | sakèhe badan sadarum | langit roh-nurani ika ||
6. Amêpêki cahyanèki  |  sakèhe badan sadaya  |  langit roh rabani radèn  |  amêpêki adhêpira  |  ingkang badan sadaya  | lan langit roh-kapi iku  | pan pêpak pasrahing badan ||

42. Mijil
1. Baya pantês pinupuha mijil | ingkang winiraos | kanugrahan lawan nugrahane | lawan sapa ingkang nugrahani | nugraha sayêkti | mungguh ing Hyang Agung ||
2. Kanugrahan mungguh ing sirèki | nugraha Hyang Manon | anglir bêdhug tinabuh snepane | tetabuhe nugraha sayêkti | unine sayêkti | nugrahan rannipun ||
3. Anadene kang narima ugi | sihira Hyang Manon | pan puniku janma ingkang luwèh | kang narima sihira Hyang Widdhi | saobahe ugi | nugrahan puniku ||
4. Solah tingkah muna-muni iki | nugrahan Hyang Manon | ganda swara miwah paningale | panarimèng dadiya sawiji | dadi wong linuwih | benjang lamun lampus ||
5. Dene iya wawadhahing ngèlmi | pirsakna sayêktos | ngèlmu iku aja akèh-akèh | yèn rinicik dadi nora bêcik | yèn layar ing pati | aja kèh kadulu ||
6. Aja kalingan ningal-ningali | kang abangsa êroh | roh-ilapi nênggih ling-alinge | kang apêtêng wadhag kang jasmani | pan iku sayêkti | panasaran tuhu ||
7. Lah ta iku dêdalane benjing | kang kasasar kang wong | lamun  nora bisa panuksmane | yèn wis bisa nuksma wujud siji | wujudira ugi | wujuding Hyang Agung ||
8. Iku ingaranan wadhah ngèlmi | wujudmu sayêktos | pan ingakên Dattolah jatine | wulunira wuluning Hyang Widdhi | kulitmu sayêkti | kulite Hyang Agung ||
9. Sungsum balung otot daging gêtih | kagungan Hyang Manon | samubarang jroning badan kiye | iya iku sangking Hyang kang Luwih | apan iku ugi | wawadhahing ngèlmu ||
10. Iya ngèlmu ingkang dèn wadhahi | pan adi Hyang Manon | poma iku wêkasingsun anggèr| dèn agêmi lawan dèn nastiti | têgêsipun gêmi | dèn aja kawêtu ||
11. Lan malihe têgêse nastiti | saprentah Hyang Manon | dèn waspada sak ngèlmu-ngèlmune| dipun têrus lair lawan batin | ywa sok padu ngèlmi | lan wong liya kulup ||
12. Yèn tan wêruh ngèlmune Hyang Widdhi | kathah winiraos | upamine kali akèh-akèh | kali gêdhe lawan kali cilik | karsane pan sami | jêbul samodra gung ||
13. Sasênênge samya golèk margi | ana ngetan ngulon | ngidul ngalor sasênêng-sênênge | dene karêp jêbul ing jaladri | ywa maido ngèlmi | tan ana kang luput ||
14. Ywa kawongan santri gundhul kaki | sok pradondi padon | ingkang bênêr sapa (m)bênêrake | sisip sapa nisipakên kaki | aniruwa ugi | mundhak apa iku ||
15. Santri gundhul kang samya pradondi  |  kang kawongan êndhog  |  ingkang putih amung (n)jaba bae  |  ingkang (n)jêro apan warni abrit  | lir kukila paksi  | tinon cilam-cilum ||
16. Agung gawe pan asaba warih | lamun ana kodhok | pan minangsa iku wawatêke | puluh putih lir kuntul kang pêksi | nyandhang sarwa putih | yèn tinon amulus ||
17. Pakanane langkung (n)jêjêmbêri | radèn wêkasingong | mung puniku tampanana kabèh | ngèlmuningong anggèr sampun ngênting | nanging ingong mêling | marang sira kulup ||
18. Wêkasingong mung kari sawiji | poma dèn kalakon | aja ajubriya sira radèn | lan sumêngah aja anglakoni | lah dèn ngati-yati | ywa kasupèn kulup ||
19. Anadene têgêsipun kibir | masthèkakên kang wong | ala bêcik kapasthi anane | kang sumêngah têgêse sayêkti | (m)bêcikakên dhiri | sabudine punggung ||
20. Kacarita wit sowan sang pêkik | ngantya wêktu Suboh | datan ebah sangking ing ngarsane| sang sèh luhung angandika aris | kulup kang kawijil | kabèh tuturingsun ||
21. Nambahana ing kawruhmu kaki | lawan wêkasingong | sira banjur mangulona radèn | gunung Sawal ana maharêsi | pan sadulur mami | tur kaprênah sêpuh ||
22. Nora arsa manut sarengating | (n)Jêng Nabi kinaot | isih kukuh ngukuhi Budane | lamun ana kang ngasorkên maring | ing kadibyanèki | dhandhang suka anut ||

43. Dhandhanggula
1. Aran Wasi Narawita kaki | hya sumêlang ingsun jangkung sira | lah uwis mangkata radèn | Sèh Sêkar wusing atus | pangandika datan kaèksi | mung kantun sabatira | ki Sabar ki Maklum | Rahadyan kantun anggana | ngandika ris nêdha kaki salah siji | andika antêrêna ||
2. Kaki Sabar ingkang têdah margi | anèng ngarsa tan rêkasèng lampah | Sèh Sêkardlima kramate | lêpas ing lampahipun | wus angancik ing Sawal wukir | rahadyan angandika | bangêt tarimèngsun | ki Sabar sira wangsula | Gathak Gathuk kariya ngandhaping wukir | ingsun munggah priyangga ||
3. Wus uminggah radèn Jayèngrêsmi | Rêsi Narawita datan samar | lamun dhatêngan wiyose | janma nung dibya ngèlmu | wasi Nara umapak aglis | rahadyan ginunturan | sela datan surut |
sarira asrah ing Suksma | praptèng arga mandhêg ing sela matindhih | lir undhaking ancala ||
4. Ing ancala wus kongkal katitih | sigra jumênêng lambunging arga | ki Ajar sangsaya tyase | mojar Hyang gurunipun | sang alaba punapa kardi | dhatêng wukir patapan | rahadyan lingipun | iya pakoning Pangeran | karyaningsun Ki Ajar marang sirèku | amardi akon Islam ||
5. Lah Islama Ki Ajar dèn aglis | myang pangandhêg miwah ta ing dhadhang | kuncara mangulu kabèh | ingindhang gurunipun | èsmu bangga dènnira angling | emane ingsun Islam | yèn tan kasor kawruh | myang kadi ing kasantikan | sigra ngambil kang tigan anulya prapti | tinumpuk anèng ngarsa ||
6. Ing ngarsane rahadyan ngambili | kang nèng ngisor prandene tan tiba | kang ana ing luhur dhewe | Ki Ajar sigra nambut | kang cupumas pan isi warih | ginantung anèng wiyat | rahadyan anêmbung | ing jungkat anulya pasah | mawut kèri toyane datan tumitis | Ki Ajar karepotan ||
7. Kyai Ajar kêthunira aglis  |  inguncalakên dhatêng ngawiyat  |  lir paksi krêndha ibêre | rahadyan sigra wau  |  gracut kaosira anuli | nguncalakên ngawiyat | anitihi kêthu | prabawa wus katitihan  | dyan Ki Ajar lumumpat sarwi sêmadi | andunung ronning pisang ||
8. Lagi arsa wau dèntitihi | sang abagus wus ana ing kana | jumênêng anêng pupuse | Ki Ajar sigra wangsul | nulya ngobong mêrunirèki | mubal ingkang dahana | Ki Ajar umangsuk | rahadyan wus anèng kana | andhingini jumênêng madyaning gêni | Ki Ajar karepotan ||
9. Kaputêran saisining wukir | amung gêntha kakêlèng kêncana | nyanane tan wruh prênahe | rahadyan pan wus ayun | pan sarira durgamaning sih | cipta anglêbur gêntha | rêmêk anggalêpung | rahadyan angling mring ajar | wutuhêna brahalamu kabèh iki | Ki Ajar datan bisa ||
10. Kyai Ajar kewuhan ing ati | dadya atêmbung dhatêng rahadyan | lah mara wutuhna age | arca agêntha iku | radyan sigra
nanêdhèng Widdhi | katarima kang donga | arca sampun wutuh | rahadyan akon Islama | lingira Jar yèn uripêna wong mati | sun idhêp ujarira ||
11. Lamun sira wus nyata sayêkti | ngilangêna padhang lawan wulan | kang mati uripna age | yèn tan gêsang kang lampus | sakathahe sabdanirèki | yêkti ingsun lênggana | tan arsa umanut| rahadyan nulya tumêdhak | amarani kang mati nulya kapanggih | angling kinèn uripa ||
12. Lah uripa sira ingkang mati | iya pakone Hyang Mahamulya | têka maksih mujung bae | rahadyan malih muwus | lah tangiya karsaning Widdhi | sarta lan pakoningwang | jênggèlèk alungguh | urip tan lêngganèng karsa | mring rahadyan mring Ki Ajar nagih janji | aris kang pangandika ||
13. Asêlamma Ki Ajar tan angling | kalingsêman lajêng sinung lara | lumpuh (n)dumuk durakane | nuhun apuranipun | mring rahadyan nuwun jêjampi | rahadyan angandika | Islam tambanipun | angucapêna Sahadat | Kyai Ajar tan suwala anampèni | Sadat anulya mingkrat ||
14. Samengkrade ri sang maharêsi | kukuwunge nêlahi saarga | sumunar katon tejane | sru ascaryaning kalbu | ngunguning tyas datan winarni | tumurun sangking arga | panggya Gathak Gathuk | gupuh matur ing rahadyan | kadipundi dene ngantos kalih ratri | tyas amba kêlap-kêlap ||
15. Radyan mèsêm sarwi awawarti | ungguling prang sang rêsi kasoran | ngantya anon ing tejane | Thak Gathuk manthuk-manthuk | sukaning tyas sukur ing Widdhi | kagyat sang ungguling prang | aningali gunung | ing Carême sukunira | langkung pringga rahadyan tandya lumaris | lêpas ing lampahira ||
16. Langkung rumpil ing marga grêng ngori | kumbang-kumbang ngarasing wulusan | sumêrang ngiring wukire | èngêt kantêping kalbu | maring kadang ingkang lunga nis | nulya manggih talaga | toyanya sumunu | kinubêng ing kayu lata | langkung kathah wowohan ingkang sarwa-di | anêdhêng uwohira ||
17. Lir nambrama ingkang lagya prapti | sung usada mring sang jayaning prang | Gathuk ngaturakên wohe | kêpêl gandanya arum | nanging radyan tan arsa bukti | tansah ginanda-ganda | sêngsêming tyas (n)dulu | talaga kinêpung arga | madyèng tlaga wontên ardi alit-alit | sapta samya gêngira ||
18. Wêning tlaga kasorot Hyang Rawi | gêbyar-gêbyar wayangan saptarga | mawarna-warna warnine | rawe-rawe amanglung | anèng ranu kadya sinoming | dyah adi pinangantyan | angarompyoh sêmu | gumêriting ampèl dênta | katêmpuhing samirana lir panjriting | dyah nêmbe katêrassan ||
19. Lajêng minggah Radèn Jayèngrêsmi | myat patapan sapucaking arga | pala pelak asri tinon | sinalisir rum-arum | sinarojèng kayu teja-di | ingapit parijatha | anjrah anèng ngayun | panggunge munggul katingal | sru kasmaran rahadyan duk aningali | sinêrang dènnya mangsah ||
20. Nênggih ingkang martapa ing wukir | apaparab Wasi Singgunkara | atmaja ri sang pamase | bêdhahing Majalangu | numpang palwa ngambang jaladri | kèndêl ing palabuhan | Cirêbon gya laju | tutruka nèng Cêrme arga | sakalangkung nglangkungi tapanirèki | rahadyan duk uninga ||
21. Mring sang tapa kêsêl sayah urip | lupa cape ilang tan karasa | tumamèng marang ngarsane | sang wiku manggung minggu | Jayèngrêsmi matur mamanis | dhuh sang kulinèng tapa | kang dahat manêngkung | dene sung prabawanira | angramati mring dasih kang kawlasasih | nir ing tyas ingkang murka ||
22. Malah-malah sudira ing tapi | sru kapengin kadiya paduka | têka wingit pasêmone | nêtêpi puja nung kung | ulun èngêt ing guru mami | Sèh Sêkardlima arga | Slamêt dhepokipun | Singgunkara api kagyat | angandika iya tan sira pribadi | kang prapta ngarsaningwang ||
23. Padha olih sabarangkarsèki | kêna barang kang padha sinêdya | nanging iya sapangkate | eh kulup ingsuntutur | ananingsun martapèng wukir | sang rêsi sigra ngandhar | lalampahanipun | ing purwa têkèng wasana | radèn matur mênggah kawaspadan lair | piridanipun etang ||
24. Maharêsi angandika aris | iku kulup mirid saka etang | wuku têlungpuluh kèhe | Warigagêmêt tamtu | ala bêcik uwus kapasthi | ing dalêm sapta dina | tampane kang wuku | ri Dite sèrèn tinampan | kawit Sinta Watugunung kang mungkasi | lah kaki kawruhana ||
25. Dite Paing Sinta amurwani | barang karya bêcik tur raharja | Soma Pon ayu bêcike | babêdhat ambuburu | olèh buron kang dera amrih | Anggara Wage ala | lulungan tan arju | kawêlèh ana ing paran | lola kaelangan guru ingkang bêcik | masang wêlah ing sawah ||
26. Buda Kliwon rahayu utami | alulungan salamêt saparan | Rêspati Manis watêkke | ala kalawan ayu | (n)jampènana mata kang sakit | sayêkti aglis waras | suwitaa iku | bisa kandêl kinasiyan | Sukra Paing ala nanging ingkang olih | amamasanga pikat ||
27. Tumpak Êpon ala ingkang kardi | ywa lulungan katadhahan kala | Sinta sèrèn gya tinampèn | Landêp Dite Wageku | atur têmên langkung prayogi | ngupayaa wanita | sayêkti glis antuk | Soma Kaliwon raharja | babêdhaga aglis olèh tur agampil | karya sumur bak toya||
28. (ng)Gara Manis ala ayu nanging | karya sumur drês wêdaling toya | lulungana tan asuwe | (n)tuk rijêki nèng dlanggung | Buda Paing awon sakalir | karya ywa lunga-lunga | nanging karya susup | jala jaring kang prayoga | Rêspati Pon ing sabarang kardi bêcik | karya sumur bak toya ||
29. Sukra Wage rahayu sakalir | amasanga pêlantih piluwang | aglis antuk buburone | Tumpak Kaliwonnipun | ala aja lulungan kaki | Landêp sèrèn tinampan | Wukir Dite Madu | rahayu ta ngunggahêna | pari marang lumbung iku luwih bêcik | Soma Paing raharja ||
30. Barang karya ingkang luwih bêcik | karya sumur kêbak toyanira | Anggara Pon baranggawe | abêcik tur rahayu | lulungana manggih rijêki | ing marga tan pantara | Buda Wage ayu | sabarang karya prayoga | Rêspatine Kaliwon rahayu ugi | lulungana kapanggya ||
31. Kêkasihe lamun rare lair  |  têka ana sandhang panganira  | Sukra Lêgi prayogane | mêmarangana ayu  |  ing têgêse amêmarangi | pikir yun bêbesanan | Tumpak Paingipun | ala aja lunga-lunga | katadhahan ing kala kalawan manggih | kurda-kurda nèng paran ||
32. Nanging rare lair aprayogi | Wukir sèrèn Kurantil kang tampa | Dite Pon sabaranggawe | ala nanging kang ayu | angupaya wadon glis olih | ing Soma Wage ala | sabarang karyèku | lulungan tan têkèng paran | nanging ambêbêdhag  ambuburu bêcik | Anggara Kliwon ala ||
33. Alulungan katrapan gung sakit | myang sabarangkarya tiba lara | Buda Nis rahayu rèntès | barang karya panuju | angupaya sandhang myang bukti | aglis antuk tur gampang | panuju ing kayun | ing Rêspati Paing ala | pangadhanganing satru anêrang pati | poma aywa lulungan ||
34. Ing Sukra Pon apan ala ugi | aywa lungan yêkti manggih kala | lan kalaran nèng paranne | Tumpak Wage rahayu | amisaya iwak prayogi | mamarangana bagya | barangkarya tulus | Kurantil sèrèn tinampèn | wuku Tolu Dite Kaliwon marêngi | ala aja lulungan ||
35. Nandur pala-brungkah tulus bêcik | Soma Manis rahayu nandura | pala-brungkah dadi wohe | Anggara Paing iku | barangkarya datan prayogi | turunning taragnyana | tuju miwah têluh | ngadhang aywa lunga-lunga | Buda Êpon rahayu sabarang kardi | Rêspati Wage bagya||
36. Mumundhuta padha suka sami | lan salamêt ana ing dadalan | gantya Sukra Kaliwonne | rahayu tuhu tulus | ingkang urip ing Tumpak Lêgi | rahayu nambanana | sakit bisa mantun | kalawan pitulunging Hyang | mangkya wuku Tolu sèrèn dèntampani | Gumbrêg kadangnya mudha ||

44. Sinom
1. Gumbrêg Dite Paing ala | barangkarya tan prayogi | lunga kasêngkalèng paran | Soma Êpon ala ugi | ringkêl gulu sapalih | lungan kalaran nèng purug | Anggara Wage ala | nanging tuku iwèn bêcik | lan nambani wong edan pan bisa waras ||
2. Buda Kaliwon raharja | mamarangana prayogi | padha suka sugih sanak | ing ari Rêspati Manis | rahayu tur sayêkti | sabarang karyane èstu | lêlungan slamêt paran | Sukra Paing barang kardi | apan bêcik lulungan suka nèng paran ||
3. Tumpak Êpone raharja | sabarang karya utami | rijêki apan tumêka | bukti dhatêng amimbuhi | Gumbrêg sèrèn tinampi | Wrigalit Dite Wageku | ala nanging (m)bêbêdhat | bêburu antuk kang pinrih | Soma Kliwon rahayu amumundhuta ||
4. Padha suka ing paturan | (m)bubrah omah mèt guruning | omah apan bêcik uga | (ng)Gara Nis rahayu kardi | sumur akêbak warih | ing Buda Paing rahayu | barangkarya prayoga | bukti dhatêng wanti-wanti | padha suka ing Rêspati Pon pan ala ||
5. Ywa lunga lan aja lena | pangadhangan satru sêkti | ing Sukra Wage raharja | salamêt kapanggih urip | alulunganna bêcik | Tumpak Kliwon ala ayu | nanging lêkasa tarak | olèh cahya anêlahi | lan sabarang karêp sayêkti katêkan ||
6. Wriga-lit sèrèn tinampan | Wariga-gung Dite Lêgi | rahayu karyaa tumbal | susuwuk ama sakalir | karya susuk prayogi | miwah karya tumbakipun | Soma Paing raharja | mumundhut suka lêstari | anèng paran angguntur wisma prayoga ||
7. Anggara Êpon raharja | amasanga sisirêping | ing sakèhing wisa-wisa | lan sakèhing maling sêkti | tan tumamèng sirèki | karya tumbal apikantuk | Buda Wage raharja | akaryaa sumur bêcik | lan sabarang karya iku bêcik uga ||
8. Ing Rêspati Kliwon ala | pangadhanging satru sêkti | dèn prayitna aywa lena | Sukra Nis rahayu yêkti | sabarang karya bêcik | lulungan suka ing puruk | Tumpak Paing raharja | prayogi suwita maring | ing wong agung antuk asih myang kawiryan ||
9. Wrigagung sèrèn tinampan | ingkang wuku Julungwangi | Dite Pon ala sabarang | -karya aja lungan kaki | Soma Wage basuki | dum-duman dunya pakantuk | palane kinèdhêpan | Anggara Kliwon tan bêcik | aja lunga kasangkala gring nèng dalan ||
10. Sabarang kang padha nyawa | iku dadi sangkalèki | Buda Nis bêcik nandura | pisang palakirna dadi | myang rangkat iku bêcik | Rêspati Paing rahayu | masang tumbal wurungan | karya wêlah iku bêcik | Sukra Êpon rahayu sasolahira ||
11. Lungaa nanagih utang | tan asuwe nuli olih | kang katêkan padha suka | Tumpak Wage tan prayogi | barang karya tan bêcik | uwas-pangantèn rannipun | sèrèn kang julungsêkar | wuku Sungsang ingkang tampi | Dite Kliwon ala aja alulungan ||
12. Kalaran ana ing marga | nèng paran amanggih isin | Soma Manis gawe tumbal | -ling omah lan sabin bêcik | tuna kang mrih tan bêcik | [...Kirang satunggal gatra: 8u..] | nyanjataa mèt mina | ringkêling buron sakalir | Buda Êpon rahayu sabarang karya ||
13. Lulunganna sukèng paran | Rêspati Wage prayogi | arangkatta bêcik uga | sanake pracaya sami | Sukra Kaliwon bêcik | yèn rare lair puniku | ana rijêkinira | Tumpak Lêgi tan prayogi | luwih ala alaning kang barangkarya ||
14. Sungsang sèrèn tinampènan | Galungan ing Dite Paing | ala ing sabarangkarya | nanging pasang tutumballing | wurunging sirêp bêcik | Soma Êpon ambuburu | olèh buron akathah | Anggara Wage maringi | marang pêkir bêcik ing pandonganira ||
15. Buda Kaliwon raharja | lêkas tarak antuk idi | arangkatta bêcik uga | Rêspati Nis ala bêcik| lungan datan prayogi | kasêngkala nèng dêlanggung | ngunggahna pantun marang | ing lumbung ingkang prayogi | Sukra Paing luwih bêcik tur utama ||
16. Lulunganna sukèng paran | barang karêpira olih | Tumpak Êpon ngulatana | wong minggat tan suwe panggih | Galungan wus tinampi | Kuningan Dite Wageku | rahayu udan êmas | lamun ana rare lair | asugiyan tur wruh marang ing kêkadang ||
17. Soma Kaliwon raharja | anambanana wong elik | dadi atut apês kuwat | ngupaya pangan prayogi | (ng)Gara Nis nagih olih |
Buda Paing ngupayèku | wong minggat aglis panggya | Rêspati Pon ala yêkti | Sukra Wage kang prayoga macak tumbal ||
18. Keringan yèn ana aprang | liyèku kabèh tan bêcik | Tumpak Kaliwon raharja | nagiha utang pakolih | Kuningan wis tinampi | Langkir Dite Nis rahayu | nanandura sabarang | bisa bukti uwohnèki | Soma Paing rahayu yèn ana bocah ||
19. Lair ana rijêkinya | lungan rijêki (n)dhatêngi | Anggara Êpon raharja | lungan rijêkine nganti | lan ingadhangan bukti | lare lair apikantuk | ana sandhange benjang | ing Buda Wage basuki | alêkassa tarak antuk cahya mulya ||
20. Antuk idi katarima | Rêspati Kliwon basuki | ngurit wiji lêkassana | bêcik myang tulus ing wuri | Sukra Manis basuki | mamarangana pakantuk | anandur pala bungkrah | Tumpak Painge basuki | padha suka bungah amamarangana ||
21. Langkir sinèrènkên marang | Mandhasiya ingkang tampi | Dite Êpon ala aywa | kelangan iku marêngi | kèh satru angadhangi | Soma Wagene rahayu | gawe wisaya mina | jala sèsèr jaring slundhit | miwah krakat iku watêke sêrêppan ||
22. Anggara Kaliwon ala | pangadhangan satru sêkti | dèn prayitna aja lunga | Budane Manis prayogi | mêmundhut padha olih | (ng)guntura omah rahayu | Rêspati Paing karya | mumundhuta padha olih | Sukra Êpon rahayu karya bêndungan ||
23. Bisa pêpêt kaduluran | Êsri lan pasanjan bêcik | Tumpake Wage kaliwat | bêcik kukuh dènajrihi | marangana pan bêcik | padha suka ing tyassipun | yèn atintrim mungsuhnya | Mandhasiyane gumanti | Julungpujud Dite Kaliwon raharja ||
24. Gawe pawong mitra lawan | (ng)guguru bêcik lan asih | Soma Manisse raharja | ngupaya istri glis olih | (ng)Gara Paing basuki | lungan na rijêkinipun | padha ngadhang tur suka | barangkarya antuk bukti | Buda Êpon raharja sabarangkarya ||
25. Rêspatine Wage ala | barang karya tan prayogi | aja lunga nêmu kala | Sukra Kaliwon tan bêcik | sabarang sêdyanèki | lulungan ala kalangkung | Tumpak Lêgi raharja | angunggahna pari maring | lumbung bêrkat Julungpujut sèrèn marang ||
26. Pahang Dite Paing ala | aja lungan yèn nglampahi | lungan katiban ing tangan | Soma Êpon ala ugi | ywa lulungan sirèki | Anggara Wage winuwus | ala ywa lunga-lunga | kalaran nèng papan yêkti | Buda Kliwon raharja sabarangkarya ||
27. Awiwit sawah prayoga | Rêspati Manis basuki | ngupayaa pêksi gangsar | Sukra Painge kaluwih | ala ywa lungan pêsthi | ana ing marga tinêluh | nging bêcik (ng)guntur omah | Tumpake Êpon basuki | nambanana ing wong lara dadi waras ||
28. Pahang sèrèn wus tinampan | Kruwêlut Dite Wage-ki | uwas-pangantèn ing paran | nanging masang tutumballing | wurungan blai bêcik | Soma Kaliwon raharja | mamarangana yogya | mêtu dunya-palanèki | (ng)Gara Manis ala aja lunga-lunga ||
29. Kalaran agêng tinêmah | Buda Paing ala ugi | sadina ywa lunga-lunga | Rêspati Êpon basuki | mumundhut suka olih | angguntur omah sarêju | Sukra Wage masanga | tumbal wurungan abêcik | tan tumêka kang samya asêdya ala ||
30. Tumpak Kaliwonne ala | nanging gawe wêlah bêcik | banjur age pinasanga | Kruwêlut sèrèn tinampi | Marakèh Dite Lêgi | rahayu yogya nanandur | pala kalawan bungkrah | Soma Paing ayu ugi | barangkarya (ng)guntura omah prayoga ||
31. Anggara Pon aja lunga | nèng paran kataman sakit | Buda Wagene raharja | sabarang karyane bêcik | mung lungan ala yêkti | uring-uringên nèng purug | Rêspati Kliwon arja | mumundhuta suka olih | nambanana wong lara anulya waras ||
32. Sukra Lêgi kang prayoga | masanga barang-piranti | gajêg luwang sèsèr jala | sapanunggalane bêcik | Tumpak Paing basuki | lulungan slamêt nèng purug | Marakèh sèrèn marang | wuku Tambir ingkang tampi | Dite Êpon ala aja lunga-lunga ||
33. Manggih kala wêwatêgnya | Somane Wage basuki | lulungan na bêgjanira | rawuh ing sadina mangkin | (ng)Gara Kasih basuki | nandura pala-gumantung | andadi uwohira | Buda Nis ala ywa nganti | lunga tinut wingking sagunging lêlara ||
34. Rêspati Paing raharja | lêkas ngurit gadhu bêcik | Sukra pon rahayu lungan | sinung pêpak rijêkining | Tumpak Wage utami | purnama siddhi rannipun | barang karya prayoga | wuku Tambir sèrèn maring | Madhangkungan Dite Kaliwon atampa ||
35. Masanga tumbal wurungan | sisirêp datan prayogi | kang samya asêdya ala | Soma Nis rahayu yêkti | angunggahêna pari | mring lumbung brêkat kalangkung | (ng)Gara Paing prayoga | masang tumbal tumbak bêcik | Buda Êpon ala ing sabarangkarya ||
36. Pitnah têka ambêbeda | ujar dènajarkên yêkti | Rêspati Wage raharja | lulunganna aprayogi | angadhang anèng margi | Sukra Kliwon ala amung | angadonana upas | iku pasthi bisa mandi | Tumpak Lêgi rahayune datan pêgat ||

45. Mêgatruh
1. Amundhuta padha suka lamun (ng)guntur | omah kalangkung prayogi | Madhangkungan sèrèn gupuh | mring Maktal ing Dite Paing | ala lungan kaprêk lumpoh||
2. Soma Êpon ala bêcik têgêsipun | madya (ng)Gara Wage-nèki | ala ywa lunga puniku | satogalak angadhangi | Buda Kliwon karahayon ||
3. Amamarangana padha sukanipun | akèh pialanirèki | Rêspati Manis rahayu | sabarangkarya ananging | lulungan wêkasan awon ||
4. Sukra Paing ala ywa lungan sirèku | tukaran ana ing margi | Tumpak Êponne rahayu | mamarangana utami | padha suka trusing batos ||
5. Maktal sèrèn tinampèn ing Wuye wuku | Dite Wage amarêngi | karya padha sukèng kalbu | mitoni lare prayogi | Soma Kliwon langkung awon ||
6. Ywa lulungan nèng paran wirang tinêmu | Anggara Manis abêcik | barang karya anênandur| pala-pêndhêm aglis (m)bukti | Buda Paing karahayon ||
7. Anggaweya sèsèr jala srêpan antuk | Rêspatine Êpon bêcik | lungan na rêjêkinipun | Sukra Wage ayu yêkti | ngadoni upas pitados ||
8. Tumpak Kliwon rahayu karyaa iku | ragi kaduluran manis | Wuye sinèrèn kêtampun | mring Manail Dite Manis | uwas pangantèn pan awon ||
9. Nanging anjaringa pêksi aglis antuk | Soma Painge basuki | alulunganna pakantuk | suka kang sira parani | nandur kêmbang pulu dados ||
10. Anggara Pon alulungan tan pakantuk | Buda Wagene basuki | suka sugih ngupayèku | sandhang nandur cikal bêcik | Rêspati Kaliwon awon ||
11. Ywa lulungan Sukra Manisse rahayu | ana rêjêki anganti | nèng marga tan tara dangu | Tumpak Paing ayu kardi | ing sabarang rêna yêktos ||
12. Anandura bêcik miwah gêlis subur | Manail sèrèn tinampi | Prangbakat Dite Pon iku | ala lungan nêmu gêring | Soma Wage ayu rawoh ||
13. Ing rêjêki rare lair sugih èstu | Anggara Kasih tan bêcik | aja lungan kandhêg dlanggung | kêna ing gêgêring nanging | ana bêcike ngundhuh woh ||
14. Buda Manis rahayu ngunggahna pantun | marang lumbung ambêrkati | Rêspati Paing alèstu | ywa lulungan pangadhanging | satru dèn prayitnèng kewoh ||
15. Sukra Êpon ala lunga rogèng purug | Tumpake Wage basuki | ana bêgja agêng rawuh | lunga têmu kang kinapti | Prangbakat wus sèrèn gupoh ||
16. Tinampèn ing Bala Dite Kliwon ayu | rahmat agêng andhatêngi | ngulatti wong glis kêtêmu | Soma Nis rahayu ugi | lungana bêgja glis rawoh ||
17. (ng)Gara Paing karya wisaya pakantuk | Buda Pon lunga prayogi | ana bêgja ngadhang dlanggung | Rêspati Wage akardi | sumur bêcik tan rêkaos ||
18. Amamarangana padha sukanipun | lawan barangkarya bêcik | Sukra Kliwon ala tuhu | aywa lungan pangadhanging | satru dèn angatos-atos ||
19. Tumpak Lêgi lungan nèng paran rahayu | Bala sèrèn Wugu tampi | Dite Paing ala èstu | ywa lungan nèng paran agring | myang katêkan pitnah kaot ||
20. Soma Êpon rahayu lulungan sarju | ana bêgja ngadhang margi | miwah glis praptaning purug | Anggara Wage prayogi | lêkas ngurit wiji manggon ||
21. Gêlis mangan uwohe ingkang tinandur | Buda Kliwon ala yêkti | pangadhangane kang satru | kêna tan bisa malêssi | Rêspati Manis pitados ||
22. Bêcik padha ananandur pasthi tulus | Sukra Paing rahayu-di | mamarangana sarêju | karya sumur kêbak warih | lungan bêcik sukèng ngênggon ||
23. Tumpak Êpon rahayu mumundhut (ng)guntur | omah lungan kabèh bêcik | Wugu sèrèn wus sinambut | Wayang Dite Wage ari | bêcik barangkaryaning wong ||
24. Nanging êsok doracara datan tuhu | Soma Kliwon ala ywa nis | satêmah agring nèng purug | ana kala ngadhang margi | (ng)Gara Manis karahayon ||
25. Lulunganna ana bukti ngadhang dlanggung | kalawan kapanggih Êsri | nanging taliwangke nuju | Buda Paing barangkardi | bêcik nanging lungan awon ||
26. Rêspati Pon rahayu barang karyèku | lulunganna ana bukti | ngadhang marga datan dangu| Sukra Wage ala yêkti | lungan kalaran ing pondhok ||
27. Tumpak Kliwon ala sabarang karyèku | nanging masang tunggal bêcik | Wayang sèrèn mring Kulawu | ri Dite Manis basuki | bêcik tuku iwèn babon ||
28. Anambani lara dadi warassipun | Soma Paing aprayogi | ngusadani saliripun | sasakit muliya jati | lawan istijab sayêktos ||
29. Anggara Pon aja lulungan saèstu | katêkan ingkang sasakit | Buda Wage ala lamun | lungan satru angadhangi | nging mèt mitra sae yêktos ||
30. Suka sugih Rêspati Kliwon alèstu | ponang satru angadhangi | kêna tanpa malês ambruk | Sukra Nis rahayu luwih | bêcik ananandur dados ||
31. Tumpak Paing bêcik barang pakaryèku | lulungan salamêt ugi | Kulawu sèrèn mring Dhukut | Dite Pon rahayu bêcik | tutukuwa sapi kêbo ||
32. Soma Wage rahayu rijêki suguh | karya lair darbe bukti | Anggara Kasih tan ayu | ywa lunga-lunga sing panti | Buda Manis karahayon ||
33. Mumundhuta padha suka wah pikantuk | aguntur omah basuki | Rêspati Paing rahayu | ing sabarangkarya bêcik | amamarangana dados ||
34. Sukra Êpon rahayu wong tani iku | padha witta ngurit bêcik | akèh bangêt parinipun | Tumpak Wage ala kardi | aywa lunga-lunga awon ||
35. Dhukut sèrèn tinampan ing Watugunung | Dite Kaliwon mungkassi | aywa tuku suku catur | kêbênêran lawan bêcik | Soma Nis rahayu yêktos ||
36. Alêkassa ngurit pantun yêkti tulus | (ng)Gara Paing ala yêkti | ywa lunga gring anèng purug | Buda Êpon ala ugi | ywa lungan kasangsayèng (n)don ||
37. Krana-bumi pipitu aran puniku | Rêspati Wage basuki | lulungan slamêt ing purug | lare lair aprayogi | sandhang panganne dumrunoh ||
38. Sukra Kliwon ala ywa lungan sirèku | anèng paran antuk agring | lare lair tan pakantuk | gêringan sungkanan yêkti | Tumpak Manis karahayon ||
39. Ing sabarangkarya bêcik ananandur | pala kabrungkah mêtoni | lah iku pathokaningsun | anak putu ingkang apti | pucung tatanya maring ngong ||

46. Pocung
1. Jayèngrêsmi dahat pangunguning kalbu | atul ing petangan | tan ana ingkang katalip | sang awiku wus tan mawi pêpèngêtan ||
2. Papannipun dumunung sajroning kalbu | tulise èngêtan | ginusthi raina wêngi | winimbuhan pinuja pininta ing Hyang ||
3. Mila tamtu ing sabda tan amarucut | wasana ris turnya | hèh risang tuhu utami | ing tyas ulun sakalangkung sukarêna ||
4. Myarsa tutur ari wuku dhaupipun | sanggyaning pakaryan | awon pênêd kacêtha ring | tan (m)barojol sudibyaning jalma tama ||
5. Sang awiku langkung sukarênèng kalbu | aris angandika | pedahe mahas ngasêpi | waspadèng tyas mêlêng barang kang sinêdya ||
6. Ana maning dadi paraboting mau | lah kawikanana | lakuning naga myang jati | -ngarang rijal manggon nèng keblat sakawan ||
7. Sabên têlung sasi ngalih ênggonipun | puputing sawarsa | bali manggon kala wiwit | tinumbukkên lan sasi agama Islam ||
8. Awit sasi Sura Sapar têkan Mulud | jatingarang wetan | sirah naga manggonnèki | êlor-wetan pêthite ana ing têngah ||
9. Wêtêng anèng êlor-kulon gya dumunung | gigir kidul-wetan | mangetan dènnya ngalirik | rijal êlor jangkêp tri-sasi tinampan ||
10. Ing Rabingulakir Madilawal myang Ju | -madilakir wulan | jatingarang manggèn aglis | kidul bênêr sirah naga kidul-wetan ||
11. Pêthit têngah wêtêng lor-wetan puniku | gigir dul-kulonnya | ngalirik mangulon nênggih | rijal wetan lêrês sèrèn wus tinampan ||
12. Rêjêb Ruwah kalawan Pasa sitèngsu | jatingarang manggyan | ing kulon sirah naga-di | ana kidul-kulon pêthit manggon têngah ||
13. Wêtêng kidul-wetan gigir manggonipun | lor-kulon punika | ngalirik mangulon nênggih | rijal anèng kidul lêrês sèrèn marang ||
14. Sawal Êdul-kangidah Bêsar sitangsu | jatingarang manggyan | ing lor de sirah naganing | êlor-kulon pêthit têngah manggonnira ||
15. Wêtêngipun anèng kidul-kulon nênggih | gigir êlor-wetan | angalirik wetan ugi | rijal ana ing kulon pungkasannira ||
16. Ngalih panti nyingkirana manggonnipun | naga jatingarang | mung iku tan ana maning | kawruhingsun nanging rèhning wus alama ||
17. Kaya-kaya wus sayah gyanngong tumuwuh | bab ing kasampurnan | sumendhe karsaning Widdhi | durung lawas ana wisiking Jawata ||
18. Ujaripun Singgunkara sira besuk | katêkan ngulama | cacaloning oliya-di | iku ingkang pituduh sampurnèng pêjah ||
19. Sira manjing agamane Kangjêng Rasul | Islam tur ginanjar | kamulyan tan owah gingsir | tikêl sèwu kamulyan nikmating dunya ||
20. Hèh ta bagus muga asiya maring sun | asunga pitêdah | mungguh sampurnaning pati | anut marang agama ingkang minulya ||
21. Dyan tumanduk radyan nyêpêng astanipun | rêsi Singgunkara | winêjang Sahadat kalih | purna jati ingikêt têlênging driya ||
22. Mahawiku alon pangandikanipun | Jayèngrêsmi sira | asung sampurnaning lalis | apranyata cacaloning aoliya ||
23. Ingsun tutur kulup marang ing sirèku | ing têmbe katêkan | kang dadya sêdyanirèki | adoh neya katêmu lan kadangira ||
24. Pancaddane saka ing Karang argagung | kang dhêdhepok Karang | Sèh Ibrahim Ibnu Bakrim | ya Ki Agêng Karang satuhu utama ||
25. Sarwa putus patakon tan ana wangsul | lah pruhitanana | gugunên satuturnèki | wusing tampa samoaning wulangira ||
26. Sira banjur maranga karajan agung | aran Wanamarta | pradikan kalangkung alim | darbe suta wanodya yu tanpa sama ||
27. Lamun sira dhinaupkên lan sang ayu | poma lakonana | sawuse sira akrami | pan ing kono wus cêdhak lan sêdyanira ||
28. Nêngna atus pangandikanya sang wiku | musna tan katingal | sampurna saraganèki | yata wau rahadyan kantun anggana ||
29. Gandrung-gandrung lam-lammên wiraosipun | rahadyan ngandika | Gathak Gathuk uwus lami | anèng Cêrme payo padha nuli linggar ||
30. Wus tumurun marang marga lampahipun | kusuma-di panjrah | pratishèng hawaning wukir | pinarwasa maruta gandanya ngambar ||
31. Angênani ing tyasnya sang anahên kung | sangking Cêrme arga | ngalèr-ngilèn turut wukir | wus angancik sukune ardi Tampomas ||
32. Talatahing Priyangan Pasundhan Bandhung | manjat ing Tampomas | anon masjid tunggul asri | kinubêng ing balumbang tinunggul sela ||
33. Kitri taun ngubêngi capurinipun | ron ijêm ngrêmbaka | lagya tumaruna sami | wênèh sêkar karuk pêntil nyadham tuwa ||
34. Kang dhêdhepok Sèh Trênggana wus linuhung | têngah tuwuh lagya | barêgas sêngsêm ing ngèlmi | garwanira Ni Kèn Sitarêsmi raras ||
35. Warna luhung pasaja sasolahipun | yèn siyaga endah | bombrong bae amrakati | darbe putra wanodya sampun diwasa ||
36. Sinung aran rara Ruhkanti linuhung | luwês pamicara | sèdhêt dêdêge raspati | ayu tama kang anon yuda kanaka ||

47. Pangkur
1. Sangking endahing kang warna | sariranya jênar abêngkle kêris | mula karannya sang ayu | mupakat Rara Êmas | pra sudagar miwah pangagênging dhusun | kathah kang ngayunkên marang | Rara Êmas dining wukir ||
2. Nanging sang dyah datan arsa | lagya sêngsêm birahi srengat Nabi | datan sah dènnira (n)darus | Kur'an amaos kitab | sru ngibadah tan towong bêkti Hyang Agung | sisirih sunat puwasa | bèlsiwat myang Sênèn Kêmis ||
3. Sèh Trênggana myang Rubiyah | Rara Êmas sabakdaning Ngasêr-i | anèng plataran ngungundhuh | kalampok maja-ganda | kêpêl manggis jêruk kêprok langsêp dhuku | kagyat santrinya tur wikan | kidul-wetan suku wukir ||
4. Wontên dhatêngan têtiga | kang satunggal warnanya langkung pêkik | wênês cahyanya umancur | antêng sêmu dyatmika | ingkang kalih rare kintên rencangipun | Sèh Trênggana duk miyarsa | ature santrinirèki ||
5. Ngandika lon marang garwa | Sitarêsmi cacawissa kang bêcik | sunggata saananipun | lan wisma gêlarana | papatutên ingkang sawatara mungguh | manawa kang nêmbe prapta | ing mêngko kaparêng mampir ||
6. Rara sira ngladènana | garwa putra sandika aturnèki | mundur mring wisma agupuh | ngrêrakit pasunggata | tan antara dangu sadaya wus ramut | Sèh Trênggana wus tumêdhak | marang ing sukuning wukir ||
7. Kapang-kapang uluksalam | radyan kagyat tanggap dènnya mangsuli | mualaikum salamu | tundhuk ajawat tangan | Sèh Trênggana alon pangandikanipun | saking rêsêping tyasingwang| jêbèng sira aja krami ||
8. Marang jênênge pun bapa | mrih rumakêt datan na walangati | padha bêcik sarawuhmu | paran ta kang sinambat | lan ing ngêndi pinangkanira wong bagus | mring êndi kang sira sêdya | pun bapa têmbe udani ||
9. Rahadyan osiking driya | rada wantêr wong iki kaduk manis | pasaja luwês ing têmbung | wasana angandika | pandangunta rama ing kakasih ulun | Jayèngrêsmi sangka praja | Sokaraja ardi Giri ||
10. Grêsik tlatah Surapringga | atmajane Suhunan Prapèn Giri | lagya nglampahi ragèngsun | karsane Kang Misesa | sru kasrakat
tan ana sinêdyèng kayun | sênêng sumêngkèng ngaldaka | marang (ng)gyan kang sêpi-sêpi ||
11. Sèh Trênggana nulya nabda | iya kulup ajwa (n)dêdawa pikir | balik dhangana ing tyasmu| kampir ing wisma amba | kêtêmua bibèkmu lawan adhimu | anakku wadon sajuga | rara Ruhkanti wawangi ||
12. Dangu radyan tan ngandika | Sèh Trênggana mèsêm ngandika aris | aja wagugên ing kalbu | rèh ulun asung wikan | anak wadon tyasmu yèn andakwa ingsun | karsamu mampir jalaran | katarik saka pawèstri ||
13. Iku jêbèng nora watak | radyan matur dahat lêngganèng kapti | wus kerit ing lampahipun | Gathak Gathuk nèng wuntat | gèdhèg-gèdhèg myarsa sabdanya sang wiku | iki si wong aprasaja | tatas têtêg apratitis ||
14. Babasan (n)jaring pawana | lampahira uwus tumamèng panti | lênggah glaran batu alus | ki dalêm angandika | kang sakeca kulup (ng)gonnira alungguh | anggêpên wisma priyangga | (n)dhêku Radèn Jayèngrêsmi ||
15. Garwa putra tinimbalan | praptèng ngarsa sang rêsi ngandika ris | Sitarêsmi wruhanamu | iku atmaja Sunan | Giri Prapèn Jayèngrêsmi kasihipun | mêngko ingsun ambil suta | dadi kadange Ruhkanti ||
16. Mara asunga pambagya | Sitarêsmi pangandikanya manis | padha bêcik sira kulup | prapta ing ngarsaningwang | radyan matur jêng bibi pangèstunipun | rara Ruhkanti sung bagya | kakang katuran basuki ||
17. Iya rara sun tarima | pambagemu marang ing jênêng mami | Sèh Trênggana ngandika rum| Rubiyah sunggatanta | pangêsêsan tapsirih pateyanipun | ywa kari kang nyênyamikan | iki sêlak wêktu Mahrib ||
18. Sunggata luamadyèng ngarsa | apikantuk dènnira angrêsêpi | wus manjing ing Mahrib wêktu | Sèh Trênggana ngandika | payo kulup mring masjid sêdhênge waktu | linggar sangking padalêman | samya ngambil toyastuti ||
19. Tan winarna dènnya wêkdal | bakda Ngisa wangsul mring dalêm malih | wus rinakit dhahar sêkul | sangkêp jangan myang ulam | Nikèn Sitarêsmi aris matur kakung | (ng)gyan ulun sudhiya dhahar | punika sampun cumawis ||
20. Nulya dhahar langkung rahab | Kèn Ruhkanti ingkang anglêladossi | wus dumugi (ng)gènnya kêmbul | linorodakên sigra | maring Gathak Gathuk samya angathêkul | dhasar wus lami tan nadhah | dhaharan lumadyèng ngarsi ||
21. Sangkêp sanggyaning woh-wohan | rêsêping tyas risang ingakên siwi | Sèh Trênggana ngandika rum | kulup paran ing karsa | apa aso utawa isih sarêju | lalênggahan anèng wisma | rahadyan umatur aris ||
22. Kajawi karsanya rama | maksih eca pinarak anèng panti | sambèn ginêm kang pakantuk | ulun aminta barkah | dimèn ing tyas aywa manggung wayang-wuyung | Sèh Trênggana sru karênan | pangandikanira aris ||
23. Apa ing patanyanira | mêngko ingsun jawab ingkang patitis | ngangge wawangsalan mungguh | dimènne aywa kêmba | payo kulup aywa wawang marang ingsun | rama paran urip para | jawabên ingkang patitis ||
24. Lae-lae gudhe pandhak | dhuh-dhuh anggèr nagrinya ing Kuranji | uripira iku kulup | tan mawi paran-paran | puspa ranu wit namaning bujangga gung | uripira kadya sêkar | tunjung tan salaga kaki ||
25. Ngêndi (ng)goning Pangeranta | brêkukut gung pêtis cinandu lêtih | kang angucap mring sirèku | sapa (n)dadèkkên para | paksi kardha putra nata Ngayodyèku | sêdya bakal dadya lawan | dhèwèkira wong ngasigit ||
26. Sapa kang molahkên para | minangkara sring apus gita sami | lae-lae osikingsun | wisesa tanpa krana | lah ing êndi pinangkanira puniku | ingsun saka Sawosêmpal | wismane Hyang Bagaspati ||
27. Saking nora mulaningwang | dadi ana tumitah (n)donya iki | lamun rama praptèng lampus | mring ngêndi parannira | tapas arèn tala pindha buntalèku | ulih marang awaluya | kaya duk noranirèki ||
28. Jroning pati manggih apa | kunir pita putra ing Janggala sri | jroning pati iku kulup | tan nêmu paran-paran | kaya paran rama sadatira iku | guladrawa prabu-yêksa | purubaya sadat mami ||
29. Tuli bisu lawan wuta | datan pêgat dènnira acariwis | ngêndi (ng)gonne Hyang Suksmèku| tirta-prana pratala | kênèng swara ananing Hyang tanpa nglindhung | ana ing sajroning cipta | kèh katungkul tatakrami ||
30. Hèh ta kulup prana-dina | angun-angun anata praja adi | wus lali jiwa kasaput | ing gunggunging asmara | asmarane tansah gawe wigênèku | babo kulup parangmuka | sela ginênia rèki ||
31. Lae-lae pujinira | akalurung tambuh parannya yêkti | poma-poma ywa katungkul | sêmbahira kang nyata | carma-leka kajungan martalayèstu | gurayang tambuh dènsêmbah | kulup iku tan patitis ||
32. Ngêndi ênggon kang tan mêdal | margaina mara jawabên aglis | Wisangkara putraningsun| gêbang paniwêr wana | kang durung wruh akèh ujar kang karungu | lamun iku kababara | benjang rama ulun ngabdi ||
33. Kulup guguywaning rasa | poma kaki aywa asalah tampi | pranalapa wanita yu | sêdhêp angganda prana | lamun (m)babar wacana tanpa karyèku | babo-babo jambu-alas | jêmpana mung dyah ingèsthi ||
34. Kapok mitra wong tan lana | puspalulut gunung malang Wêlèri | pêgat sihe nora tuhu | kulup wacananira | rama apa kurang ing prabèyaningsun | sêtyanana lamun cidra | wacana kang wus kawijil ||
35. Kadya paran uningakna | pudhak-cêngkal palastraning narpati | Sang Arjuna Sasrabahu | kalamun kababara | mara dhewe kang kawudan iku kulup | wau sawusing ngandika | Sèh Trênggana angêmasi ||
36. Radyan angrungkêpi gêpah | saha matur waspanira drês mijil | rama sira dene banjur | wafat tanpa karana | Sèh Trênggana musna tilar swara arum | tan mati namung kewala | ngalih panggonan sakawit ||

48. Asmaradana
1. Wau ta kang kari brangti | rahadyan myang garwa-putra | nahên gung-gunging prihatos | pinupus wus karsaning Hyang | papasthèn tan kêna-wah | wasana narimèng kalbu | sukur ing Allahu Akbar ||
2. Rara Ruhkanti prihatin | saya birai myang  Suksma | mindhak kêncêng ngibadahe | cacêgah myang pasa sunat | lumintu sabên wulan | mila sang dyah sakalangkung | mancur mèntèr ujwalanya ||
3. Nikèn Sitarêsmi tuwin | radyan langkung wlas ing driya | muhung miminta Hyang Manon | cêpaking kang jatukrama | antuk jodho utama | mangkana ri sang binagus | lami nèng Tampomas arga ||
4. Anuju sajuga ari | Nikèn Sitarêsmi lênggah | anèng èmpèr ingkang kilèn | putra kalih anèng ngarsa | rara Ruhkanti turnya | kakang paran dunungipun | ingkang kasapta martabat ||
5. Yogya kawruhana yayi | wong birai marang Suksma | ing martabat iku rêke | martabat sapta sadaya | puniku (ng)gènnya mundhak | tingalê wong arib têrus | paningalle maring Suksma ||
6. Akadiyat ingkang dhingin | kapindho martabat wahdat | wakidiyat ping têlune | kaping pate ngalam arwah | ngalam misal ping lima | ngalam ajêsan nêmipun | insan-kamil kaping sapta ||
7. Martabate insan-kamil | milane wontên ing wuntat | ênggone pakumpulane | martabat nênêm kang kocap | batinne iku iya | têtêlu kocap karuhun | laire ingkang sêkawan ||
8. Mangka akadiyat dhingin | ingaranan wujud mutlak | têgêse mutlak ta mangke | ora nyata sipatira | miwah ing asmanira | karanne mangkono iku | durung ana kanyataan ||
9. Ingaranan kun-ijati | têgêse kun ing punika | luhuring aluhur dhewe | dadi bingung ponang akal | tan ana ngawruhana | ing kun ine Hyang Ngaluhur | kandhêk sakathahing akal ||
10. Kang martabat wahdat singgih | ingaranan takyun ngawal | krana Hyang Agung karsane | nyatakakên awakira | kalawan ngèlmunira | mangka nyata ananipun | lan satêngah sipatira ||
11. Ingaranan suku Dat-ti | khakekat Mukamadiyah | têgêse suku Dat rêke | iku kalakuaning Dat | ênggone pakumpulan | ing ngèlmu ênggonne kumpul | lan sakèhing sipate Dat ||
12. Mangka wahkidiyat nênggih | takyun-sani namanira | karana iya Hyang Manon | nyatakakên dhèwèkira | sarta makluk sadaya | miwah lawan sipat ngèlmu | pan sampun apisah-pisah ||
13. Ingaranan akyat sabit | iku khakekat manungsa | têgêse akyat ta rêke | wus nyata kaananira | bumi langit kasapta | miwah kewan sampun wujud | anèng ngèlmune Pangeran ||
14. Têgêse manungsa iki | lali ing anane wadhak | sampun karêngkuh anane | ing wakitdira Hyang Suksma | dadya tan wruh ing rena | anging rêke ingkang wêruh | kaananira Hyang Suksma ||
15. Ingaran insan kakiki | karana ora apisah | kalawan Dating Hyang Manon | pan ananirèku Suksma | tan mêtu saking hiya | têtêp ana jroning ngèlmu | ing salawase punika ||
16. Mangka nyata ananèki | lawan sipatira pisan | insan kakiki namane | kalawan kang luwih nyata | karana insan ika | kanyataane Hyang Agung | kanyataan jatineka ||
17. Mangka alam arwah nênggih | kanyataane Hyang Suksma | karana iku Hyang Manon | anglairakên kang ana | ing dalêm ngèlmunira | (ng)gènning nyatakakên iku | ing ananing ngalam arwah ||
18. Mangka nyata ananèki | kalawan sakèhing sipat | miwah sakèhing asmane | kalawan kang luwih nyata | karana ngalam arwah | kang dadi gagêntinipun | Hyang Agung kang Maha Mulya ||
19. Ingaran Arwah sayêkti | nur wilayah arannira | karane nama mangkono | lair saking aibira| sanepa lare mêdal | sangking wêtênge kang ibu | lair warnane sadaya ||
20. Mangka ngalam misal ugi | karane ing ngalam misal | dene dadi upamane | kang têtêp ing ngèlmunira | lan nyata ananira | atanapi sipatipun | têtela ngalam ajêsan ||
21. Kang ngalam ajêsan nênggih | iya kanyataaning Hyang | karana iku Hyang Manon | nyatakakên ananira | têtela ngalam ajsan | andadèkakên Hyang Agung | ing anane ngalam ajsan ||
22. Mangkana ananing Widdhi | kalawan kang luwih nyata | têtela jisim anane | iku paesanning Suksma | paesan lair ika | yèku ananing Hyang Agung | paesan nyataning nyata ||
23. Mangka insan-kamil nênggih | ênggonne martabat sapta | nênggih kang aluhur rêke | titiga kang batin ika | la-takyun arannira | suku Dat ping kalihipun | ping tiga akyan sabitah ||
24. Martabat titiga lair | arwah misal lawan ajsan | têgêse ajsan mangkene | kandêl tipising kaanan | kang narima panduman | johar awal sipatipun | miwah apngal lawan mukdas ||
25. Ingaranan insal-kamil | milane aran mangkana  |  tan apisah kaanane | kalawan kaananing Hyang  | nyata ananing purba  | lan sipate Mahaluhur | nyata ing insan punika ||
26. Ingaran insan-basari | karane aran mangkana | bangsa jisim iku dene | kang kandêl lan tipisira | owah-owah ananya | karana anane iku | sangking Anasir sangkannya ||
27. Dene anasir anênggih | angin api lawan toya | lêbu punika papate | mulane bineda-beda | wawatêking manungsa | tan ana ingkang akumpul | sakawan datan anunggal ||
28. Watake anasir bumi | asor ing wawatêkira | banyu asrêp ing watake | kalawan asor punika| anasir angin ika | asrêp-angêt watêkipun | gêni watêke apanas ||
29. Kumpul kabèh watêknèki | ing manungsa kabèh ika | darapon angraosake | ing asrêp kalawan panas | nikmat lawan malarat | kang asor kalawan unggul | wawatêkaning manungsa ||
30. Pan wajibing para mukmin | angilowa kang wus kocap | karana iya bênêre | pangilon mukmin sadaya | kang nyata ing Hyang Suksma | ingaranan insan iku | kalawan kang luwih nyata ||
31. Ngandika Nabi sinêlir | sing sapa rêke tumingal | ing sawiji-wiji mangke | yèn tan ningali Hyang Suksma | batalling tingalira | siya-siya ing pandulu | tan angsal dènnya tumingal ||
32. Ing tingale wong kang arip | lêpas wong arip tingalnya | lir ningali wayang rêke | katon ki dhalang kang ana | dhalange pan wus ilang | pangucape dhalang iku | nyata ki dhalang kang ngucap ||
33. Anaa paesan nênggih | wujud kak punika nyata | kalawan suku Dat mangke | lan akyan-sabitah iya | ananing ngalam arwah | lan alam ajsan puniku | sarta Dat sipate pisan ||
34. Dèn bisa sira nampani | ing sakèhe crêmin ika | pan marga sampurna rêke | sakathahing auliya | sami kinèn nêtêppa | andikanira Hyang Agung | sami ngilowa paesan ||
35. Dene ta martabat sangking | ngalam jabarud punika | karana bingung wong akèh | ing sakèhe khak puniku | anyatakakên iya | ing kagungan Mahaluhur | dadia warna martabat ||
36. Mangkana rara Ruhkanti | dumêling dènnya miyarsa | ing raka pangandikane | lungguhe martabat sapta | suruping diwangkara | bibaran arêbut parlu | waktu Mahrib kadya saban ||
37. Sigêg gantya kang winarni | jêng sultan Carbon taruna | sampun amiyarsa wartos | sedanya sang panêmbahan | dhepok ardi Tampomas | tilar putra èstri luhung | ayu praktati utama ||
38. Papatihira tinuding | mring Tampomas mondhongana | ing garwa lawan putrane | cêkaking cariyos budhal | wus prapta ing Tampomas | panggya lan sang adiningrum | Sitarêsmi sung pambagya ||
39. Caraka binojakrami | nulya mêdharkên ing gita | sultan Carêbon karsane | Nikèn Sitarêsmi lingnya | paran rara karsanta | ywa nganti kaparan tutuh | di prasaja mring si biyang||
40. Nikèn Ruhkanti lingnya ris | pêjah gêsangku sumangga | (n)dhèrèk sakarsamu bae | miwah dhawuhe si kakang | sakarsa tan lênggana | pituduhe kadang sêpuh | sayêkti kanthi utama ||

49. Kinanthi
1. Myarsa ature kang sunu | wau Nikèn Sitarêsmi | waspa kumêmbêng karantan | èngêt raka kang wus swargi | wasana manis ngandika | mring putra Dyan Jayèngrêsmi ||
2. Babo paran putraningsun | kang dadya rêmbugirèki | ing karsane kangjêng sultan | ingsun lan arinirèki | sira ywa wagugên ing tyas | satuturmu dak lakoni ||
3. Radyan manêmbah umatur | dhuh bibi pupundhèn mami | kajawi karsa paduka | prayogi dipun lampahi | awit karsanipun sultan | tuhu nugrahaning Widdhi ||
4. Yèn pinarêng bêgjanipun | bokmanawi ambaboni | wong agung Carêbon praja | Nikèn Sita duk miyarsi | kamantyan rênaning driya | atur wangsulan mring patih ||
5. (n)Dhèrèk ing sakarsanipun | sampun pradandosan sami | sawusira asamêkta | rahadyan umatur malih | bibi nyuwun pangaksama | ulun tan sagêd umiring ||
6. Ayun (n)dumugèkkên kayun | amung atur ing pamuji | raharjaning kang sarira | ing dunya tumêkèng akir | Allah maringana iman | tinêbihna ing bilai ||
7. Nikèn Sita ngandika rum | mênggah-mênggah waspa mijil | kaki ing pandonganingwang | sinêmbadana Hyang Widdhi | radyan ngandika mring sang dyah | babo nini kadang mami ||
8. Ingsun nyangoni rahayu | winantu sakèhing puji | raina wêngi tan pêgat | kadyangganing toya mili | kasêmbadana sakarsa | lulus ing utama adi ||
9. Yèn sira winêngku kakung | ywa tilar lanjaran nguni | tatuladan kuna-kuna | Kadising Rasulolahi | kang amrih utamaning dyah | antuka sawarga adi ||
10. Kang wêkêl salaminipun | langgêng boya owah gingsir | budinên dipun sampurna | anyingkirana saliring | kang wus ingaranan cacat | tanduk tindaking pawèstri ||
11. Tan kurang tuladan luhung | anggon-anggoning pawèstri | jangji têmên linampahan | ingkang wus kasêbut tulis | anggung kang padha iyasa | yèn nganti tumêkèng nisthip ||
12. Nanging kudu wruh panuju | watêk kabênêran nini | ywa nganggo bênêr kewala | iku angèling dumadi | êmpan papan duga-duga | tangi turu aywa lali ||
13. Sang Dyah mangênjali matur | kakang dhawuhmu tak pundhi | datan luwih pangèstunta | muga bisaa nglakoni  | sadaya kang wus kawêdhar | tumancêpa sanubari ||
14. Lamun kakang èstu nglangut | aku (n)dhèrèkke basuki | iya yayi dak tarima | rahadyan ngandika maring | carakanira jêng sultan | nêdha sang anindyamantri ||
15. Cumanthaka canthèl atur | sêmbah sungkêm saha malih | titip rena miwah kadang | aywa kirang pangaksami | caraka (n)dhêku lingira | inggih anak ywa kuwatir ||
16. Samya sasalaman gupuh | rara Ruhkanti ngabêkti | gya bidhal sowang-sowangan | mangkya ing Tampomas wukir | ical sênêning prawata | lir êmbanan tanpa manik ||
17. Kacarita sang rêtnayu | praptaning Crêbon nagari | tan pantara laminira | pinundhut garwa padêmi | ing sultan Carêbon praja | ibu widada mong siwi ||
18. Wibawa wirya kalangkung | gantya wau kang winarni | Jayèngrêsmi Gathuk Gathak | udhunira sangking wukir | tansah mahawan ing arga | ing siyang dalu lumaris ||
19. Kèndêl kalanira wêktu | mangidul minggah ing wukir | Atunggul araning arga | nèng ngriku datan alami | ngalèr ngilèn ngambah arga | ing Tangkubanprau ardi ||
20. Mung tri ari gya tumurun | maring ing Buranggrang wukir | atanapi wukir Wayang | sapta ri gya mentar maring | ngalèr ngilèn anjog arga | Sanggabuwana ing nagri ||
21. Kêrawang kang sisih kidul | nèng kono amung tri ari | tumurun mangidul tlatah | Priyangan Pasundhan nagri | tansah mahawan ing arga | sru karênan umiyat ing ||
22. Asrining kang gunung-gunung | talatah ing Bandhung nagri | jurang sirung karungrungan| arga punthuk tinon wilis | mawèh rêsêping lumampah | sêngsêm sang kulinèng wukir ||
23. Ngênirkên sangsayèng laku | ayêm kang andon lumaris | wus manjat sukuning arga | Gêdhe ing Mandhalawangi | (n)dêdêr karsanya mring puncak | ing arga Mandhalawangi ||
24. Tan ana durgama ketung | lampahnya radyan lêstari | Gathak Gathuk tansèng wuntat | prapta ing lambunging wukir | anon dhukuh sri kawuryan | rahadyan umanjat malih ||
25. Praptèng pagagan sang luhung | pinanggih janma dhêdhangir | miwah amamatun gaga | rahadyan ngandika aris | kaki ulun atatanya | ingriki ran dhukuh pundi ||
26. Myang sintên pangagêngipun | ki dhangir tumênga angling | bagus ngriki raning dhêkah | anut namaning kang ardi | Mandhalawangi punika | dene kang dhêdhepok wukir ||
27. Ajar Suganda jujuluk | paduka kalamun apti | kapanggih lawan ki Ajar | kula tur uning rumiyin | rahadyan manis ngandika | wawi matura ki dhangir ||
28. Kèndêl dènnira mamatun | manggul pacul nyangking kudhi | nginthir mantuk mring patapan | lawan ki Ajar wus panggih | matur yèn wontên dhatêngan | janma tri sajuga sigit ||
29. Ki Ajar ngandikanipun | mara aturana aglis | papaculmu ulihêna | kang kinèn umentar aglis | nyangking kudhinya tarantang | praptèng pagagan wus panggih ||
30. Matur sumangga sang Bagus | kinèn laju kula irit | wus kèrit lampahnya radyan | Gathak Gathuk anèng wuri | Ki Ajar Suganda mapak | sungsung guyu asasanti ||
31. Nyawurakên arum-arum | ngigêl lir mêrak kêsimpir | wus tundhuk asta cinandhak | rahadyan tandya kinanthi | Gathak Gathuk suka mulat | dupi wus prapta ing panti ||
32. Linênggahakên ing salu | Ki Ajar wacana aris | teja-teja sulaksana | tejaning anyar kaèksi| ing ngêndi kanang pinangka | lan sapa sinambating sih ||
33. Rahadyan manis umatur | kula nama Jayèngrêsmi | sangking ing Giri Parapyan | ngupadosi kadang anis | jalêr Jayèngsari nama | kang èstri ran Rancangkapti ||
34. Ki Ajar dangu tan muwus | gèdhèg-gèdhèg ngandika ris | sira kulup dinarima | saka ing pangira mami | lawas enggale kapanggya | tur wus padha sinung luwih ||
35. Mungguh kang dadya sêdyamu | sira kulup marang ngêndi | rahadyan matur manêmbah | sêdyaulun dhatêng Kawis | ananging dèrèng uninga | nglantur (ng)gambuh ing pawarti ||

50. Gambuh
1. Ing Karang iku kulup | tlatah Bantên pungkas kulonipun | tanah Jawa wus tan ana nagri malih | ing kono ana wong luhung | sudibya ngèlmu kinaot ||
2. Alim oliya tuhu | amumpuni ing sakèhing ngèlmu | tan kuciwa apa sakarsaning janmi | darbe putra juga jalu | ibune tumêkèng layon ||
3. Wusing akir kang sunu | tansah dènnya mêmatiragèku | alêlana kongsi tumêka saiki | durung ana wartanipun | ulihe mring Karang dhepok ||
4. Elingku namanipun | Kyagêng Karang Sèh Ibrahim Ibnu | Abubakar asli saking nagri Aib | wus lawas (ng)gonne dumunung | anèng Karang adhêdhepok ||
5. Kapasang yoga kulup | karsanira marang Karang gunung | pruhitaa sayêkti langkung utami| nanging kulup aywa banjur | nyatakêna kandhaningong ||
6. Sidike kang linuhung | manêngkunga ana Salak gunung | têmbe sira wus tartamtu dènpondhongi | linuru marang sang luhung | binêkta mring Karang dhepok ||
7. Rahadyan lon umatur | bilih parêng karsanta sang wiku | ulun mangkat samangke mring Salak wukir | Ajar Suganda angguguk | iku ambêke wong anom ||
8. Tan mikir baya kewuh | sayêktine sira durung wêruh | nanging aywa dadi sumêlangmu kaki | aku kang ngêtêrkên besuk | kampir mring tilas karaton ||
9. Ing Pêjajaran kulup | mung angkate kudu ri panuju | ing petungan iladunine kang olih | rahadyan manis umatur | sakarsa ulun rumojong ||
10. Paranta etangipun | iladuni ing wawatonipun | Kyai Ajar Suganda ngandika aris | sajroning sêsasi iku | dina sapta winiraos ||
11. Upama tanggal nuju | ari Sukra kawite kaetung | Sukra siji raharja watêkirèki | Sukra kaping kalihipun | nuju satruning Hyang Manon ||
12. Sukra kang kaping têlu | manggih pati Sukra kaping catur | akèh ingkang samya sarju atitilik | Sukra kaping limanipun | raharja Tumpak ginantos ||
13. Tumpak sapisan iku | satruning Hyang Tumpak ping dwinipun | tuna luput Tumpak tri manggih prihatin | Tumpak ping catur rahayu | Tumpak kaping panca manggoh ||
14. Wahyu Dite winuwus | Dite ping sapisan tuna luput | Dite kaping dwi raharja Dite ping tri | manggih susah Dite catur | raharja sasolahing wong ||
15. Dite ping pancanipun | satruning Hyang gantya ri Somèku | Soma kaping sapisan tuna tan kenging | Soma kaping dwi rahayu | Soma ping tri susah manggoh ||
16. Soma kang kaping catur | raharjadi Soma ping limèku | manggih pati gantya Anggara winarni | Anggara ping pisan iku | satruning Allah sayêktos ||
17. Anggara dwi rahayu | kang Anggara kaping katrinipun | papêgatan Anggara ping caturnèki | raharja Anggaranipun | ping lima amanggih layon ||
18. Gantya ri Budanipun | Buda pisan manggih dosanipun | Buda kaping dwi raharja Buda ping tri | manggih pati Buda catur | raharja tan na wiraos ||
19. Buda ping limanipun | satruning Hyang gantya Rêspatèku | Rêspati kang sapisan amanggih tuni | Rêspati ping kalihipun | satruning Allah sayêktos ||
20. Rêspati tri rahayu | Rêspati kaping catur manggih ru | Rêspati kaping lima satruning Widdhi | wus kêmput dina pipitu | ri tanggal ètang sawiyos ||
21. Lamun (n)dhaupkên  sunu | luwih parlu miliya kang sarju | manggih ayu raharja akèh wong tilik | iku salah siji kulup | èstu datan walangatos ||
22. Rahadyan malih matur | wontên tiyang mayu griyanipun | nganthêng-nganthêng ngêntosi mangsa prayogi | kadi paran kang kinayun | têka mangsa kang dènantos ||
23. Sang wiku ngandika rum | wêwatêke mangsa kanggo mayu | awit Kasa tumêka Sadha-nirèki | dhewe-dhewe watêkipun | piyarsakna sun cariyos ||
24. Mangsa Kasa kang umur | patang puluh siji dina iku | nglamat pênêt warêdèn barang pakarti | salamêt sarta sarêju | mangsa Karo winiraos ||
25. Trilikur ari umur | ngalamate tukaran katêmpuh | pakewuh gung mangsa Katiga winarni | patlikur dina kang umur | ngalamat kobongan awon ||
26. Kamalingan kablurut | mangsa Kapat slawe dina umur | nglamat luwih bêcik tur dinunung ing Sri | lan rêjêki tur rahayu | wrêdèn anak jalu wadon ||
27. Mangsa kalima umur | pitulikur dina nglamatipun | sugih anak tur sinungan slamêt nênggih | mangsa Kanêm ingkang umur | pat puluh tri ari mangko ||
28. Ngalamat kadang karuh | akèh wèwèh kang mangsa Kapitu | padha umur patangpuluhtêlu ari | ngalamat kèh pakaryèku | akèh lulungan ingkang wong ||
29. Nèng wisma datan kaur | marga akèh prakara kang barung | mangsa wolu umure nêmlikur ari | nglamat tan na èstrinipun | utawa pêgat wis layon ||
30. Mangsa Kasanga umur | slawe ari de ngalamatipun | prihatinan kalongan sakalir-kalir | mangsa Kasadasa umur | patlikur ari kinaot ||
31. Ngalamat luwih ayu | ing sabarang sêdyanira rawuh | tur salamêt saanak rayatirèki | tulus kang sarwa tinandur | mangsa Dhêstha winiraos ||
32. Trilikur hari umur | ngalamate sangêt sangaripun | gêringan tur yèn roga tan antuk jampi | malah têkèng ajalipun | mangsa Saddha cinariyos ||
33. Umure patang puluh | siji ari de ngalamatipun | susahan tyas pisah lan batihirèki | êndi ta ingkang kinayun | pênêt awon wus kacriyos ||
34. Rahadyan aris matur | kang prayogi patut dipun ênut | mring raharja rèhning wênang nandhing milih | lamun nrajang kang tan arju | yèn tiwas kaparan tutoh ||
35. Nalika anon ulun | masjid Dêmak saka srambinipun | kajawine rarênggan pinatra asri | wontên sastra ungêlipun | Kori Roro Gawening Wong ||
36. Umpak kori lumêbu | ugi wontên sasêratanipun | mungêl Patra Kinarya Rupa Gêlapi | kadi paran kajêngipun | Ki Ajar mijil kang raos ||

51. Mijil
1. Iku kulup sangkalaning warsi | pangetungku mêngko | kori sanga loro lugu bae | gawe papat njupuk saka karti | wong watêke siji | dadi angka taun ||
2. Sèwu samas sangalikur kaki | de umpak kang ngisor | patra siji kinarya papate | rupa papat njupuk warna ugi | dadi papat malih | gêlap siji iku ||
3. Pangetungku umpake kang kori | nalikane dados | tahun sèwu patangatus luweh | patang puluh punjule sawiji | kulup ingsun mirit | candrasangkalèku ||
4. Radyan (n)dhêku sarwi matur aris | jatosana ingong | ingkang candrasangkala watêke | sang awiku angandika malih | kawruhana kaki | candrasangkalèku ||
5. Awit watêk sawiji têkaning | sapuluh wus maton | yèn sapuluh êdas panulise | utawa nul ingkang angarani | ingsun wêdhar kaki | lawan wardinipun ||
6. Watak siji rupa rupa yêkti | candra wulan kaot | sasi jangkêp lèk nabi wudêle | sasa lintang dhara wêtêng kaki | bumi lêmah iki | buddha iku luhung ||
7. Ronning godhong mèdi iku silit | iku buntut yêktos | dara pêksi dara sayêktine | janma uwong eka tuduh siji | wak badan sadêmi | suta anak tuhu ||
8. Siti lêmah wêdhèn de awani | akêndêl kinaot | wungkulan wutuh wulan wardine | wulan têmên niyat iku yêkti | tunggal kabèh lirring | watak ji sadarum ||
9. Gantya watak loro kang winarni | netra mripat karo | caksu iku suluhan netrane | nayana pan ulat têgêsnèki | sikara tangan-dwi | buja iku bau ||
10. Paksa uwang drasthi iku alis | ama pasu mangko | locana rang-uranging matane | kang carana têgês athi-athi | karna kuping kalih | karni iku sungu ||
11. Miwah têgês ambaning kang kuping | anêbah jinatos | talapukaning netra kaliye | kang talingan pangrunguning kuping | mata netra ugi | lèn tangan alugu ||
12. Lar atêgês wuluning suwiwi | anêmbah wot sinom | miwah mangabêkti ing têgêse | suku loro sikil karo kaki | gantya watak katri | kang winarnèng têmbung ||
13. Bahni gêni pandhe nambutkardi | pawaka nyrêmomong | gêni pucaking arga yêktine | siking upêt myang têkên kang wardi | guna iku gêni | agaran satuhu ||
14. Dahana tanpa sangkan kang gêni | trining rana tunon | miwah gêni paprangan wardine | uta lintah ujêl wêlut yêkti | anauti cacing | jatha iku siyung ||
15. Miwah gêni winadhahan kaki | weddha gêni pawon | miwah sêrat papakêm têgêse | nalagni gêni panasing ati | utawaka gêni | wong manggang puniku ||
16. Kayalenna balubuking gêni | punika jinatos | gêni diyan tiga têlu bae | kang uninga gêni obor kaki | gantya kang winarni | ingkang watak catur ||
17. Wedang banyu panas têgêsnèki | sagara ku babo | banyu ingkang ngidêri jagade | karti banyu sumur dene sukci | we padasan yêkti | jaladri liripun ||
18. Banyu rawa nadi banyu kali | hèr udaka manggon | sapucuking ancala wardine | nawa banyu adhêm ingkang wêning | samudra winardi | banyu têlêng iku ||
19. Jalanidhi we angêdhung kaki | waruna ing mangko | katêlah ing têmbung warni dene | têgês banyu sawangan toyadi | we jêmbangan yêkti | o ana toya truh ||
20. Waudadi wêrdine kakalih | we pancuran karo | we dèrèsan krambil lawan arèn | sindu banyu-susu dene warih | iku banyu krambil | de kang padon catur ||
21. Tasik sagara miwah awardi | ingkang banyu oyot | catur yuda keblat pat wardine | pat sakawan gantya kang winarni | watak lima kaki | kawruhana iku ||
22. Buta wil lanang kang siyung dening | Pandhawèku babo | atmajendra Pandhu tatalêre | gêtih otot ati kêtêg tuwin | pramana tanapi | mangsa kalimèku ||
23. Wisaya panggawe dene indri | bayuning kang panon | yaksa wil wadon mawa siyunge | sara landhêp maruta pan angin | ngirit ganda wangi | pawana ngin ribut ||
24. Gana wana gung margana angin | nèng dadalan manggon | samirana ngin ngilangkên riwe | warayang pan sanjata sayêkti | panca lima kaki | bayu têgêsipun ||
25. Angin kang manjing mêtu sayêkti | wisikan jinatos | wuruking bapa mardi lwiring rèh | gulingan angin mêtu jinêmrik | lima gangsal kaki | watak nêm winuwus ||
26. Masa mangsa nênêm sad rasêki | rasa nênêm manggon | winaya ranning mangsa kanême | miwah anggang-anggang iku kaki | gana tawon yêkti | de têgêsing rêtu ||
27. Awor miwah yêk-uyêkan kaki | anggas iku sato | bêr-ibêran myang kayu glinggange | oyag obah karêngya kapyarsi | rinêngga tanapi | kaupakarèku ||
28. Pangrarasing nêm ya pangrarasing | watak kanêm mangko | tahên iku kayu taun radèn | wrêksa kayu kang tinêgor kaki | prabatang jinarwi | iku kayu rubuh ||
29. Malang anèng dadalan gumuling | kilating nêm babo | lilidhahing mangsa kanêm dene | lona pêdhês mla kêcut kang wardi | tikta iku pait | kyasa gurih tuhu ||
30. Dura asin sarkarèku manis | watak pitu mangko | ardi gunung urut pasisire | prawata gunung têpung samyardi | turanggèku wajik | giri gunung agung ||
31. Rêsi têgês pandhita kang suci | angsa banyak yêktos | kang biksuka sapi cala lwire | sikil gunung imawan imasri | nèng pucuking wukir | sapta ya pipitu ||
32. Pandhita putus yêktining wardi | swara wiku kalok | gora agung muni iku lire | pandhita kang amumuruk kaki | swa kuda kabiri | tungganganing gunung ||
33. Iku têngah-têngahaning wukir | wiku lire mangko | pandhita ing gunung sayêktine | ya pipitu ya pipitu sami | gantya kang winarni | kang wawatak wolu ||
34. Naga ula gêng panagan kaki | gyan ula gêng kaot | salira manyawak basu têkèk | myang atêgês kumarèng nagari | tanapi araning | kang mangsa kawolu ||
35. Tanu bunglon murti cêcak singgih | kunjarèku gêdhong | myang atêgês kandhanging gajahe | gajah-gajah nèng wantilanèki | dipangga marêngi | tinitihan ratu ||
36. Èsthi gajah kang dènpalanani | samadya jinatos | gajah ana têngahing wanane | manggala gajah binêkta jurit | dwiraddha jinarwi | gajah mêta iku ||
37. Kang bujangga ula lanang kaki | brahmanastha manggon | pandhita sing sabrang wolu kèhe | dwipara gajah binêkta maring | pacangkraman kaki | liman têgêsipun ||
38. Gajah binêkta midhang sayêkti | dening sang akatong | lan ula ula lanang têgêse | myang atêgês karo ula yêkti | gantya kang winarni | watak sanga iku ||
39. Kang rumiyin trustha lènging bêdhil | trusthi lènging dêmon | muka rai gapura lawange | ratu wiwara lèng sakèthènging | dwara lènging panti | nanda lèng kodhok gung ||
40. Wilasita lèng kumbang sayêkti | kang guwa jinatos | lèng patapan agolong samunne | lodra aluraning we sayêkti | gatra lènging gangsir | êlèng lènging sêmut ||
41. Rong lèng ula song lèng landhak yêkti | trusan lawanging wong | bubutulan yèku angka lire | inggih punika wilangan yêkti | babahan lèng maling | hawa sasangèku ||
42. Bolonganing sarirèng sujanmi | mangkya winiraos | watak sapuluh kang pinurwèng rèh | boma sukêt mati sunya sêpi | gagana kang langit | kesisan ing mêndhung ||
43. Barakan tan katon ingkang warni | adoh têbih mangko | ing langit iya ing langit bae | ana tan katon tan kêna yêkti | kang windu jinarwi | tumbuking kang taun ||
44. Anèng wiyat langit kalimputing | mêndhung angêmu troh | widik-widik katon gya ilange | malêtik satêngahing wiyati | sirnèng gaganèki | sirnèng langit iku ||
45. Sagunging das sakathahing kang nir | walang mêsat kang hos | anggusah watak sapuluh lire | iya watak sapuluh sayêkti | sagung atêngêr nir | awatak sapuluh ||
46. Lamun karya sangkalaning warsi | unine pinathok | kang rumuhun nèng ekan dununge | nulya dasan sapiturutnèki | nanging kêcapaning | ekan dhawah kantun ||
47. Radèn Jayèngrêsmi matur malih | dhuh ri sang kinaot | kadi paran punika kajênge | dene wêlut sami lawan agni | sapiturutnèki | katrangna jrudêmung ||

52. Jurudêmung
1. Sang wiku mèsêm lingira | mungguh sasurupaningsun | layang Candragêni iku | kang ambabar katrangannya | ing candrasangkala mau | kang mawa kêkawin têmbang | Kusumawicitra linuhung ||
2. Etunge laku rowêlas | kacarita duking dangu | anggitannya Maha Wiku | Wêrda Êmpu Wilasaya | pujangga putus ing kawruh | ing nagri Purwacarita | sangking karsanya sang Prabu||
3. Widhayaka kang paparab | Aji Isaka puniku | wus dianggit duk ing ngayun | dumadi candrasangkala | ananging ta jarwanipun | durung mawa karêpira | ingkang dadi sababipun ||
4. Ing watêg durung ginêlar | krana kurang wijangipun | mila linaras kang urut | wit siji têkèng sadasa | ingkang nunggal rasanipun | amung ginarba kewala | kang anunggal rahsanipun ||
5. Tinêrangakên samoa | miwah tatêmbunganipun | kang padha amawa kayun | apan jinèjèrkên wêtah | dak urut kadi ing ngayun | awit ing watak sajuga | tumêka watak sapuluh ||
6. Watak sawiji winarna | rupa têgêsipun wujud | yèku uruping cahyèku | mula dadya watak juga | dene ta cahya puniku | dumadya tandhane gêsang | ingkang tumitah sadarum ||
7. Candra wêrdi lèk purnama | tanggal limalas puniku | mula dadi watak iku | sawiji awit duk kuna | (ng)gonne Dèwi Sri tumurun | matêdhakkên wiji dadya | ri wijèning manungsèku ||
8. Sasi lèk jangkêp wêrdinya | ya etung sêsasi muput | mula dadi watak iku | sawiji dene amulya | anganakakên sitangsu | sapisan manèh lir ngarsa | mangkya nabi wêrdinipun ||
9. Wudêl mula dadi watak | sawiji de wudêl mau | ginawe têrsandhanipun | asma sapisan duk jabang | yèn wus pupak pusêr sinung | aran saprayoginira | nulya sasa têgêsipun ||
10. Lintang mula dadi watak  | siji dene wujudipun  | jèn-ijèn sajuru-juru  | katon sangking madyapada | padha lintang aranipun  | de dhara wêtêng wêrdinya | mula dumadi puniku ||
11. Watak sawiji sanyata  | de nampani sarinipun  | sarahsaning siji iku  |  mangkya bumi wêrdi lêmah | mulane lêmah puniku  | dumadi watak satunggal | anuwuhkên sakèhipun ||
12. Wiji tanêm tuwuh ika | mangkya buddha wêrdi purus | utawa luwih puniku | mula dadi watak juga | dene ta luwih puniku | minangka wijèning janma | ingkang ronning wêrdinipun ||
13. Cahyaning godhong mulanya | dadi watak siji iku | de têrsandha uripipun | tanêm tuwuh thuthukulan | lamun katon godhongipun | iku tandha wiji gêsang | yèn godhong tan katon lampus ||
14. Mèdi jubur wêrdinira | dene kanggo marganipun | susukêr sangking dharèku | de iku buntut têgêsnya | yèku êpoke kang buntut | kang masthi amung sajuga | mangkya dara têgêsipun ||
15. Apan iya pêksi dara | mula dumadi puniku | watak siji dene purun | ngayom kulina manungsa | de janma wong wêrdinipun | mula dadya watak juga | pipijèn titah Hyang Agung||
16. Eka sawiji wêrdinya | utawa pinardèn tuduh | de wak suta wêrdinipun | anak lawan awak tunggal | saka wiji dadinipun | de siti lêmah wêdhènnya | mula dumadya puniku ||
17. Watak sawiji de bisa | amanjila wujudipun | gya awani wêrdinipun | ya wani utama surya| mula watak sawijiku | sorot amijangkên marang | ing wujud sajuru-juru ||
18. Yèn wungkulan têgêsira | wuwutuhan mulanipun | dadi watak sawijiku | de isih wutuh wujudnya | nyata têmên tunggallipun | wêrdi iku kabèh tamat | watak kakalih winuwus ||
19. Netra wêrdining paningal | mulane dumadi iku | watak kawajibanipun | mêrêm lawan mêlèk ika | caksu pasuluhan èstu | mula dadi loro watak | de ana rêrêgêdipun ||
20. Warna loro blobok waspa | de nayana ulat èstu | ugêring ulat puniku | rong prakara bêcik ala | sikara tangan dwi iku | kwajibane rong prakara | mêgar atanapi mingkup ||
21. Buja bau wêrdinira  | mula loro watakipun  | nguwati tangan ro mau  | paksa uwang wêrdinira  | mula dumadi puniku  | watak karo de pedahnya | rong prakara kang rumuhun ||
22. Ngingkêmkên tangkêping waja | mêngakên angaping tutuk | drasthi alis wêrdinipun | mula dadi dwi kang watak | dene mimbuhi satuhu | kasigitan rong prakara | ngêkêr netya kalihipun ||
23. Muwuhi prabaning gwaya | mangkya ama têgêsipun | papasu iya puniku | pangul ngisor pasuluhan | mula dumadi puniku | watak loro de minangka | siringing netya dwinipun ||
24. Mangkya locana wêrdinya | urang-uranging netrèku | yèku lalu-kinanipun | maripat têngên lan kiwa | mula dumadi puniku | watak loro dene bisa | amosikên idêpipun ||
25. Wênganing idêp sapisan | dadya pangawasanipun | kaping kalih ingkêmipun | dumadya tatampingira | sakèh rêrêgêd sadarum | mangkya carana wêrdinya | athi-athi milanipun ||
26. Mila dadya dwi wataknya | awit athi-athi iku | karya pasrèning mukèstu | rong prakara kang sapisan | gawe lulungidanipun | pasuryan kaping kalihnya | dadya kêkêring cahyèku ||
27. Karna rêngganing talingan | dadine ro watêkipun | awit rêngganing karnèstu | duk kuna sumping lan sêngkang | dene karni wardinipun | ambaning kuping milanya | dadya watak loro iku ||
28. Bisa nampani surasa | lawan pangrasa puniku | de anêbah têgêsipun | talapukan kang kaprênah | ing ngisor idêp kang wulu | luhuring kang urang-urang | mula loro watêkipun ||
29. Jalaran puniku milya | anglawani solahipun | padhang pêtênging netrèku | sapisan ngrèh wênganira | paningal kalaning wungu | ping dwi angrèh rêming netra | kalanira ayun turu ||
30. De talingan têgêsira | pangrunguning kuping èstu | mula loro watêkipun | awit iku amiyarsa | rong prakara ala-ayu | dene maha wêrdinira | ambaning paningalipun ||
31. Mula dadya ro kang watak | de ngêmbani pramanèku | rong prakara kang rumuhun | kêdhap ya ubênging tingal | ingkang ijo warnanipun | kang kaping pindhone kilat | maniking tingal kang pingul ||
32. Lèn tanganna têgêsira | kêplok yèku karêpipun | suka lan susah puniku | êlar wulu suwiwinya | de dadya ro watêkipun | rong prakara karyanira | mêgar atanapi mingkup ||
33. Kanggone dadya panambak | adhêm mring dayaning mabur | nêmbah suku karo iku | angabêkti dalamakan | gawe kuncup dwi astèku | watak loro pan wus tamat | rahadyan nêmbah umatur ||
34. Watak juga lan kalihnya | solah miwah bawanipun | [...Kirang satunggal baris: 8u...] | condhong lawan rahsanira | sang wiku ngandika dhaup | mangkya watak tri kawêdhar | sinom salinne kang pupuh||

53. Sinom
1. Bahni gêni pandhe ika | mulane dadya watak tri | asal sangking tri prakara | saking pangreka kang dhingin | yaiku gêni saking | thithikan agarannipun | pindho sangking sarana | yèku arêng de kaping tri | pangolahe angin sangking ingububan ||
2. De pawaka wêrdinira | gêni sapucaking ardi | mula dadi watak tiga | wit sangking têlung prakawis | agni sasalat sangking | walirang ping kalihipun | saka gêni dudupa | panuwun puja sêmèdi | tri bêdhiyang  sarananing kaasrêpan ||
3. Siking gêni upêt ika | mulane dadya watak tri | wujuding upêt triwarna | mancung sêpêt onthèl  kluwih | guna agaran gêni | tri prakara dadinipun | saka panasing asap | saka sêrêting piranti | saka kawul gênêpe katiga warna ||
4. Dahana pan gêni salat | mulane dadya watak tri | wit sangking katri prakara | sapisan saka sumuking | hawa panasing bumi | kadwi saka sumukipun | ing watu gêni ika | kaping tri saka sumuking | kang walirang gathuk dadya gêni salat ||
5. Trining brana pyu paprangan | mulane dadya watak tri | anane saka tri warna | prakara saka kasêktin | dwi têmpuhing saradi | tri pambêsmining sawèku | uta têgêse lintah | mula dumadi watak tri | untunira ngisor loro (n)dhuwur juga ||
6. Kwajibane tri prakara | napêl molah ganda bangkit | ujêl wêlut têgêsira | mulane dadya watak tri | dene ta andarbèni | daya tri prakara iku | panglunyon mulèt rosa | anauti wrêdi cacing | mula dadi watak têlune de darbya ||
7. Kawajiban tri prakara | nglêkêr mulur mangkêrêt tri | mangkya jatha wêrdinira | gêni winadhahan yêkti | de dadya watak katri | gêni arêng kang rumuhun | kalih gêni winadhah | têlu kang pinêdah kardi | ambêbakar manggang sapanunggalannya ||
8. Wedha gêni pawon ika | dene ana warna katri | kang gêni kayu kalawan | cêngkorongan pawon gêni | katri laweyan gêni | de nalagni wêrdinipun | gêni panasing manah | mula dumadya saka tri | kadadeyanira saka tri prakara ||
9. Dhingin saka pangabaran | dwi pangobong saka sêngit | tri saka pangumbar hawa | utawaka wêrdinèki | gêni manggang mulaning | dumadi watak tri yèku | gêni kayu kalawan | arêng sujèn jangkêp katri | kayalena wêrdi gêni balubukan ||
10. Mula dadi watak tiga | de gêni blubukan asring | kaanggo têlung prakara | ngêpès (m)bênêm ambakari | [...Kirang satunggal gatra: 7i...] | apan gêni diyan iku | mula dadi tri watak | de wujuding sorot katri | biru kuning abang jangkêp kaping tiga ||
11. Pungkasan tiga uninga | wêrdi gêni thithikan tri | watu gêni kawul waja | watak sakawan winarni | wedang ingkang rumiyin | banyu panas wêrdènipun | de dadya watak papat | sakawan dayanirèki | matêngakên umob molah kumarangsang ||
12. Sagara we pakumpulan | banyu saka patang warni | tuking kali tuk bêngawan | tuking pancuran myang riris | mangkya katri winarni | banyu sumur dene iku | kaanggo patang warni| pangangson padusan tuwin | pangasahan sakawane pangumbahan ||
13. Sukci wêrdi we padasan | de kangge patang pasukci | kêmu raub wisuh tangan | lawan masuh sukunèki | jaladri wêrdinèki | banyu angêndhong yaiku | angêndhong we sakawan | banyu udan banyu kali | banyu êtuk kalawan banyu bêngawan ||
14. Dadi banyu kali ika | mula papat watêknèki | dadya pasucèn sakawan | padusan angungumbahi | angongolah kinardi | angombèni kewanipun | hèr banyu pucuk arga | dadya watak papat awit | pucuk arga ana banyu patang rupa ||
15. We kawah banyu pamuja | banyu pêdhut banyu riris | nawa wêrdi banyu tawa | yèku we tuk umbul tuwin | pancuran sumbêrnèki | de samodra wêrdi banyu | ingkang ngidêri jagad | keblat papat dènubêngi | apan sami kataman banyu samodra ||
16. Jalanidhi banyu ingkang | bênêr yèku saka riris | lan kali êtuk bangawan | dene warna wêrdinèki | banyu sawangan nênggih | saking kali rêmbêsan tuk | sakawan pasumbêran | de toya wêrdinirèki | banyu ing jêmbangan kanggo suci badan ||
17. Adus raub awak-awak | kanggo wisuh jangkêpnèki | wahana yèku we udan | angsal sakawan prakawis | saka kukusing agni | myang kukusing tanêm tuwuh | saka kukusing toya | papate kukusing bumi | mangkya wau dadi wêrdi we dèrèsan ||
18. Saking amèr kapanasan | saking kapêlêg ing angin | saking praboting baskara | susumubing bun mungkasi | de sindu wêrdinèki | banyu susu dene iku | wit saka pat prakara | dhingin saka srana jampi | tuntuming bayu wuwung sari tatêdhan ||
19. Warih wêrdi banyu klapa | dene atêrira warih | puniku rambah kaping pat | wiwit bluluk banjur cêngkir | dawêgan miwah krambil | dene tasik wêrdinipun | banyu oyot jalaran | kang dhingin tarik-tinarik | iya saking purusan sakawan warna ||
20. Têmah ngringêt dadya toya | yèku saka gêni angin | banyu tanapi bantala | catur we keblat winardi | keblat papat sayêkti | pan ana sagaranipun | yogya pat dene ana | jaman yoga pat prakawis | jaman tirta dwara kali karta tamat ||
21. Watak kalima winarna  | buta apan wus sajarwi  |  mula dadi watak lima  | dene iku bisa nunggil  | kalima bangsa nênggih | sèluman myang bangsa mabur | nunggal bangsaning kewan  | bangsaning buburon warih | de limane bisa nunggal lan manungsa ||
22. Pandhawa wêrdi putra sang | Pandhu Dewanata Aji | lima juga Sri Ngamarta | dwi Dyan Sena tri Pamadi | nunggal sayayah bibi | kang dwi lèn bibi puniku | kacatur Dyan Nangkula | Sadewa kalimanèki | mangkya tata gêtih otot wêrdinira ||
23. Ing netya ngolah pramana  | ing lidhah ngolahkên angling  | ing tangan ngolah (ng)gauta  | ing suku ngolahkên linggih  | utawia lumaris  | ing prêji ngolah rahsèku | mangkya gati wêrdinya  | kêkêtêg de dunungnèki  | anèng tênggak  jaja ugêl-ugêl ngasta ||
24. Gêl-ugêl sikil kalawan | ing planangan limanèki | èndri bayu ingkang mata | dene pakumpulan saking | ing irung tuwin kuping | pasuryan myang saking kalbu | yaksa wêrdi danawa | wados asisiyung nênggih | ditya wandu mila dadya watak lima ||
25. De dadya panunggulira | ditya sakawan bupati | limane piyambakira | sara landhêp wêrdinèki | nalika jaman nguni | gaman kang ran sara iku | landhêp limang wadana | de maruta wêrdi angin | kang kairid gandane kang sêkar gangsal ||
26. Sêkar jawah saking Jwata | sêkar amyang taman sari | sêkar bago pangukupan | sêkar gêlung lawan sari | sêkaraning jinêmrik | de pawana wêrdinipun | angin drês iya ika | saka keblat myang ing nginggil | bana iku alas agung wêrdinira ||
27. Mula dadi watak lima | babaya limang prakawis | ula macan asu ajag | danawa lawan panjawi | margana wêrdinèki | angin ana ing dêlanggung | yèku napas kang mêdal | ing pancadriyanirèki | samirana wêrdi angin kang ambuwang ||
28. Karingêt limang panggonan | rai bau jaja gigir | suku jangkêpe kalima | warayang wêrdinirèki | sanjata de landhêping | balimbingan ana catur | limane pucukira | de panca bayu sayêkti | kang kaanggêp putra Hyang Bayu kalima ||
29. Sawiji wil Jajahwrêka | Kapi Anoman kakalih | katri Wukir Maenaka | catur Sètubanda èsthi | Bratasena mragili | de wisikan wêrdinipun | wangsit guru limang bab | tuduh kadadeyanèki | dêdunungan iya iku bawa lima ||
30. Gulingan dene wêrdinya | paturon nênggih wong guling | pêpêt pancadriyanira | lilima ingkang mungkasi | etang lima wus jarwi | ji loro lu pat limèku | wus titi watak lima | watak nêm mangkya winarni | salin têmbang amrih mamanising kata ||

54. Dhandhanggula
1. Masadrasa wrêdi kang binukti | rasa nênêm prakara yaika | rasaning sêga iwake | rasaning wijinipun | rasaning kang godhongan tuwin | rasaning dadèrèsan | wowohan nêmipun | winayang wêrdi gang-anggang | awit saka sikile iku nêm iji | guna awon wêrdinya ||
2. Dene ingkang mangsa kanêm yêkti | nawu madu sinungkên anaknya | de rêtu awor wêrdine | campuring kanang kayun | kang rumuhun grêngsênging dhiri | dwi ajuning kang manah | tri ajuning purus | catur ajuning paningal | kalimane ajuning tangan nêmnèki | ajuning sukunira ||
3. Hoyag wêrdinira obah yêkti | gêtêring pangadêg myang pramana | pamiyarsa panggandane| pangrasa badannipun | gya karêngya karungu wêrdi | iya nênêm prakara | wisikan karuhun | amuwung wulang utama | myang karungu wawangsite ujar manis | pangraras ngalêmbana ||
4. Namaning nênêm yèku namaning | pala nênêm kasimpar baruwah | gumantung palawijane| myang kucila kirnèku | tahên kayu taun winardi | wrêksa kayu têgoran | lèn prabatang kayu | rubuh malang ing dêdalan | pan ginêrba kayu nênêm wataknèki | lire ingkang mangkana ||
5. Kang tartamtu kanggo nêm prakawis | turus miwah dandananing omah | kanggo dandanan prantine | kanggo pêthan arcèku | kanggo plangkan pangraras tuwin | katunu kanêmira | kilating nêm iku | têgêse lalidhah mangsa | iya kanêm lona pêdhês wêrdinèki | mla kêcut wêrdinira ||
6. Tikta wêrdinira apan pait | kyasa wêrdinira gurih ika | dura pan asin têgêse | sarkara wêrdinipun | apan manis watêk nêm titi | watak pitu winarna | ardi wêrdi gunung | kang urut pasisir iku | mula dadi wawatak pitu de ardi | isine pitung warna ||
7. Watu guwa jurang padhas tuwin | papancuran pèrèngan tuwuhan | turangga de panganggone | jaran iku pipitu | kang rumuhun apan kêndhali | apus lawan salebrak | sanggawêdhinipun | ambên camêthi pitunya | giri wêrdi gunung gêdhe dene dadi | pakandhanganing swara ||
8. Rêsi têgêse pandhita sukci | yèku ingkang nganggo kasucian | pitung prakara etange | katêmênan rumuhun | lumuh ala lumuh nyidrani | lumuh marang ruruba | lawan tuhu lumuh | marang ing pangalêmbana | lumuh rêgêd pitune pan lumuh maring | sabarang bêbèngèsan ||
9. Angsa apan banyak wêrdinèki  |  mula dadi pitu watêkira  |  kagawa sugih swarane | biksuka wêrdi lêmbu  | mila pitu watêkirèki | dene ing kuna dadya | tungganganing wiku | aldaka sukuning arga  | dene darbe sasêbutan pitu nênggih  | punthuk ujung tunggangan ||
10. Lambung tepong sisiku sukuning | de himawan wêrdinira mega | pucuking gunung dununge | mula watak pipitu | sangking kukus kapitu warni | kukus adhêming kisma | kukus tanêm tuwuh | kukus pangobaring wrêksa | kukus ingkang rêratêng lawan kukusing | udalaning kang toya ||
11. Kukus ingkang bêdhiyan myang sangking | kukusing kang dupa jangkêp sapta | sapta pandhita wêrdine | agêming pandhitèku | pan pipitu jajenggot cundrik | kêthu jobah salendhang | tlumpah têkênipun | gora swara muni ika | wardi swara uni agung akèh kaki | apan pitung prakara ||
12. Sangking suwaraning banyu bumi | gêni angin balêdhèg lan udan | sangking pakarti pitune | swa kuda wêrdinipun | jaran molah pitung prakawis | nyongklang mêdhar adhean | jojrok ngawalipun | nyirig nyandêr pipitunya | tungganganing gunung tumpakan rêrêdin | ana pipitu warna ||
13. Jaran kabirèn lêmbu palangki  | padhati jolang kisruki lawan  | bojadhi ganêp pitune | de wiku ya pipitu  | yèku wiku kang nglakokkên ing  | pangawikan kasapta | jaya kang rumuhun  | pindho aji pangasihan |  katêlune aji panglimunan bangkit  | pat aji tatakrama ||
14. Kalimane pamawasan aji | kanêm aji etang pêpetangan | sapta ji panglêrêbane | sampêt watêk pipitu | watêk wolu mangkya winarni | bubukanira naga | wêrdi ula agung | mula dadya wolu watak | derbe daya panguwasa wolung warni | nyêmbur nyakot amolah ||
15. Mulêt rosa urip (ng)gon kakalih | anglungsungi wolu bisa gêsang | saka lênga nèng pêthite | panagan etangipun | pasawêran wolung (ng)gon nênggih | naga taun myang naga | jatingarangipun | naga wulan lawan nagan | pasangaran naga larangan lan malih | kanang naga pangkalan ||
16. Naga dina pasaran mungkasi | de salira ya slira mênyawak | apan wolu pangwasane | bisa ngambah ing banyu | ngambah marang dharatan bangkit | mènèk myang ngêrong ika | mring nastapa ayun | anglungsungi myang yuwana | kawolune riringa mring bangsanèki | mangkya basu wêrdinya ||
17. Apan têkèk mulane dumadi | watak wolu darbe panguwasa | wowolu iki cacahe | panglêngkêtaning suku | kinajrihan ing bangsanèki | tyas sabar myang ngumara | sarèh tindakipun | sarana atine kêna | kanggo jampi wong cêkèk tan nggarapsari | darbe panawa wisa ||
18. Kawolune bisa anglungsungi | mangkya tanu bunglon wêrdinira | bangkit wor wolung warnane | bang irêng kuning pingul | ijo biru bêlawu tuwin | wungu jangkêping astha | murti wêrdinipun | cêcak de darbe pangwasa | wolung warna panglèngkètan kang rumiyin | bisa mênèk puliyan ||
19. Ayuwana sarana myang kêsit | bisa mogêl nglungsungi isthanya | mangkya kunjara wêrdine | gêdhong panggonan ngukum | duking kuna janma kang tampi | ukuman wawangênnya | wolung dina amung | yèn dosa ros wolung wulan | mangkya gajah ya gajah kang nèng wanadri | dwipangga gajah ingkang ||
20. Tinitiyan ing sri narapati | parabote ana wolung warna | papaès kalung slebrake | ambên êcis ranteku | pacancangan kawolu srati | èsthi gajah ginawa | midhang wêrdinipun | samadya gajah nèng marga | de manggala gajah panungguling jurit | dwipara gajah ingkang ||
21. Binêkta ring cangkrama kakaring | de bujangga ula gêdhe ika | padha naga lan kwasane | bramana wolu iku | duk kunane ing tanah Jawi | kambah dening brêmana | wowolu kèhipun | pranataning Ajisaka | kinèn amumulang kadibyan sakalir | miturut Asthabrata ||
22. Liman gajah nèng wantilan yêkti | sarta ula sami lawan naga | ula wolu pangwasane | sakèhing gajah mau | padha wolu watêkirèki | dhingin têbih sanggama | wangi kopèkipun | lwan na sarosa pramana | ambêg sura kapitu sugih mangrêti | astha sugih bêndana ||
23. Nahên watêk sanga kang winarni | trustha wêrdi êlènging sanjata | trusthi êlèng tulupane | muka rai puniku | de gapura lawanging aji | wiwara sakèthèngnya | dwara lawangipun | omah tanapi pomahan | lawang mau cinêngkal kapara sami | apan sangang bageyan ||
24. Dene nanda lènging kodhok nênggih | wilasita wêrdi lènging kombang | guwa lèng samun wêrdine | rago wêrdi lèng suwung | gatra wêrdi êlènging gangsir | lèng wêrdi lènging ula | rong wêrdi lèng yuyu | song wêrdi êlènging landhak | de têrusan wêrdi lèng têmbusan yêkti | yèku angka wêrdinya ||
25. Wiwilangan sanga têlasnèki | de babahan wêrdi lèng durjana | hawa sasanga wêrdine | hawaning badan èstu | pan sasanga
kathahirèki | dadi piridanira | watêk sanga mau | muhung saka babolongan | awit palawanganing badan kèhnèki | apan ana sasanga ||
26. Irung sami lèng tulupan bêdhil | kang maripat sasamining muka | dene cangkêm ngibarate | lawangira sang ratu | ing talingan ngibaratnèki | lawang sakèthèng ika | palawanganipun | ngibarat lawanging omah | gurung iku ngibarat lawang guwèki | ing dubur lawang sona ||
27. De sadaya ronging kewan aming | mirid pangêronging sangking mangsa | kasanga jênêk nèng ronge | wilangan angka iku | amung sanga sadasanèki | ing sagolongan êdas | wujudipun ênul | mungguh babahan jinarwan | lèng durjana kêrêpe lèng manungsèki | têbusan hawa sanga ||
28. Nahên watak sapuluh mungkasi | boma wêrdi sukêt mati ika | sonya wêrdi suwung mangke | gagana wêrdi suwung | de barakan wêrdinirèki | ya iku lamat-lamat | adoh jarwa tuhu | ing langit wêrdi ngawiyat | de ana tan ora ana wêrdinèki | windu duk jaman kuna ||
29. Ana windu sapuluh winilis | ingaranan kang windu Sangkala | sapuluh warna umure | Tirta lan Marutèku | myang Pranala lan Pratalèki | Baya Byantara Manta | Kartala puniku | kasanga windu Suribta | de ganêpe sapuluh pan dènarani | ring kang windu Gurita ||
30. Anèng wiyat anane kang langit | pan sadaya srêngenge rêmbulan | lintang kalawan megane | kilat mêndhung galudhug | angin udan kuwung mungkasi | yaiku ananing kana | wujut pamyarsèku | kang katon lan kapiyarsa | saka donya gantya ingkang widik-widik | wrêdine samar-samar ||
31. Malêtik mancurat wêrdinèki | sirna wêrdinira apan ilang | ngakasa ta wujud rêke | de sagunging das iku | ingkang ilang wêrdinirèki | walang wêrdi mauwal | de kos wêrdi suwung| watak sapuluh wus jarwa | mungguh watak sapuluh jupukanèki | doh samar suwung lamat ||
32. Ilang dhuwur kang awit kapirit | saka jroning kaluwênge êdas | èstu tan ana wujude | dadya buwêng saèstu | apan suwung karêpanèki | Candragêni wus tamat | lan kudu sumurup | kawining Sangkala ika | apan seos lawan bangsa têmbung Kawi | kalawan têmbung Kawya ||
33. Rupa warna wêrdinira sami | yèn Sangkala rupa juga watak | warna sakawan watêke | ningali uningèku | yèn ing Kawi wêrdinya sami | nanging Kawi-sangkala | ningali puniku | angloro wawatêkira | yèn uninga titiga watêkirèki | utawa suta yoga ||
34. Yèn ing Kawi padha wêrdi siwi | yèn Sangkala iku iya beda | suta watak siji têke | de yoga watak catur | iya iku bedanirèki | Kawi-sangkala lawan | têmbung Kawi lugu | mung samono gadukingwang | angluluri korasan inguni-nguni | kang sinung ling manêmbah ||

55. Asmaradana
1. Kasmaran radyan miyarsi | gancaring Kawi-sangkala | Ajar Suganda nabda lon | kulup nyatakakên tanggal | awit tanggal sapisan | tumêkane têlung puluh | kang bêcik lawan kang ala ||
2. Kang sarta wênginirèki | lawan arane kang dina | lothung mung kinarya prabot | sakawit tanggal sapisan | ingaran dina Kuda | bêcik sabarang karyèku | karana Allah Tangala ||
3. Andadèkkên Kangjêng Nabi | Adam lan Nabi Muhkamat | ing dina iku dadine | mangka lamun ana pêrang | yèn narajang raharja | tinrajang ala kalangkung | kalamun ana pawarta ||
4. Warta bêcik iku yêkti | linyok lamun warta ala | bocah lair bêcik yêktos | wong nandhang roga glis waras | abuburu glis angsal | tanggal kaping kalih iku | ingaranan dina Kidang ||
5. Prayoga sabarang kardi | karana Allah Tangala | (n)dadèkkên Babu Kawane | wong laki rabi raharja | tanggal tri dina Macan | ala sabarang karyèku | karana Jêng Nabi Adam ||
6. Lan garwa (m)babuka wadi | tinurunkên sangking swarga | ping pat ari Kucing ranne | sabarang karya prayoga | karana Gusti Allah | andadèkkên Abil iku | tanggale kang kaping lima ||
7. Ingaranan dina Sapi | dinèku sabarang karya | ala karana Hyang Manon | andadèkkên Kabil ika | kaping nêm ingaranan | ing dina Kêbo puniku | sabarang karya prayoga ||
8. Yèn ana wong nandhang sakit | sayêkti yèn gêlis waras | de tanggal kaping pitune | dina Tikus ingaranan | barang karya prayoga | tanggale kang kaping wolu | dina Lêmbing ingaranan ||
9. Sabarang karya prayoga | karana Allah Tangala | dina iku (n)dadèkake | ing Nabi Nuh lwih minulya | nanging lulungan ala | lamun anglurug prang pupuh | sayêkti yèn katiwasan ||
10. Tanggal ping sanga winarni | dina Asu ingaranan | ala ing sabarang gawe | tanggale kaping sadasa | dina Naga ingaran | bêcik sabarang karyèku | anênandur myang dêdagang ||
11. Laki rabi iya bêcik | tanggale kaping sawêlas | ingranan dina Kêmbange | sabarang karya prayoga | tanggale kaping rolas | dina Mayang arannipun | adol tuku kang prayoga ||
12. Tanggal triwlas dènaranni | dina Gajah barang karya | nora nana prayogane | ping patbêlas dina Singa | bêcik sabarang karya | karana Allah Kang Agung | andadèkakên suwarga ||
13. Loh-kalam myang Aras-kursi | tanggale kaping limalas | ing dina Iwak aranne | sabarang karya prayoga | karana Maha Mulya | andadèkkên Nabi Yusup | tanggale kaping nêmbêlas ||
14. Dina Malam dènarani  | ing sabarang karya ala | karana iku Hyang Manon | angrusak sakèhing umat | -ing Nabi Lud samana | tanggal ping pitulas iku | dina Ulung ingarannan ||
15. Sabarang karya prayogi | ambuburu nuli angsal | karana iku Hyang Manon | andadèkkên Nabi Musa | lan Nabi Yakub ika | tanggal ping wolulasipun | ingaran dina Kalapa ||
16. Ing sabarang karya bêcik | karana Allah Tangala | (n)dadèkkên wulan srêngenge | kalawan lêng Nabi Ngisa | lan manggihkên andika | Nabi Yakub lan kang sunu | Jêng Nabi Yusup minulya ||
17. Ping sangalas dènaranni | dina Banthèng barang karya | prayoga yèn warta awon | mêsthi têmên yèn pawarta | bêcik sayêkti dora | yèn prang tinarajang unggul | yèn nrajang ala kasoran ||
18. Ping rongpuluh dènaranni | dina Hantu barang karya | prayoga lamun prang pupoh | nora mênang nora kalah | yèn warta bêcik nyata | tanggale kaping salikur | dina Arêng ingarannan||
19. Ala sabarang pakarti | ping rolikur dina Urang | bêcik ing sabarang gawe | amung yèn lulungan têbah | iku nora prayoga | watak tan têkan ing purug | kaping têlulikur tanggal ||
20. Dina Ula-sagarèki | sabarang karya prayoga | kaping patlikur tanggale | dina Pare arannira | kalangkung dening ala | karana Hyang Maha Luhur | andadèkkên Pirngon Raja ||
21. Lawan Namrut Narapati  | lamun ana rare mêdal  | iku bangêt durakane  | mring bapa tanapi biyung | kaping salawe tanggal | dina Pandhe arannipun | ala ing sabarang karya ||
22. Krana naas agêng yêkti | kaping nênêmlikur tanggal | ala ing sabarang gawe | krana umat Nabi padha | mati ana bangawan | tanggal kaping pitulikur | ingarannan dina Ula ||
23. Bêcik ing sabarang kardi | karana Hyang Maha Nasa | anurunkên rahmat gêdhe | mring kawulanya sadaya | rare lair prayoga | bêkti marang mring Hyang Agung | kaping wolulikur tanggal ||
24. Ingarannan dina Pari  |  bêcik ing sabarang karya  |  ping sangalikur tanggale |  dina Ulêr ingarannan  |  ing dina iku ala | pungkasan ping têlung puluh | ingarannan dina Sada ||
25. Yèn lulungan tan prayogi | ananandur ala uga | amung tuku lawan adol | pan iku ingkang prayoga | tamat wataking tanggal | ngluluri tutur karuhun | têmên orane sumangga ||
26. Rahadyan umatur aris | sarèhning sampun kapacak | nèng jilidan saèstune | tartamtu kathah yakinnya | malèsèt ing sandhungan | yèn narajang awon lamun | tiwas mung dadya tutuhan ||
27. Cinarita ngantya lami | rahadyan anèng Mandhala | -wangi iya Gunung Gêdhe | kasok sihe sang Suganda | wus katon ngèlmunira | lair batin tan na kantun | gêmêt tinampèn rahadyan ||
28. Anuju ing sajuga ri | rahadyan tandya pamitan | dènnyarsa (n)dumugèkake | ing lampah arsa tumingal | patilasan kadhatyan | nagri Pajajaran dangu | mangkya ing Bogor karannya ||
29. Suku ardi Salak wukir | Ajar Suganda ngandika | kapasang-yogya aranne | dina iki ping pitulas | sabarang karya harja | ujum ramale pakantuk | datan ana kasangsaya ||
30. Payo kulup mupung enjing | ingsun kang atêdah marga | radyan (n)dhêku matur alon | kalangkung panuwun kula | de kaparêng umentar | têdah marga kang pakantuk | wus samêkta nulya bidhal ||
31. Datan sandeya ing margi | eca dènnya alalampah | sarwi ginêm ngèlmi raos | tan cinatur laminira | dènnira anèng marga | wus prapta ing Gandhok dhusun | Ajar Suganda ngandika ||
32. Kaki lilanana mami | wangsul marang ing ngasrama | iki wus prapta ing Gandhok | wus cakêt lan Pajajaran | sira ngalor ngulonna | sandika radyan umatur | muhung pangèstu paduka||
33. Iya kulup dak idèni | apa ing sakajatira | atus ing pangandikane | ungkur-ungkuran ing lampah | radyan myang Gathuk Gathak | ing dhusun Gandhok kapungkur | praptèng Bogor patilasan ||
34. Sêngsêming tyas umiyat ing | tatanêman tumaruna | kathah kang nêdhêng uwohe | wênês ijo amardapa | tangèh ingkang mangarang | sadhengah tinanêm subur | wowohan myang sêsêkaran ||
35. Hawanya srêp sawatawis | karya têntrêming sarira | tamtu jawah sabên sore | wit Luhur tumêkèng Ngasar | têrang sadalu pisan | kathah sumbêr umbul mancur | mimbuhi sêngsêming driya ||
36. Wanci Luhur radyan prapti | satêngahing kang pagagan | tumalêthok garimise | radyan ngandika mring Gathak | sarèhning ayun jawah | prayogane padha ngaub | mring gubug amrih sarkara ||


56. Dhandhanggula
1. Praptèng gubug Radyan Jayèngrêsmi | Gathak Gathuk nèng wingking tan têbah | wau kang nèng jro gubuge | lurahing Bogor dhusun | wus awrêddha gundhul kalimis | gumbala capang pêthak | jêjenggot pinatut | clana gadhung bênting sinjang | sarung bugis dhêsthar bathik lagu nagri | Bandhung tanah Pasundhan ||
2. Têkên panjang tunggul ngandhap nginggil | tanpa baju kagyat duk umiyat | ing sapraptanira radèn | sung bagya gupuh-gupuh | katambêtan kang lagya prapti | pun paman nilakrama | ing pundi nak bagus | miwah sintên kang sinambat | atanapi ingkang sinêdyèng panggalih | radyan alon ngandika ||
3. Kula saking karajan ing Giri | talatahing tanah Surapringga | Jawi-wetan pungkasane | dene ta nama ulun | Jayèngrêsmi satuhu pêkir | dwi rencang Gathak Gathuk | mênggah sêdyaulun | badhe dhumatêng ing Karang | prêlu mampir ing Bogor ayun udani | tilase kang kadhatyan ||
4. Manthuk-manthuk sang minta pawarti | Jayèngrêsmi aris atatanya | kang pinanggyan lagi nêmbe | sintên kêkasihipun | amangsuli sabdanya aris | Ki Wargapati kula | kapalaning dhusun | inggih ing Bogor punika | langkung têbih Giri praptanipun ngriki | amangka lampah dharat ||
5. Pan ing pundi ingkang dènmargani | kongsi sagêt prapta dhepok kula | langkung gawat saturute | lwir ing pakèwêtipun | rêdirêdi kang kathah singit | jro jurang-jurang guwa | kèh rêncananipun | sarpa gung banaspati ka | kayu-kayu arungkut kèh ori rumpil | singa warak andaka ||
6. Ingkang sami angadhangi margi | mongira samya krura mamangsa | sêsêngkan jurang pèrènge | watu-watu alunyu | tur tumawing miring anggawing | tan kêna ingancikan | watune gumlundhung | têla-têla isi ula | kidêggana pinggire anyêmbur sami | ulanya galak-galak ||
7. Saking pundi gènnira lumaris | wontên kêdhik kang ragi warata | tan kobêr anggung godhane | ingkang murungkên laku | tanpa wilis mawarni-warni | siluk-siluk pinggirnya | jurang lunyu-lunyu | yèn gocèkana witwitan | wit-witane anggawing tur mawa êri | êrine mawi upas ||
8. Witing kayu pinggir parang curi | yèn cinandhak witte pol kewala | padhas landhêp ngatut bae | tumibèng jurang iku | sarpa singa lajêng nampèni | liyanipun anak mas | ing têngah tan tutug | tangèh ing ngriki praptaa | ulun sampun anjajah ing ardi-ardi | wêgah nora kêconggah||
9. Kunêng lingnya Kyai Wargapati | radyan mèsêm alon angandika | dhuh paman ing saèstune | gampang kalawan ewuh | apan wontên ingkang akardi | yèn purunna ing gampang | ajriha ing kewuh | sabarang botên tumêka | yèn antêpan gampang ewuh dados tunggil | ing purwa boya nana ||
10. Gèdhèg-gèdhèg Kyai Wargapati | ngunandika sajroning wardaya | satuhu wong luwih kiye | nayana sumèh mancur | wicarane arum patitis | wacana anurraga | aris aturipun | dhuh kang sinung kanugrahan | kaparênga mampir dhatêng wisma mami | ing Bogor kang katingal||
11. Lah saiba sukaning tyasmami | miwah sanggyaning kang kulawarga | lir manggih sotya sagênthong | nak anggèr karsanipun | têmbe ulun ingkang umiring | rahadyan tan lênggana | mandhap saking gubug | Ki Warga lumakyèng ngarsa | mawa têkên kathiplakira cinangking | dupi prapta ing wisma ||
12. Atêngara kênthongan tinitir | kulawarga jalu èstri prapta | (ng)gili tan ana kêndhate | uning yèn ana tamu | samya bikut (ng)gêlar-(ng)gêlari | pawèstri olah-olah | sadhiya susuguh| radyan sampun ingaturan | lênggah salu linèmèkan glaran pasir | iyasan ing Palembang ||
13. Gathak Gathuk wus dènancarani | Kyai Warga matur mring rahadyan | ingkang sakeca nak anggèr | wusnya matur gya mundur | paparentah marang ing batih | ajuning kang sugata | wus lumadyèng ngayun | gantya sês myang wedang kahwa | nyanyamikan gêndhis siwalan manjêni | Ki Warga lon turira||
14. Cumanthaka pun bapa ngaturi | pasugata sumangga kinarsan | lah ngriku ge sawontêne | Gathak Gathuk abikut | wusing nginum dhahar nyanyamik | amung ngecani ing tyas | anulya kinukut | lumados sugata dhahar | liwêt gaga wajar liwêt tambra anyir | bêbacêm ulam tambra||
15. Lêmêng tambra gèsèk tambra asin | kolak tambra asêm-asêm tambra | tigan tambra tambra dènpès | acar tambra myang êtum | tambra gêcok tambra dènasin | êtim gorèngan tambra | abon age sêmur | opor sami ulam tambra | sambêl gorèng tambra tambra urip-urip | sambêl ulêg lalaban ||
16. Marik-marik tinata nèng ngarsi | wus rumanti Ki Warga turira | pun bapa atur dhahare | sakawontênanipun | radyan (n)dhêku nulya awanting | Bismillah lêkas dhahar | têlas gangsal tanjung | kalawan asinan tambra | udakara têlas mung sajênthik miring | atop ambal-ambalan||
17. Kyai Wargapati tansah nglirik | ngandikèng tyas baya wus alama | sang luhung (ng)gonne tan (ng)gape | ing boja miwah minum | nora saka ewuhirèki | rupane rada nyêngka | saka rahab mring sun | ambêng nulya cinarikan | wus tinata anèng ngarsane abdi dwi | anulya ingancaran ||
18. Wawi anak sami awawanting | sampun mawi taha-taha ing tyas | di kaya wismanta dhewe| Gathak Gathuk anuwun | inggih sampun awalangati | tan rikuh-rikuh kula | wus bukti ngathêkul | Gathuk aris atatanya | lah-olahan datan wontên saliyaning | sadaya ulam tambra ||
19. Kula pancèn karêm ulam niki | Wargapati lingira (ng)gih anak | amung iku ingkang jathok | ingah-ingahanulun | blumbang-blumbang sadaya isi | tan lyan ulam tambra | gurih gêmpi êmpuk | Gathak Gathuk dènnya nadhah | wus dumugi nulya ingundurkên aglis | akiring waktu Ngasar ||
20. Kyai Warga parentah mring dasih | angrêsiki langgar myang padasan | wus rumanti sadayane | umatur ring sang luhung | bilih karsa wêkdal Ngasari | ing langgar wus sadhiya | radyan linggar gupuh | samya ngambil toya kadas | Gathuk adan wusing sunat dènkamati | gya pêrlu waktu Ngasar ||
21. Wus paragad dènnira Ngasari | Jayèngrêsmi alon angandika | paman lamun marêngake | kula pan botên wangsul | dhatêng panti eca nèng ngriki | Ki Warga aturira | kalangkung panuju | datan wontên sehosira | gya parentah mring dasih kinèn ngusungi | dhaharan pangunjukan ||
22. Glaran pasir lêmpir ulês putih | wus pinrênah dhaharan tinata | Ki Warga tansèng ngarsane | cakêt lan Gathak Gathuk | Gathuk tanya mring Wargapati | dhuh Kyai anglêpatna | sagunging babêndu | ulun nyuwun sasêrêpan | sampun pintên yuswa paduka Kiyai | dene ta maksih kiyat ||
23. Anak êmpun sangang dasa kalih | Gathak njingklak wathah tuhu wrêddha | têka taksih kadi anèm | punapi saratipun | Kyai Warga ngandika manis | datan mawi isarat | amung sabên tangsu | anglampahi puji-dina | têka mangke lir lampahe toya mili | pancèn agêng sawabnya ||
24. Gathak Gathuk sarêng aturnèki | nuhun Kyai ulun ngalab barkah | supadi kadi slirane | pinarêng panjang umur | sênêng têntrêm jangkêp ngaurip | winantu karaharjan | salaminya hidhup | Ki Warga aris ngandika | inggih anak makatên pujinirèki | kalawan lampahira ||
25. Gathak Gathuk gya sami nyêlaki | mêdhar sabda ingkang pujidina | ping pitu pan sanès-sanès | inggih ingkang rumuhun | dina Jumungah lampahing Nabi | Rosullolah salalu | hi wasalam iku | mapan tan adhahar sêga | ing sadalu sadina pujinirèki | ya kapiya muninya ||
26. Winical ping satus tiga nênggih | ing sadalu sawabe pan angsal | kang nugrahaning Hyang mangke | ping kalih dina Saptu | Sayidina Ngusman (n)darbèni | tan sare lampahira | sadintên sadalu | puji: ya patah ya rajak | winaca ping satus titiga sawêngi | sawabe ingajrihan||
27. Dening mahluk kabèh kang kaping tri | dina Akat ingkang darbe lampah | pan Sayidina Ngumare | ing sadintên sadalu | tan anginang pujinirèki | ya kayu ya kayuma | angsal kaping satus | têtiga sadalunira | sawabe rahayu saumurirèki | kaping pat Isnèn dina ||
28. Kang lampah Nabi Ngisa puniki | ngalahisalam tan dhahar ulam | ing sadina sawêngine | ya rahman ya rahkimu | pujinira satus sawêngi | mapan punjul titiga | sawabe jinurung | ing Allah sakarsanira | kaping lima dina Salasa darbèni | kang lampah Abubakar ||
29. Tan adhahar tan nginum sawêngi | lan sadina puji subkana ma | -likil kudus wacanane | ping satus lan têtêlu | ing sadalu sawabe ugi | sinihan dening Allah | kaping nênêmipun | dina Arbo ingkang lampah | Nabi Brahim wa ngalèhi wa salami | pan nora dhahar uyah ||
30. Iya sadina lawan sawêngi | puji: subkanna maliki khahar | ping satus têlu wacane | sawêngi sawabipun | ingapura dosane nênggih | dening Allah Tangala | kaping pitunipun | dina Kêmis ingkang lampah | Sayit Ngali tan ngunjuk toya saratri | iya lawan sasiyang ||
31. Pujinipun: ya kabiru malih | ya mutangal ping satus winaca | lawan titiga langkunge | sadalu sawabipun | sinung kuwat sabarang kardi | mring Allahu Tangala | puji-dina iku | sapa wonge nglampahana | tinarima ngamale mring Hyang Linuwih | salamêt dunya kerat ||
32. Gathak Gathuk matur sru kapundhi | wanci Mahrib suruping baskara | wus ngalumpuk sadayane | santri alit myang agung | samya ngambil toya astuti | mring langgar maca slawat | swaranya gumuruh | tan pantara ingadanan | samya sunat bakda nulya dènkamati | gya Mahribbi sadaya ||
33. Jayèngrêsmi ingkang angimami | swara arum buntas titih cêtha | Mahrib tumêkèng Ngisane | paragading kang wêktu | pupujian angalik-alik | donga matumpa-tumpa | ingaminan guyub | sawusira bakda Ngisa | para santri tumurun saking ing masjid | kang kantun amung ingkang ||
34. Angladosi miwah Wargapati | datan mantuk eca pinarakan | nèng masjid lawan tamune | Wargapati umatur | dhuh nak anggèr bilih marêngi | mugi kaparêngana | pun bapa yun wêruh| gancare ingkang winastan | dahru-jaman punapa sampun nyêlaki | punapa taksih lama ||
35. Jayèngrêsmi awacana manis | ingkang winastanan dahru-jaman | walahualam dhawuhe | yèn mangkya kintên-ulun | dèrèng mangsa anitik saking | kawontênane janma | praja miwah dhusun | tanapi pasisir arga | taksih sami tan ana ngambah panitik | kasmaran kapirêngna ||

57. Asmaradana
1. Andikanira (n)Jêng Nabi | dhatêng kang para sakabat | hèh sakabatingsun kabèh | ing benjang sapungkuringwang | ana mangsa satunggal | kang padha mênangi besuk | ing mangsa dahuru jaman ||
2. Pratandhane kiyamatti | tur angrusak ing agama | ing sakèhing umatingong | Bagendha Ngali tur sêmbah | amba inggih punapa | mêningi jaman dahuru | nayakaningrat ngandika ||
3. Tan ana ingkang mêningi | sarupaning sabatingwang | Sayid Ngali alon ture | amba anglindhung ing tuwan | Nabi malih ngandika | ya sakèhing sabatingsun | padha sira piyarsakna ||
4. Yèn prapta ing jaman akir | sakèhe umat binagya | pan amung saduman bae | kang pinasthi anèng swarga | pinara pitungdasa | pinasthi narakanipun | tur padha sinungan lanat ||
5. Kang ana sawarga benjing | kang anut agama Islam | pan lilima pikukuhe | sadat salat lawan siyam | jakat kalawan pitrah | munggah kaji limanipun | iku marga kang sampurna ||
6. Kang ora nut marga mami | iku dudu umatingwang | apan akèh têtêngêre | ing mangsa dahuru jaman | ana rupa pandhita | miwah ta panganggonipun | kadya tuhuning pandhita ||
7. Pangucape Nabi Wali | kang ginawe pasikêpan | tur tan ana kayêktène | amung rarasan kewala | tan arsa angibadah | angaku edan mring ngèlmu | ngaku sampurnèng makripat ||
8. Wontên angaku wong singgih | anuwalani (n)Jêng Duta | aru-ara pangucape | tandhane sinungan lanat | dening Hyang Maha Mulya | iku karanne tan emut | kinarya isi naraka ||
9. Tuwas sêmbahyangirèki | tan dadi wangsiting tingal | hura-huru wicarane | wong wadon ginawe sabat | tur ngaku sinêrahan | isining jagat sawêgung | ngidhêpa maring rèhingwang ||
10. Amangana turu iki | padha lawan asêmbahyang | mapan tan ana bedane | kabèh-kabèh padha lampah | bêcik kalawan ala | nora nana bedanipun | pan uwis pangawak Suksma ||
11. Kang pinangan nora milih | kalal karam iya doyan | sajêng inum-inumanne | wêtênge kang pinangeran | miwah ta wong ajina | nora nana bahyanipun | mapan wus awas ing tingal||
12. Kang suci kalawan najis | iku nora na bedanya | bumi sona padha bae | datan miyatani sira | tunggal pinangkanira | sona tan lawan sinêrtu | pan wus pangawak sagara ||
13. Sakathahe mati singgih | sasambêleyan Hyang Suksma | pan nora nana paene | wênang panganên dènnira | iku ngrusak agama | jajallanat saminipun | yogya sira singgahana ||
14. Kang sawênèh polahnèki | apêksa edan-edanan | sarta dènrusak ragane | panganggone tatambalan | polahe lir wong edan | tingkahe kaya wong liwung | kulambi walulang macan ||
15. Sapolahe nora yêkti | mindha wong brangta Pangeran | kang kadi wawijangane | sampurnane makripatnya | iku kang dadi wêjang | tan wêruh yèn dadi kupur | iku angrusak agama ||
16. Kalampahan mangsa iki | wong jail kaya pandhita | wong ngalim kadya wong bodho | bênêr dadi luputira | wong ina dadi mulya | mulya dadi inanipun | wong sugih dadi kasihan ||
17. Wong kasihan lir wong sugih | raja dènanggêp kawula | abdi lir raja anggêpe | desa gêng dadi dhukuhan | dhukuh dadi nagara | akathah dêlajadipun | ing mangsa dahuru jaman ||
18. Ing mangsa mangke puniki | akathah wong asikara | lanang wadon dèn-tung gawe | suale kang dipun ulah | ginawe babantahan | apêksa wirangi ngèlmu | ujare brangti Pangeran ||
19. Kang durung dipun kawruhi | iku kang dènkarya sual | aling-alingan tatakon | wirang lamun (ng)guguruwa | tansah angamandaka | ora ana di pangèstu | ngèlmune kang winicara ||
20. Kang sêtêngah ngèlmunèki | dèn sambang-rapêt kewala | dan athik lawan budine | rumangsa yèn wis kabuka | pinatut lan micara | nora na dadi pangèstu | amuhung bisa rarasan||
21. Kang sawênèh paksa sidik | kaya wong ngarip lampahnya | ambêciki ing lungguhe | darapon katonna lumya | lumaku dèn alêmma | angêgungakên ing laku | nèng sangarêpaning kathah ||
22. Yèn asêpi nora milih | kalal karam dipunpangan | suci najis dipunangge | urate nora karêksa | yèn anèng pasamuwan | kaya wong wirangi tuhu | dening karya masalahan ||
23. Kang sawênèh ngèlmunèki | dipun simpêni kewala | sami dèn wruhana mangke | eca dènnya ngambil kasap | kang anggung dipun ulah | milane asimpên ngèlmu | sawadinipun wêruha ||
24. Ana wong kang amadoni | api-api nora bisa | iku amrih duduning wong | lungsène angamandaka | yèn mêtu ujarira | anuli dèntutuh tuhu | angungkurakên kewala ||
25. Wênèh wong kang nora pilih | kalal karam dipun pangan | lwir wong edan sasolahe | alênggah anèng pawuhan | sapinggiring dadalan | iku pangambilannipun | amrih kuncara ing kathah ||
26. Akathah ngèlmu tan yêkti | ing mangsa dahuru jaman | wong angambil ngèlmu rêke | akèh ginawe ampungan | yèn kêsusahan manah | kadya wong birai tulus | yèn sampun suka tan ketang ||
27. Kang mukmin tan ana kari | kantun namane kewala | miwah ingkang Islam kabèh | kari tandhane kewala | miwah kang ngaji Kur'an | akèh kêtungkul ing laku | ciptane madhêp ing liyan ||
28. Lumaku ingalêm pingging | kang minangka gamanira | êmas picis iku rêke | wêtênge dadi panutan | kêtungkul dening boja | dahat kalindhih ing tutur | tan pêgat madhêp ing dunya ||
29. Suwiji tan ana kari  |  kang umilih kabêcikan  |  miwah kang maksiyat mangke | tan parikudu cinêgah  |  ratunya kadya macan  |  kadi singa ki pangulu | munapèk lir asu alas ||
30. Wong pêkir miskin lir kambing | datan bisa amimitran | lwir  paksi nèng kurungane | dene macan lawan singa | miwah kang asu alas | angidêri marang wêdhus | tan angsal mangane mentar ||
31. Tamat paman kang pawarti | ing mangsa dahuru jaman | Ki Wargapati turnya lon | langkung pamundhi kawula | ing pangandika radyan | wus manjing ing waktu Subuh | samya ngambil toya kadas ||
32. Gathak adan ngalik-alik | nulya waktu Subuh samya | rahadyan dadya imame | bakda pupujiyan rahab | donga matumpa-tumpa | ingkang amin sêsêg sayuk | Hyang Bagaspati kawuryan ||
33. Nyunari sèsining bumi | rahadyan aris ngandika | ingkang agung aksamane | ulun ayun (n)dumugèkna | ing lampah mupung enjang | adrênging tyas ayun wêruh | patilasaning kadhatyan ||
34. Pajajaran duking nguni | Ki Warga aris turira | pun bibi ayun cacaos | sarapan enjing-enjingan | rahadyan ris ngandika | sangêt ing panrimah ulun | sampun mawi susah-susah ||
35.(m)Bujêng lampah mupung enjing | Ki Warga (n)dhêku sumangga | sakarsa ulun andhèrèk| wus linggar saking ing langgar | Ki Warga tansèng ngarsa | datan kawarta ing ênu | wus prapta ing patilasan ||
36. Kraton Pajajaran nagri | rahadyan miyat balumbang | wiyar awêning toyane | binatur ing sela krêsna | ingukir sasêkaran | dahat kacaryan sang bagus | Gathak Gathuk tan saranta ||
37. Gya anggêbyur rarya kalih | lulumban anèng balumbang | Ki Wargapati ature | punika kang patilasan | kang kantun mung balumbang | mangkya tumut Comas dhusun | blumbang agung paedahnya ||
38. Criyosipun tiyang ngriki | yèn èstri datan wêwêka | jalêr èstri samya ciblon | sabên ari ingkang malang | enggale kaping tiga | laminipun kaping pitu | tamtu lajêng darbe suta ||
39. Sela satêpining bèji | ingkang (m)bladêr borèh sêkar | punika apan pupundhèn | dipunmumule ing kathah | manawi wontên tiyang | gadhah kajêng anyunyuwun | punapa sakadarira ||
40. Katrimah ingkang pamuji | sayêktos tamtu tinêkan | mila kajuwarèng ngakèh | kathah tiyang mancapraja | sami karaya-raya | mrêlokakên anyunyuwun | dhatêng Kyai Selagilang ||
41. Radyan mèsêm lingira ris | (ng)gih paman botên kadosa | atut rèh patilasane | wong agung ing jaman Buddha | tumêka ing samangkya | istijrate datan surut | labêt wus katarimèng Hyang ||
42. Sarèhning sampun dumugi | (ng)gyanulun myat patilasan | paman lilanana ingong | lajêng maring arga Salak | Ki Warga aturira | dhuh babo risang linuhung | bilih kaparêng ing karsa ||
43. Ulun sawangsa umiring | dhumatêng ing arga Salak | têmbe manawi rahadèn | wus mapan ing padhepokan | ulun kalilanana | wangsul mantuk dhatêng dhukuh | Jayèngrêsmi rum wacana ||
44. Paman kalangkung prayogi | Ki Warga nulya umentar | nglêmpakkên anak putune | miwah ingkang kulawarga | kang bisa nambutkarya | lan mamatutakên tuwuh | mrih manise tiningalan ||

58. Dhandhanggula
1. Wargapati lumampah rumiyin | lawan anak putu kulawarga | saput gaman pakaryane | sapraptanirèng gunung | lajêng samya anambutkardi | karya kang padhepokan | lambung kilèn gunung | sasêngkan kaparêng nganjat | milih ingkang têngah-têngah ana radin | toya (n)jog yun kinarya ||
2. Jayèngrêsmi myang abdi kakalih | linggar saking patirtan tut wuntat | ingkang andulur lampahe | samarga gandrung-gandrung | kadya age prapta ing wukir | ing lampah tan winarna| prapta lambung gunung | miyat ingkang nambutkarya | tan cinatur laminya manambut kardi | mangkya wus paripurna ||
3. Wargapati anak putu tuwin | kulawarga sami apamitan | wus linilan sadayane | sajuga tan na kantun | kantun radyan myang abdi kalih | trusthanirèng wardaya | munajat Hyang Agung | datan kêndhat dalu siyang | Gathak Gathuk suka myat rêngganing wukir | dhepoke sang minulya ||
4. Langkung asri rêrêngganing ardi | kêncêng pinarsaja jêjidharan | paripurna parigine | ngongkang dwi tlaga luhung | toyanira sumilak wêning | binotrawi sumunar | ingkang sela pingul | ingukir pinatra sêkar | rinarêngga lalarèn alit amarik | kang kayu apu pita ||
5. Pinrap sapangandhap sapanginggil | mêngkap-mêngkap katrajang ing toya | ngalingkap katon kakape | sela kinarya iku | sinundukan sinungan sêntil | ingukir datan siwah | lan mina satuhu | dhepok kinubêngan toya | larèn alit wutahing we amranani | mring talang sela krêsna||
6. Tibaning we sumawur mratani | sumamburat kanan kering tlaga | rinêngga sri sadayane | pêpèngêtan mamungut | kêkêmbanganira ngubêngi | thinarik apapanthan | tinata pinatut | ana munggèng anjang-anjang | myang anèng we satuhu tan nguciwani | karya rênaning driya ||
7. Andong argulo mawarni-warni | adhaliyah andul anggrèk wulan | moja myang nagasarine | cêpiring cêpaka rum | clakêt cènggèr ragaina di | rukêm lawan rêjasa | krandhang kalak arum | kanigara myang kalurak | kalilika kamuning lawan kanikir | kasturi myang kananga ||
8. Dlima dangan druju dilêm tluki | tunjung trate tlutur tungkèng sungsang | soka srigadhing slastrine | sruni sumarsanèku | widuri myang wungu warsiki | wora-wari bang lawan | landêp larawudhu | liandêr myang larangêndhat | patragala pudhak pulu purbanagri | prabu-sêt pancasuda ||
9. Pacar banyu abang kuning putih | sungsun lamba puthut pacarcina | pacarkuku rum gandane | sruni sumarsanèku | widuri myang wudhu warsiki | mênur sungsun lan lamban | mêlathi malêtuk | mandhakaki gandapura | gambir abang dhawung miwah gambir putih | buntut kucing bang jênar ||
10. Bakung bangah bêbêg manggon têbih | têlêng gubêt manyilêp ing ganda | sinambêtan angge-angge | ulêt-ulêt myang inggu | adas cêngkèh cêguk cabèi | rasukngin rasamala | kêtumbar kêmukus | kayu abang kapulaga | klêmbak klabêt kadhawung myang kayu lêgi | daging têgari trawas ||
11. Kayu tai sintasari murni | sarikurung sumba sidawayah | sêprantu suksmadi luwèh | -widara putih laut | waron pala pupulasari | pucuk pacar jongrahap | jintên mrica makmur | mêsoyi manis maênyan | mungsi ganthi gêlan garu botor tuwin | ingkang bungah-têmpayang||
12. Ngandhap malih kinubêng thinarik | tarupala wowohan mawarna | asêm êlo lawan êprèh | nam-ênam nangka madu | crême rukêm randhu kuwèni | kokosan kêtos kleca | kalayu kapundhung | kacapi kawis kêmlaka | kopi kluwih dlima durèn tanjung tangkil | sawo sêmak srikaya ||
13. Sêntul soklat sukun myang sulastri | wuni waringin langsêp pijêtan | pêlêm plênisan myang pakèl | pohocung dhuwêt dhuku | jêruk jirak jambu mêpêki | nyamplung manggis malowa | mlinjo maja mundhu | gowok kêdhondhong myang gayam | balong blimbing blimbing-wuluh besaran brit | bogêman babanjaran ||
14. Kang mungkasi wowohan ing nginggil | saubênge kanang padhepokan | sumadya lêt papèrènge | sinêling alit agung | arèn klapa siwalan tuwin | jambe jêmbar banjaran | dhawe sêlingipun | tanêman pisang sêk-sêkan | myang pon-êmpon kêncur kunci jae sunthi | kunir bang lawan pêthak ||
15. Têmu-lawak êpoh têmu lathi | lêmpuyang kapur êmprit dipangga | dalingo pacing laose | puspanyidranya munggul | candhana rum wijèn ngêlêtti | têgalan jêjanganan | kacang kara timun | bêstru cême pare ula | bligo waluh labu pare dhèmpèl markis | tumrap ing anjang-anjang ||
16. Kang ginula-gula marik marik | kapri buncis lobak bit ramênas | wortêl brambang myang bawange | slèdri madinah arum | kobis sawi sêlat kucai | andèwi patraselya | ing têgal winuwus | lombok terong myang sêmangka | krai timun wuku kênthang kacang kucir | ingêlêtan wit salam ||
17. Larasêtu sêle nalisiri | pala kêsimpar juwawut boga | canthèl otèk jèpèn wijèn | kêmangi gagang wulung | pala pêndhêm ingkang nambungi | gadhung walur suwêg myang | pohung kimpul bêntul | uwi gêmbili gêmbela | linjik tela gêmbolo nampu mungkasi | sinambungan pagagan ||
18. Asri tinon sênênning kang wukir | karamate Sang Tuhu Minulya | sadaya nêdhêng uwohe| tan ana kêndhatipun | wus kawêntar ing kanan kering | lamun ana karamat | ing Salak dudunung | Jayèngrêsmi paparabnya | amung lawan rencangnya kakalih nami | gus santri Gathuk Gathak ||
19. Anggêlarkên dana sining wukir | tan winancèn sapa ingkang arsa | ngungundhuhi sasukane | sabên ari asêlur | ingkang sami minggah ing wukir | amupu kang dadana | tan na kêndhatipun | kang dènambil datan têlas | malah wêwah kapirêng liyan nagari | nora amupu dana ||
20. Suka ing tyas sukur ing Hyang Widdhi | Jayèngrêsmi lami anèng Salak | sigêg ganti caritane | kang dhêdhepok ing gunung | Karang Bantên nênggih Sèh Brahim | karan Kiagêng Karang | dadya paguron gung | wus mashur ing mancapraja | trang ing kawruh alim kitab myang salêsih | lakuning kang agama ||
21. Trang ing cipta tanpa papan tulis | ing sadhengah patakoning janma | tan ana binalèkake | ngèlmu kasap myang lêmbut | lair batin sampurna jati | kang samya puruita | tan kêna ingetung | santrinya tanpa wilangan | ingkang uwus pruita tan nêdya mulih | kèh kandhêg wismèng Karang ||
22. Kyagêng Karang lagya nandhang wingit | sakesahe putra angajawa | tita tan ana wartine | sawiji dina nuju | mirêng swara langkung dumêling | nanging tan lawan karna | ujaring swarèku | sira dènnarima ing Hyang | wis pinasthi sutanta tan bisa panggih | kalawan pakênira ||
23. Nanging mangkya sira dènparingi | kang minangka liruning putranta | sira umentara age | marang ing Salak Gunung | kono ana satriya luwih | atmajane Susunan | Giri Prapèn iku | wus katon karamatira | aran Jayèngrêsmi kanthi santri kalih | si Gathuk lan si Gathak ||
24. Patut sira pondhongana nuli | kang minangka gantine sutanta | lawan kawruhanmu têmbe| sutanta kang anglangut | nunggal lawan si Jayèngrêsmi | umanjing dadya siswa | pinèt kadang tuhu | wus lir tunggal ibu-rama | dalajate oliya wus angèmpêri | amung kacèk sausap||
25. Atus ingkang swara Kyagêng Kawis | andodonga sukur ing Hyang Suksma | kalangkung suka galiye | bakdane salat Subuh | tanpa abdi Kiyagêng Kawis | nyipta mring Salak Arga | tan dangu wus rawuh | kèndêl têpining pagagan | ascaryambêg  miyat asrining kang wukir| nêdhêng ingkang tanêman ||
26. Miwah kèhe jalma jalu èstri | ingkang samya amupu dadana | sêlur tan nana pêdhote | ginendhong myang pinikul | Kyagêng Karang ngandikèng galih | nyata ujaring swara | mangkana sang bagus | ing tyas wus tan kikilapan | gya tumurun santri kalih tansèng wuri | tundhuk mangraup pada ||
27. Kyagêng Karang tanggap ing panggalih | tansah rinangkul sarwi ngandika | dhuh woding tyasingsun anggèr | (ng)gonmu nèng Salak gunung | pirang sasi têkèng samangkin | dene wus gêmah ripah | radyan alon matur | nuwun sawêg kalih wulan | yèn kêparêng (n)jêng rama kulaaturi | pnarak mring pondhok kula ||
28. Mèsêm-mèsêm Kiagêng ing Kawis | wus pinarak anèng padhepokan | Kyagêng arum andikane | hèh kulup praptaningsun | yèn sambada karsanta kaki | saiki ingsun gawa | marang krajaningsun | têtêp kamurahaning Hyang | dadi liru kadangta kang wus lunga nis | radyan matur manêmbah ||
29. Dhuh sang luhung sadarmi nglampahi | pêjah gêsang kawula sumangga | ing sakarsanta andhèrèk | samya lêganing kalbu | Kyagêng Karang ngandika malih | payo kulup umangkat | dene ingkang kantun | jêjêre si Gathuk Gathak | nanging aja kari miluwa mring Kawis | radyan datan lênggana ||
30. Gya anyipta kondur maring Kawis | wus pinarak nèng Karang karajan | tan pisah lawan santrine | wau ing Salak gunung | sapêngkêre Dyan Jayèngrêsmi | kang samya mupu dana | tan na bedanipun | pinanggih lan Gathuk Gathak | kadya kala rahadyan ana ing wukir | nahan kang anèng Karang ||
31. Jayèngrêsmi myang abdi kakalih | wus akumpul sanggyaning pra siswa | datan mantra lagya nêmbe | ari sajuga nuju | bakda Luka Kiyagêng Kawis | lênggah surambi lawan | putra sang binagus | Kiyagêng arum ngandika | sambèn lungguh kulup sunarsa miyarsi | laksana pakênira ||
32. Saka Giri prapta Salak wukir | kadiparan kulup caritakna | radyan sandika ature | ingandhar tan kalimput | purwa madya wasananèki | langkung rênaning driya | Kyagêng ngandika rum | iku kalangkung utama | sarta prêlu prayoga dipun lakoni | kang amrih raharjanta ||
33. Dene kabèh kawruhira kaki | laku-laku miwah sangat-sangat | sarta dina myang tanggale | lan ukur sadayèku | ingkang ala lawan kang bêcik | miwah naas lan sangar | tali wangkenipun| miwah ta kang ringkêl jalma | sampar wangke dhungulan kudhu-ma-bèki | sapapadhane uga||
34. Dina ala lawan dina bêcik | lamun tambah bisa ngarah-arah | ingkang bêcik kang pinilèh | yèn kasusu ing laku | kaya priye (ng)gonne amalih | ala bêcik tinrajang | aja was ing kalbu | pasraha marang Pangeran | pati urip lara waras lawan malih | bêgja lawan cilaka ||
35. Iku dudu gaweyaning jalmi | mapan atas Kang Amurbèng Alam | ingkang manci sakabèhe | aja sak sêrik kalbu | dènkumambang wisesèng Widdhi | manungsa mapan darma | obah osikipun | pan pitulunging Pangeran | nora nana daya kuwate pribadi | nanging pitulunging Dat ||
36. Dènkumambang wisesaning Widdhi | upamane badaning manungsa | lwir sarah anèng laute | saparane pan anut | -mring ombake sagara yêkti | iku mapan sanepa | -ning manungsa iku | mulane ana babasan | wong kakèhan sakarat iku sayêkti | sakabèhing manungsa ||
37. Duk uripe nèng dunya puniki | sadina-dina pan wis sakarat | miwah sawêngi-wêngine | manggung sakaratipun | mêlèk turu sakarat ugi | mila ngaran sakarat | wong nèng dunya iku | dene ta ing salaminya | urip iku nèng dunya tan pêgat dening | layar sagara rahmat ||
38. Ngalor ngidul ngetan ngulon nênggih | (ng)gonne layar pan nora tumêka | iya marang dharatanè | mila tan ana mangguh | ing dharatan dèning jaladri | tanpa têpi punika | prandene kang wêruh | layar sadhela tumêka | ing dharate kang sagara tanpa têpi | suprandene ya ana ||
39. Ing têpine graitanên ugi | dene wus aran iku sagara | tanpa têpi suprandene | kaya na têpinipun | ngengkol têmên basa puniki | kapriye yèn kênaa | kinira ing kalbu | dinuga-duga watara | saking kira-kira mapan datan kêni | kajaba kang wus wikan ||
40. Ing têpining ingkang jalaniddhi | sagara rahmat kang tanpa ombak | nanging glumêgêr alunne | samun lamun dinulu | sawangane rêsik tur wêning | mila kang sami layar | tan nganggo parau | nyana tan na pakewuhnya | yèn tinrajang têlênge kèh parang curi | mila arang kang prapta ||
41. Ing têpining ingkang jalaniddhi | dene alayar tan mawi palwa | alangka têka pinggire | barakane puniku | kathah kèrêm katanggor curi | mila ayun waspada | mring pakewuhipun | iya ing sagara rahmat | mapan akèh pancabaya jro jaladri | mila arang kang prapta ||
42. Mapan arang iya angawruhi | ing warnane ya sagara rahmat | tur sadina sawêngine | wong anèng dunya iku | alalangèn anèng jaladri | jroning sagara rahmat | prandene arang wruh | saking kalingan ing tingal | kalimput ing pancabayaning ngaurip | mila arang waspada ||
43. Yèn arsa layar maring jaladri | sagara rahmat mawia palwa | sarta lawan kamudhine | pandoman sampun kantun | myang layare dipun abêcik | miwah sanguning marga | ywa kirang dèn agung | yèn tan mangkono tan prapta | ing têpine iya sagara rahmati | pan mundhak akangelan ||
44. Baitane pan êninging galih | kêmudhine pan antêping tekat | sucining kalbu layare | pandomanipun iku | pituduhe guru sayêkti | sangune ngèlmu rasa | lakune parau | kalawan murahing êdat | yèn tumêka anèng têpining jaladri | uga sagara rahmat ||
45. Dadi bodho wong puniku nênggih | milanipun bodho wong punika | dene tan wruh mring dhèwèke | pan suwung jatinipun | (ng)gih puniku kang wus udani | wruh têpining samudra | kaelokan tuhu | lungguhipun Akadiyat | duk layare Wahdat lungguhipun nênggih | angkate Wakidiyat ||
46. Iya dipun kawruhana malih | iya sagara patang prakara | iki ta siji-sijine | ingkang rumiyin iku | sagara Dat namanirèki | ping kalih pan sagara | Sipat namanipun | ping tiga sagara Apngal | namanira kaping patipun puniki | aran sagara Asma ||
47. Yèn ta durung wong iku udani | ing dununge kang sagara papat | prênahe wiji-wijine | durung sampurna iku | ing prênahe maksih sak sêrik | supadya ngupadosa | tatakon kang luhung | aja muwus barang karya | mapan wênang mungguh wong urip puniki | bubuhaning iktiyar ||
48. Karana abot babo wong urip | mapan nampik milih iku wênang | yèn milih ala wong kuwe | dadi wong tanpa kusur | yèn ngamungna milih kang bêcik | dadi wong tanpa ngrasa | kudu bêcik iku | pan na sungkan lamun ala | yèn miliha ala sungkan nganggo bêcik | wong nasar ambalasar ||
49. Dipun sami marsudi ing budi | puniku lambang wong kuna-kuna | pinrih graitane dhewe | (ng)gèn taki-taki kawruh | aja lawan pakon liyaning | pinrih marsudi akal | ing tyas dikaraup | sampun ngêmungakên têdah | têdah guru pribadi ingkang marsudi | pocunge kêpanggiha ||

59. Pocung
1. Iku kulup paliyasan sakèh petung | andhêku rahadyan | katungka wêktu Luhuri | wusing bakda Kiyagêng gya kondur dhahar ||
2. Jayèngrêsmi nèng Karang eca tyasipun | sigêg gantya ingkang | winursita lampahnèki | Radèn Jayèngsari lawan arinira ||
3. Sang dyah Nikèn Rancangkapti maksih timur | myang abdi pun Buras | lolosira saking Giri| dumugi ing lèpèn Êmas nitih palwa ||
4. Wus tumurun saking baita gya laju | ngambah Wanakrama | karsanira ayun mampir | marang dhukuh pasantrèn ing Sidacrêma ||
5. Praptanipun ing Sidacrêma sang bagus | Ki Buras umentar | pinanggih lawan Kiyai | Amatsungèb sawusira sasalaman ||
6. Amatsungèb tanya wigatining laku | Ki Buras prasaja | mangkana dupi miyarsi | sru gagêtun gupuh marêk ing rahadyan ||
7. Sampun tundhuk Ki Sungèb ngrungkêpi suku | karuna lir kênya | sasambate mêlasasih | dhuh gustiku ingkang abdi botên nyana ||
8. Jayèngsari pangandikanira arum | apa kang rinasa | kawula darma nglampahi | obah osik saka kwasaning Pangeran ||
9. Wus ngaturan laju marang wismanipun | santri kathah mulat | kacaryan endahing warni | samya ngiring sapraptanira ing wisma ||
10. Jayèngsari ingaturan lênggah salu | Nikèn Rancangkaptya | laju mring wisma wus panggih | Nyai Sungèb kalangkung anyungga-nyungga ||
11. Sinugata binojakrama kalangkung | Ki Sungèb turira | panuwune ingkang abdi | kêparênga lèrèh ing ngriki kewala ||
12. Bilih wontên utusan sing Surèngkewuh | amba kang nanggulang | ngêkahi risang pinêkik| radyan mèsêm aris pangandikanira ||
13. Iku paman bangêt panarimaningsun | (ng)gonira tumanggah | minangka wawalêsing sih | kanugrahaning jêng rama marang sira ||
14. Ingsun anut apa kang dadi karêpmu | mangkana Ki Amad | langkung (m)badhêdhêg (m)bêdhidhig | datan nyana lamun ngecani wicara ||
15. Wanci surup ing masjid santri gumuruh | samya maca slawat | rahadyan ayun mring masjid | lan Ki Buras sang dyah mêdal saking wisma ||
16. Kakang marang ngêndi aku suthik kantun | yayi yun sêmbahyang | wêktu Mahrib marang masjid | bakda Ngisa (ng)gonku bali marang wisma ||
17. Mung sadhela sira yayi aja milu | iya iya kakang | gawèkna mantènan dhisik | êndi Buras mantènaku kang kokgawa ||
18. Buras (n)jêpluk we ladalah wau kantun | duk kèndêl ing jurang | supe botên kula cangking | hara piye Buras enggal balènnana ||
19. Pasaranku lan dhakon êndi tak jaluk | o lah dalah tiwas | dhakon pasaran dènambil | yuyu kangkang kala wontên lèpèn Êmas ||
20. Rancangkapti anjêkutrut gêdrag-gêdrug | Buras jiniwitan | mêmbêg-mêmbêg api nangis | benjing-enjing kula lintoni sadaya ||
21. Dadya magru rahadyan tan siyos wêktu | ngrarapih ring kadang | kumêmbêng waspanirèki | sang dyah lilih sare nèng pangkoning raka ||
22. Bakda Ngisa Ki Sungèb marêg sang bagus | ngaturkên sugata | nyai-nyai kang ngladosi | sarwi matur rayi dalêm sang lir rêtna ||
23. Sampun ulun cawisi manawi wungu | radyan angandika | bangêt panarimamami | wusing dhahar linorodkên mring Ki Buras ||
24. Buras matur kula nyai taksih tuwuk | nêdha wau siyang | labête sangking kalantih | ragi nyêngka niki taksih mayag-mayag ||
25. Graitane Ki Buras yèn sesuk-esuk | lolos tan pamitan | kangge sangu anèng margi | nora wurung (n)dara putri mundhut sêga ||
26. Nyai Sungèb wus ngèngèhkên ulam sêkul | pok tumpêng tinumpang | ulam ingkang garing-garing | nyai lawan rencang wus lumêbèng wisma ||
27. Buras gupuh mênêdi ulam myang sêkul | gya pi-api nendra | radyan lênggah ngisik-isik | ingkang rayi Ki Sungèb sawusnya nêdha ||
28. Lawan nyai marêk alon aturipun | bêndara arinta | prayogi sare ing panti | kakêlonan pun bibi byangipun dhenok ||
29. Paman cikbèn turu nèng kene rumuhun | bocahe kagètan | mênèk nglilir muring-muring | lamun beka gawe anyêling wardaya ||
30. Kyai Sungèb parentah ing wangsanipun | ywa na ramya-ramya | sirêp tan na sabawaning | nyai kyai ngaso kabanjur anendra ||
31. Lir kataman sisirêp sadayanipun | amung guse Buras | ngalilir anulya tangi | gya ingawe wus cakêt marang rahadyan ||
32. Ngandika rum kapriye Buras karêpmu | rèhning kakang-êmas | ing kene kêtêmu sêpi | tan prayoga yèn ngantiya lawas-lawas ||
33. Nora wurung konangan wong Surèngkewuh | Buras aturira | lêrês timbalan sang pêkik | sawêr ponthang manah kula mêlang-mêlang ||
34. Yèn pamita dhatêng ki wisma tan wurung | pasthi nora suka | apêse padha umiring | ing sapurug têmah (n)juwarèhi lampah ||
35. Iya bênêr mangkono pangiraningsun | Buras karsaningwang | payo linggar bêngi iki | lah gendhongên bandaramu kang anendra ||
36. Wus samêkta rahadyan gya linggar gupuh | praptèng jawi dhadhah | lêstari tan ana uning | Amat Sungèb satanginira anendra ||
37. Anuwèni marang ing tatamunipun | sadaya tan ana | gugup anggugah-gugahi | wusing tangi kinèn ngupaya tamunya ||
38. Ting bilulung tita tan ana kêpangguh | nêngna Sidacrêma | lampahnya Dyan Jayèngsari | ngidul ngetan sang anom wus ngancik wana ||

60. Sinom
1. Baskara mingip ing arga | kèndêl dènnira lumaris | anèng ngandhaping mandira | satêpining sêndhang wêning | wau dyah Rancangkapti | anèng gendhongan wus wungu | Buras aku udhunna | iki arêp mênyang ngêndi | mau bêngi nèng desa iki nèng wana ||
2. Mêdhun saking pagendhongan | anèng pangkonne sang pêkik | kakang aku ora krasan | nèng kene tan ana jalmi | lawan datan pinanggih | lan si kakang kang dènruruh | payo mulih kewala | mêngko bêngi turu ngêndi | lan nyang ngêndi ênggone tuku jajanan ||
3. Radyan anglês ing wardaya | pangandikanira ririh | jare (ng)golèki si kakang | têka sira ngajak mulih | mêngko rak nuli panggih | banjur mulih bocah têlu | sang dyah wus katon lêjar| kakang aku adus dhisik | yèn wis adus Buras banjur jajakêna ||
4. Sêga êmpal pêtis rambak | Buras matur inggih-inggih | wus mentar amping-ampingan | wit mandira mumungkusi | rampung umarêg aglis | sang dyah tanya maksih kungkum | Buras (ng)gonnira jajan | wong bagus apa wis olih | inggih (n)dara punika lo sampun angsal ||
5. Radyan ririh atatanya | (ng)gonmu jajan mênyang êndi | dene gêlis têmên têka | Buras matur clumik-clumik | sêgahe wau ratri | rèhning amba taksih tuwuk | dadya nêdha ngèngèhan | sêkul ulam ingkang garing | ing samangke kula dhapur jêjajanan ||
6. Sang dyah wus ngrasuk busana  |  lajêng pinangku sang pêkik | Buras ngudhari wungkusan  | sêkul êmpal rambak pêtis  | kakang le jajan ngêndi |  apa kene cêdhak warung  | rara adoh warungan | kathik mau Buras gêlis | Buras matur kula titip Ki Maruta ||
7. Maruta iku wong apa | inggih tiyang angin-angin | sang dyah gumujêng ngandika | jênêng athik kaya jarik | iki panganên aglis | Buras ênya lorodanku | mangana êndak dulang | wus mangap katon kang sêntil | sêkul ulam dinublagakên sapisan ||
8. Api-api pandêlikan | sang dyah gupuh amet warih | suka rêna ing wardaya | radyan angandika aris | payo rara lumaris | mupung maksih wanci esuk | linggar saking mandira | kang rayi tansah kinanthi | ngidul ngetan ngancik tlatah Pasuruwan ||
9. Dalu lêrêm padhusunan | byar raina gya lumaris | siyang nêdhêng ingkang panas | kèndêl dènaring-aringi | sasukane rarya lit | nahan wau lampahipun | prapta têpi talaga | winastanan Ranu Grati | toya wêning bajul baya samya ngambang ||
10. Abayak arak-arakan | sudhètanira têlagi | lir lèpèn mliwisnya kathah | samya nigan anèng gisik | sang dyah duk aningali | lêjar ing sungkawanipun | tatanya mring kang raka | kakang buron apa iki | gêdhe-gêdhe cangkême kaya kukusan ||
11. Galo sing cilik ya ana | rahadyan ngandika manis | rara yèku aran baya | bajul ingkang rada cilik | krete kang luwih cilik | kakang apa kang kinayun | padha marani kakang | apa arêp (n)jaluk dhuwit | apa (n)jaluk sêga utawa panganan ||
12. Yèn caturan kaya paran | radyan mèsêm iya yayi | iku tan bisa caturan | yèn bisaa tata jalmi | mulane amarani | (n)jaluk mangsan karêpipun | kakang aku yun wikan | priye (ng)gone mangan kuwi | karo apa doyananne kaki baya ||
13. Iku rara kang dimangsa  | manuk buron kang mring warih  |  trêkadhang sok nyarap janma  | sang dyah ngandika mring abdi  |  Ras apa ta tan pengin |  pinangan dening ki bajul  | Ki Buras girab-girab  | lumayu gugulung koming  | api-api karuna amêgap-mêgap ||
14. Sang dyah sru suka ngandika | Buras balia sirèki | ki bajul êmoh mring sira | wong rupamu kaya trasi | Ki Buras wangsul aglis | (m)bêkta tigan mliwis catur | ingaturakên sang dyah | ngandika olèhmu ngêndi | kakang payo padha angupaya tigan ||
15. Radyan nulya lumaksana | sang dyah suka angambili | tigan maliwis angambak | anèng satêpining kali | mancêr Hyang Bagaspati | sumêlètira kalangkung | sang dyah akicat-kicat | hèh Buras gendhongên mami | ora bêtah (n)dhuwur ngisor padha panas ||
16. Nyang awak datan karuwan | payo kakang lèrèn dhisik | sinêngka dènnya lumampah | praptèng papan gasik rêsik | wit agung angayomi | wanara pating palangkruk | gêng-agêng langkung kathah | uning ana jalma prapti | samya ngumpul suwaranira gumêrah ||
17. Satêngahe pangayuban | ana umbul langkung wêning | ngantya biru sinatmata | sang dyah atatanya ririh | kakang iki ing ngêndi | balumbang banyune biru | mêtu saka ing ngandhap | sapa kakang kang ngangsoni | iba kèhe balanjane tukang toya ||
18. Radyan gumujêng ngandika | kagawa rupaning warih | Banyubiru ingaranan | kakang aku wêdi kuwi  | sing padha ting paringis |  anèng ngêpang mangkruk-mangkruk | gêdhene padha janma  | nora nana nganggo tapih | ting caruwèt basane nora karuwan ||
19. Kakang buron apa janma | rahadyan ngandika aris | iku kang aran wanara | kang ngarêp gêdhe pribadi | bangkokan arannèki | rinatu ing wre sadarum | kakang (n)dhog apa doyan | radyan nulya anguncali | ingkang tigan tinampanan ing wanara ||
20. Sawusira tampi tigan | gya mentar datan kaèksi | wanci lingsire baskara | linggar saking toya wilis | Nikèn dharat kinanthi | angubêngi kanang umbul | umiyat sela krêsna | ngadêg wangunan pasagi | nèng sisih lèr ingukir sêratan Buddha ||
21. Tamat dènnira mariksa | lajêng lampahira prapti | wana kèh taru sêkaran | nêdhêng wohe angêmohi | sang dyah suka mêmêthik | sêkaran sasênêngipun | Buras ngundhuh wowohan | klampok arum dhuwêt putih | kêpêl gêdhang manggis dhuku pisang êmas ||
22. (m)Barêngkut binuntêl sinjang | ingaturakên sang putri | lawan radyan samya nadhah | marêm tan karaos ngêlih | riwusira dumugi | rahadyan ngandika arum | yayi payo umentar | mênèk kadalon nèng margi | apa mlaku apa ginendhong si Buras ||
23. Kakang lumaku kewala | durung krasa kêsêl mami | karo golèk kêmbang-kêmbang | lêpas lampahira katri | laminya anèng margi | tan winarna prapta sampun | talatah nagri Malang | sukunira Tênggêr wukir | myarsa swara sora lir (m)baunging sona ||
24. Rahadyan kampir umiyat | saking mandrawa kaèksi | grojogan we saking arga | dhumawah ing jurang trêbis | [...Kirang satunggal gatra: 7i...] | katêlah nama ing Baung | toya warnanya pêthak | kadya kapuk dènwusoni | sruning swara tan karênga yèn ngandika ||
25. Wusira miyat grojogan | laju dènnira lumaris | ratri sipêng padhusunan | bakda Subuh mangkat malih | prapta ing Singasari | Radyan kèndêl lampahipun | umiyat candhi pelag | sela cêmêng wangun masjid | rinarêngga ingukir êlung pinatra ||
26. Mubêng pinagêran sela | supit urang gapura di | kiwa têngênning gapura | gupala kakalih sami | agêng ambêkta bindi | kadi jegang dènnya lungguh | maripat sakalapa | malolo siyungnya ngisis | ilat mèlèt tumumpang ing untu nyrangas ||
27. Sela wêtah tan sambêtan | wau Nikèn Rancangkapti | kagyat kalanira miyat | tanya mring raka sang pêkik | kakang dene mêdèni | kuwi uwong apa dudu | kalawan omah apa | kabèh watu kaya masjid | Jayèngsari mèsêm sarwi angandika ||
28. Iku yayi rêca sela | kang lir masjid aran candhi | ayo kakang padha miyat | aku dhêmên aningali | kaya amantènan bêcik | sapa kang akarya iku | sawusira umiyat | mêdal saking ing cêpuri | gya umentar kalangkung rêkasèng marga ||
29. Sang dyah ginendhong Ki Buras | praptèng tlatah dhusun Sisir | kèndêl rahadyan umiyat | sumbêr aran Sanggariti | we mêdal saking candhi | sela ingukir pinatut | kang sisih mijil toya | tawa asrêpnya nglangkungi | sisih mêdal toya angêt sawatara ||
30. Sang dyah siram gantya-gantya | kalamun karaos atis | marang toya ingkang panas | wus siram umentar malih | kasaput ratri mampir | mring dhukuh sipêng sadalu | byar enjang nulya bidhal | ing lampah mangkya wus prapti | dhusun Tumpang anon candhi alit endah ||
31. Kadi cungkup wawangunan | inggilira sawatawis | ngandhap kering linêbêtan | ing nglêbêt kalimis gasik | tilas asramèng rêsi | gandanira amrik arum | sang dyah tanya mring raka | kakang omah apa kuwi | kaya êrong ambune arum angambar ||
32. Apa panti pangratusan | (ng)gone (n)dèlèh jarik ngêndi | iku yayi candhi uga | pangiraku duking nguni | tilas patapan rêsi | kang amambu amrik arum | labêt kukusing dupa | nalika muja samadi | sang dyah angling kakang age kongkonnana ||
33. Buras gawanana arta | têlung dhuwit punjul sêdhit | sangonana têlung gobang | konên tuku ratus wangi | benjing yèn prapta panti | dak (ng)go olèh-olèh sibu | kalawan kanjêng rama | [...Kirang satunggal gatra: ature (n)Jêng Rancangkapti (sumber: koleksi Jurusan Sastra Daerah UNS)... ] | sru sumêdhot kagagas wardayanira ||
34. Kèngêtan ing ibu-rama | miwah kadang kang lunga nis | mbarêbêl luh marawayan | Nikèn Rancang angusapi | ngandika kakang nangis | apa ta luwe wêtêngmu | dhuh rara nora lapa | kalilipên godhong jati | mata kiwa têngên padha damonana ||
35. Gupuh kalih dinamonan | kakang nêngaa manginggil | kangjêng rama nunggang gajah| kêrise wilah sanyari | saiki uwis mari | katara pampêt êluhmu | Buras ge lumêbuwa | wus lumêbêt sorring candhi | tan pantara dangu mêdal bubutulan ||
36. Apa ta wis olèh Buras | dene gêlis banjur bali | o (n)dara uninganana | ing nglêbêt kapanggih sêpi | kang wontên amung mimik | agêngipun sajun-êjun | sang dyah malih ngandika | apa tan nyakot sirèki | inggih (n)dara kang nyakot amung sasanga ||
37. Wis Buras ywa bali sira | (ng)gih bêndara kula ajrih | tamat dènnira mariksa | laju lampahira kampir | ing dhusun Kidhal nênggih | anon candhi alit bagus | ingukir gagambaran| wayang wanara mawarni | Rancangkapti pêgat dènnira mariksa ||



( Ana Candhake... )